Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Yéhuwah Nuntun Uripé Umaté

Yéhuwah Nuntun Uripé Umaté

”Iki dalané, lumakua ing kéné.”​—YÉ. 30:21.

LAGU: 32, 48

1, 2. (a) Akèh sing slamet merga tulisan apa? (Deloken gambar ndhuwur.) (b) Umaté Yéhuwah dikèki tuntunan apa?

”MANDHEG, DELOK, RUNGOKNA.” Tulisan kuwi dipasang ing palang sepur ing Amerika Utara luwih saka 100 taun kepungkur. Apa sebabé? Bèn mobil-mobil sing liwat ril sepur ora ketabrak sepur. Nèk manut tulisan kuwi, mesthi slamet.

2 Yéhuwah ora mung ngélingké nèk ana bahaya, ning uga ngekèki umaté tuntunan bèn isa urip saklawasé lan ora cilaka. Yéhuwah kaya wong angon wedhus sing ngarahké lan njaga wedhus-wedhusé bèn ora cilaka.​—Wacanen Yésaya 30:20, 21.

YÉHUWAH TERUS NUNTUN UMATÉ

3. Apa sebabé kabèh manungsa dosa banjur mati?

3 Kèt jamané Adam lan Kawa, Yéhuwah mesthi ngekèki préntah lan tuntunan sing cetha. Contoné, ing taman Èden, Yéhuwah ngekèki préntah sing isa nggawé manungsa urip seneng saklawasé. (Pd. 2:15-17) Ning, Adam lan Kawa ora gelem manut. Kawa ngrungokké omongané ula, banjur Adam gelem dipengaruhi bojoné. Apa akibaté? Wong loro kuwi sengsara banjur mati, lan ora bakal diuripké manèh. Merga wong loro mau ora setya, kabèh manungsa mèlu dosa lan akhiré mati.

4. (a) Apa sebabé perlu préntah anyar bab getih? (b) Saka préntah kuwi, awaké dhéwé isa ngerti apa? Terangna.

4 Yéhuwah ngekèki Nuh préntah sing nylametké nyawa. Bar banjir gedhé, Yéhuwah ora ngéntukké umaté mangan utawa ngombé getih. Apa sebabé? Wektu kuwi, Yéhuwah wis ngéntukké manungsa mangan daging kéwan. Merga kahanané béda, manungsa perlu préntah sing anyar, ”Mung daging kang isih ana nyawané, iya iku getihé, iku aja sira pangan.” (Pd. 9:1-4) Saka préntah kuwi, awaké dhéwé isa ngerti tanggepané Gusti Allah bab nyawa. Yéhuwah kuwi sing nggawé urip, lan nyawa kuwi duwèké Gusti Allah. Mula, Yéhuwah nduwé hak nggawé aturan bab urip. Contoné, Yéhuwah ngekèki préntah ora éntuk matèni wong liya. Kanggoné Yéhuwah, urip lan getih kuwi suci. Wong sing nggunakké getih kanggo tujuan sing ora bener, bakal disingkirké.​—Pd. 9:5, 6.

5. Wulangan iki bakal ngrembug apa? Apa sebabé perlu dirembug?

5 Wulangan iki bakal ngrembug conto-conto nèk Yéhuwah terus nuntun umaté bar jamané Nuh. Kuwi bakal nguwatké tékadé awaké dhéwé bèn isa terus manut tuntunané Yéhuwah, nganti tekan donya anyar.

BANGSA ANYAR, TUNTUNAN ANYAR

6. Apa sebabé bangsa Israèl perlu hukumé Yéhuwah liwat Musa? Bangsa Israèl kudu tumindak apa?

6 Ing jamané Musa, Yéhuwah ngekèki hukum liwat Musa bab carané tumindak lan ngibadah. Apa sebabé? Kahanané bangsa Israèl wis ora kaya mbiyèn. Luwih saka 200 taun, bangsa Israèl manggon ing Mesir sing wong-wongé nyembah wong mati lan brahala, sarta tumindak liyané sing ora ngajèni Gusti Allah. Wektu metu saka Mesir, bangsa kuwi perlu tuntunan anyar. Bangsa Israèl bakal dadi bangsa sing kudu manut mung karo Hukumé Yéhuwah. Ana buku sing kandha nèk tembung Ibrani ”hukum” maksudé ”tuntunan, préntah, arahan”. Hukum kuwi njaga bangsa Israèl bèn ora mèlu tumindaké bangsa-bangsa sakiwa-tengené, sing laku jina lan ngibadah palsu. Nèk manut Yéhuwah, bakal diberkahi. Ning, nèk ora, bakal cilaka.​—Wacanen Pangandharing Torèt 28:1, 2, 15.

7. (a) Apa alesan liyané bangsa Israèl perlu hukum anyar? Terangna. (b) Piyé hukum kuwi isa njaga bangsa Israèl?

7 Ana alesan liya bangsa Israèl perlu hukum anyar. Hukum Musa nyepakké bangsa Israèl ngentèni tekané Sang Mèsih, yaiku Yésus Kristus, kaya kersané Yéhuwah. Hukum kuwi ngélingké nèk bangsa Israèl ora sampurna lan butuh tebusan. Tebusan kuwi kudu sampurna, bèn isa ngilangké dosa sepisan kanggo saklawasé. (Gl. 3:19; Ib. 10:1-10) Hukum uga njaga bèn Sang Mèsih lair saka bangsa Israèl, lan mbantu wong Israèl isa nitèni sapa Sang Mèsih kuwi. Dadi, Hukum Musa mau mung dinggo nganti tekané Yésus.​—Gl. 3:23, 24.

8. Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngetrapké pathokan-pathokan sing dadi dhasaré Hukum Musa?

8 Awaké dhéwé uga isa éntuk paédah saka Hukum Musa. Piyé carané? Awaké dhéwé isa nggolèki lan nggatèkké pathokan-pathokan sing dadi dhasaré hukum mau. Hukum-hukum saka Gusti Allah kuwi ana ing Alkitab, bèn awaké dhéwé isa sinau saka kono. Senajan ora dikon nindakké hukum-hukum kuwi, pathokan-pathokané isa ditrapké ing ibadah lan urip saben dina, lan Yésus mulang nèk pathokan kuwi luwih unggul timbang Hukum Musa. Contoné Yésus kandha, ”Sira aja laku jina! Nanging Aku pitutur marang kowé: Sing sapa mandeng wong wadon kalawan nduwèni krenteg marang dhèwèké, iku wus laku jina sajroning atiné.” Dadi, ora mung tumindak jina sing salah, ning mikirké lan péngin nindakké waé wis salah.​—Mt. 5:27, 28.

9. Apa sebabé Gusti Allah ngekèki préntah anyar manèh?

9 Sakwisé Yésus dadi Sang Mèsih, Yéhuwah ngekèki préntah lan katrangan anyar bab kersané. Apa sebabé? Ing taun 33 M, Yéhuwah ora gelem nampa manèh bangsa Israèl, lan malah milih jemaat Kristen dadi umaté. Dadi, kahanané umaté Gusti Allah wis béda manèh.

TUNTUNAN KANGGO ISRAÈL ROHANI

10. Apa sebabé jemaat Kristen dikèki hukum-hukum anyar? Apa bédané karo Hukum Musa?

10 Mbiyèn, Yéhuwah ngekèki Hukum Musa, bèn bangsa Israèl ngerti carané tumindak lan ngibadah. Mulai abad kapisan, umaté Gusti Allah ora mung saka sak bangsa, ning malah saka bangsa werna-werna, sing ana ing jemaat Kristen lan manut karo perjanjian anyar. Umat kuwi disebut Israèl rohani. Yéhuwah ngekèki hukum anyar utawa hukum tambahan bab carané tumindak lan ngibadah. Pancèn, ”Gusti Allah ora mbédak-mbédakké manungsa. Dèkné nampa saben wong sing pretyaya marang Dèkné lan sing nuruti kekarepané Dèkné, ora perduli bangsa apa”. (PR. 10:34, 35, Basa Jawa Suriname.) Umat kuwi manut ”angger-anggering Sang Kristus,” utawa hukumé Kristus sing ditulis ing ati, dudu watu. Hukum kuwi nuntun lan ana paédahé kanggo wong Kristen ing endi waé.​—Gl. 6:2.

11. Yésus ngekèki préntah penting loro bab apa waé?

11 Israèl rohani éntuk paédah saka tuntunané Yéhuwah liwat Yésus. Sakdurungé ngandhani bab perjanjian anyar, Yésus ngekèki préntah penting loro. Siji, bab nginjil. Loro, bab tumindaké wong Kristen marang siji lan sijiné. Préntah kuwi kanggo kabèh wong Kristen nganti saiki, sing bakal urip ing swarga lan ing bumi.

12. Ana préntah anyar apa bab nginjil?

12 Mbiyèn, wong saka bangsa werna-werna kudu teka ing Israèl kanggo ngibadah marang Yéhuwah. (1 Ra. 8:41-43) Ning, Yésus ngekèki préntah ing Matéus 28:19, 20. (Wacanen.) Yésus ngongkon muridé ’lunga’ marang sakabèhing bangsa. Ing dina Péntakosta taun 33 M, Yéhuwah péngin kabar apik diwartakké saklumahing bumi. Wektu kuwi kira-kira wong 120 ing jemaat sing anyar dikèki roh suci, lan isa ngomong nganggo basa werna-werna marang wong Yahudi lan sing dudu. (PR. 2:4-11) Bar kuwi, dhaérah nginjilé saya amba tekan Samaria. Malah, ing taun 36 M, dhaérahé klebu sing dienggoni wong dudu Yahudi. Kuwi tegesé, wong Kristen kudu nginjil marang kabèh wong saklumahing bumi.

13, 14. (a) ”Pepakon anyar” saka Yésus kuwi apa? (b) Piyé carané niru Yésus?

13 Yésus uga ngekèki ”pepakon [préntah] anyar” bab tumindak marang sedulur liyané. (Wacanen Yokanan 13:34, 35.) Awaké dhéwé ora mung nduduhké rasa tresna saben dina, ning uga gelem ngurbanké nyawa kanggo para sedulur kuwi. Kuwi sing ora ana ing Hukum Musa.​—Mt. 22:39; 1 Yo. 3:16.

14 Yésus tuladha sing paling apik anggoné nduduhké katresnan mau. Dhèwèké nresnani para muridé nganti ngurbanké nyawa, lan péngin para muridé nindakké sing padha. Mula, awaké dhéwé kudu gelem sengsara lan mati kanggo para sedulur liyané.​—1 Ts. 2:8.

TUNTUNAN KANGGO SAIKI LAN MBÉSUK

15, 16. Saiki, awaké dhéwé ngadhépi kahanan apa? Piyé carané Gusti Allah nuntun awaké dhéwé?

15 Yésus milih ”abdi kang setya lan pinter” kanggo ”nyadhongi pangan . . . ing wektu kang katamtokaké”. (Mt. 24:45-47) Pangan kuwi klebu tuntunan sing penting kanggo umaté Gusti Allah, wektu kahanané ora kaya mbiyèn manèh. Kok isa kahanané ora kaya mbiyèn manèh?

16 Awaké dhéwé urip ”ing dina-dina wekasan,” lan ora suwé manèh bakal ngadhepi sengsara gedhé sing durung tau ana. (2 Tm. 3:1; Mk. 13:19) Uga, ana Iblis lan para dhemité sing wis diuncalké saka swarga menyang bumi, sing nggawé manungsa sengsara. (Wy. 12:9, 12) Lan manèh, saiki awaké dhéwé nindakké préntahé Yésus nginjil ing saklumahing bumi, marang luwih akèh wong lan nganggo luwih akèh basa timbang sakdurungé.

17, 18. Piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé nèk éntuk tuntunan ing jemaat?

17 Pakumpulané Gusti Allah ngekèki akèh sarana kanggo mbantu awaké dhéwé nginjil. Apa kuwi kabèh wis digunakké? Ing pakumpulan ibadah, awaké dhéwé dikandhani bèn isa nggunakké sarana kuwi nganggo cara sing bener. Apa panjenengan rumangsa tuntunan mau saka Gusti Allah?

18 Bèn diberkahi Gusti Allah, awaké dhéwé kudu nggatèkké kabèh tuntunané sing ana ing jemaat. Nèk saiki manut, sésuk wektu sengsara gedhé lan Iblis disingkirké, awaké dhéwé luwih gampang dituntun Gusti Allah. (Mt. 24:21) Bar kuwi, awaké dhéwé bakal dikèki tuntunan anyar kanggo urip ing Pirdus ing bumi sing wis ora ana pengaruhé Iblis.

Ing Pirdus, awaké dhéwé bakal éntuk kitab-kitab sing isiné tuntunan anyar kanggo urip ing kono (Deloken paragraf 19, 20)

19, 20. Kitab-kitab apa sing bakal dibukak? Apa hasilé?

19 Ing jamané Musa, bangsa Israèl butuh tuntunan anyar, mula Gusti Allah ngekèki Hukum Musa. Banjur, jemaat Kristen manut karo hukumé Kristus. Semono uga, Alkitab kandha nèk ing Pirdus mengko, awaké dhéwé bakal éntuk kitab-kitab sing isiné tuntunan anyar. (Wacanen Wahyu 20:12.) Kitab-kitab kuwi bakal nerangké apa waé kersané Yéhuwah sing kudu ditindakké manungsa. Nèk kabèh wong klebu sing diuripké manèh gelem sinau kitab-kitab kuwi, wong-wong mau bakal ngerti pikiran lan kersané Gusti Allah. Awaké dhéwé uga isa ngerti Alkitab luwih akèh, dadi ing Pirdus awaké dhéwé bakal nresnani lan ngajèni siji lan sijiné. (Yé. 26:9) Bayangna, mesthi akèh banget sing isa disinaoni lan diwulangké manut tuntunané Raja Yésus Kristus.

20 Nèk manut kabèh tuntunan sing ”katulis ing kitab-kitab,” lan tetep setya wektu Iblis diculké manèh sakwisé dipenjara, jenengé awaké dhéwé bakal ditulis ing ”kitabing kauripan”. Kuwi tegesé awaké dhéwé isa urip saklawasé. Kaya kandhané Alkitab, awaké dhéwé kudu MANDHEG utawa mikirké Alkitab, NDELOK bèn ngerti maksudé, lan NGRUNGOKKÉ nganggo cara manut karo tuntunané Gusti Allah saiki. Nèk kuwi kabèh ditindakké, awaké dhéwé bakal slamet wektu sengsara gedhé lan isa terus sinau bab Yéhuwah saklawasé.​—Ko. 3:11; Rm. 11:33.