Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 22

Mbantu Sing Sinau Alkitab Bèn Isa Dibaptis

Mbantu Sing Sinau Alkitab Bèn Isa Dibaptis

”Saben wong ing antaramu kudu dibaptis.”​—KIS 2:38.

LAGU 72 Mbantu Wong-Wong Bèn Padha Ngerti

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Wong-wong sing teka ing Yérusalèm dikongkon apa karo Pétrus?

WEKTU kuwi, akèh wong padha teka ing Yérusalèm. Wong-wong kuwi asalé saka dhaérah-dhaérah liya lan basané béda-béda. Terus, ana peristiwa luar biasa sing kelakon. Ujug-ujug, wong-wong Yahudi sing dadi muridé Yésus isa ngomong karo wong-wong kuwi nggunakké basané wong-wong kuwi. Murid-muridé Yésus kuwi, termasuk Pétrus, ngandhani wong-wong kuwi bèn nduduhké iman karo Yésus Kristus supaya isa dislametké. Apa sing disampèkké murid-muridé Yésus kuwi bener-bener luar biasa merga isa nggawé wong-wong kuwi sadhar nèk wis salah. Terus, wong-wong kuwi takon, ”Sedulur-sedulur, terus aku kudu piyé?” Pétrus njawab, ”Saben wong ing antaramu kudu dibaptis.”​—Kis. 2:37, 38.

Sedulur lanang sing dikancani bojoné lagi ngajari cah enom sinau Alkitab nganggo buku Bahagia Saklawasé (Deloken artikel pelajaran 22, paragraf 2)

2. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki? (Deloken gambar ing halaman 1.)

2 Merga krungu omongané Pétrus, dina kuwi ana kira-kira 3.000 wong sing dadi murid lan dibaptis. Mulai wektu kuwi nganti saiki, murid-muridé Yésus terus mbantu wong-wong bèn isa dadi pengikuté Yésus. Saiki, pancèn ora mungkin ana wong sing sinau Alkitab mung beberapa jam terus langsung njaluk dibaptis. Mbantu sing sinau bèn isa dibaptis kuwi butuh wektu lan kerja keras, mungkin nganti pirang-pirang sasi utawa pirang-pirang taun. Nèk njenengan saiki lagi mbantu wong liya sinau Alkitab, njenengan mesthi ya ngerti soal iki. Mula, ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa waé sing isa diupayakké kanggo mbantu sing sinau Alkitab bèn isa dibaptis.

MBANTU SING SINAU NGETRAPKÉ SING WIS DIPELAJARI

3. Nurut Matius 28:19, 20, bèn isa dibaptis, sing sinau kudu piyé?

3 Sakdurungé isa dibaptis, sing sinau kudu wis ngetrapké ajarané Alkitab. (Wacanen Matius 28:19, 20.) Nèk wis ngetrapké ajarané Alkitab, dhèwèké isa dipadhakké kaya ”wong wicaksana” ing perumpamaané Yésus sing nggali lemah nganti jero bèn isa mbangun omahé ing ndhuwur watu. (Mat. 7:24, 25; Luk. 6:47, 48) Saiki, ayo ngrembug telu saran sing isa dicoba kanggo mbantu sing sinau bèn gelem ngetrapké ajarané Alkitab.

4. Piyé carané mbantu sing sinau bèn ngerti apa sing perlu diupayakké supaya isa dibaptis? (Deloken kothak ” Mbantu Sing Sinau Bèn Nduwé Rencana lan Mbantu Bèn Kuwi Berhasil”.)

4 Mbantu sing sinau bèn nduwé rencana. Kenapa iki penting? Pikirna soal iki: Nèk njenengan arep lunga ing panggonan sing adoh, njenengan mungkin bakal ngrencanakké mandheg ing panggonan-panggonan sing apik bèn isa istirahat. Dadi, njenengan ora bakal terlalu kesel merga perjalanan sing adoh. Padha kaya ngono, nèk sing sinau nduwé rencana sing isa langsung diupayakké lan akhiré isa kelakon, kuwi isa mbantu dhèwèké bèn sukmbèn isa dibaptis. Bèn sing sinau isa ngerti apa sing kudu diupayakké, njenengan isa nggunakké kothak sing judhulé ”Rencana” sing ana ing bagéan akhir saben pelajaran ing buku Bahagia Saklawasé. Njenengan isa mbahas apa hubungané rencana sing ana ing kothak kuwi karo pelajaran sing lagi dirembug lan apa manfaaté nèk ngupayakké rencana-rencana kuwi. Nèk njenengan nduwé saran liya sing perlu diupayakké karo sing sinau, kuwi isa ditulis ing ngisoré tulisan ”Liyané”. Kothak kuwi kudu dirembug supaya sing sinau ngerti rencana apa sing isa langsung diupayakké utawa sing butuh wektu luwih suwé bèn isa berhasil.

5. Kaya sing disebutké ing Markus 10:17-22, Yésus ngongkon wong sing sugih bèn apa, lan apa sebabé?

5 Mbantu sing sinau nggawé perubahan. (Wacanen Markus 10:17-22.) Ana wong sugih sing tau dikon Yésus ngedol hartané. Yésus ngerti nèk kuwi mesthi angèl kanggo wong kuwi. (Mrk. 10:23) Ning, Yésus ngongkon kaya ngono merga nresnani wong kuwi. Awaké dhéwé mungkin ngerti perubahan apa sing perlu digawé karo sing sinau Alkitab. Tapi, awaké dhéwé mungkin ora langsung ngomong karo sing sinau merga ngrasa nèk durung wektuné ngrembug soal kuwi. Pancèn, bèn isa nyingkirké kepribadian sing lawas lan nganggo kepribadian sing anyar kuwi butuh wektu. (Kol. 3:9, 10) Ning, nèk awaké dhéwé luwih cepet ngrembug soal kuwi, sing sinau ya isa luwih cepet nggawé perubahan. Nèk ngandhani perubahan apa sing perlu digawé karo sing sinau Alkitab, kuwi berarti awaké dhéwé perduli karo dhèwèké.​—Mzm. 141:5; WB. 27:17.

6. Apa manfaaté nèk njenengan takon karo sing sinau piyé pendapaté soal topik sing dirembug?

6 Saben sinau, njenengan kudu takon pendapaté sing sinau soal topik sing dirembug. Saka jawabané, njenengan isa ngerti apa sing sinau wis paham lan yakin karo ajarané Alkitab. Mungkin, sing sinau ora langsung setuju karo ajaran Alkitab tertentu. Ning, nèk wis kerep takon pendapaté sing sinau, njenengan bakal luwih gampang wektu mbahas soal kuwi. Ing buku Bahagia Saklawasé, ana akèh pitakonan sing mbantu njenengan ngerti piyé pandhangané sing sinau. Contoné, ing pelajaran 04 ana pitakonan: ”Piyé perasaané Yéhuwah nèk njenengan nyebut jenengé?” Terus, ing pelajaran 09 ya ana pitakonan: ”Njenengan péngin ndongakké apa waé?” Sing sinau mungkin ora isa langsung njawab pitakonan-pitakonan kaya ngono. Dadi, njenengan isa nggunakké ayat-ayat lan gambar sing ana ing buku kuwi kanggo mbantu sing sinau bèn isa njawab pitakonan-pitakonan sing kaya ngono.

7. Piyé carané nggunakké pengalamané sedulur liya bèn sing sinau gelem nggawé perubahan?

7 Pas sinau Alkitab, sing sinau bakal ngerti nèk dhèwèké perlu nggawé perubahan. Mula, njenengan isa nyritakké pengalaman-pengalaman sing nyemangati dhèwèké. Misalé, nèk sing sinau durung isa teratur mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé, njenengan isa nyetèlké vidéo sing judhulé Yéhuwah Nggatèkké Aku. Vidéo kuwi ana ing pelajaran 14 ing bagéan ”Bahan Tambahan”. Ing pelajaran-pelajaran liyané saka buku Bahagia Saklawasé, ya ana pengalaman-pengalaman ing bagéan ”Sinau Luwih Akèh” utawa ”Bahan Tambahan”. * Ning, aja nganti njenengan ngomong, ”Nèk dhèwèké isa, kowé mesthi ya isa.” Timbang mbandhingké sing sinau karo sedulur sing ana ing vidéo-vidéo kuwi, luwih apik njenengan mbahas apa sing mbantu sedulur-sedulur kuwi bèn isa ngetrapké ajarané Alkitab. Misalé, njenengan isa mbahas ayat Alkitab utawa apa waé sing wis diupayakké sedulur-sedulur kuwi lan carané Yéhuwah mbantu sedulur-sedulur kuwi. Kuwi bakal nggawé sing sinau dadi péngin niru contoné sedulur-sedulur kuwi.

8. Piyé carané mbantu sing sinau bèn nresnani Yéhuwah?

8 Mbantu sing sinau nresnani Yéhuwah. Piyé carané? Pas sinau Alkitab, njenengan kudu mbantu sing sinau bèn ngerti sipat-sipaté Yéhuwah. Njenengan perlu mbantu sing sinau bèn yakin nèk Yéhuwah, Gusti Allah sing bahagia, siap mbantu wong-wong sing nresnani Yéhuwah. (1 Tim. 1:11; Ibr. 11:6) Duduhna manfaaté nèk ngetrapké sing dipelajari lan kenapa kuwi dadi bukti nèk Yéhuwah nresnani dhèwèké. (Yés. 48:17, 18) Nèk sing sinau saya nresnani Yéhuwah, dhèwèké mesthi bakal gelem nggawé perubahan.​—1 Yoh. 5:3.

MBANTU SING SINAU BÈN AKRAB KARO SEDULUR-SEDULUR ING JEMAAT

9. Nurut Markus 10:29, 30, berkah apa sing bakal ditampa karo wong-wong sing nggawé pengorbanan bèn isa dibaptis?

9 Kaya wong sugih sing dikon ngedol hartané karo Yésus, sing sinau Alkitab ya kudu gelem nggawé pengorbanan bèn isa dibaptis. Misalé, nèk gawéané ora cocog karo pathokané Alkitab, sing sinau mungkin ya kudu nggolèk gawéan liya. Sing liyané, mungkin ora bergaul manèh karo kanca-kancané sing ora nresnani Yéhuwah. Terus, ya ana sing diedohi karo keluargané merga keluargané ora seneng karo Seksi Yéhuwah. Yésus ngerti nèk nggawé pengorbanan kaya ngono kuwi ora gampang. Ning, Yésus janji nèk wong-wong sing dadi muridé bakal bahagia. Sedulur-sedulur ing jemaat bakal dadi keluargané lan sayang karo wong-wong kuwi. (Wacanen Markus 10:29, 30.) Terus, piyé carané bèn sing sinau Alkitab karo njenengan isa ngrasakké berkah kuwi?

10. Saka pengalamané Manuel, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

10 Luwih akrab karo sing sinau. Duduhna nèk njenengan perduli karo sing sinau. Kenapa kuwi penting? Manuel saka Meksiko nyritakké pengalamané pas dhèwèké isih sinau Alkitab. Dhèwèké kandha, ”Sakdurungé mulai sinau, sing ngajari aku Alkitab mesthi ngejak ngobrol lan nakoni kabarku. Kuwi nggawé suasanané dadi luwih santai, lan aku isa crita soal apa waé. Aku isa ngrasakké nèk dhèwèké bener-bener perduli karo aku.”

11. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé kerep bergaul karo sing sinau Alkitab?

11 Mbiyèn, Yésus kerep bareng karo murid-muridé. (Yoh. 3:22) Kaya Yésus, awaké dhéwé ya kudu kerep bergaul karo sing sinau Alkitab. Nèk cocog, dhèwèké isa dijak dolan ing omahé awaké dhéwé bèn isa ngopi, mangan bareng, utawa nonton JW Broadcasting. Nèk pas tanggal abang, isa waé dhèwèké ngrasa kesepian merga kanca-kanca utawa keluargané ngrayakké hari raya sing ora cocog karo pathokané Alkitab. Dadi, nèk dijak dolan ing omahé awaké dhéwé, dhèwèké mesthi seneng banget. Kazibwe saka Uganda crita, ”Aku isa sinau soal Yéhuwah ora mung pas sinau Alkitab thok, ning ya pas bergaul karo sing ngajari aku Alkitab. Kétok banget nèk Yéhuwah kuwi perduli karo umaté, lan wong-wong sing dadi umaté kuwi wong sing bahagia. Aku ya péngin kaya ngono.”

Nèk ngejak sedulur sing béda-béda wektu mulang Alkitab, sing sinau bakal luwih gampang nèk dijak teka ing pertemuan ibadahé awaké dhéwé. (Deloken paragraf 12) *

12. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé ngejak sedulur sing béda-béda pas mulang Alkitab?

12 Ngejak sedulur sing béda-béda wektu mulang Alkitab. Pas mulang Alkitab, mungkin awaké dhéwé luwih seneng nèk dhèwèkan utawa dikancani sedulur sing padha. Senajan kuwi luwih nyaman kanggo awaké dhéwé, ning sing sinau Alkitab isa éntuk manfaat nèk awaké dhéwé ngejak sedulur sing béda-béda. Dimitrii saka Moldova kandha, ”Sing ngajari aku Alkitab kerep ngejak sedulur sing béda-béda, lan carané sedulur-sedulur kuwi njelaské ya béda-béda. Aku dadi ngerti piyé carané ngetrapké apa sing wis tak pelajari. Merga aku wis kenal karo sedulur-sedulur kuwi, aku ya ora isin pas pertama kali teka ngibadah.”

13. Kenapa awaké dhéwé kudu mbantu sing sinau bèn isa mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé?

13 Mbantu sing sinau bèn isa mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé. Yéhuwah ngongkon umaté ngumpul bareng kanggo ngibadah. (Ibr. 10:24, 25) Kuwi sebabé sing sinau ya kudu dibantu bèn mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé. Terus, sedulur-sedulur ing jemaat kuwi wis kaya keluargané awaké dhéwé. Dadi, nèk mèlu pertemuan ibadah, kuwi kaya lagi mangan énak bareng karo keluarga. Teka ing pertemuan ibadah kuwi salah siji langkah penting bèn isa dibaptis. Mula, nèk awaké dhéwé mbantu sing sinau bèn isa mèlu pertemuan ibadah, kuwi berarti awaké dhéwé mbantu dhèwèké bèn isa dibaptis. Ning, mungkin ana sesuatu sing nggawé sing sinau Alkitab durung gelem mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé. Nèk ngono, awaké dhéwé isa nggunakké buku Bahagia Saklawasé kanggo mbantu sing sinau ngatasi kuwi. Piyé carané?

14. Piyé carané nyemangati sing sinau bèn gelem mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé?

14 Awaké dhéwé isa nggunakké pelajaran 10 saka buku Bahagia Saklawasé kanggo nyemangati sing sinau bèn gelem mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé. Sakdurungé buku kuwi diterbitké, ana sedulur-sedulur sing wis pengalaman sing dikongkon mbahas pelajaran 10 karo sing sinau Alkitab. Hasilé, wong-wong sing sinau Alkitab karo sedulur-sedulur kuwi gelem teka ing pertemuan ibadahé awaké dhéwé. Ning sakjané, awaké dhéwé ora perlu ngentèni sinauné tekan pelajaran 10. Kèt awal, awaké dhéwé wis isa ngejak sing sinau mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé ya kudu kerep ngejak dhèwèké. Wong-wong sing sinau Alkitab kuwi masalahé béda-béda. Mula, awaké dhéwé kudu nggatèkké kebutuhané sing sinau lan sak isa-isané mbantu dhèwèké. Awaké dhéwé ora perlu sedhih nèk sing sinau ora gelem langsung teka. Awaké dhéwé kudu sabar, ning ya aja nyerah ngejak dhèwèké.

MBANTU SING SINAU BÈN KENDEL

15. Sing sinau Alkitab isa waé wedi merga apa?

15 Sing sinau Alkitab mungkin wedi dadi Seksi Yéhuwah merga ngrasa nèk ora isa nginjil ing omah-omah. Dhèwèké mungkin ya wedi nèk mengko bakal dimungsuhi karo kanca-kanca utawa keluargané. Nèk mbiyèn njenengan ya ngrasa kaya ngono, njenengan berarti isa ngerti perasaané sing sinau Alkitab kuwi. Yésus ngerti nèk perasaan kaya ngono kuwi wajar. Ning, Yésus ngandhani murid-muridé bèn aja wedi lan terus nglayani Yéhuwah. (Mat. 10:16, 17, 27, 28) Piyé carané Yésus mbantu murid-muridé bèn ora wedi, lan piyé carané niru Yésus?

16. Piyé carané mbantu sing sinau Alkitab bèn isa nginjil?

16 Mbantu sing sinau bèn isa nginjil. Murid-muridé Yésus mungkin ya ngrasa kurang percaya diri wektu dikongkon nginjil. Ning, Yésus mbantu bèn murid-muridé isa berhasil. Misalé, Yésus ngandhani sapa sing kudu dikabari lan apa sing kudu disampèkké. (Mat. 10:5-7) Piyé carané njenengan isa niru Yésus? Njenengan isa mbantu sing sinau bèn ngerti sapa sing isa dikabari. Misalé, njenengan isa takon karo sing sinau apa ana kancané utawa keluargané sing bakal éntuk manfaat nèk dicritani topik Alkitab tertentu. Terus, njenengan isa mbantu dhèwèké bèn isa njelaské topik kuwi nganggo cara sing sederhana. Nèk situasiné cocog, njenengan isa latihan karo sing sinau nggunakké buku Bahagia Saklawasé ing bagéan ”Nèk Ana sing Ngomong” lan ”Nèk Ana sing Takon”. Pas latihan kuwi, njenengan perlu ngajari sing sinau bèn isa nggunakké Alkitab wektu njelaské. Terus, njenengan ya kudu mbantu sing sinau bèn isa mènèhi penjelasan sing gampang dipahami lan tetep sopan wektu njelaské.

17. Piyé carané nggunakké Matius 10:19, 20, 29-31 wektu mbantu sing sinau bèn percaya karo Yéhuwah?

17 Mbantu sing sinau bèn percaya karo Yéhuwah. Yésus ngandhani murid-muridé nèk Yéhuwah kuwi sayang lan perduli karo murid-muridé. (Wacanen Matius 10:19, 20, 29-31.) Kaya Yésus, njenengan ya isa ngandhani sing sinau nèk Yéhuwah bakal mbantu dhèwèké. Terus, piyé carané bèn sing sinau isa percaya karo Yéhuwah? Pas ndonga bareng, njenengan isa njaluk Yéhuwah mbantu bèn rencana-rencana sing arep diupayakké karo sing sinau isa berhasil. Franciszek saka Polandia ngomong, ”Sedulur sing ngajari aku Alkitab kerep ndongakké rencana-rencana sing arep tak upayakké. Merga aku ngrasakké nèk dongané kuwi dijawab, aku mulai ndonga karo Yéhuwah. Misalé, bèn isa teka ing kebaktian lan pertemuan ibadah, aku kudu njaluk ijin karo bosku, padahal aku lagi waé kerja ing kono. Mula, aku ndonga. Aku isa ngrasakké nèk Yéhuwah njawab dongaku.”

18. Piyé perasaané Yéhuwah karo wong-wong sing mbantu wong liya bèn isa cedhak karo Dhèwèké?

18 Yéhuwah bener-bener perduli karo wong-wong sing lagi sinau Alkitab. Yéhuwah ya bener-bener menghargai lan sayang karo wong-wong sing wis kerja keras mbantu wong liya bèn isa cedhak karo Dhèwèké. (Yés. 52:7) Nèk saiki durung ana sing sinau Alkitab karo njenengan, njenengan ora perlu sedhih. Njenengan tetep isa mbantu wong sing sinau Alkitab bèn isa dibaptis wektu ngancani sedulur liya mulang Alkitab.

LAGU 60 Urip Langgeng kanggo Kabèh sing Nampa

^ par. 5 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané Yésus mbantu wong-wong bèn isa dadi muridé lan piyé carané niru Yésus. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug beberapa bagéan sing ana ing buku Bahagia Saklawasé. Buku kuwi digawé kanggo mbantu sing sinau Alkitab bèn isa dibaptis.

^ par. 7 Pengalaman-pengalaman liyané ana ing Panduan Riset kanggo Seksi-Seksi Yéhuwah. Njenengan isa milih topik ”Alkitab”, terus deloken ing bagéan ”Gunané Pathokané Alkitab” lan ”’Kuwasané Alkitab’ (sèri artikel ing Warta Penting)”. Njenengan ya isa ndelok ing bagéan média sing ana ing JW Library ®, terus pilihen bagéan ”Wawancara lan Pengalaman”.

^ par. 62 GAMBAR: Sedulur lanang sing ngajari cah enom Alkitab. Awalé, dhèwèké dikancani bojoné. Sakwisé kuwi, dhèwèké ngejak sedulur sing béda-béda.