Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Iblis Kuwi Apa utawa Sapa?

Iblis Kuwi Apa utawa Sapa?

Iblis kuwi apa utawa sapa?

NURUT PANJENENGAN Iblis kuwi . . .

  • Malaékat?

  • Sipat jahaté manungsa?

  • Mung ana ing pikirané manungsa?

ALKITAB KANDHA

Iblis isa omong-omongan lan ’nggodha’ Yésus. (Matéus 4:1-4) Dadi, dhèwèké ora mung sipat jahat, utawa mung ana ing pikirané manungsa. Iblis kuwi malaékat sing jahat.

APA MANÈH SING ISA DISINAONI SAKA ALKITAB?

  • Sakdurungé dadi jahat, Iblis kuwi malaékat. Ning, dhèwèké ora tetep ”ngandhemi ing kayektèn [nglakoni sing bener]”. (Yokanan 8:44) Dhèwèké dadi tukang ngapusi, lan mbrontak nglawan Gusti Allah.

  • Malaékat-malaékat liyané mèlu Iblis mbrontak.​—Wahyu 12:9.

  • Iblis nggawé wong ora ngerti nèk dhèwèké pancèn nyata.​—2 Korinta 4:4.

Apa isa Iblis nguwasani wong-wong?

ANA SING KANDHA nèk ora mungkin Iblis nguwasani wong-wong. Ning liyané, ana sing wedi dikuwasani. Piyé nurut panjenengan?

ALKITAB KANDHA

”Sajagad kabèh kawengku ing pangawak dursila.” (1 Yokanan 5:19) Senajan pengaruhé Iblis gedhé, ning ora tegesé saben manungsa isa dikuwasani.

APA MANÈH SING ISA DISINAONI SAKA ALKITAB?

  • Iblis ngapusi manungsa bèn manut dhèwèké.​—2 Korinta 11:14.

  • Para dhemit kadhang kala isa nguwasani manungsa.​—Matéus 12:22.

  • Awaké dhèwè isa menang nglawan Iblis nèk njaluk bantuané Gusti Allah.​—Yakobus 4:7.