Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 23

Yéhuwah Ora Bakal Ninggalké Njenengan

Yéhuwah Ora Bakal Ninggalké Njenengan

”Yéhuwah cedhak karo kabèh wong sing njaluk tulung marang Dhèwèké.”​—MZM. 145:18.

LAGU 28 Dadi Kancané Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Kenapa kok ana sedulur-sedulur sing ngrasa kesepian?

AWAKÉ DHÉWÉ mesthi tau ngrasa kesepian. Kadhang, perasaan kuwi isa langsung ilang. Ning, ya ana wong sing terus-terusan ngrasa kesepian. Malah, ana wong-wong sing tetep ngrasa kesepian senajan lagi bareng-bareng karo wong akèh. Kenapa kok ana sing ngrasa kesepian? Sedulur-sedulur sing pindhah ing jemaat sing anyar mungkin durung nduwé kanca. Sing liyané mungkin pindhah ing panggonan sing adoh saka keluargané. Terus, ana sedulur-sedulur sing kangen karo keluarga utawa kancané sing wis mati. Sakliyané kuwi ya ana sedulur-sedulur, khususé sing lagi waé nglayani Yéhuwah, sing dimungsuhi keluargané utawa kancané sing dudu Seksi Yéhuwah. Kuwi kabèh isa nggawé sedulur-sedulur kuwi ngrasa kesepian.

2. Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Yéhuwah ngerti lan perduli karo perasaané awaké dhéwé. Dadi, Yéhuwah ngerti pas awaké dhéwé ngrasa kesepian lan péngin mbantu bèn awaké dhéwé ora kesepian manèh. Piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé? Awaké dhéwé kudu piyé bèn ora ngrasa kesepian? Terus, piyé carané mbantu wong-wong ing jemaat sing ngrasa kesepian?

YÉHUWAH PERDULI KARO UMATÉ

Yéhuwah ngutus malaékaté kanggo nguwatké Èlia bèn Èlia ora ngrasa dhèwèkan (Deloken paragraf 3)

3. Piyé carané Yéhuwah nguwatké Èlia?

3 Yéhuwah kuwi bener-bener perduli karo kabèh umaté. Dhèwèké cedhak karo awaké dhéwé lan ngerti wektu awaké dhéwé lagi sedhih utawa cilik ati. (Mzm. 145:18, 19) Misalé, gatèkna carané Yéhuwah mbantu Nabi Èlia. Wektu kuwi, Èlia ngadhepi masalah sing abot. Wong-wong sing nduwé kuwasa ing Israèl nganiaya wong-wong sing nyembah Yéhuwah lan péngin matèni Èlia. (1 Raj. 19:1, 2) Èlia tambah sedhih merga ngira nèk mung dhèwèké thok sing dadi nabiné Yéhuwah. (1 Raj. 19:10) Yéhuwah langsung nguwatké Èlia bèn Èlia ora ngrasa dhèwèkan. Yéhuwah ngutus malaékaté kanggo ngandhani Èlia nèk isih ana akèh wong Israèl sing nglayani Yéhuwah.​—1 Raj. 19:5, 18.

4. Kenapa Markus 10:29, 30 isa dadi bukti nèk Yéhuwah perduli karo sedulur-sedulur sing dimungsuhi keluarga utawa kancané?

4 Yéhuwah ngerti nèk wong-wong sing nglayani Dhèwèké mungkin kudu nggawé pengorbanan. Misalé, ana sing nganti dimungsuhi keluarga utawa kancané sing dudu Seksi Yéhuwah. Mbiyèn, Rasul Pétrus tau takon karo Yésus, ”Aku karo murid-murid liyané wis ninggalké kabèh lan mèlu njenengan. Terus, aku bakal éntuk apa?” (Mat. 19:27) Rasul Pétrus takon kaya ngono kétoké merga kuwatir. Ning, Yésus kandha nèk murid-muridé bakal nduwé akèh sedulur sing isa dadi kaya keluarga. (Wacanen Markus 10:29, 30.) Yéhuwah, Bapaké awaké dhéwé sing ana ing swarga, ya janji nèk bakal mbantu wong-wong sing nglayani Dhèwèké. (Mzm. 9:10) Nèk Yéhuwah wis gelem mbantu, terus awaké dhéwé kudu piyé bèn ora ngrasa kesepian?

CARANÉ BÈN ORA KESEPIAN

5. Apa manfaaté nèk ngrenungké carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé?

5 Ngrenungké carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé. (Mzm. 55:22) Kuwi bakal mbantu bèn awaké dhéwé ora ngrasa kesepian. Ana sedulur wédok sing jenengé Carol. * Dhèwèké durung nikah lan keluargané dudu Seksi Yéhuwah. Carol kandha, ”Yéhuwah kerep mbantu wektu aku nduwé masalah sing abot. Nèk ngrenungké kuwi, aku dadi sadhar nèk aku ora dhèwèkan. Aku ya dadi yakin nèk sukmbèn aku ngalami masalah, Yéhuwah ya bakal mbantu aku.”

6. Kenapa 1 Pétrus 5:9, 10 isa nyemangati sedulur-sedulur sing ngrasa kesepian?

6 Ngrenungké carané Yéhuwah mbantu sedulur-sedulur. (Wacanen 1 Pétrus 5:9, 10.) Gatèkna pengalamané Sedulur Hiroshi. Nganti saiki, durung ana keluargané sing dadi Seksi Yéhuwah. Hiroshi kandha, ”Sing nduwé masalah ki ora mung aku thok. Sedulur-sedulur ing jemaat ya nduwé masalahé dhéwé-dhéwé. Ning, aku nggatèkké nèk sedulur-sedulur kuwi ngupaya sak isa-isané nglayani Yéhuwah. Kuwi nyemangati wong-wong kaya aku sing ngrasa kesepian merga keluargané dudu Seksi Yéhuwah.”

7. Nurut njenengan, apa manfaaté nèk ndonga?

7 Ndonga, maca Alkitab, lan mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé. Awaké dhéwé kudu terus terang nyritakké perasaané awaké dhéwé marang Yéhuwah. (1 Ptr. 5:7) Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing isih enom sing jenengé Massiel. Sakwisé mutuské arep nglayani Yéhuwah, dhèwèké kerep ngrasa kesepian merga keluargané dudu Seksi Yéhuwah. Massiel kandha, ”Salah siji cara bèn aku ora kesepian, aku ndonga tenanan karo Yéhuwah. Aku bener-bener ngrasakké nèk Yéhuwah kuwi dadi Bapakku. Saben dina, aku bola-bali ndonga karo Yéhuwah merga aku péngin Yéhuwah ngerti kabèh sing tak rasakké.”

Wong-wong sing ngrasa kesepian isa éntuk manfaat nèk ngrungokké rekaman pembacaan Alkitab lan bahan-bahan sing arep dirembug ing pertemuan ibadah (Deloken paragraf 8) *

8. Nurut njenengan, apa manfaaté nèk maca lan ngrenungké Alkitab?

8 Awaké dhéwé kudu maca Alkitab saben dina. Terus, awaké dhéwé ya perlu ngrenungké kisah-kisah ing Alkitab sing nduduhké nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. Sedulur Bianca kerep sedhih merga omongané keluargané sing dudu Seksi Yéhuwah. Dhèwèké crita, ”Aku seneng maca lan ngrenungké kisah-kisah ing Alkitab lan pengalamané umaté Yéhuwah sing ngalami sing padha kaya aku. Kuwi nggawé aku dadi luwih semangat.” Awaké dhéwé ya isa ngéling-éling ayat-ayat sing nguwatké, misalé Mazmur 27:10 lan Yésaya 41:10. Sakliyané kuwi, ana sedulur-sedulur sing ngrungokké rekaman audio bèn ora ngrasa kesepian. Misalé, sedulur-sedulur kuwi ngrungokké rekaman pembacaan Alkitab utawa bahan-bahan sing arep dirembug ing pertemuan ibadah.

9. Nurut njenengan, apa manfaaté nèk mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé?

9 Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa teratur mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé. Apa manfaaté nèk mèlu pertemuan ibadah? Kuwi isa nguwatké awaké dhéwé lan nggawé awaké dhéwé luwih akrab karo sedulur-sedulur. (Ibr. 10:24, 25) Massiel, sing disebutké mau, kandha, ”Sakjané, aku iki wongé isinan. Ning, aku ngupaya bèn isa mèlu pertemuan ibadah lan mènèhi koméntar. Kuwi nggawé aku tambah akrab karo sedulur-sedulur ing jemaat.”

10. Apa manfaaté nèk akrab karo sedulur-sedulur?

10 Luwih akrab karo sedulur-sedulur. Awaké dhéwé kudu ngupaya bèn luwih akrab karo sedulur-sedulur sing isa nyemangati awaké dhéwé. Sedulur-sedulur kuwi mungkin luwih enom, luwih tuwa, utawa latar belakangé béda karo awaké dhéwé. Ning kuwi ora masalah. Awaké dhéwé isa sinau saka sedulur-sedulur sing luwih tuwa, merga Alkitab kandha nèk ”wong sing wis akèh umuré kuwi wicaksana”. (Ayb. 12:12) Terus, awaké dhéwé ya isa sinau saka sedulur-sedulur sing luwih enom. Daud kuwi luwih enom timbang Yonatan, tapi wong loro kuwi isa dadi sahabat sing akrab. (1 Sam. 18:1) Daud lan Yonatan saling ndhukung pas ngadhepi masalah sing abot bèn isa tetep setya nglayani Yéhuwah. (1 Sam. 23:16-18) Irina, sedulur wédok sing keluargané dudu Seksi Yéhuwah, kandha, ”Yéhuwah wis mènèhi aku sedulur-sedulur ing jemaat bèn aku ora kesepian. Sedulur-sedulur kuwi wis tak anggep kaya wong tuwaku lan keluargaku dhéwé.”

11. Piyé carané bèn akrab karo kanca-kancané awaké dhéwé?

11 Nggolèk kanca anyar ing jemaat kuwi isa waé ora gampang, apa manèh nèk awaké dhéwé wongé isinan. Sedulur wédok sing jenengé Ratna dimungsuhi merga sinau Alkitab. Dhèwèké kuwi sakjané wongé isinan. Ning dhèwèké kandha, ”Aku sadhar nèk aku butuh bantuané sedulur-sedulur ing jemaat.” Nyritakké perasaané awaké dhéwé karo wong liya memang ora gampang. Ning nèk awaké dhéwé gelem crita, wong sing dijak crita kuwi bakal dadi akrab karo awaké dhéwé. Kanca-kancané awaké dhéwé mesthi péngin ndhukung lan nguwatké awaké dhéwé. Ning nèk awaké dhéwé ora crita, kanca-kancané awaké dhéwé ya ora bakal ngerti piyé carané mbantu awaké dhéwé.

12. Apa salah siji cara bèn akrab karo sedulur-sedulur?

12 Nèk péngin akrab karo sedulur-sedulur ing jemaat, awaké dhéwé isa ngejak nginjil bareng. Carol, sing disebutké mau, kandha, ”Aku kerep nginjil bareng karo sedulur-sedulur wédok lan mèlu kegiatan-kegiatan liyané ing jemaat. Aku dadi nduwé akèh kanca ing jemaat. Aku ya isa ngrasakké nèk Yéhuwah nguwatké aku liwat kanca-kancaku kuwi.” Luwih akrab karo sedulur-sedulur kuwi pancèn butuh upaya. Ning, kuwi akèh manfaaté. Yéhuwah isa nggunakké kanca-kancané awaké dhéwé kanggo nguwatké awaké dhéwé, termasuk nèk pas lagi kesepian.​—WB. 17:17.

MBANTU WONG-WONG ING JEMAAT SING NGRASA KESEPIAN

13. Kabèh sing ing jemaat kudu ngupaya bèn apa?

13 Wong-wong ing jemaat sing ngrasa kesepian isa dikuwatké nèk sedulur-sedulur ing jemaat rukun lan saling menyayangi. Bèn isa kaya ngono, kuwi butuh upayané kabèh sing ana ing jemaat. (Yoh. 13:35) Ana sedulur wédok sing tau ngomong ngéné, ”Meskipun aku durung dibaptis, ning sedulur-sedulur ing jemaat dadi kaya keluargaku dhéwé. Aku ora bakal isa dadi Seksi Yéhuwah nèk ora didhukung karo sedulur-sedulur ing jemaat.” Kata-katané sedulur wédok kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé isa nyemangati sing liyané. Terus, piyé carané nyemangati wong-wong ing jemaat sing keluargané dudu Seksi Yéhuwah bèn wong-wong kuwi ngrasa disayangi?

14. Piyé carané bèn luwih akrab karo liyané?

14 Ngupaya luwih akrab karo liyané. Awaké dhéwé kudu nyambut wong-wong sing lagi waé mèlu pertemuan ibadahé awaké dhéwé utawa sing lagi waé nggabung ing jemaaté awaké dhéwé. (Rm. 15:7) Terus, awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn isa akrab karo wong-wong kuwi. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu apikan lan perduli karo wong-wong kuwi. Wong-wong kuwi mungkin lagi ngadhepi masalah. Bèn isa mbantu wong-wong kuwi, awaké dhéwé kudu ngerti dhisik masalahé. Ning, pas takon karo dhèwèké, aja nganti nggawé wong kuwi isin. Nèk ana sing ora langsung gelem nyritakké perasaané, ya aja dipeksa. Awaké dhéwé isa nggunakké pertanyaan-pertanyaan sing pas bèn isa luwih kenal karo dhèwèké. Misalé, awaké dhéwé isa takon piyé critané dhèwèké isa sinau Alkitab. Terus, nèk dhèwèké wis gelem crita, awaké dhéwé kudu ngrungokké tenanan.

15. Piyé carané sedulur-sedulur sing wis pengalaman isa nyemangati liyané?

15 Sedulur-sedulur sing wis pengalaman, khususé para pinituwa, perlu nduduhké nèk perduli karo liyané. Kuwi isa nggawé kabèh sing ana ing jemaat dadi kuwat imané. Misalé, gatèkna pengalamané Sedulur Melissa. Wong tuwané Melissa kuwi sing Seksi mung ibuné. Melissa kandha, ”Aku bener-bener maturnuwun karo para sedulur ing jemaat sing wis dadi kaya bapak kanggo aku. Sedulur-sedulur kuwi gelem nyedhiakké wektu lan perduli karo aku. Dadi, pas ana masalah, aku ngerti kudu crita karo sapa.” Sedulur enom sing jenengé Mauricio tau ngrasa sedhih lan kesepian wektu sing ngajari dhèwèké Alkitab ora tau teka ngibadah lan nginjil manèh. Dhèwèké kandha, ”Aku dadi luwih semangat merga para pinituwa nggatèkké aku. Sedulur-sedulur kuwi kerep ngejak aku ngobrol, nginjil bareng, lan nyritakké nèk ana sesuatu sing apik saka pembacaan Alkitabé. Terus, aku ya kerep dijak dolan karo sedulur-sedulur kuwi.” Saiki, Melissa lan Mauricio wis dadi pelayan sepenuh-waktu.

Ing jemaaté njenengan, apa ana sing bakal seneng nèk dibantu utawa dijak dolan bareng? (Deloken paragraf 16-19) *

16-17. Piyé carané awaké dhéwé isa mbantu sing mbutuhké?

16 Mbantu sing mbutuhké. (Gal. 6:10) Gatèkna pengalamané Leo, sing nglayani dadi utusan injil ing panggonan sing adoh saka keluargané. Dhèwèké kandha, ”Senajan mung sederhana, ning nèk ana sing mbantu pas awaké dhéwé mbutuhké kuwi manfaaté gedhé banget. Mbiyèn, aku tau kecelakaan pas numpak mobil. Sakwisé tekan omah, aku dadi bingung lan sedhih. Tapi, bar kuwi ana suami istri sing ngejak aku mangan bareng. Aku ora kèlingan wektu kuwi mangan apa. Ning, aku kèlingan nèk suami istri kuwi apikan lan gelem ngrungokké critaku. Sakwisé mangan bareng suami istri kuwi, atiku dadi luwih kepénak.”

17 Awaké dhéwé mesthi seneng nèk isa ketemu karo sedulur-sedulur pas pertemuan wilayah, pertemuan gabungan wilayah, utawa acara-acara liyané. Wektu kuwi, awaké dhéwé isa ngobrol karo sedulur-sedulur lan ngrembug ceramah sing disampèkké ing acara kuwi. Ning pas acara-acara kaya ngono, mungkin ana sedulur-sedulur sing ngrasa kesepian. Carol, sing disebutké mau, kandha, ”Pas pertemuan wilayah utawa pertemuan gabungan wilayah, sedulur-sedulur sing teka isa nganti atusan utawa malah éwonan. Ning, aku tetep ngrasa kesepian. Sedulur-sedulur kuwi akèh-akèhé teka lan lungguh bareng karo keluargané. Pas nggatèkké sedulur-sedulur kuwi, aku dadi sedhih merga aku dhèwèkan.” Sakliyané kuwi, mungkin ana sedulur-sedulur sing sedhih pas arep teka ing pertemuan wilayah utawa pertemuan gabungan wilayah merga bar ditinggal mati bojoné. Mungkin njenengan kenal karo sedulur-sedulur sing ngrasa kaya ngono. Nèk ngono, pas pertemuan wilayah utawa pertemuan gabungan wilayah berikuté, njenengan isa ngejak sedulur kuwi mangkat bareng lan lungguh bareng karo keluargané njenengan.

18. Piyé carané ngetrapké 2 Korintus 6:11-13?

18 Ngejak dolan bareng. Awaké dhéwé kudu ’mbukak ati sak amba-ambané’ karo kabèh sing ana ing jemaat. (Wacanen 2 Korintus 6:11-13.) Piyé carané? Awaké dhéwé isa ngejak dolan bareng sedulur sing béda-béda, khususé sing ngrasa kesepian. Melissa, sing disebutké mau, kandha, ”Sedulur-sedulur kerep ngejak aku karo ibuku jalan-jalan, dolan ing omahé, utawa kumpul-kumpul karo keluargané. Aku karo ibuku seneng banget merga isa bergaul karo sedulur-sedulur.” Nèk njenengan piyé? Apa ana ing jemaaté njenengan sing isa dijak dolan bareng?

19. Sedulur-sedulur ing jemaat seneng dikancani utawa dijak dolan khususé pas apa?

19 Mungkin ana sedulur-sedulur ing jemaat sing seneng dikancani utawa dijak dolan nèk pas dina-dina tertentu. Misalé, mungkin ana sedulur-sedulur sing ngrasa ora nyaman utawa kesepian wektu keluargané sing dudu Seksi Yéhuwah ngrayakké hari-hari raya. Sedulur-sedulur sing wis ditinggal mati bojoné mungkin sedhih banget nèk pas tanggal ulang taun pernikahané. Nèk awaké dhéwé gelem ngancani utawa ngejak dolan bareng, kuwi bukti nèk awaké dhéwé ”tulus nggatèkké” sedulur-sedulur kuwi.​—Flp. 2:20.

20. Kenapa omongané Yésus ing Matius 12:48-50 isa nguwatké awaké dhéwé pas ngrasa kesepian?

20 Ana akèh alesan sing isa nggawé awaké dhéwé ngrasa kesepian. Ning, awaké dhéwé kudu éling nèk Yéhuwah perduli karo perasaané awaké dhéwé. Yéhuwah isa nggunakké sedulur-sedulur ing jemaat kanggo nguwatké awaké dhéwé. (Wacanen Matius 12:48-50.) Sakliyané kuwi, awaké dhéwé ya kudu gelem mbantu sedulur-sedulur sing ngrasa kesepian. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé seneng dadi umaté. Dadi, ora soal apa sing lagi dialami, awaké dhéwé ora bakal kesepian merga Yéhuwah bakal terus cedhak karo awaké dhéwé.

LAGU 46 Nuwun Yéhuwah

^ par. 5 Apa njenengan kadhang ngrasa kesepian? Nèk iya, Yéhuwah ngerti perasaané njenengan, lan Yéhuwah péngin mbantu njenengan. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané ngatasi perasaan kuwi lan piyé carané nyemangati sedulur-sedulur sing mungkin ya ngrasa kesepian.

^ par. 5 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.

^ par. 60 GAMBAR: Sedulur lanang iki bojoné wis mati. Bèn ora kesepian, sedulur kuwi ngrungokké rekaman pembacaan Alkitab lan bahan-bahan sing arep dirembug ing pertemuan ibadah.

^ par. 62 GAMBAR: Sedulur lanang karo anaké wédok dolan ing omahé sedulur sing wis tuwa karo nggawakké panganan.