Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Panjenengan Gelem Nggatèkké Conto-Conto ing Alkitab?

Apa Panjenengan Gelem Nggatèkké Conto-Conto ing Alkitab?

”Kabèh iki . . . katulisan supaya dadia pepéling tumrap kita kang wus padha urip ing pungkasaning jaman.”1 KR. 10:11.

LAGU: 11, 29

1, 2. Apa sebabé awaké dhéwé perlu nggatèkké pengalamané patang raja ing Yéhuda?

NÈK ndelok ana sing keplèsèd ing ndalan, awaké dhéwé mesthi dadi ngati-ati wektu liwat dalan kuwi. Semono uga, kita isa sinau saka kesalahané wong liya lan ora perlu mbalèni kesalahan sing padha. Contoné, kita isa sinau saka kesalahané wong-wong sing dicritakké ing Alkitab.

2 Ing artikel sakdurungé, kita wis ngrembug patang raja ing Yéhuda sing ngabdi marang Yéhuwah saktulusé ati. Ning, wong-wong kuwi ya tau nggawé kesalahan sing gedhé. Pengalamané wong-wong kuwi dicathet ing Alkitab bèn kita isa éntuk piwulang sing isa ditrapké. Apa sing isa disinau saka pengalamané patang raja kuwi lan piyé carané bèn ora mbalèni kesalahan sing padha?Wacanen Rum 15:4.

NGENDELKÉ MANUNGSA NGGAWÉ CILAKA

3-5. (a) Senajan Asa tulus ati ngabdi marang Yéhuwah, kesalahan apa sing ditindakké karo Asa? (b) Apa sebabé Asa ora ngendelké Yéhuwah wektu perang nglawan Baésa?

3 Ayo nggatèkké pengalamané Asa. Dhèwèké ngendelké Yéhuwah wektu diserang karo sak yuta prajurit Étiopia. Ning, Asa ora ngendelké Yéhuwah wektu perang nglawan raja Israèl, sing jenengé Baésa. Asa arep ngalang-alangi Baésa bèn ora nggawé bèntèng ing Rama, kutha penting sing ana ing watesé kerajaan Yéhuda. (2 Bb. 16:1-3) Asa mikir nèk luwih apik njaluk bantuan saka raja Aram. Dadi, Asa nyogok raja Aram bèn mbantu Asa. Wektu wong-wong Aram nyerang kutha-kuthané Israèl, Baésa ”banjur kèndel anggoné nyantosani kutha Rama, medhot padamelané”. (2 Bb. 16:5) Rumangsané Asa kuwi keputusan sing bener.

4 Ning, Yéhuwah ora seneng merga Asa ora ngendelké Yéhuwah, banjur ngutus nabi Hanani kanggo ngèlikké Asa. (Wacanen 2 Babad 16:7-9.) Hanani kandha marang Asa, ”Wiwit ing sapunika panjenengan dalem badhé tansah ngalami peperangan.” Asa pancèn isa nguwasani kutha Rama. Ning, saksuwéné uripé, Asa lan rakyaté kudu ngadhepi akèh peperangan.

5 Ing artikel sakdurungé, kita wis sinau nèk Yéhuwah seneng karo tumindaké Asa. Senajan Asa ora sampurna, Yéhuwah ngerti nèk atiné Asa tulus ngabdi marang Yéhuwah. (1 Ra. 15:14) Ning, wektu nggawé keputusan sing salah, Asa kudu nanggung akibaté. Lha ngapa kok Asa ora ngendelké Yéhuwah? Mbokmenawa Asa rumangsa nèk dhèwèké isa nggunakké taktik perang sing ampuh bèn menang. Utawa mbokmenawa Asa ngrungokké saran sing ora bener saka wong liya.

Ing kahanan apa waé, aja ngendelké pikirané dhéwé, ning kudu ngendelké Yéhuwah

6. Apa sing isa disinau saka pengalamané Asa? Wènèhana conto.

6 Apa sing isa disinau saka pengalamané Asa? Wektu ngadhepi masalah apa waé, aja ngendelké pikirané dhéwé. Kudu ngendelké Yéhuwah lan njaluk bantuané. Coba pikirna, apa aku kadhang kala nyoba ngrampungi masalah nganggo caraku dhéwé? Utawa apa aku mesthi nggolèki pathokané Alkitab dhisik banjur nggunakké kuwi kanggo ngrampungi masalah? Contoné, mbokmenawa keluarga panjenengan ngalang-alangi kanggo teka ing pakumpulan ibadah utawa kebaktian. Apa panjenengan gelem njaluk tuntunané Yéhuwah kanggo ngatasi masalah kuwi? Utawa, umpamané panjenengan wis suwé ora éntuk gawéan, banjur ana sing nawani gawéan. Apa panjenengan nerangké nèk panjenengan kudu teka ing pakumpulan ibadah saben minggu, senajan résikoné ora sida éntuk gawéan kuwi? Apa waé masalah sing diadhepi, awaké dhéwé kudu éling karo naséhat ing buku Jabur, ”Uripmu pasrahna marang Pangéran Yéhuwah sarta kumandela marang Panjenengané, Panjenengané kang bakal tumindak.”Ms. 37:5.

APA AKIBATÉ NÈK MILIH KANCA SING ORA BENER?

7, 8. Kesalahan apa waé sing ditindakké karo Yosafat lan apa akibaté? (Deloken gambar ing kaca 21.)

7 Gatèkna pengalamané anaké Asa sing jenengé Yosafat. Dhèwèké nduwé akèh sipat apik sing disenengi karo Yéhuwah. Wektu ngendelké Yéhuwah, Yosafat isa nindakké akèh bab sing apik. Ning, Yosafat ya tau nggawé keputusan sing salah. Contoné, Yosafat njodhokké anaké lanang karo anak wédoké Raja Akhab sing jahat. Terus, Yosafat mélu ndhukung Akhab wektu perang nglawan bangsa Aram, senajan wis diélikké karo nabi Mikha. Wektu perang, wong-wong Aram nyerang lan arep matèni Yosafat. (2 Bb. 18:1-32) Wektu Yosafat bali menyang Yérusalèm, nabi Yéhu kandha karo dhèwèké, ”Punapa leres paduka mitulungi tiyang duraka saha memitran kaliyan tiyang ingkang sami sengit dhateng Pangéran Yéhuwah?”Wacanen 2 Babad 19:1-3.

8 Yosafat ora sinau saka pengalamané dhéwé lan saka kandhané para nabi. Senajan isih tresna marang Yéhuwah lan péngin nyenengké Yéhuwah, Yosafat kekancan manèh karo wong sing ora gelem nyembah Yéhuwah, yaiku Raja Ahazia, anaké Akhab. Yosafat lan Ahazia bareng-bareng nggawé prau. Ning, prau-prau kuwi rusak sakdurungé isa dinggo.2 Bb. 20:35-37.

9. Apa akibaté nèk milih kanca sing ora bener?

9 Apa sing isa disinau saka pengalamané Yosafat? Yosafat mauné nindakké apa sing bener lan ”ngupaya marang Pangéran Yéhuwah kalawan gumolonging panggalihé”. (2 Bb. 22:9) Ning, Yosafat pilih srawung karo wong-wong sing ora nresnani Yéhuwah lan kuwi dadi masalah sing gedhé. Malah, dhèwèké mèh waé arep dipatèni. Élinga kandhané Alkitab, ”Sapa kang srawungan karo wong wicaksana, dadi wicaksana, nanging sapa kang kekancan karo wong gemblung iku nemu sangsara.” (WB. 13:20) Awaké dhéwé péngin ngandhani wong liya bab Yéhuwah. Ning, bahaya nèk nganti kekancan raket karo wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah.

Apa panjenengan yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu nemokké pasangan sing cocog?

10. (a) Nèk awaké dhéwé péngin nduwé bojo, apa sing isa disinau saka pengalamané Yosafat? (b) Apa sing kudu awaké dhéwé éling-éling?

10 Ana piwulang liya saka pengalamané Yosafat. Contoné, mbokmenawa awaké dhéwé péngin nduwé bojo lan mulai ngesir wong sing dudu abdiné Yéhuwah. Mungkin awaké dhéwé rumangsa ora ana sing cocog ing antarané umaté Yéhuwah. Utawa, keluargané awaké dhéwé ngoyak-oyak bèn ndang nikah merga selak tambah tuwa. Yéhuwah pancèn nggawé awaké dhéwé nduwé kebutuhan kanggo nresnani lan ditresnani. Ning, piyé nèk durung ketemu sing cocog? Kita isa sinau saka pengalamané Yosafat. Yosafat biyasané njaluk tuntunané Yéhuwah. (2 Bb. 18:4-6) Ning, pas cedhak karo Akhab, sing ora nyembah Yéhuwah, Yosafat ora nggatèkké wektu diélikké karo Yéhuwah. Yosafat kuduné kèlingan nèk ”paningaling Yéhuwah punika ndlajahi ing salumahing bumi prelu badhé nglubèraken pangwaosipun dhateng para tiyang ingkang kaliyan terusing manah madhep dhateng ing Panjenenganipun”. (2 Bb. 16:9) Kita uga kudu éling nèk Yéhuwah ngerti kahanan kita lan péngin mbantu merga tresna marang kita. Apa panjenengan yakin nèk Yéhuwah bakal mbantu nemokké pasangan sing cocog? Panjenengan isa yakin nèk Yéhuwah nggatèkké kebutuhan panjenengan.

Aja pacaran karo wong sing ora nyembah Yéhuwah (Deloken paragraf 10)

AJA DADI SOMBONG

11, 12. (a) Apa sing ditindakké Hizkia sing nduduhké apa sing ana ing njero atiné? (b) Apa sebabé Yéhuwah ngapura Hizkia?

11 Apa sing isa disinau saka pengalamané Hizkia? Yéhuwah mbantu Hizkia bèn ngerti apa sing ana ing njero atiné. (Wacanen 2 Babad 32:31.) Wektu Hizkia lara parah, Yéhuwah maringi pratandha bèn Hizkia yakin nèk dhèwèké mesthi mari. Yéhuwah nggawé bayang-bayang ing undhak-undhakan isa mlaku mundur sepuluh jangkah. Ora suwé sakwisé kuwi, kétoké ana raja saka Babil sing péngin ngerti lan ngutus wong kanggo nakoni Hizkia bab kuwi. (2 Ra. 20:8-13; 2 Bb. 32:24) Yéhuwah ora ngandhani Hizkia apa sing kudu ditindakké. Alkitab kandha nèk Yéhuwah ”nilar panjenengané”, merga péngin ngerti apa sing bakal ditindakké karo Hizkia. Jebulé, Hizkia nduduhké kabèh bandhané marang wong-wong kuwi. Apa sing ditindakké Hizkia kuwi nduduhké apa sing ana ing njero atiné. Kok isa?

12 Hizkia saiki dadi sombong lan ”ora ngatingalaké panuwuné tumrap kasaénan kang kaparingaké marang panjenengané”. Alkitab ora nyritakké apa sebabé sikapé Hizkia dadi malih. Mbokmenawa kuwi merga dhèwèké wis menang nglawan bangsa Asiria, merga Yéhuwah wis nambani dhèwèké, utawa merga dhèwèké saiki wis dadi sugih lan kondhang. Senajan wis ngabdi saktulusé ati, Hizkia wis tau dadi sombong lan Yéhuwah dadi ora seneng. Ning sakbanjuré, Hizkia ”ngesoraké sarirané” lan Yéhuwah ngapura Hizkia.2 Bb. 32:25-27; Ms. 138:6.

Tanggepan kita wektu ana sing ngalem isa nduduhké apa sing ana ing njero ati kita

13, 14. (a) Kahanan apa sing isa nduduhké apa sing ana ing njero ati kita? (b) Piyé kuduné tanggepan kita wektu ana sing ngalem?

13 Apa piwulangé kanggo kita? Élinga nèk Hizkia dadi sombong sakwisé dibantu karo Yéhuwah kanggo ngalahké wong Asiria lan ditambani larané. Dadi, wektu ngalami kahanan sing apik utawa wektu ana sing ngalem, apa sing kita tindakké? Apa sing ana ing njero ati kuwi nyata saka tumindak kita. Contoné, ana sedulur lanang sing wis ngupaya nyiapké lan nyampèkké ceramah ing kebaktian utawa pakumpulan ibadah. Dhèwèké dialem karo akèh wong. Piyé tanggepané?

14 Élinga karo kandhané Yésus, ”Manawa kowé wis nglakoni kabèh kang kapréntahaké marang kowé, kowé padha munia: Aku kabèh iki abdi-abdi kang tanpa guna, amarga mung nglakoni apa kang padha kudu daktindakaké.” (Lk. 17:10) Wektu dadi sombong, Hizkia ora ngajèni apa sing wis Yéhuwah tindakké. Dadi, wektu ana sing ngalem bar awaké dhéwé nyampèkké ceramah, piyé carané bèn isa tetep andhap-asor? Kita isa mikirké tenanan lan ngomongké bab Yéhuwah sarta apa sing wis Yéhuwah tindakké kanggo kita. Lan pancèn Yéhuwah sing maringi Alkitab sarta roh suci sing marahi awaké dhéwé isa nyampèkké ceramah kuwi.

MANUT KARO TUNTUNANÉ YÉHUWAH

15, 16. Apa sing ditindakké Yosia sing marahi dhèwèké mati?

15 Saiki, apa sing isa disinau saka Yosia? Yosia kuwi raja sing apik, ning ya tau nindakké kesalahan sing marahi dhèwèké mati. (Wacanen 2 Babad 35:20-22.) Apa sing dialami Yosia? Yosia perang nglawan Nékho, raja Mesir, senajan ora ana alesané. Malah, sakjané Nékho dhéwé kandha nèk dhèwèké ora gelem perang nglawan Yosia. Alkitab kandha nèk omongané Nékho kuwi ”dadi pepèngeting Allah”. Ning, Yosia tetep maju perang lan akiré dipatèni. Lha terus, ngapa kok Yosia perang nglawan Nékho? Alkitab ora nyritakké bab kuwi.

16 Yosia kuduné takon dhisik karo nabi Yérémia, apa bener omongané Nékho kuwi asalé saka Yéhuwah. (2 Bb. 35:23, 25) Yosia uga kuduné mikir dhisik sakdurungé nggawé keputusan lan tumindak. Nékho kuwi arep lunga menyang Karkhemis kanggo nglawan bangsa liya, dudu Yérusalèm. Nékho uga ora ngèlèk-èlèk Yéhuwah utawa umaté. Dadi, apa piwulangé kanggo kita? Wektu ngadhepi masalah lan kudu nggawé keputusan, awaké dhéwé kudu mikir dhisik apa sing dadi kersané Yéhuwah.

17. Wektu ana masalah, piyé carané bèn ora nggawé kesalahan sing padha karo Yosia?

17 Wektu kudu nggawé keputusan, awaké dhéwé kudu mikirké pathokan-pathokané Alkitab sing cocog lan piyé carané ngetrapké. Kadhang kala, kita isa riset dhisik utawa takon karo pinituwa. Pinituwa isa mbantu awaké dhéwé mikirké pathokan liyané saka Alkitab. Contoné, ana sedulur wédok sing bojoné ora seiman. Sedulur kuwi arep metu nginjil. (PR. 4:20) Ning, dina kuwi bojoné ora ngéntukké dhèwèké nginjil. Bojoné péngin ngejak lunga merga wis suwé ora lunga bareng wong loro. Sedulur wédok kuwi mikirké kandhané Alkitab bèn isa nggawé keputusan sing wicaksana. Dhèwèké ngerti nèk kudu manut karo dhawuhé Yéhuwah lan Yésus kanggo nginjil. (Mt. 28:19, 20; PR. 5:29) Ning, dhèwèké uga kèlingan nèk kudu manut karo bojoné. Sakliyané kuwi, Alkitab uga kandha nèk umaté Yéhuwah kudu nduwé sikap sing masuk akal. (Éf. 5:15, 22-24) Apa bojoné ora ngéntukké dhèwèké nginjil babar blas? Utawa sakjané mung merga péngin lunga bareng wong loro ing dina kuwi? Umaté Yéhuwah perlu nggawé keputusan sing masuk akal lan nyenengké Yéhuwah.

BUNGAH MERGA TETEP NGABDI SAKTULUSÉ ATI

18. Apa sing isa panjenengan sinau saka pengalamané patang raja saka Yéhuda kuwi mau?

18 Kadhang kala kita uga nindakké kesalahan sing padha kaya patang raja mau. Mbokmenawa awaké dhéwé wis tau (1) ngendelké pikirané dhéwé, (2) milih kanca srawung sing ora bener, (3) dadi sombong, utawa (4) nggawé keputusan tanpa mikirké kersané Yéhuwah dhisik. Ning, kita isih isa nyenengké Yéhuwah. Yéhuwah ndelok bab sing apik saka awaké dhéwé, kaya mbiyèn Yéhuwah uga ndelok bab sing apik saka patang raja mau. Yéhuwah uga ngerti sepira gedhéné rasa tresna kita marang Yéhuwah lan ngerti nèk kita péngin ngabdi saktulusé ati. Dadi, Yéhuwah nyedhiyakké conto-conto ing Alkitab sing isa mbantu kita bèn ora nggawé kesalahan sing gedhé. Mula, awaké dhéwé ngucap sokur marang Yéhuwah lan nggatèkké conto-conto kuwi.