Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Ngerti?

Apa Panjenengan Ngerti?

Pajeg apa waé sing kudu dibayar pas jamané Yésus?

KÈT mbiyèn, wong Yahudi kudu mènèhi dhuwit kanggo ndhukung ibadahé karo Yéhuwah. Tapi pas jamané Yésus, ana akèh pajeg sing kudu dibayar, sing akhiré nyusahké wong Yahudi.

Salah siji cara kanggo ndhukung ibadah ing tabernakel lan ing bait, wong Yahudi kudu mbayar pajeg setengah syèkel (rong drakhma). Sing kudu mbayar pajeg kuwi wong Yahudi sing wis déwasa. Pas jamané Yésus, pajeg kuwi dienggo ngrawat lan nyedhiakké korban ing bait sing dibangun Hérodès. Wektu kuwi, Pétrus tau ditakoni apa Yésus mbayar pajeg kuwi apa ora. Yésus ngomong nèk mbayar pajeg rong drakhma kuwi ora salah. Malah, Yésus ngongkon Pétrus mancing bèn éntuk dhuwit kanggo mbayar pajeg kuwi.​—Mat. 17:24-27.

Wong Israèl kudu mènèhké sepersepuluh saka hasil tanah utawa penghasilané kanggo Yéhuwah. (Km. 27:30-32; Wi. 18:26-28) Ning pas jamané Yésus, para pemimpin agama nggawé aturan soal sepersepuluhan dadi rumit. Wong-wong kuwi ngongkon wong Yahudi mènèhi sepersepuluhan saka kabèh tanduran, termasuk sing cilik-cilik misalé ”tanduran mint, adas, lan jinten putih”. Sakjané, Yésus ora nglarang wong-wong mbayar sepersepuluhan. Ning, Yésus ngomong nèk carané para ahli Taurat lan wong Farisi ngetrapké aturan kuwi klèru.​—Mat. 23:23.

Merga dijajah Romawi, ana akèh pajeg liyané sing kudu dibayar wong Yahudi. Misalé, wong sing nduwé ladhang kudu mbayar pajeg sing jumlahé 20 nganti 25 persèn saka hasil ladhangé. Pajeg kuwi isa dibayar nganggo dhuwit utawa hasil ladhang. Terus, wong Yahudi ya kudu mbayar pajeg marang Kaisar. Wong Farisi tau takon karo Yésus mbayar pajeg karo Kaisar kuwi éntuk apa ora. Terus Yésus njawab, ”Wènèhna marang Kaisar apa sing dadi duwèké Kaisar. Ning, wènèhna marang Gusti Allah apa sing dadi duwèké Gusti Allah.” (Mat. 22:15-22) Kata-katané Yésus nduduhké nèk pajeg kuwi mémang kudu dibayar.

Sakliyané loro pajeg kuwi, wong-wong sing dagang ya kudu mbayar pajeg wektu barang dagangané ngliwati panggonan-panggonan tertentu, misalé ing pelabuhan, jembatan, persimpangan jalan, lan pintu masuké kutha utawa pasar.

Merga pajeg sing kudu dibayar ing wong Romawi kuwi akèh, mula uripé wong Yahudi dadi susah. Tacitus, sing nulis soal sejarahé wong Romawi, kandha nèk pas jamané Kaisar Tibèrius, ”wong Yahudi sing manggon ing Siria lan Yudéa njaluk pajegé dikurangi merga ora kuwat mbayar”.

Terus, pajegé wong Yahudi ya dadi tambah larang merga carané wong Romawi milih wong sing éntuk narik pajeg. Wong sing éntuk narik pajeg kuwi mung wong-wong sing wani mbayar larang karo pamréntahan Romawi. Pas narik pajeg, wong-wong kuwi bakal ngongkon petugas pajeg lan nggolèk keuntungan kanggo dhèwèké dhéwé. Zakhéus mbiyèn kerjané dadi kepala petugas pajeg. (Luk. 19:1, 2) Merga urusan pajeg kuwi nggawé wong Yahudi dadi tambah susah, mula wong Yahudi ora seneng karo petugas pajeg.