Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Jeneng Alkitab sing ditulis wong Kanaan ing kendhil sing umuré wis 3.000 taun

Jeneng Alkitab ing Kendhil Kuna

Jeneng Alkitab ing Kendhil Kuna

Taun 2012, para arkéolog nemokké cuwilan-cuwilan kendhil saka lempung sing umuré wis 3.000 taun. Para ahli riset seneng banget merga nemokké tulisan ing cuwilan kendhil kuwi.

Wektu cuwilan-cuwilan kuwi digathukké, ana tulisané wong-wong Kanaan sing isa diwaca ing kono. Tulisané ngéné, ”Eshba’al Ben Beda.” Kuwi maksudé ”Èsybaal, anaké Beda”. Lagi pisan iki para arkéolog nemokké jeneng kuwi ing barang kuna.

Ana wong liya sing disebutké ing Alkitab sing jenengé Èsybaal. Kuwi salah siji anaké Raja Saul. (1 Bb. 8:33; 9:39) Profésor Yosef Garfinkel, sing nemokké kendhil kuwi kandha, ”Jeneng Èsybaal sing disebutké ing Alkitab lan sing saiki uga ditemokké ing kendhil kuwi, mung ana ing jamané Raja Dawud.” Dadi, ana sing mikir nèk jeneng Èsybaal iku mung digunakké ing jaman kuwi. Iki dadi salah siji conto sing nduduhké nèk barang-barang arkéologi sing ditemokké kuwi mbenerké apa sing dicathet ing Alkitab.

Ing Alkitab, Èsybaal anaké Saul uga diarani Isybosèt. (2 Sa. 2:10) Apa sebabé ”baal” diganti karo ”bosèt”? Para ahli riset njelaské nèk penulisé buku Samuèl sing kapindho kétoké sengaja ora nganggo jeneng Èsybaal merga kuwi ngélingké bangsa Israèl karo Baal, yaiku déwané udan sing disembah karo wong-wong Kanaan. Ning, ing buku 1 Babad ing Alkitab isih ana jeneng Èsybaal.