Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Asa, Yosafat, Hizkia, Yosia

Saktulusé Ati Ngabdi marang Yéhuwah

Saktulusé Ati Ngabdi marang Yéhuwah

”Dhuh Yéhuwah, Paduka karsaa ngèngeti, bilih kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya saha tulusing manah.”2 RA. 20:3.

LAGU: 52, 32

1-3. Apa tegesé ngabdi marang Yéhuwah kanthi ”tulusing ati”? Wènèhana conto.

KITA kabèh ora sampurna lan nggawé kesalahan. Ning, Yéhuwah wis nyedhiyakké tebusan lan gelem ngapura nèk kita tetep andhap-asor lan mratobat. Kita maturnuwun banget merga sing ditindakké Yéhuwah kuwi ora ”timbang karo dosa kita”. (Ms. 103:10) Ning, kita kudu ’ngabekti marang Panjenengané kalawan tulus éklas’. (1 Bb. 28:9) Piyé carané?

2 Kita isa mbandhingké uripé Raja Asa karo Raja Amazia. Loro-loroné raja sing apik, ning ya nindakké kesalahan merga isih ora sampurna. Alkitab kandha nèk ”panggalihé Sang Prabu Asa ing sajegé sugengé mantep ing pamadhepé”. (2 Bb. 15:16, 17; 25:1, 2; WB. 17:3) Asa ngupaya ngabekti saktulusé ati. Ning, Amazia ora ngono. Sakwisé ngalahké mungsuhé Yéhuwah, Amazia nggawa bali brahala-brahalané mungsuhé lan nyembah brahala kuwi.2 Bb. 25:11-16.

3 Ngabdi kanthi ”tulusing ati” kuwi tegesé tresna tenan marang Yéhuwah lan péngin ngabdi saklawasé. Ing Alkitab, tembung ”ati” kuwi biyasané ana hubungané karo cara mikir, apa sing disenengi, apa sing péngin ditindakké, lan apa alesané nindakké. Senajan ora sampurna, kita isa ngabdi saktulusé ati marang Yéhuwah. Awaké dhéwé ngabdi marang Yéhuwah merga pancèn péngin nindakké kuwi, dudu merga rumangsa wajib utawa merga wis dadi kebiyasaan.2 Bb. 19:9.

4. Apa sing arep dirembug saiki?

4 Awaké dhéwé isa luwih ngerti bab ngabdi marang Yéhuwah saktulusé ati nèk nggatèkké pengalamané Asa lan telung raja sing setya liyané saka Yéhuda, yaiku Yosafat, Hizkia, lan Yosia. Senajan ya tau nggawé kesalahan, para raja kuwi tetep nyenengké Yéhuwah. Yéhuwah nganggep nèk patang raja kuwi ngabdi saktulusé ati. Apa sebabé kok Yéhuwah nganggep kaya ngono? Lan piyé carané niru tuladhané para raja kuwi?

ASA NGABDI SAKTULUSÉ ATI MARANG YÉHUWAH

5. Apa sing ditindakké Asa wektu dadi raja?

5 Asa kuwi raja katelu ing Yéhuda sakwisé bangsa Israèl dibagi dadi rong kerajaan, yaiku kerajaan Israèl lan kerajaan Yéhuda. Wektu dadi raja Yéhuda, Asa nduwé tékad kanggo nyingkirké ibadah palsu lan tumindak laku jina sing njijiki ing pamréntahané. Asa ngancurké brahala-brahala lan ngusir wong-wong sing laku jina ing bait. Malah, Alkitab kandha nèk ”éyangé, dipecat saka kalenggahané ibu suri, merga wis damel reca cabul”. (1 Ra. 15:11-13, Basa Jawi Padintenan) Asa uga nyemangati rakyaté bèn padha ”ngupaya Pangéran Yéhuwah” sarta manut karo ”angger-angger lan pepakon”. Asa ngupaya sak isa-isané kanggo mbantu wong-wong bèn padha nyembah Yéhuwah.2 Bb. 14:4.

Asa nduwé tékad kanggo nyingkirké ibadah palsu saka pamréntahané

6. Apa sing ditindakké Asa wektu wong Étiopia nyerang Yéhuda?

6 Wis sepuluh taun Asa dadi raja ing Yéhuda lan ing kono ora tau ana perang. Banjur, Yéhuda diserang karo sak yuta tentara Étiopia sing nggawa telung atus kréta perang. (2 Bb. 14:1, 6, 9, 10) Apa sing ditindakké Asa? Asa yakin nèk Yéhuwah isa mbantu umaté. Dadi, dhèwèké ndonga njaluk bantuané Yéhuwah bèn isa menang perang. (Wacanen 2 Babad 14:11.) Kadhang kala, Yéhuwah mbantu umaté menang perang senajan para rajané ora setya. Kuwi ditindakké kanggo mbuktèkké nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah sing sejati. (1 Ra. 20:13, 26-30) Ning, saiki Yéhuwah njawab dongané Asa lan mbantu wong Israèl bèn menang, merga Asa ngendelké Yéhuwah. (2 Bb. 14:12, 13) Sakwisé kuwi, Asa nggawé kesalahan sing gedhé wektu njaluk bantuané raja Aram lan ora njaluk bantuané Yéhuwah. (1 Ra. 15:16-22) Ning, Yéhuwah isa ndelok nèk sakjané Asa tresna marang Yéhuwah. Alkitab kandha nèk Asa ”madhep marang Sang Yéhuwah kanthi gumolonging panggalih ing sajegé sugengé”. Piyé carané niru tuladhané Asa?1 Ra. 15:14.

7, 8. Piyé carané niru tuladhané Asa?

7 Apa buktiné nèk awaké dhéwé ngabdi saktulusé ati? Awaké dhéwé isa takon ngéné, ’Apa aku gelem manut marang Yéhuwah senajan ora gampang? Apa aku nduwé tékad kanggo njaga jemaat tetep murni?’ Pikirna tuladhané Asa sing kendel banget mecat éyang putriné sing mauné dadi ibu suri. Kadhang kala, mbokmenawa panjenengan perlu kendel kaya Asa. Contoné, apa panjenengan tetep ora srawung karo keluarga utawa kanca akrab sing nindakké dosa, ora mratobat, lan kudu dipecat saka jemaat? Apa panjenengan nduwé tékad saka ati kanggo nindakké kuwi?

8 Kaya Asa, kadhang kala awaké dhéwé isa rumangsa cilik ati. Contoné, mbokmenawa guru utawa kanca sekolah ngenyèk merga kowé Seksi Yéhuwah. Utawa, ana kanca kerja sing seneng ngécé merga panjenengan njaluk cuti lan ora gelem lembur merga arep teka ing pakumpulan ibadah utawa kebaktian. Ing kahanan kaya ngono, panjenengan isa niru Asa sing ngendelké Yéhuwah. Ndongaa, dadia kendel, lan terusa nindakké apa sing bener. Élinga nèk Yéhuwah mesthi bakal nguwatké panjenengan, kaya mbiyèn Yéhuwah wis nguwatké Asa.

9. Yéhuwah bakal seneng nèk kita nginjil merga apa?

9 Asa ora mung mikirké kepentingané dhéwé thok, ning uga nguwatké wong liya kanggo ”ngupaya Pangéran Yéhuwah”. Yéhuwah nggatèkké wektu kita nginjil lan mbantu wong liya bèn dadi abdiné. Yéhuwah mesthi seneng banget wektu ngerti nèk kita nindakké kuwi merga tresna marang Yéhuwah sarta perduli lan péngin bèn wong liya isa urip saklawasé.

YOSAFAT ’NGUPAYA PANGÉRAN YÉHUWAH’

10, 11. Piyé carané niru tuladhané Yosafat?

10 Tumindaké Yosafat padha karo bapaké, yaiku Asa. (2 Bb. 20:31, 32) Kaya bapaké, Yosafat nguwatké wong-wong bèn terus ngabdi marang Yéhuwah. Yosafat ngutus wong-wong lanang menyang kutha Yéhuda kanggo mulang bab ”kitab Torèté Pangéran Yéhuwah”. (2 Bb. 17:7-10) Yosafat uga lunga menyang dhaérah kerajaan Israèl sisih lor, supaya rakyat sing ana ing pegunungan Éfraim ’padha mratobat marang Pangéran Yéhuwah’. (2 Bb. 19:4) Yosafat kuwi raja sing ”ngupaya marang Pangéran Yéhuwah kalawan gumolonging panggalihé”.2 Bb. 22:9.

Yosafat nguwatké wong-wong bèn terus ngabdi marang Yéhuwah

11 Saiki, Yéhuwah péngin kabèh wong éntuk piwulang bab Yéhuwah. Apa panjenengan ya seneng nginjil saben sasi lan mulang Alkitab bèn wong-wong isa dadi abdiné Yéhuwah? Apa panjenengan ndongakké bab kuwi? Nèk panjenengan ngupaya, Yéhuwah isa mbantu panjenengan bèn isa nemokké wong sing gelem sinau Alkitab. Apa panjenengan gelem ngurbanké wektu longgar kanggo mulang Alkitab? Awaké dhéwé uga isa mbantu para sedulur sing wis ora aktif, kaya Yosafat mbiyèn ngupaya mbantu wong liya bèn ngabdi marang Yéhuwah manèh. Sakliyané kuwi, para pinituwa uga isa nggawé rencana kanggo marani lan mbantu wong-wong sing wis dipecat ing dhaérah jemaaté sing mbokmenawa wis mratobat.

12, 13. (a) Apa sing ditindakké Yosafat wektu wedi? (b) Apa sebabé kita kudu niru tuladhané Yosafat?

12 Kaya bapaké, Yosafat ngendelké Yéhuwah wektu ana mungsuh sing nyerang Yéhuda. (Wacanen 2 Babad 20:2-4.) Yosafat wedi lan njaluk bantuané Yéhuwah. Wektu ndonga, Yosafat ngakoni nèk dhèwèké ora isa ngalahké mungsuh. Yosafat uga kandha nèk dhèwèké lan rakyaté ora ngerti kudu nindakké apa. Yosafat yakin tenan nèk Yéhuwah mesthi bakal mbantu umaté. Yosafat kandha, ”Mripat kawula tumenga dhumateng Paduka.”2 Bb. 20:12.

13 Kaya Yosafat, kadhang kala awaké dhéwé wedi lan ora ngerti kudu nindakké apa wektu ngadhepi masalah. (2 Kr. 4:8, 9) Ning, élinga nèk Yosafat ndonga marang Yéhuwah ing ngarepé wong akèh bab perasaan cilik atiné. (2 Bb. 20:5) Para kepala keluarga isa niru tuladhané Yosafat. Ora perlu isin ndonga ing ngarepé anggota keluarga kanggo njaluk bantuané Yéhuwah bèn ngerti carané ngatasi masalah. Keluarga panjenengan bakal ngerti nèk panjenengan bener-bener ngendelké Yéhuwah. Yéhuwah mesthi bakal mbantu panjenengan, kaya mbiyèn Yéhuwah wis mbantu Yosafat.

HIZKIA TANSAH NINDAKKÉ APA SING BENER

14, 15. Apa buktiné nèk Hizkia ngendelké Yéhuwah?

14 Hizkia uga dadi raja sing ”rumaket marang Pangéran Yéhuwah”, senajan bapaké ora dadi conto sing apik lan malah nyembah brahala. Hizkia ’nyingkiraké tengger-tengger pangurbanan lan nggempuri tugu-tugu brahala, ngethoki saka-saka brahala sarta ngremuk ula tembaga damelané Nabi Musa’, sing disembah karo wong-wong Israèl. Hizkia ngabdi marang Yéhuwah saktulusé ati lan ”tansah netepi pepakoning Yéhuwah kang wus kaparingaké marang Nabi Musa”.2 Ra. 18:1-6.

15 Wektu Hizkia dadi raja, pasukan tentara Asiria sing kuwat banget nyerang Yéhuda lan ngancem arep ngancurké Yérusalèm. Raja Asiria sing jenengé Sanhérib ngécé Yéhuwah lan meksa Hizkia bèn nyerah waé. Senajan ngadhepi tantangan sing angèl kuwi, Hizkia tetep percaya banget marang Yéhuwah lan ndonga njaluk bantuané. Hizkia ngerti nèk Yéhuwah kuwi luwih kuwat timbang wong-wong Asiria lan Yéhuwah isa nylametké umaté. (Wacanen Yésaya 37:15-20.) Yéhuwah njawab dongané lan ngutus siji malaékaté kanggo matèni 185.000 prajurit Asiria.Yé. 37:36, 37.

16, 17. Piyé carané niru tuladhané Hizkia?

16 Ora suwé sakwisé kuwi, Hizkia lara parah lan arep mati. Dhèwèké nyuwun bèn Yéhuwah mbantu lan ngéling-éling kasetyané. (Wacanen 2 Para Raja 20:1-3.) Yéhuwah mirengké dongané lan nambani Hizkia. Pancèn, saka Alkitab kita ngerti nèk jaman saiki Yéhuwah ora nggawé mukjijat kanggo nambani lara lan nggawé urip dadi luwih dawa. Ning, kaya Hizkia, kita isa ngendelké bantuané Yéhuwah. Awaké dhéwé isa ngomong karo Yéhuwah, ”Dhuh Yéhuwah, Paduka karsaa ngèngeti, bilih kawula sampun gesang wonten ing ngarsa Paduka kalayan setya saha tulusing manah.” Apa panjenengan percaya nèk Yéhuwah mesthi bakal ngopèni wektu panjenengan lara?Ms. 41:4.

17 Apa manèh sing isa disinau saka tuladhané Hizkia? Isa waé ana bab sing ngganggu hubungan kita karo Yéhuwah utawa nggawé awaké dhéwé dadi ora nduwé wektu kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Contoné, akèh wong saiki seneng nduwé idola lan ngentèkké wektu kanggo ndeloki foto-foto sarta maca berita bab para artis lan wong liya sing ora dikenal. Utawa akèh sing kerep nggunakké média sosial utawa sarana liyané kanggo komunikasi liwat Internèt. Pancèn, isa waé kita seneng nggunakké sarana-sarana kuwi kanggo komunikasi karo keluarga utawa kanca akrab. Ning, isa waé kita dadi ngentèkké wektu kanggo nggunakké média sosial kuwi. Mbokmenawa awaké dhéwé dadi sombong wektu wong-wong padha seneng lan ngomentari foto-foto sing kita pajang ing Internèt. Utawa, kita dadi ora seneng wektu ana sing wis ora ndeloki foto-foto kita manèh. Kita isa sinau saka tuladhané Paulus, Akwila, lan Priskila. Apa wong-wong kuwi ngentèkké wektu kanggo ndeloki apa sing ditindakké wong liya, kususé sing dudu abdiné Yéhuwah? Alkitab kandha nèk Paulus tenanan ngutamakké tugas nginjil. Akwila lan Priskila uga ngentèkké wektuné kanggo nginjil lan njelaské ”katrangan kanthi cetha lan tliti bab Margining Allah”. (PR. 18:4, 5, 26) Awaké dhéwé isa takon ngéné, ’Apa aku ngati-ati aja nganti nganggep wong-wong dadi idola? Apa aku ngentèkké wektu kanggo nindakké perkara-perkara sing ora pati penting?’Wacanen Éfesus 5:15, 16.

YOSIA MANUT MARANG YÉHUWAH

18, 19. Piyé carané niru Yosia?

18 Buyuté Hizkia sing jenengé Yosia uga manut marang Yéhuwah ”kalawan gumolonging atiné”. (2 Bb. 34:31) Wektu isih enom, Raja Yosia ”ngupadi marang Gusti Allahé Sang Prabu Dawud”. Lan wektu umuré 20 taun, Yosia nyingkirké kabèh brahala saka Yéhuda. (Wacanen 2 Babad 34:1-3.) Yosia ngupaya tenanan kanggo nyenengké Yéhuwah ngungkuli para raja liyané ing Yéhuda. Banjur, imam agung nemokké kitab Hukumé Yéhuwah ing bait. Kuwi kétoké kitab sing ditulis karo Musa dhéwé. Wektu sekretarisé Yosia macakké kitab kuwi, Yosia sadhar nèk dhèwèké kudu tumindak luwih akèh kanggo ngabdi saktulusé ati. Yosia uga nggedhèkké atiné liyané bèn nindakké sing padha. Asilé, ”wong-wong ora padha nyimpang saka anggoné manut marang Pangéran Yéhuwah” saksuwéné uripé Yosia.2 Bb. 34:27, 33.

Yosia péngin banget nyenengké Yéhuwah lan langsung tumindak manut kersané Yéhuwah

19 Cah enom isa niru Yosia lan sinau luwih akèh bab Yéhuwah. Kétoké Yosia sinau saka éyang kakungé sing wis mratobat, yaiku Raja Manasyè, nèk Yéhuwah kuwi seneng ngapura. Kowé uga isa sinau saka para sedulur sing luwih tuwa ing jemaat lan keluarga sarta ngrungokké pengalamané para sedulur kuwi wektu padha ngrasakké akèh berkah saka Yéhuwah. Élinga uga piyé perasaané Yosia wektu ngerti isiné Kitab Suci. Yosia péngin banget nyenengké Yéhuwah lan langsung tumindak manut kersané Yéhuwah. Kowé uga isa nduwé tékad sing padha nèk seneng maca Alkitab. Asilé, hubunganmu karo Yéhuwah bakal saya cedhak lan kuwat sarta kowé bakal dadi luwih bungah lan péngin ngandhani wong liya bab Yéhuwah. (Wacanen 2 Babad 34:18, 19.) Pas sinau Alkitab, mbokmenawa kowé uga sadhar nèk ana bab sing perlu diowahi bèn isa ngabdi luwih apik manèh. Nèk ngono, ngupayaa sak isa-isané kanggo nggawé owah-owahan kaya Yosia.

NGABDIA MARANG YÉHUWAH SAKTULUSÉ ATI

20, 21. (a) Apa sing padha saka patang raja sing wis dirembug mau? (b) Apa sing bakal dirembug ing wulangan sakbanjuré?

20 Apa sing isa disinau saka patang raja mau? Para raja kuwi nduwé tékad kanggo nyenengké Yéhuwah lan ngupaya sak isa-isané kanggo ngabdi marang Yéhuwah. Wong-wong kuwi uga ngendelké Yéhuwah wektu ngadhepi serangan mungsuh sing kuwat banget. Sing paling penting, para raja kuwi ngabdi merga tresna marang Yéhuwah.

21 Para raja iki pancèn ora sampurna lan nggawé kesalahan. Ning, Yéhuwah seneng merga ndelok atiné lan ngerti nèk para raja kuwi bener-bener tresna marang Yéhuwah. Kita uga ora sampurna lan nggawé akèh kesalahan. Ning, Yéhuwah bakal seneng nèk ngerti kita ngabdi saktulusé ati. Ing wulangan sakbanjuré, kita bakal ngrembug apa sing isa disinau saka kesalahan-kesalahan sing ditindakké para raja iki.