Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cah-Cah Enom​—Piyé Carané Bèn Siap Dibaptis?

Cah-Cah Enom​—Piyé Carané Bèn Siap Dibaptis?

”Dhuh Allah kawula, kawula remen nglampahi karsa Paduka.”​—MS. 40:9.

LAGU: 51, 48

1, 2. (a) Apa sebabé dibaptis kuwi keputusan sing penting banget? (b) Apa sing kudu diupayakké sakdurungé dibaptis, lan apa sebabé?

APA kowé cah enom sing péngin dibaptis? Nèk ngono, kuwi kaurmatan sing gedhé banget. Kaya sing dirembug ing wulangan wingi, dibaptis kuwi keputusan sing penting banget. Kuwi nduduhké karo wong liya nèk kowé wis janji arep ngabdi marang Yéhuwah saklawasé, lan kuwi sing paling penting ing uripmu. Mula, sakdurungé dibaptis kowé kudu diwasa, dibaptis merga keputusanmu dhéwé, lan ngerti maksudé janji ngabdi marang Gusti Allah. Apa sebabé? Merga janji ngabdi marang Yéhuwah kuwi penting banget.

2 Piyé nèk kowé durung siap dibaptis? Utawa wis siap, ning wong tuwamu nganggep kowé durung cukup umur lan isih butuh akèh pengalaman? Apa sing kudu kok tindakké? Aja cilik ati. Gunakna wektumu kanggo ngupaya bèn isa cocog karo persyaratané dibaptis. Kowé isa nduwé tujuan-tujuan sing kudu ditindakké ing telung bab iki: (1) iman utawa agamamu, (2) tumindakmu, lan (3) rasa sokurmu.

IMANMU

3, 4. Apa sing ditiru cah-cah enom saka tuladhané Timotéus?

3 Pikiren jawabané pitakonan iki: Apa sebabé aku percaya nèk Gusti Allah ana? Apa sebabé aku percaya nèk Alkitab saka Gusti Allah? Apa sebabé aku manut karo préntahé Gusti Allah timbang mèlu-mèlu pathokané donya iki? Pitakonan-pitakonan kuwi isa mbantu kowé manut karo kandhané Rasul Paulus, ”Satemah kowé bisa nitèni apa kang dadi karsané Gusti Allah, apa kang becik, kang ndadèkaké keparengé Gusti Allah.” (Rm. 12:2) Apa sebabé kuwi kudu ditindakké?

4 Tuladhané Timotéus isa mbantu kowé. Timotéus isa ngerti tenan bab Alkitab, merga diajari ibu lan mbahé wédok. Paulus kandha marang Timotéus, ”Kowé kudu nurut piwulang sing wis mbok tampa lan wis mbok akoni bener [digawé yakin bèn percaya, NW].” (2 Tm. 3:14, 15, Basa Jawa Suriname.) Dadi, Timotéus wis digawé yakin nèk sing disinaoni saka Alkitab kuwi bener. Dhèwèké gelem nampa, ora mung merga ibuné lan mbahé sing ngandhani, ning merga wis ngerti tenan sing disinaoni lan wis digawé yakin bab kuwi.​—Wacanen Rum 12:1.

5, 6. Apa sebabé penting nggunakké nalar wektu isih enom?

5 Nèk kowé piyé? Mbokmenawa kowé wis suwé sinau Alkitab. Nèk ngono, tujuanmu saiki yaiku ngerti apa sebabé kowé percaya nèk kuwi pancèn bener. Kuwi bakal mbantu nguwatké imanmu lan mbantu aja nganti nggawé keputusan sing salah, merga diojok-ojoki kanca-kanca, cara mikir donya iki, utawa perasaanmu dhéwé.

6 Nèk kowé isa nggunakké nalarmu wektu isih enom, kowé bakal isa njawab pitakonan-pitakonan saka kanca-kancamu, contoné: ”Kok kowé percaya nèk Gusti Allah ana? Nèk Gusti Allah nresnani manungsa, apa sebabé kasengsaran durung disingkirké? Kok isa ana Gusti Allah?” Nèk kowé wis persiapan, pitakonan kaya ngono ora marahi kowé dadi ragu-ragu, ning malah mbantu bèn isa sinau Alkitab luwih tenanan.

7-9. Bab-bab ing ”Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan” ing jw.org/id isa mbantu nguwatké imanmu. Terangna!

7 Sinau Alkitab sing tenanan, isa mbantu kowé njawab pitakonan, ngilangi rasa ragu-ragumu, lan nguwatké imanmu. (PR. 17:11) Akèh wacan sing isa mbantu kowé sinau. Contoné, buku Asal Mula KehidupanLima Pertanyaan yang Patut Direnungkan lan buku Apakah Ada Pencipta yang Mempedulikan Anda? Uga, ana cah enom sing seneng lan éntuk paédah saka ”Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan” sing ana ing jw.org/id. Kowé isa ndelok ing bagéan AJARAN ALKITAB. Saben wulangan ing bagéan kuwi, digawé bèn isa mbantu kowé nguwatké rasa percayamu bab wulangané Alkitab.

8 Merga kowé siswa Alkitab, mbokmenawa kowé isa njawab pitakonan-pitakonan sing ana ing kono. Ning, apa kowé yakin karo jawabanmu? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal mbantu kowé mikirké ayat-ayaté, lan isa nulis alesanmu percaya. Kuwi uga mbantu kowé bèn isa nerangké bab agamamu marang wong liya. Nèk kowé isa mbukak bagéan ”Apa yang Sebenarnya Alkitab Ajarkan” ing jw.org/id, kuwi isa dinggo sinau bèn imanmu saya kuwat.

9 Kowé kudu mbuktèkké kanggo awakmu dhéwé nèk sing kok sinaoni kuwi bener. Kuwi sing mbantu kowé bèn isa dibaptis. Sedulur wédok enom kandha, ”Sakdurungé mutuské dibaptis, aku sinau Alkitab lan mbuktèkké apa kuwi pancèn agama sing bener. Saben dina, imanku tambah kuwat.”

TUMINDAKMU

10. Apa sebabé wong sing wis dibaptis kudu mbuktèkké imané liwat tumindaké?

10 Alkitab kandha, ”Manawa pracaya iku ora dikanthèni panggawé, iku sajatiné mati.” (Yb. 2:17) Nèk imanmu kuwat, kuwi kétok saka tumindakmu. Kowé bakal isa ”tumindak kudus lan nindakké bab-bab sing ana hubungané karo ngupaya dadi abdi sing salèh”.​—2 Pétrus 3:11, NW.

11. Terangna apa maksudé ”tumindak kudus”.

11 Apa maksudé ”tumindak kudus”? Nèk tumindak-tumindakmu kudus, moralmu ya mesthi apik. Contoné, pikiren tumindakmu nem sasi kepungkur. Wektu nggawé keputusan pas digodha nindakké sing salah, apa kowé mikirké tenanan sing bener lan sing salah? (Ib. 5:14) Apa kowé kèlingan kapan kowé ora gelem dipengaruhi nindakké sing salah, senajan dipeksa kanca-kancamu? Ing sekolahan, apa kelakuanmu dadi tuladha sing apik kanggo liyané? Apa kowé tetep setya marang Yéhuwah, utawa péngin padha kaya kanca-kancamu bèn ora diécé? (1 Pt. 4:3, 4) Pancèn, ora ana wong sing sampurna. Kadhang kala, ana abdiné Yéhuwah sing wis suwé ngabdi isih isin lan krasa abot wektu nginjil. Ning, wong sing ngabdi marang Gusti Allah bakal seneng dadi Seksi-Seksi Yéhuwah, lan kuwi dibuktèkké saka kelakuané sing bener.

12. Apa maksudé ”nindakké bab-bab sing ana hubungané karo ngupaya dadi abdi sing salèh”, lan piyé kuduné tanggepanmu bab kuwi?

12 Apa maksudé ”nindakké bab-bab sing ana hubungané karo ngupaya dadi abdi sing salèh”? Kuwi klebu nindakké kagiyatan ing jemaat. Contoné, teka ing pakumpulan ibadah lan nginjil. Kuwi uga klebu nindakké sing ora kétok, yaiku ndonga marang Yéhuwah lan sinau Alkitab dhéwé. Wong sing ngabdi marang Yéhuwah ora bakal nganggep nèk kabèh kagiyatan mau abot. Malah, dhèwèké bakal ngrasakké sing padha kaya Raja Dawud sing kandha, ”Dhuh Allah kawula, kawula remen nglampahi karsa Paduka; sarta angger-angger Paduka wonten ing batos kawula.”​—Ms. 40:9.

13, 14. Sarana apa sing mbantu kowé ”nindakké bab-bab sing ana hubungané karo ngupaya dadi abdi sing salèh,” lan piyé pengalamané cah-cah enom sing wis éntuk paédah saka sarana kuwi?

13 Kanggo mbantu tujuanmu kuwi, ana pitakonan-pitakonan ing buku Pertanyaan Kaum Muda—Jawaban yang Praktis, Jilid 2, kaca 308 lan 309. Kowé isa nulis jawabanmu saka pitakonan-pitakonan iki: ”Seberapa spesifikkah doamu, dan apa yang doamu singkapkan tentang kasihmu kepada Yehuwa?” ”Apa saja bahan pelajaran pribadimu?” ”Apakah kamu berdinas bahkan jika orang tuamu tidak?” Isa uga nulis tujuan liyané sing arep ditindakké, contoné ndonga, sinau dhéwé, lan nginjil.

14 Akèh cah-cah enom sing arep dibaptis, nganggep pitakonan-pitakonan mau akèh gunané. Tilda, sedulur wédok enom, kandha, ”Aku nggunakké pitakonan-pitakonan kuwi kanggo nulis tujuanku. Saya suwé tujuan-tujuanku kelakon, lan aku wis siap dibaptis setaun sakwisé.” Patrick, sedulur lanang enom uga nduwé pengalaman sing padha. Dhèwèké kandha, ”Aku ngerti apa tujuanku, ning nèk kuwi ditulis, mbantu aku ngupaya tenanan bèn tujuanku kelakon.”

Apa kowé bakal terus ngabdi marang Yéhuwah, senajan wong tuwamu ora? (Deloken paragraf 15)

15. Apa sebabé janji ngabdi kuwi kudu keputusanmu dhéwé?

15 Salah siji pitakonan ing kono yaiku: ”Apakah kamu akan melayani Yehuwa sekalipun orang tua dan teman-temanmu berhenti melayani-Nya?” Wektu janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis, kowé bakal nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Dadi, apa sing kok tindakké kanggo Yéhuwah kuwi ora merga wong tuwamu utawa wong liya. Tumindak kudus lan nindakké bab-bab sing ana hubungané karo ngupaya dadi abdi sing salèh, nduduhké nèk kowé yakin karo sing bener lan péngin manut karo pathokané Gusti Allah. Mengko kowé isa dibaptis.

RASA SOKURMU

16, 17. (a) Apa sing kuduné dadi alesan utama dibaptis dadi Seksi Yéhuwah? (b) Rasa sokurmu marang tebusan isa diumpamakké kaya apa?

16 Ana ahli Torèt sing wis tau takon karo Yésus, ”Angger-angger ing salebeting Torèt punika ingkang ageng piyambak ingkang pundi?” Yésus kandha, ”Sira tresnaa marang Pangéran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira.” (Mt. 22:35-37) Yésus nerangké nèk tresna marang Yéhuwah kuwi sing kudu dadi alesan utama dibaptis dadi Seksi-Seksi Yéhuwah. Cara paling apik kanggo nguwatké rasa tresna marang Yéhuwah yaiku mikirké tenanan tebusan, hadiah sing paling aji saka Gusti Allah. (Wacanen 2 Korinta 5:14, 15; 1 Yokanan 4:9, 19.) Nèk kuwi ditindakké, tegesé kowé nduduhké rasa sokurmu marang tebusan kuwi.

17 Rasa sokurmu marang tebusan isa diumpamakké kaya ngéné: Bayangna nèk kowé kleleb ing banyu lan ana sing nulungi. Apa kowé banjur mulih omah, andhukan, lan lali karo wong sing nulungi mau? Mesthiné ora, ta? Kowé mesthi bakal maturnuwun banget karo wong mau. Semono uga, awaké dhéwé kudu maturnuwun banget karo Yéhuwah lan Yésus merga anané tebusan. Awaké dhéwé utang nyawa karo Yéhuwah lan Yésus merga wis nylametké saka dosa lan pati. Merga tresnané Yéhuwah lan Yésus kuwi, awaké dhéwé nduwé pengarep-arep urip saklawasé ing Pirdus ing bumi.

18, 19. (a) Apa sebabé kowé ora perlu wedi janji ngabdi marang Yéhuwah? (b) Apa buktiné nèk ngabdi marang Yéhuwah isa nggawé urip ayem tentrem?

18 Apa kowé ngajèni sing wis ditindakké Yéhuwah kanggo kowé? Nèk ngono, janji ngabdi lan baptisan kuwi cocog ditindakké. Janji ngabdi marang Yéhuwah kuwi, janji marang Gusti Allah nèk kowé bakal nindakké kersané saklawasé. Apa kowé wedi nggawé janji kuwi? Ora perlu wedi. Yéhuwah péngin uripmu seneng, lan kowé bakal diberkahi nèk nindakké kersané. (Ib. 11:6) Wektu kowé janji ngabdi marang Gusti Allah lan dibaptis, uripmu ora bakal susah, ning malah dadi luwih pénak. Sedulur lanang sing umuré 24 taun, sing dibaptis wektu isih cilik kandha, ”Saya tuwa umurku mbokmenawa pangertènku saya tambah, ning nggawé keputusan kanggo ngabdi marang Yéhuwah kuwi, isa ngayomi aku saka kebiasaan donya sing ala.”

19 Yéhuwah péngin uripmu ayem tentrem, ning Iblis ora perduli karo kowé lan mentingké awaké dhéwé. Iblis ora isa ngekèki apa sing apik nèk kowé mèlu dhèwèké. Nèk sing apik waé ora nduwé, apa sing arep dikèkké kowé? Iblis ora nduwé kabar apik, lan ora nduwé pengarep-arep. Merga ora nduwé pengarep-arep, dhèwèké ora bakal isa nggawé kowé urip ayem tentrem.​—Wy. 20:10.

20. Apa sing isa ditindakké cah enom bèn siap janji ngabdi lan dibaptis? (Deloken uga kothak ”Sing Mbantu Bèn Luwih Mantep.”)

20 Nggunakké urip kanggo ngabdi marang Yéhuwah kuwi keputusan sing paling bener. Apa kowé wis siap? Aja wedi nggawé janji kuwi. Ning, nèk kowé krasa durung siap, gunakna cara-cara ing wulangan iki bèn tambah mantep. Paulus kandha karo sedulur-sedulur ing Filipi bèn terus ngupaya. (Fp. 3:16) Nèk manut karo wulangan iki, kowé bakal siap janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis.