Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané Sing Maca

Pitakonané Sing Maca

Apa maksudé wektu Paulus ngomong, ”Merga aku nindakké hukum, aku mati”? —Gal. 2:19.

Paulus kandha: ”Merga aku nindakké hukum, aku mati bèn isa urip kanggo Gusti Allah.”​—Gal. 2:19.

Paulus ngomong kaya ngono kuwi ing suraté kanggo wong Kristen ing Galatia. Wektu kuwi, ana sing wis kepengaruh ajarané guru-guru palsu. Guru-guru palsu kuwi ngajarké nèk péngin slamet kudu manut karo Hukum Musa, khususé soal sunat. Ning, Paulus ngerti nèk Gusti Allah wis ora ngongkon wong-wong bèn disunat. Mula, Paulus nulis surat kuwi kanggo mbantu wong Kristen ing kono bèn ora kepengaruh karo ajaran palsu lan nduwé iman sing kuwat karo korban tebusané Yésus.​—Gal. 2:4; 5:2.

Alkitab kandha nèk wong mati ora ngerti apa-apa. (Pkh. 9:5) Kuwi maksudé kabèh sing kelakon ing sekitaré ora ana pengaruhé kanggo dhèwèké. Dadi, wektu Paulus ngomong: ”Aku mati”, Paulus lagi nduduhké nèk dhèwèké wis bébas saka Hukum Musa. Terus, merga wis nduwé iman karo korban tebusané Yésus, Paulus ya yakin nèk dhèwèké ”isa urip kanggo Gusti Allah”.

Kenapa Paulus isa bébas saka Hukum lan akhiré urip kanggo Gusti Allah merga ”nindakké Hukum”? Paulus kandha nèk ’wong bakal dianggep bener [merga] nduwé iman marang Yésus Kristus, dudu merga nindakké hukum’. (Gal. 2:16) Tapi, bèn isa nduwé iman marang Yésus, manungsa butuh Hukum Musa. Kok isa? Paulus njelaské karo wong-wong Kristen ing Galatia, ”Hukum kuwi akhiré diwènèhké marang awaké dhéwé kanggo nduduhké nèk ana pelanggaran.” (Gal. 3:19) Merga ana Hukum Musa, manungsa bakal ngerti nèk ora isa sepenuhé manut karo hukum kuwi lan butuh korban sing sampurna. Hukum Musa nuntun manungsa marang Kristus sing bakal dadi tebusan. Dadi, merga nindakké Hukum, Paulus dadi nduwé iman karo Yésus. Imané kuwi sing nggawé dhèwèké dianggep bener karo Gusti Allah. (Gal. 3:24) Sakliyané kuwi, Galatia 3:19 ya kandha nèk Hukum Musa ”digunakké nganti keturunan sing nampa janji kuwi teka”. Kuwi artiné, wong sing wis nduwé iman karo ”keturunan” sing dadi tebusan, yaiku Yésus, wis ora perlu manèh manut karo Hukum Musa. Dadi, merga nduwé iman karo Yésus, Paulus ora perlu manèh manut karo Hukum lan kudu manut karo Gusti Allah. Kuwi berarti Paulus bébas saka Hukum lan ”urip kanggo Gusti Allah”.

Paulus ya tau ngomong sing padha karo wong Kristen ing Roma, ”Sedulur-sedulurku, badané Kristus sing wis dikorbanké mbébaské kowé saka Hukum Musa. . . . Awaké dhéwé wis bébas saka Hukum Musa, merga hukum kuwi ora nguwasani awaké dhéwé.” (Rm. 7:4, 6) Dadi, pas Paulus ngomong ing Galatia 2:19 nèk dhèwèké mati, kuwi maksudé dudu mati tenanan. Sing dimaksud Paulus yaiku dhèwèké lan wong Kristen liyané wis bébas saka Hukum Musa merga wis nduwé iman karo korban tebusané Yésus.