Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cara Nguwatké Paseduluran Kristen

Cara Nguwatké Paseduluran Kristen

”Kaya badan kaé, senajan sikil-tangané nggoné déwé-déwé, nanging dadi siji lan nyambutgawé bebarengan.”—ÉF. 4:16, Basa Jawa Suriname (BJS).

LAGU: 53, 16

1. Apa sing dititèni saka cara nyambut gawéné Yéhuwah wiwit jaman mbiyèn?

YÉHUWAH lan Yésus wis urip bareng sakdurungé kabèh digawé. Yéhuwah nggawé Yésus sakdurungé nggawé liyané. Banjur, Yésus ”nyarengi” Yéhuwah wektu nggawé jagat sak isiné. (WB. 8:30) Para abdiné Yéhuwah uga nyambut gawé bebarengan kanggo nindakké tugasé. Contoné, Nuh lan keluargané nggawé bahtera utawa prau gedhé bareng-bareng. Wong Israèl bareng-bareng masang lan mbongkar Kémah Suci, lan digawa saka panggonan siji menyang panggonan liyané. Ing omahé Gusti Allah, wong-wong padha maén musik lan nyanyi kanggo muji Yéhuwah. Umaté Yéhuwah isa nindakké kuwi kabèh merga nyambut gawé bebarengan.​—Pd. 6:14-16, 22; Wi. 4:4-32; 1 Bb. 25:1-8.

2. (a) Apa sing isa dititèni saka wong Kristen ing abad kapisan? (b) Pitakonan-pitakonan apa sing arep dirembug?

2 Wong Kristen ing abad kapisan uga nyambut gawé bebarengan. Rasul Paulus nerangké nèk senajan kabèh nduwé ketrampilan lan tugas sing béda-béda, ning tetep rukun. Kabèh manut karo Yésus Kristus, sing Mimpin Jemaat. Paulus mbandhingké wong-wong Kristen kuwi kaya bagéan awak sing béda-béda, ning kabèh butuh siji lan sijiné. (Wacanen 1 Korinta 12:4-6, 12.) Ning, jaman saiki piyé? Piyé carané awaké dhéwé isa nyambut gawé bebarengan wektu nginjil, ing jemaat, lan ing keluarga?

WEKTU NGINJIL

3. Rasul Yokanan weruh apa?

3 Ing abad kapisan, rasul Yokanan weruh ana malaékat pitu lagi ngunèkké trompèt. Wektu malaékat kelima ngunèkké trompèt, Yokanan weruh ”ana lintang kang tiba ing bumi saka ing langit”. ”Lintang” mau dikèki kunci kanggo mbukak jurang sing jero banget. Pisanan, ana kebul metu saka jurang mau, banjur walang-walang padha metu. Walang-walang kuwi ora ngrusak wit-witan, ning malah nyerang ”manungsa kang ing bathuké ora ana capé Gusti Allah”. (Wy. 9:1-4) Yokanan ngerti nèk walang-walang mau isa ngrusak apa waé, kaya sing kedadéan ing Mesir wektu jamané Musa. (Pa. 10:12-15) Walang-walang sing didelok Yokanan kuwi nggambarké wong-wong Kristen sing dipilih munggah swarga, sing martakké kabar paukuman kanggo agama palsu. Yutan wong sing nduwé pengarep-arep urip ing bumi uga nggabung, bareng-bareng nginjil. Gawéan nginjil iki isa mbantu wong-wong metu saka agama palsu lan ora dipengaruhi Iblis manèh.

4. Apa tugasé umaté Yéhuwah saiki, lan piyé kuwi isa ditindakké?

4 Tugasé awaké dhéwé yaiku martakké ”Injiling Kraton” ing saklumahing bumi sakdurungé Armagédhon teka. Dadi, akèh tugas sing kudu ditindakké. (Mt. 24:14; 28:19, 20) Awaké dhéwé perlu ngundang wong-wong sing ”ngelak” kanggo ngombé ”banyu panguripan”. Kuwi tegesé perlu mulang wong-wong bab Alkitab. (Wy. 22:17) Ning, kuwi isa ditindakké nèk awaké dhéwé ”nyambut gawé bebarengan” ing jemaat.—Éf. 4:16, BJS.

5, 6. Apa sebabé gawéan nginjil kuwi bukti nèk awaké dhéwé rukun?

5 Bèn isa nginjil marang saakèh-akèhé wong, kuwi kudu diatur lan ditata. Tuntunan kanggo nginjil sing ditampa ing jemaat, isa mbantu awaké dhéwé. Bar pakumpulan sakdurungé nginjil, awaké dhéwé isa langsung nginjil marang wong-wong bab Kratoné Gusti Allah, lan nawakké wacan-wacan Alkitab. Wis yutan wacan ditawakké ing saklumahing bumi. Kadhang kala, awaké dhéwé uga mèlu gawéan nginjil kusus. Wektu kuwi ditindakké, sakjané awaké dhéwé nyambut gawé bebarengan karo para sedulur sak donya, lan para malaékat sing mbantu umaté Gusti Allah nginjil.​—Wy. 14:6.

6 Nèk maca buku Tahunan, awaké dhéwé isa ngerti nèk hasilé gawéan nginjil sak donya kuwi nggumunké banget. Pikiren carané Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya ngundang wong-wong bèn teka ing kebaktian. Ing kono awaké dhéwé éntuk katrangan sing padha. Ceramah, sandiwara, lan wulangan sing dilakonké, isa nggedhèkké ati kanggo luwih tenanan ngabdi marang Yéhuwah. Awaké dhéwé uga bareng-bareng ngundang wong bèn teka ing acara Pèngetan saben taun. (1 Kr. 11:23-26) Kabèh teka bareng wayah surup ing tanggal sing padha, 14 Nisan, kanggo ngajèni tebusan lan manut préntahé Yésus. Ing minggu-minggu sakdurungé acara Pèngetan, awaké dhéwé bebarengan ngundang wong-wong bèn teka.

7. Merga nyambut gawé bebarengan, awaké dhéwé isa nindakké apa?

7 Nèk walangé mung siji, ora akèh sing isa dilakoni. Semono uga, nèk dhèwèkan, awaké dhéwé ora isa nginjil marang kabèh wong. Ning, merga nyambut gawé bebarengan, awaké dhéwé isa nginjil marang yutan wong bab Yéhuwah lan mbantu wong-wong ngluhurké Yéhuwah.

ING JEMAAT

8, 9. (a) Wektu nerangké pentingé rukun ing jemaat, kuwi diumpamakké Paulus kaya apa? (b) Piyé carané nyambut gawé bebarengan ing jemaat?

8 Paulus nerangké marang wong-wong Éfesus carané jemaat ditata lan diatur. Dhèwèké kandha nèk kabèh sing ana ing jemaat kuwi perlu ”mundhak-mundhak ing samubarang”. (Wacanen Éfesus 4:15, 16.) Wektu nerangké nèk saben wong Kristen isa mèlu ngrukunké jemaat lan manut karo Yésus, sing Mimpin Jemaat, kuwi diumpamakké Paulus kaya awak manungsa. Dhèwèké kandha nèk kabèh bagéan awak nyambung siji lan sijiné lan nyambut gawé bebarengan. Mula, ora masalah isih enom utawa wis tuwa, séhat apa ora, apa sing kudu ditindakké awaké dhéwé?

9 Yésus milih para pinituwa kanggo nuntun jemaat, lan Yésus péngin kabèh sedulur ngajèni lan manut tuntunané pinituwa. (Ib. 13:7, 17) Kuwi ora gampang, ning awaké dhéwé isa njaluk bantuané Yéhuwah. Roh suciné bakal mbantu bèn manut karo tuntunané para pinituwa. Pikiren uga paédahé kanggo jemaat, nèk awaké dhéwé andhap asor lan nyambut gawé bebarengan karo para pinituwa. Jemaat bakal rukun lan rasa tresna marang para sedulur bakal saya gedhé.

10. Piyé carané abdiné jemaat isa mbantu bèn jemaat rukun? (Deloken gambar ing kaca 21.)

10 Para abdiné jemaat uga mbantu bèn jemaat tetep rukun. Wong-wong mau nyambut gawé tenanan kanggo mbantu para pinituwa. Awaké dhéwé isa terus ngajèni gawéané para abdiné jemaat. Conto tugasé abdiné jemaat yaiku, masthèkké bèn ana cukup wacan kanggo nginjil, dadi among tamu ing pakumpulan ibadah, lan ndandani uga ngresiki Balé Ibadah. Nèk nyambut gawé bebarengan karo para abdiné jemaat, awaké dhéwé isa rukun. Uga, isa ditata lan diatur kanggo ngabdi marang Yéhuwah.​—Bandhingna PR. 6:3-6.

11. Apa sing isa ditindakké para sedulur enom bèn jemaat rukun?

11 Ana sing wis pirang-pirang taun dadi pinituwa, ning mbokmenawa saiki wis ora isa manèh nindakké tugasé kaya mbiyèn merga wis tuwa. Sedulur sing isih enom isa mbantu. Nèk dilatih, sedulur enom kuwi isa nindakké tugas ing jemaat. Nèk para abdiné jemaat tenanan nindakké tugasé, mbokmenawa mbésuk isa dadi pinituwa. (1 Tm. 3:1, 10) Ana pinituwa enom sing ngupaya nduwé pengalaman sing akèh, sing saiki dadi pinituwa wilayah lan mbantu para sedulur ing jemaat-jemaat. Awaké dhéwé isa maturnuwun karo para sedulur enom sing lila mbantu para sedulur liya.​—Wacanen Jabur 110:3; Kohèlèt 12:1.

ING KELUARGA

12, 13. Apa sing nggawé kabèh anggota keluarga isa nyambut gawé bebarengan?

12 Piyé carané mbantu anggota keluarga bèn isa nyambut gawé bebarengan? Carané yaiku nindakké ibadah sak keluarga saben minggu. Wektu wong tuwa lan anak nggunakké wektu bareng kanggo sinau bab Yéhuwah, rasa tresna marang siji lan sijiné bakal saya gedhé. Ing ibadah sak keluarga, isa latihan nginjil bèn apik nginjilé. Uga, isa ngrungokké tanggepan siji lan sijiné bab wulangané Alkitab, lan ndelok kabèh anggota keluarga nresnani sarta péngin nyenengké Yéhuwah. Hasilé, keluarga isa luwih rukun.

Ibadah sak keluarga mbantu wong tuwa lan enom luwih akrab siji lan sijiné (Deloken paragraf 12, 15)

13 Piyé carané wong bebojoan isa nyambut gawé bebarengan? (Mt. 19:6) Nèk tresna lan bebarengan ngabdi marang Yéhuwah, urip bebojoan isa dadi seneng lan rukun. Wong bebojoan uga kudu nduduhké rasa sayang siji lan sijiné, kaya Abraham karo Sara, Iskak karo Ribkah, sarta Èlkana karo Hana. (Pd. 26:8; 1 Sa. 1:5, 8; 1 Pt. 3:5, 6) Nèk kuwi ditindakké, wong bebojoan bakal rukun lan saya cedhak karo Yéhuwah.​—Wacanen Kohèlèt 4:12.

14. Apa sing isa ditindakké bèn urip bebojoan tetep rukun, senajan bojoné dudu Seksi Yéhuwah?

14 Alkitab kandha nèk awaké dhéwé ora éntuk nduwé bojo sing dudu Seksi Yéhuwah. (2 Kr. 6:14) Ning, ana para sedulur sing bojoné dudu Seksi Yéhuwah. Ana sing sinau Alkitab bar nduwé bojo, ning bojoné ora gelem dadi Seksi Yéhuwah. Liyané nduwé bojo Seksi Yéhuwah, ning bojoné malah ninggalké jemaat. Ing kahanan kaya ngéné, wong Kristen isa nggunakké tuntunané Alkitab, bèn urip bebojoané tetep rukun. Kuwi ora gampang. Contoné, Mary lan David bebarengan ngabdi marang Yéhuwah. Banjur, David ora teka manèh ing pakumpulan ibadah. Ning, Mary tetep ngupaya dadi bojo sing apik lan nduduhké sipat-sipat sing cocog karo Alkitab. Dhèwèké uga mulang bab Yéhuwah marang anak-anaké sing cacahé nem, lan ajeg teka ing pakumpulan ibadah lan kebaktian. Pirang-pirang taun sakbanjuré, wektu anak-anaké padha gedhé lan ora manggon ing kono manèh, Mary terus ngabdi marang Yéhuwah senajan kuwi ora gampang. Ning, David mulai maca wacan Alkitab saka Mary. Dhèwèké teka manèh ing pakumpulan ibadah. Wektu David ora teka ing pakumpulan ibadah, putuné lanang sing umuré nem taun, sing mesthi nggolèkké nggon kanggo David kandha, ”Kok simbah ora teka?” Akhiré David dadi Seksi Yéhuwah manèh sakwisé 25 taun. David lan Mary seneng isa bebarengan ngabdi marang Yéhuwah manèh.

15. Piyé carané wong sing wis suwé bebojoan mbantu sing durung suwé bebojoan?

15 Saiki, keluarga-keluarga padha diserang Iblis. Kuwi alesané wong bebojoan sing ngabdi marang Yéhuwah kudu ndhukung siji lan sijiné. Ora masalah sepira suwéné bebojoan, pikiren apa waé sing isa diomongké lan ditindakké bèn urip bebojoanmu isa terus rukun. Nèk wis suwé urip bebojoan, isa dadi tuladha kanggo wong sing durung suwé bebojoan. Mbokmenawa, wong kuwi isa diundang mèlu ibadah sak keluarga. Tujuané yaiku, bèn isa ndelok nèk wong bebojoan kudu terus nduduhké rasa tresna lan rukun siji lan sijiné, ora masalah sepira suwéné urip bebojoan.​—Tt. 2:3-7.

”AYO, KITA PADHA MUNGGAH ING GUNUNGÉ YÉHUWAH”

16, 17. Apa sing diarep-arep umaté Gusti Allah sing rukun?

16 Wektu bangsa Israèl lunga menyang Yérusalèm kanggo ngibadah, kabèh ditindakké bebarengan. Wong-wong nyepakké kebutuhané dhéwé-dhéwé. Banjur, padha mangkat bareng lan mbantu siji lan sijiné. Ing omahé Gusti Allah, wong-wong kuwi ndonga lan ngibadah marang Yéhuwah bebarengan. (Lk. 2:41-44) Saiki, wektuné awaké dhéwé siap-siap urip ing donya anyar. Mula, kudu rukun lan nyambut gawé bebarengan. Apa panjenengan wis ngupayakké luwih apik bab kuwi?

17 Wong-wong donya iki ora rukun lan seneng padu. Ning, maturnuwun banget merga Yéhuwah wis mbantu awaké dhéwé isa rukun lan ngerti Alkitab. Umaté Yéhuwah sak donya, ngibadah bareng manut kersané. Kususé ing pungkasané donya iki, umaté Yéhuwah kudu luwih rukun manèh. Kaya ramalané Yésaya lan Mikha, awaké dhéwé padha munggah ana ”ing gunungé Sang Yéhuwah” bebarengan. (Yé. 2:2-4; wacanen Mikha 4:2-4.) Awaké dhéwé mbésuk mesthi seneng banget, wektu kabèh manungsa ing bumi ”dadi siji” lan ngibadah marang Yéhuwah bebarengan.