Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 25

’Wedhus-wedhusingSun Bakal Sunpadosi’

’Wedhus-wedhusingSun Bakal Sunpadosi’

”Ingsun piyambak bakal migatosaké marang wedhus-wedhusingSun lan bakal Sunpadosi.”​—YK. 34:11.

LAGU 105 ”Gusti Allah Kuwi Katresnan”

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sebabé Yéhuwah mbandhingké Dhèwèké karo wong wédok sing dadi ibu?

WONG wédok sing dadi ibu mesthi setuju karo kata-katané sedulur Jasmin sing kandha, ”Ibu sing nyusoni bayiné bakal terus nduwé ikatan sing kuwat karo anaké.” Ing jamané Nabi Yésaya, Yéhuwah kandha marang umaté, ”Apa wong wadon bisa lali marang bayiné? . . . Sanadyan iku lali marang anaké, nanging Ingsun ora bakal kesupèn marang sira.” (Yé. 49:15) Pancèn, Yéhuwah ora kerep mbandhingké Dhèwèké karo wong wédok sing dadi ibu. Ning, saka ayat kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah péngin nduduhké nèk Dhèwèké bener-bener sayang karo umaté, padha kaya ibu sing sayang karo anaké.

2. Piyé perasaané Yéhuwah nèk ana salah siji umaté sing ora tau berhimpun utawa nginjil manèh?

2 Yéhuwah nggatèkké nèk ana salah siji umaté sing ora tau berhimpun utawa nginjil manèh. Yéhuwah mesthi sedhih banget merga saben taun ana akèh sedulur sing dadi ora aktif. *

3. Apa sing Yéhuwah péngini?

3 Yéhuwah péngin bèn sedulur-sedulur sing ora aktif isa bali manèh ing jemaat. Awaké dhéwé mesthiné nduwé kepénginan sing padha kaya Yéhuwah. (1 Ptr. 2:25) Mula, awaké dhéwé mesthi seneng merga ana akèh sedulur sing wis bali manèh ing jemaat. Ning, apa sebabé isih ana sedulur-sedulur sing ora tau berhimpun utawa nginjil manèh? Apa sing isa ditindakké kanggo mbantu sedulur-sedulur kuwi?

APA SEBABÉ ANA SING ORA TAU BERHIMPUN UTAWA NGINJIL MANÈH?

4. Gawéan isa waé mènèhi pengaruh apa kanggo awaké dhéwé?

4 Ana sedulur-sedulur sing nganggep nèk nyambut gawé kuwi dadi perkara sing paling penting. Misalé, salah siji sedulur saka Asia sing jenengé Hung * kandha, ”Aku mempeng nyambut gawé merga tak pikir nèk aku sugih, aku bakal isa nindakké luwih akèh kanggo Yéhuwah. Ning, jebulé kuwi salah. Merga wis kekeselen lan ora nduwé wektu, aku dadi jarang berhimpun lan malah akhiré nganti ora berhimpun manèh. Sétan pancèn nggunakké donya iki bèn awaké dhéwé suwé-suwé ora ngabdi manèh marang Yéhuwah.”

5. Apa sing dialami sedulur Anne merga nduwé masalah sing abot?

5 Ana sedulur-sedulur sing nduwé masalah sing abot. Misalé, sedulur Anne saka Inggris kandha, ”Anakku lima. Sing paling cilik lara parah kèt lair. Terus, sing nomer telu ditokké saka jemaat lan sing nomer papat saiki nduwé penyakit méntal. Aku strès banget nganti akhiré ora tau teka berhimpun. Aku ya dadi ora aktif merga ora tau mèlu nginjil.” Awaké dhéwé mesthi sedhih wektu ana sedulur-sedulur sing ngalami masalah sing abot, kaya sing dialami karo Anne lan keluargané.

6. Apa sebabé ana sing ngedoh saka jemaat merga ora ngetrapké Kolose 3:13?

6 Wacanen Kolose 3:13. Mungkin, ana sedulur ing jemaat sing lara ati merga tumindaké sedulur liya. Rasul Paulus kandha nèk awaké dhéwé isa waé nduwé ”alesan kanggo tersinggung” marang sedulur-sedulur liyané. Awaké dhéwé ya isa waé ngalami tumindak sing ora adil ing jemaat. Ning, nèk ora ngati-ati, awaké dhéwé isa waé dadi terus-terusan jèngkèl lan akhiré malah ngedoh saka jemaat. Kuwi sing dialami karo sedulur Pablo saka Amerika Selatan. Ana sedulur sing nudhuh dhèwèké lan kuwi nggawé para pinituwa mutuské nèk Pablo ora isa nindakké tugas-tugas istiméwa manèh ing jemaat. Padahal, sakjané Pablo ora salah. Pablo kandha, ”Merga jèngkèl, suwé-suwé aku dadi males berhimpun.”

7. Apa sing dialami salah siji sedulur merga terus-terusan ngrasa bersalah?

7 Sedulur-sedulur sing mbiyèn tau nindakké dosa sing serius isa waé terus-terusan ngrasa bersalah lan nganggep nèk Yéhuwah wis ora sayang karo dhèwèké. Senajan wis mertobat lan diapurani, dhèwèké mungkin isih ngrasa ora pantes dadi umaté Yéhuwah. Kuwi sing dirasakké karo sedulur sing jenengé Francisco. Dhèwèké kandha, ”Aku ditegur merga nindakké hubungan sèks sing ora sah. Pancèn sakwisé ditegur, aku isih teka berhimpun. Ning, aku dadi cilik ati merga terus-terusan ngrasa bersalah. Aku ya nganggep nèk Yéhuwah ora bakal gelem ngapurani aku. Merga ngrasa ora pantes, akhiré aku ora nginjil lan ora tau teka ing perhimpunan manèh.” Apa njenengan isa mbayangké perasaané Hung, Anne, Pablo, lan Francisco? Piyé pandhangané Yéhuwah soal sedulur-sedulur kuwi?

YÉHUWAH SAYANG KARO DOMBA-DOMBANÉ

Gembala Israèl sing perduli karo dombané sing ilang (Deloken paragraf 8-9) *

8. Apa Yéhuwah nglalèkké abdiné sing saiki ora tau berhimpun utawa nginjil manèh? Jelasna.

8 Yéhuwah ora nglalèkké abdiné sing saiki ora tau berhimpun utawa nginjil manèh. Yéhuwah ya ora bakal lali karo apa sing wis dhèwèké tindakké kanggo nglayani Yéhuwah. (Ibr. 6:10) Nabi Yésaya nggambarké Yéhuwah kaya gembala sing perduli karo domba-dombané. Yésaya kandha, ”Panjenengané bakal ngrimati umat kagungané kaya pangon; cempé-cempé bakal diklumpukaké lan dibopong.” (Yé. 40:11, Basa Jawi Padintenan) Terus, piyé perasaané Sang Gembala Agung nèk ana salah siji abdiné sing ngedoh saka jemaat? Awaké dhéwé isa ngerti soal kuwi saka kata-katané Yésus marang murid-muridé. Yésus kandha, ”Piyé pendapatmu? Nèk ana wong nduwé wedhus gèmbèl 100 lan ana siji sing kesasar, mesthiné wong kuwi bakal ninggalké sing 99 ing gunung, terus nggolèki wedhus siji sing kesasar kuwi, ta? Lan wektu wong kuwi nemokké wedhusé, dhèwèké mesthi luwih bungah merga sing siji kuwi ketimbang 99 wedhus sing ora kesasar.”​—Mat. 18:12, 13.

9. Nurut Alkitab, apa sing ditindakké gembala sing apik marang domba-dombané? (Deloken gambar ing halaman 1.)

9 Apa sebabé Yéhuwah cocog digambarké kaya gembala? Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti nèk gembala sing apik kuwi nggatèkké domba-dombané. Misalé, merga péngin nglindhungi domba-dombané, Daud tau gelut karo singa lan beruang. (1 Sa. 17:34, 35) Gembala sing apik ya bakal ngerti wektu ana salah siji dombané sing ilang. (Yoh. 10:3, 14) Bèn 99 domba liyané ora mèlu ilang, dhèwèké bakal nglebokké domba-domba kuwi ing kandhang utawa njaluk tulung gembala liyané kanggo njaga domba-dombané. Terus, dhèwèké bakal nggolèki siji dombané sing ilang kuwi. Dadi, Yésus nyritakké perumpamaan soal domba sing ilang kuwi kanggo nduduhké nèk Yéhuwah ”ora péngin siji-sijia ing antarané wong sing kaya bocah cilik iki ilang”.​—Mat. 18:14.

Gembala Israèl sing perduli karo dombané sing ilang (Deloken paragraf 9)

YÉHUWAH NGGOLÈKI DOMBA-DOMBANÉ

10. Nurut Yéheskièl 34:11-16, apa sing bakal Yéhuwah tindakké nèk ana dombané sing ilang?

10 Yéhuwah sayang karo kabèh umaté, termasuk ”wong sing kaya bocah cilik” sing ngedoh saka jemaat. Liwat Nabi Yèhèzkièl, Yéhuwah janji nèk Dhèwèké bakal nggolèki lan mbantu wong-wong kuwi bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah. Yéhuwah ya nduduhké nèk apa sing Dhèwèké tindakké kanggo mbantu kuwi padha karo apa sing ditindakké gembala Israèl wektu ana dombané sing ilang. (Wacanen Yéheskièl 34:11-16.) Apa sing bakal ditindakké karo gembala kuwi? Pertama, dhèwèké bakal nggunakké luwih akèh wektu lan tenaga kanggo nggolèki dombané sing ilang. Nèk wis ketemu, domba kuwi bakal digawa bali lan dikumpulké manèh karo domba-domba liyané. Terus, nèk domba kuwi luka utawa ngelih, domba kuwi ya bakal diobati, dibopong, lan dipakani. Para sedulur sing wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh isa dipadhakké kaya domba sing ilang. Mula, para pinituwa ya kudu mbantu para sedulur kuwi merga para pinituwa kuwi kaya gembala kanggo ”wedhus-wedhusé Gusti Allah”. (1 Ptr. 5:2, 3) Para pinituwa kudu nggolèki lan mbantu para sedulur kuwi bèn isa bali manèh ing jemaat. Terus, kanggo nduduhké nèk dhèwèké sayang karo para sedulur kuwi, para pinituwa ya bakal mbantu para sedulur kuwi bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah. *

11. Gembala sing apik ngerti soal apa?

11 Gembala sing apik ngerti nèk salah siji dombané isa waé ngedoh saka domba-domba liyané. Terus, nèk ana dombané sing lagi ngedoh, dhèwèké ya ora bakal tumindak kasar karo domba kuwi. Yéhuwah ya kaya ngono. Awaké dhéwé isa ngerti kuwi nèk nggatèkké carané Yéhuwah mbantu umaté ing jaman mbiyèn sing tau ngrasa wedi utawa cilik ati, nganti akhiré ana sing ora manut karo Yéhuwah.

12. Apa sing ditindakké Yéhuwah wektu Yunus ora manut?

12 Yunus ora manut karo Yéhuwah wektu dikongkon lunga menyang Niniwé. Ning, Yéhuwah tetep mènèhi kesempatan marang Yunus kanggo nindakké tugas kuwi manèh. Kaya gembala sing apik, Yéhuwah nylametké Yunus lan nguwatké dhèwèké bèn isa nindakké tugasé. (Yn. 2:7; 3:1, 2) Yéhuwah ya mulang Yunus nggunakké tanduran labu air bèn dhèwèké ngerti nèk uripé saben wong kuwi berharga. (Yn. 4:10, 11) Apa sing isa disinaoni? Nèk ana sedulur-sedulur sing ngedoh saka jemaat, para pinituwa kudu terus ngupaya kanggo mbantu lan ngertèni apa sebabé para sedulur kuwi ora tau berhimpun utawa nginjil manèh. Nèk sedulur kuwi wis bali ing jemaat, para pinituwa ya kudu terus nggatèkké sedulur kuwi bèn dhèwèké ngrasa disayangi.

13. Apa sing isa disinaoni saka tanggepané Yéhuwah marang sing nulis Jabur 73?

13 Sing nulis Jabur 73 ngrasa cilik ati wektu nggatèkké nèk uripé wong jahat kétoké luwih kepénak. Dhèwèké dadi ngrasa nèk manut karo Yéhuwah kuwi kaya-kayané ora ana manfaaté. (Ms. 73:12, 13, 16) Piyé tanggepané Yéhuwah? Yéhuwah ora nesu lan kata-katané sing nulis Jabur kuwi malah dicathet ing Alkitab. Akhiré, sing nulis Jabur isa ngerti nèk ora ana sing luwih berharga ketimbang nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. (Ms. 73:23, 24, 26, 28) Apa sing isa disinaoni? Wektu ana sedulur sing ngrasa nèk manut karo Yéhuwah kuwi kaya-kayané ora ana manfaaté, para pinituwa aja cepet-cepet nggawé kesimpulan sing klèru utawa nesu. Para pinituwa kudu ngupaya kanggo ngertèni kenapa kok sedulur kuwi mikir kaya ngono. Nèk wis ngerti, lagi para pinituwa isa nggunakké ayat Alkitab sing cocog kanggo nguwatké sedulur kuwi.

14. Apa sebabé Élia butuh bantuan, lan piyé carané Yéhuwah mbantu Élia?

14 Merga wedi, Nabi Élia mlayu saka Ratu Izebèl. (1 Ra. 19:1-3) Élia ngira nèk sing dadi nabiné Yéhuwah kuwi mung tinggal dhèwèké thok. Élia ya ngrasa nèk sing dhèwèké tindakké kuwi ora ana gunané. Mula, dhèwèké ngrasa strès lan nganti péngin mati waé. (1 Ra. 19:4, 10) Apa Yéhuwah nesu karo Élia? Ora. Yéhuwah ngandhani Élia nèk dhèwèké ora dhèwèkan lan ngyakinké Élia nèk dhèwèké isa ngendelké kuwasané Yéhuwah. Yéhuwah ya kandha nèk isih ana tugas sing kudu Élia tindakké. Yéhuwah ngrungokké wektu Élia nyritakké perasaané lan mènèhi Élia tugas sing anyar. (1 Ra. 19:11-16, 18) Apa sing isa disinaoni? Mungkin, ana sedulur sing ora tau berhimpun utawa nginjil manèh merga lara ati utawa ngrasa nèk Yéhuwah ora bakal ngapurani dhèwèké. Awaké dhéwé, khususé para pinituwa, kudu tetep apikan karo sedulur kuwi. Wektu sedulur kuwi nyritakké perasaané, para pinituwa ya kudu ngrungokké tenanan. Terus, para pinituwa ya kudu ngyakinké sedulur kuwi nèk dhèwèké kuwi berharga kanggo Yéhuwah.

PERDULI KARO DOMBA-DOMBANÉ YÉHUWAH

15. Nurut Yohanes 6:39, piyé pandhangané Yésus marang domba-dombané Yéhuwah?

15 Nèk ana sedulur-sedulur sing saiki ora tau berhimpun utawa nginjil manèh, Yéhuwah péngin awaké dhéwé nduwé pandhangan sing padha kaya Yésus. Yésus ngerti nèk kabèh dombané Yéhuwah kuwi berharga kanggo Yéhuwah. Mula, Yésus ngupaya sak isa-isané kanggo mbantu ”wong Israèl sing kaya wedhus gèmbèl sing kesasar” bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah. (Mat. 15:24; Luk. 19:9, 10) Merga Yésus kuwi gembala sing apik, dhèwèké ya ngupaya sak isa-isané bèn aja nganti ana dombané Yéhuwah sing ilang.​—Wacanen Yohanes 6:39.

16-17. Piyé kuduné pandhangané para pinituwa marang para sedulur sing ora tau berhimpun utawa nginjil manèh? (Deloken kothak ” Perasaané Domba-dombané Yéhuwah sing Ilang”.)

16 Rasul Paulus ngandhani para pinituwa ing Éfésus kanggo niru contoné Yésus. Paulus kandha, ”Kowé kudu mbantu wong sing mbutuhké lan kudu terus ngéling-éling omongané Gusti Yésus, yaiku, ’Luwih bungah mènèhi ketimbang nampani.’” (Kis. 20:17, 35) Saka ayat kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk para pinituwa nduwé tanggung jawab kanggo ngopèni domba-dombané Yéhuwah. Salah siji pinituwa ing Spanyol sing jenengé Salvador kandha, ”Aku péngin ngupaya tenanan kanggo mbantu para sedulur sing wis ora tau berhimpun utawa nginjil manèh merga aku ngerti nèk Yéhuwah bener-bener perduli karo sedulur-sedulur kuwi. Aku ya ngerti nèk Yéhuwah péngin bèn aku nggatèkké sedulur-sedulur kuwi.”

17 Wong-wong sing ngedoh saka Yéhuwah sing disebutké ing artikel iki akhiré isa dibantu bèn cedhak manèh karo Yéhuwah. Ning, saiki ya isih ana akèh sedulur sing sakjané péngin dibantu bèn isa bali ing jemaat. Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané isa mbantu sedulur-sedulur kuwi bèn isa cedhak manèh karo Yéhuwah.

LAGU 139 Bayangna Kabèh Dadi Anyar

^ par. 5 Apa sebabé ana sedulur-sedulur sing ora tau ­berhimpun utawa nginjil manèh padahal dhèwèké wis suwé ngabdi marang Yéhuwah? Piyé pandhangané Yéhuwah soal sedulur-sedulur kuwi? Apa sing isa disinaoni saka carané ­Yéhuwah mbantu umaté ing jaman mbiyèn sing tau ngrasa wedi ­utawa cilik ati? Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi.

^ par. 2 KATRANGAN: Sedulur ing jemaat isa disebut ora aktif nèk dhèwèké ora tau mèlu nginjil nganti enem sasi utawa luwih. Ning, kuwi ora berarti dhèwèké wis ora dadi seduluré awaké dhéwé manèh. Mula, awaké dhéwé bakal tetep sayang karo para sedulur kuwi.

^ par. 4 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 10 Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané para pinituwa isa ngetrapké telung saran kuwi.

^ par. 60 GAMBAR: Gembala sing perduli karo domba-dombané bakal nggolèki dombané sing ilang. Nèk wis ketemu, domba kuwi bakal digawa bali lan dikumpulké manèh karo domba-domba liyané. Para pinituwa ya kudu nindakké sing padha.

^ par. 64 GAMBAR: Pas lagi ngentèni ing njero bis, sedulur wédok sing wis ora tau berhimpun iki nggatèkké ana sedulur-sedulur liyané sing lagi mènèhi kesaksian ing panggonan umum.