Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Percayaa marang Yéhuwah—Nggawéa Keputusan sing Bener

Percayaa marang Yéhuwah—Nggawéa Keputusan sing Bener

”Panyuwuné iku kang kanthi pracaya sarta aja nganggo mangu-mangu.”YB. 1:6.

LAGU: 54, 42

1. Apa sebabé Kain nggawé keputusan sing salah, lan apa akibaté?

KAIN kudu nggawé keputusan sing penting. Dhèwèké kudu mutuské arep ngendhalèni perasaan nesuné apa ora. Nèk Kain pilih ngendhalèni perasaané, dadiné mesthi apik. Ning, Alkitab kandha nèk Kain pilih ora ngendhalèni perasaané. Akiré, Kain matèni adhiné sing jenengé Abèl lan hubungané karo Gusti Allah dadi rusak.Pd. 4:3-16.

2. Apa sebabé nggawé keputusan sing apik kuwi penting?

2 Kita kabèh uga kudu nggawé pilihan lan keputusan saben dina. Ana keputusan sing penting banget lan ana sing sepélé. Ning, akèh keputusan sing isa gedhé pengaruhé kanggo kita. Nèk nggawé keputusan sing bener, kita isa urip kepénak lan ora akèh masalah. Ning, nèk nggawé keputusan sing salah, kita isa dadi gela lan éntuk akèh masalah.WB. 14:8.

3. (a) Apa sing perlu ditindakké bèn isa nggawé keputusan sing bener? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug?

3 Apa sing perlu ditindakké bèn isa nggawé keputusan sing bener? Kita perlu yakin nèk Yéhuwah pancèn péngin mbantu lan bakal maringi kawicaksanan. Kita uga perlu percaya karo tuntunané Alkitab. (Wacanen Yakobus 1:5-8.) Kita perlu luwih akèh sinau Alkitab lan cedhak marang Yéhuwah bèn dadi luwih percaya nèk Yéhuwah ngerti sing paling apik kanggo kita. Dadi, sakdurungé nggawé keputusan, awaké dhéwé isa mikirké apa kersané Yéhuwah. Ning, piyé carané bèn dadi luwih wicaksana wektu nggawé keputusan? Lan apa kita perlu ngowahi keputusan sing wis digawé?

KITA KABÉH KUDU NGGAWÉ KEPUTUSAN

4. Adam kudu mutuské apa? Apa akibat saka keputusan sing digawé Adam?

4 Wiwit jaman mbiyèn, manungsa kudu nggawé keputusan sing penting. Adam, manungsa sing sepisanan, kudu mutuské arep ngrungokké Gusti Allah utawa bojoné, sing jenengé Kawa. Adam nggawé keputusan sing salah merga pilih ngrungokké Kawa. Akibaté, Adam diusir saka taman Èden lan akiré mati. Saiki, kita kabèh uga urip rekasa merga keputusan salah sing digawé Adam.

Yéhuwah wis maringi Alkitab sing isa nuntun kita bèn nggawé keputusan sing wicaksana

5. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nggawé keputusan?

5 Ana sing mikir nèk urip kuwi luwih gampang nèk ora perlu nggawé keputusan babar blas. Mbokmenawa panjenengan ya rumangsa kaya ngono. Ning, élinga nèk manungsa ora digawé kaya robot sing ora isa mikir lan nggawé keputusan. Yéhuwah wis maringi Alkitab sing isa nuntun kita bèn nggawé keputusan sing wicaksana. Yéhuwah péngin kita nggawé keputusan dhéwé, lan kuwi tanggung jawab sing penting. Gatèkna conto-conto iki.

6, 7. Wong Israèl kudu mutuské apa? Apa sebabé wong Israèl ora isa nggawé keputusan sing bener? (Deloken gambar ing kaca 9.)

6 Wektu manggon ing Tanah Prajanjian, bangsa Israèl kudu mutuské arep nyembah Yéhuwah apa allah-allah liyané. (Wacanen Yusak 24:15.) Kétoké kuwi keputusan sing sepélé. Ning, kuwi ana pengaruhé kanggo urip lan matiné wong-wong Israèl. Wektu jamané para Hakim, bangsa Israèl kerep nggawé pilihan sing salah. Bangsa Israèl ora nyembah Yéhuwah manèh, ning malah nyembah allah-allah palsu. (PH. 2:3, 11-23) Banjur, wektu jamané nabi Élia, wong Israèl dikon milih arep nyembah Yéhuwah utawa allah palsu, yaiku Baal. (1 Ra. 18:21) Kétoké kuwi pilihan sing sepélé, merga nyembah Yéhuwah kuwi mesthi pilihan sing paling apik. Wong sing wicaksana ora mungkin péngin nyembah allah palsu. Ning, wong Israèl ora isa nggawé keputusan. Alkitab kandha nèk wong Israèl ”padha laku dhengkling [pincang] lan mangro tingal”. Élia ngandhani wong Israèl bèn ngibadah marang Yéhuwah, Gusti Allah sing sejati.

7 Apa sebabé wong Israèl ora isa nggawé keputusan sing bener? Sing kapisan, wong Israèl ora nduwé iman lan ora gelem ngrungokké Yéhuwah. Sakjané, nèk gelem sinau bab Yéhuwah lan kawicaksanané, wong Israèl mesthi isa nggawé keputusan sing bener. Ning, nyatané wong Israèl ora nindakké kuwi. (Ms. 25:12) Sing kapindho, cara mikiré wong Israèl wis dipengaruhi karo bangsa-bangsa liyané. Malah, wong Israèl dadi manut karo keputusané bangsa-bangsa kuwi lan mèlu-mèlu nyembah allah-allah palsu. Padhahal, pirang-pirang taun sakdurungé Yéhuwah wis ngélikké wong Israèl bab kuwi.Pa. 23:2.

KUDU NGGAWÉ KEPUTUSAN DHÉWÉ

8. Bab penting apa sing isa disinaoni saka pengalamané bangsa Israèl?

8 Saka pengalamané bangsa Israèl kita isa sinau bab sing penting. Nèk péngin nggawé keputusan sing bener kita kudu manut karo tuntunané Alkitab. Galati 6:5 ngélingké nèk kita kabèh kudu tanggung jawab karo keputusané dhéwé. Dadi, kita kudu nggawé keputusan dhéwé lan aja mung manut karo keputusan sing digawèkké wong liya. Kita kabèh kudu sinau apa sing bener manut kersané Yéhuwah lan nindakké kuwi.

Nèk manut karo keputusan sing digawèkké wong liya, kuwi padha waé awaké dhéwé niru-niru tumindaké wong kuwi

9. Apa sebabé manut karo keputusan sing digawèkké wong liya kuwi bahaya?

9 Nèk manut karo keputusan sing digawèkké wong liya, isa waé awaké dhéwé dadi nggawé keputusan sing salah. (WB. 1:10, 15) Kuwi bahaya lan isa ndadèkké cilaka, merga padha waé awaké dhéwé niru-niru tumindaké wong kuwi. Kita kuduné nggawé keputusan dhéwé manut hati nurani sing wis dilatih karo pathokané Alkitab.

10. Rasul Paulus ngélikké wong-wong ing Galatia bab apa?

10 Rasul Paulus ngélikké wong-wong ing Galatia bèn aja nganti manut karo keputusan sing digawèkké wong liya. (Wacanen Galati 4:17.) Ana sedulur-sedulur ing Galatia sing meksa liyané bèn manut karo keputusané. Wong-wong kuwi ora andhap-asor lan mikirké kepentingané dhéwé sarta ora ngajèni haké sedulur liya kanggo nggawé keputusan dhéwé. Wong-wong kuwi péngin para sedulur manut karo dhèwèké ketimbang karo para rasul.

11. Piyé carané mbantu wong liya sing perlu nggawé keputusan?

11 Kita kabèh isa sinau saka tuladhané rasul Paulus. Dhèwèké ngerti lan ngajèni haké para sedulur kanggo nggawé keputusan dhéwé. (Wacanen 2 Korinta 1:24.) Para pinituwa isa niru tuladhané Paulus wektu ngekèki naséhat bab pilihan pribadi. Para pinituwa seneng nduduhké katrangan saka Alkitab kanggo para sedulur. Ning, para pinituwa ngati-ati aja nganti nggawèkké keputusan kanggo wong liya merga saben wong kudu tanggung jawab karo keputusané dhéwé. Dadi, apa piwulangé kanggo awaké dhéwé? Kita isa waé mbantu wong liya bèn ngerti apa kandhané Alkitab bab masalahé. Ning, aja nganti mikir nèk awaké dhéwé nduwé wewenang nggawèkké keputusan kanggo wong liya, merga para sedulur kuwi nduwé hak lan tanggung jawab kanggo nggawé keputusan dhéwé. Para sedulur isa ngrasakké dhéwé paédahé nèk nggawé keputusan sing bener.

Para pinituwa sing welas asih mbantu liyané bèn isa nggawé keputusan dhéwé (Deloken paragraf 11)

AJA NGENDELKÉ PERASAANÉ DHÉWÉ

12, 13. Apa sebabé aja nggawé keputusan nèk pas lagi nesu utawa cilik ati?

12 Akèh wong saiki nggawé keputusan manut karo perasaané dhéwé. Ning, kuwi bahaya. Alkitab ngélikké bèn ora nggawé keputusan manut perasaan utawa atiné dhéwé sing ora sampurna. (WB. 28:26) Alkitab kandha, ”Ati iku culika banget, luwih culika katimbang apa baé, atiné wis kaya watu.” Mula, ati kita ora isa dipercaya. (Ym. 17:9) Ana akèh pengalaman ing Alkitab sing nduduhké akibaté nèk ngendelké perasaan sing ora sampurna. (1 Ra. 11:9; Ym. 3:17; 13:10) Dadi, apa akibaté nèk nggawé keputusan manut karo perasaan?

13 Kita didhawuhi bèn nresnani Yéhuwah sak gumolonging ati lan tresna karo wong liya kaya nresnani awaké dhéwé. (Mt. 22:37-39) Ning, kita kudu ngati-ati. Ayat-ayat ing paragraf sakdurungé nduduhké bahayané nèk mikir lan tumindak manut karo perasaané dhéwé. Contoné, wong sing lagi nesu mesthi ora isa nggawé keputusan sing apik. (WB. 14:17; 29:22) Semono uga, wong sing cilik ati mesthi ora isa nggawé keputusan sing apik. (Wi. 32:6-12; WB. 24:10) Awaké dhéwé kudu mikir manut karo tuntunané Alkitab. (Rm. 7:25, 26) Aja ngendelké perasaané dhéwé wektu nggawé keputusan sing penting.

WEKTU KUDU NGOWAHI KEPUTUSAN

14. Apa kita perlu ngowahi keputusan sing wis digawé? Terangna.

14 Awaké dhéwé kudu nggawé keputusan sing bener. Ning, wong sing wicaksana uga ngerti nèk kadhang kala dhèwèké perlu mikirké manèh utawa ngowahi keputusan sing wis digawé. Gatèkna apa sing ditindakké Yéhuwah ing jamané Yunus. Alkitab kandha, ”Bareng Gusti Allah ngudanèni [ngerti] apa kang dilakoni wong-wong mau, yaiku anggoné padha mratobat ninggal lakuné kang ala, Gusti Allah banjur apiduwung ing bab anggoné ngrancang arep ndhawahaké bilai marang wong-wong mau, nuli iku diwurungaké.” (Yn. 3:10) Wektu ngerti nèk wong-wong Niniwé wis mratobat lan ora nindakké sing ala manèh, Yéhuwah ngowahi keputusané. Kuwi bukti nèk Yéhuwah wicaksana, andhap-asor, lan welas asih. Senajan lagi nesu, Yéhuwah mesthi mikir dhisik sakdurungé nggawé keputusan, ora kaya wong-wong umumé.

Wektu ngerti nèk wong-wong Niniwé wis mratobat lan ora nindakké bab sing ala manèh, Yéhuwah ngowahi keputusané

15. Apa sebabé kita perlu ngowahi keputusan?

15 Wektu kahanané malih, mbokmenawa kita perlu ngowahi keputusan sing wis digawé. Yéhuwah kadhang kala uga ngowahi keputusané. (1 Ra. 21:20, 21, 27-29; 2 Ra. 20:1-5) Sakliyané kuwi, isa waé kita perlu ngowahi keputusan wektu éntuk katrangan sing anyar. Gatèkna contoné Raja Dawud wektu nggawé keputusan bab putuné Saul, sing jenengé Méfibosèt. Mauné, Dawud nggawé keputusan sing salah merga nampa katrangan sing salah. Ning, sakwisé nampa katrangan sing bener, Dawud ngowahi keputusané. (2 Sa. 19:24-29) Dadi, kadhang kala kita uga perlu nindakké sing padha.

16. (a) Piyé carané bèn isa nggawé keputusan sing bener? (b) Apa sebabé awaké dhéwé perlu mriksa manèh keputusan sing wis digawé, lan piyé carané nindakké?

16 Alkitab ngandhani kita bèn aja grusa-grusu wektu nggawé keputusan sing penting. (WB. 21:5) Kita kudu mikirké kabèh faktané kanthi tliti bèn isa nggawé keputusan sing bener. (1 Ts. 5:21) Contoné, sakdurungé nggawé keputusan, kepala keluarga kudu nggolèki lan mikirké apa kandhané Alkitab lan wacan-wacan Alkitab bab kuwi, uga kudu ngrungokké pendhapat saka anggota keluargané. Élinga nèk mbiyèn Yéhuwah ndhawuhi Abraham bèn ngrungokké bojoné. (Pd. 21:9-12) Para pinituwa uga kudu sregep riset. Nèk ana katrangan anyar sing ana pengaruhé karo keputusan sing wis digawé, para pinituwa sing andhap asor lan wicaksana perlu ngowahi cara mikiré lan keputusan kuwi. Para pinituwa ora kuwatir nèk dadi ora diajèni karo sedulur liyané. Kuwi dadi tuladha sing apik kanggo kita kabèh lan isa mbantu jemaat bèn tetep rukun lan kompak.PR. 6:1-4.

TINDAKNA KEPUTUSAN SING WIS DIGAWÉ

17. Piyé carané bèn isa nggawé keputusan sing paling apik?

17 Ana keputusan sing luwih penting timbang keputusan liyané. Contoné, mutuské arep nikah apa ora utawa arep nikah karo sapa sarta mutuské kapan arep dadi perintis utawa abdi kusus. Sakdurungé nggawé keputusan sing kaya ngono, kita kudu mikirké kahanané kanthi tenanan lan ndonga njaluk bantuané Yéhuwah. Mbokmenawa iki butuh wektu, ning nèk péngin nggawé keputusan sing apik, kita kudu percaya karo Yéhuwah sarta nggatèkké lan manut karo arahané. (WB. 1:5) Yéhuwah wis maringi naséhat sing paling apik sing dicathet ing Alkitab. Dadi, kita kudu riset dhisik lan ndonga njaluk tuntunané Yéhuwah. Yéhuwah isa maringi sipat-sipat sing dibutuhké bèn isa nggawé keputusan sing cocog karo kersané. Sakdurungé nggawé keputusan sing penting, kita kudu takon ngéné, ’Apa keputusan sing tak gawé iki nduduhké nèk aku tresna marang Yéhuwah? Apa isa nggawé keluargaku dadi seneng lan ayem tentrem? Apa isa nduduhké nèk aku iki sabar lan apikan?’

18. Apa sebabé Yéhuwah péngin kita nggawé keputusan dhéwé?

18 Yéhuwah ngajèni hak lan tanggung jawab kita kanggo milih sarta ora meksa kita bèn nresnani lan ngabdi marang Yéhuwah. Yéhuwah maringi kebébasan kanggo milih arep ngabdi marang Yéhuwah apa ora. (Ys. 24:15; Ko. 5:3) Ning, Yéhuwah péngin awaké dhéwé nggawé keputusan manut karo kandhané Alkitab. Kita isa nggawé keputusan sing wicaksana nèk percaya karo arahané Yéhuwah lan manut karo pathokané Alkitab. Kita uga isa mbuktèkké nèk kita mantep karo keputusan sing digawé.Yb. 1:5-8; 4:8.