Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Disiplin Kuwi Bukti Katresnané Yéhuwah

Disiplin Kuwi Bukti Katresnané Yéhuwah

”Yéhuwah maringi disiplin marang kabèh sing ditresnani.”​—IBR. 12:6.

LAGU: 123, 86

1. Piyé tembung disiplin digunakké ing Alkitab?

APA sing panjenengan pikirké wektu krungu tembung ”disiplin”? Akèh wong nganggep nèk disiplin kuwi hukuman, ning sakjané tegesé ora mung kuwi. Alkitab kandha nèk disiplin kuwi ana paédahé kanggo kita. Lan kadhang kala tembung disiplin disebutké bebarengan karo pengetahuan, kawicaksanan, katresnan, lan urip. (WB. 1:2-7; 4:11-13) Yéhuwah ndisiplin kita merga nresnani lan péngin kita urip saklawasé. (Ibr. 12:6) Senajan kadhang kala disiplin saka Yéhuwah kuwi klebu hukuman, ning kuwi ora kejem. Sakjané sing paling utama, tembung ”disiplin” kuwi tegesé klebu pendidikan, kaya wong tuwa sing ndhidhik anaké.

2, 3. Kok isa disiplin kuwi klebu diwulang lan dihukum? Wènèhana conto. (Deloken gambar ing ndhuwur.)

2 Pikirna conto iki, cah cilik sing jenengé Johnny bal-balan ing njero omah. Ibuné kandha, ”Johnny aja bal-balan nèng njero omah, mengko ndhak mecahké barang.” Ning, Johnny ora manut lan tetep bal-balan ing njero omah. Balé ngenani vas kembang terus vasé pecah. Apa sing ditindakké ibuné Johnny? Dhèwèké njelaské apa sebabé tumindaké Johnny salah. Ibuné péngin Johnny ngerti apa paédahé nèk manut lan ngerti nèk aturan sing digawé kuwi penting lan masuk akal. Bèn Johnny ngerti kuwi kabèh, ibuné ngukum Johnny nganggo cara njupuk balé kanggo sawetara wektu. Johnny mesthi ora seneng, ning kuwi mbantu Johnny ngerti nèk ora manut karo wong tuwané bakal nampa akibaté.

3 Wong Kristen dadi bagéan saka keluargané Gusti Allah. (1 Tim. 3:15) Mula, Bapak Yéhuwah nduwé hak kanggo mutuské apa sing bener lan sing salah sarta ndisiplin kita nèk ora manut. Wektu nampa akibat saka tumindak kita sing salah, disiplin saka Yéhuwah mbantu kita ngerti nèk manut karo Yéhuwah kuwi penting banget. (Gal. 6:7) Yéhuwah tresna banget karo kita lan ora péngin kita sengsara.​—1 Ptr. 5:6, 7.

4. (a) Yéhuwah péngin kita nglatih liyané nganggo cara apa? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Disiplin sing dhasaré saka Alkitab isa mbantu anak kita utawa sing sinau Alkitab bèn dadi muridé Yésus. Kita nggunakké Alkitab wektu mulang bèn sing diwulang isa ngerti apa sing bener lan bèn dhèwèké isa ’nindakké kabèh sing dipréntahké Yésus’. (Mat. 28:19, 20; 2 Tim. 3:16) Yéhuwah péngin sing sinau Alkitab lan anak kita dilatih nganggo cara kuwi bèn akiré isa mbantu wong liya dadi muridé Yésus. (Wacanen Titus 2:11-14.) Mula ayo kita ngrembug telung pitakonan: (1) Apa sebabé disiplin kuwi bukti tresnané Yéhuwah marang kita? (2) Apa sing isa disinaoni saka wong-wong sing didisiplin Yéhuwah? (3) Wektu ndisiplin, piyé kita isa niru carané Yéhuwah lan Yésus?

YÉHUWAH NDISIPLIN MERGA TRESNA

5. Apa sebabé disiplin saka Yéhuwah kuwi bukti nèk Yéhuwah nresnani kita?

5 Yéhuwah ndhidhik lan mulang kita merga tresna. Yéhuwah péngin kita isa cedhak karo Yéhuwah lan urip saklawasé. (1 Yoh. 4:16) Yéhuwah ora tau nyalahké kita lan nggawé kita ngrasa ora ana gunané. (WB. 12:18) Yéhuwah ndelok sipat-sipat sing apik lan mènèhi kita kebébasan kanggo milih. Apa sebabé disiplin saka Alkitab, wacan-wacan Alkitab, wong tuwa, utawa pinituwa bukti nèk Yéhuwah nresnani kita? Wektu para pinituwa mènèhi naséhat sakdurungé kita ngerti nèk tumindak kita salah, kuwi bukti nèk para pinituwa niru katresnané Yéhuwah.​Gal. 6:1.

6. Wong sing didisiplin ora olèh nindakké manèh tugas-tugas ing jemaat. Ning apa sebabé kuwi bukti katresnané Yéhuwah?

6 Kadhang kala, didisiplin kuwi ora mung dinaséhati. Nèk ana sing nindakké dosa sing gedhé, wong kuwi ora olèh nindakké manèh tugas-tugas ing jemaat. Ning kuwi uga bukti katresnané Yéhuwah. Contoné, disiplin kuwi mbokmenawa isa mbantu wong kuwi ngerti pentingé nggunakké luwih akèh wektu kanggo sinau lan mikirké Alkitab sarta ndonga. Nèk kuwi ditindakké, dhèwèké isa nduwé hubungan sing luwih cedhak karo Yéhuwah. (Ms. 19:8) Isa waé akhiré dhèwèké éntuk tugas-tugas manèh ing jemaat. Malah, nèk wongé nganti diwetokké saka jemaat, kuwi tetep bukti katresnané Yéhuwah, merga kuwi isa njaga jemaat saka pengaruh sing èlèk. (1 Kor. 5:6, 7, 11) Disiplin saka Yéhuwah mesthi adil, dadi kuwi mbantu wong sing diwetokké mau bèn ngerti nèk dosané gedhé banget. Iki nggawé wong kuwi isa mertobat.​—Kis. 3:19.

PAÉDAHÉ DISIPLIN SAKA YÉHUWAH

7. Sapa Sèbna kuwi, lan piyé sipaté?

7 Kita bakal ngrembug wong loro sing didisiplin Yéhuwah bèn ngerti nèk disiplin kuwi penting banget. Salah sijiné Sèbna, wong Israèl sing urip ing jamané Raja Hizkia, lan sedulur Graham. Sèbna nduwé wewenang sing gedhé, merga dadi ”panggedhéné kraton”, mungkin kratoné Raja Hizkia. (Yé. 22:15) Ning, Sèbna dadi sombong lan péngin dianggep dadi wong penting. Sèbna nggawé kuburan sing larang kanggo awaké dhéwé lan numpak ’kréta-kréta kamulyan’.​—Yé. 22:16-18.

Nèk andhap asor lan gelem berubah, Gusti Allah bakal mberkahi kita (Deloken paragraf 8-10)

8. Piyé Yéhuwah ndisiplin Sèbna lan apa hasilé?

8 Merga Sèbna nggolèk kamulyan kanggo awaké dhéwé, tugasé Sèbna akhiré diwènèhké marang Éliakim. (Yé. 22:19-21) Kuwi kelakon wektu Raja Sanhérib saka Asiria arep nyerang Yérusalèm. Banjur Sanhérib ngutus sakelompok pejabat lan pasukan sing gedhé kanggo medèn-medèni wong Yahudi lan nggawé Raja Hizkia nyerah. (2 Ra. 18:17-25) Hizkia ngutus Éliakim lan pejabat loro liyané kanggo nemoni utusané Raja Sanhérib. Salah siji pejabat kuwi yaiku Sèbna, sing saiki dadi sekretaris. Iki bukti nèk Sèbna mungkin wis ngupaya andhap asor, ora tersinggung, lan ora mikirké perasaané dhéwé. Sèbna gelem nampa jabatan sing luwih rendhah. Sakjané, ana telu sing isa disinaoni saka sing dialami Sèbna.

9-11. (a) Apa sing isa disinaoni saka Sèbna? (b) Piyé perasaan panjenengan bab tumindaké Yéhuwah marang Sèbna?

9 Sing kapisan, Sèbna sing kélangan jabatané ngélingké kita nèk ”kumenthus iku pepucuking karusakan”. (WB. 16:18) Kita mungkin nduwé tanggung jawab kusus ing jemaat, lan wong liya nganggep kita iki wong penting. Nèk ngono, apa kita isa tetep andhap asor? Apa kita bakal terus éling nèk kabèh kemampuan lan tugas-tugas sing isa kita tindakké kuwi merga dibantu Yéhuwah? (1 Kor. 4:7) Rasul Paulus ngélingké, ”Aku ngandhani saben wong ing antaramu supaya ora nganggep awakmu luwih unggul ketimbang sing sakmesthiné, nanging nganggep awakmu apa anané.”​—Rm. 12:3.

10 Sing kapindho, mungkin Yéhuwah mènèhi naséhat sing tegas marang Sèbna merga Yéhuwah ngerti nèk Sèbna isa berubah. (WB. 3:11, 12) Para sedulur sing mungkin ora éntuk manèh nindakké tugas-tugas ing jemaat isa sinau saka Sèbna. Ketimbang nesu lan tersinggung, para sedulur kuwi kuduné terus mènèhké sing paling apik kanggo Yéhuwah. Para sedulur kuwi isa nganggep nèk disiplin kuwi bukti katresnané Yéhuwah. Élinga nèk Yéhuwah bakal terus mberkahi wong-wong sing andhap asor. (Wacanen 1 Pétrus 5:6, 7.) Nèk kita andhap asor kaya tanah liat sing gampang dibentuk, disiplin saka Yéhuwah sing dhasaré katresnan isa mbentuk kita.

11 Sing katelu, kita isa sinau saka tumindaké Yéhuwah marang Sèbna. Senajan carané Yéhuwah ndisiplin nduduhké nèk Yéhuwah gething karo dosa, ning kuwi uga nduduhké nèk Yéhuwah nresnani wong sing dosa. Yéhuwah ndelok sing apik saka wong kuwi. Nèk panjenengan wong tuwa utawa pinituwa, apa panjenengan gelem niru carané Yéhuwah ndisiplin?​—Yud. 22, 23.

12-14. (a) Kadhang kala, piyé perasaané wong-wong wektu didisiplin? (b) Piyé Alkitab mbantu Graham ngowahi sipaté lan apa hasilé?

12 Sayangé, ana wong-wong sing lara ati wektu didisiplin. Terus wong kuwi malah ngedoh saka Yéhuwah lan jemaat. (Ibr. 3:12, 13) Apa kuwi tegesé ora ana manèh sing isa mbantu dhèwèké? Gatèkna contoné sedulur Graham. Sedulur kuwi diwetokké saka jemaat ning akiré ditampa manèh. Sayangé, sakwisé kuwi dhèwèké malah mandheg nginjil lan ora teka ing pakumpulan ibadah. Ana salah siji pinituwa sing ngupaya kekancan karo Graham lan akiré Graham njaluk sinau Alkitab karo sedulur kuwi.

13 Pinituwa kuwi kandha, ”Masalahé Graham kuwi sombong. Dhèwèké ngèlèk-èlèk pinituwa sing nangani kasusé. Dadi sakwisé kuwi, wektu sinau Alkitab, aku lan dhèwèké ngrembug ayat-ayat bab sipat sombong lan akibaté. Saka Alkitab, Graham akiré ngerti sipaté sing èlèk. Kaya-kaya ana ’balok kayu’ yaiku sipat sombong. Lan sakjané masalahé merga dhèwèké seneng ngèlèk-èlèk. Graham cepet nggawé owah-owahan. Dhèwèké mulai ajeg teka ing pakumpulan ibadah, tenanan sinau Alkitab, lan nduwé kebiasaan ndonga saben dina. Bojoné lan anak-anaké uga seneng merga dhèwèké dadi kepala keluarga sing apik.”​—Luk. 6:41, 42; Yak. 1:23-25.

14 Pinituwa kuwi uga kandha, ”Aku trenyuh banget wektu Graham kandha karo aku, ’Aku wis suwé ngerti isiné Alkitab, aku malah wis tau dadi perintis. Ning lagi saiki aku isa kandha nèk aku tresna karo Yéhuwah.’” Ora let suwé, Graham ditugasi ngédarké mikrofon ing pakumpulan ibadah. Lan dhèwèké seneng banget nampa tugas kuwi. Pinituwa kuwi kandha, ”Tuladhané Graham kuwi nduduhké nèk wong sing andhap asor lan gelem nampa disiplin mesthi bakal diberkahi karo Yéhuwah.”

NIRU YÉHUWAH LAN YÉSUS WEKTU NDISIPLIN

15. Kita kudu piyé bèn wong liya luwih gampang nampa naséhat saka kita?

Nèk andhap asor, wong-wong bakal ngajèni lan luwih gampang nampa naséhat saka panjenengan

15 Kita kudu dadi murid sing apik sakdurungé isa dadi guru sing apik. (1 Tim. 4:15, 16) Semono uga nèk panjenengan digunakké Yéhuwah kanggo ndisiplin wong liya, panjenengan kudu andhap asor lan manut karo tuntunané Yéhuwah. Nèk wong liya ndelok panjenengan andhap asor, wong-wong kuwi bakal ngajèni panjenengan lan luwih gampang nampa naséhat saka panjenengan. Kita isa sinau saka tuladhané Yésus.

16. Apa sing isa kita sinaoni saka carané Yésus wektu ndisiplin lan mulang?

16 Yésus mesthi manut karo Bapaké senajan kadhang kala kuwi angèl. (Mat. 26:39) Dhèwèké kandha karo wong-wong sing ngrungokké nèk piwulangé lan kawicaksanané kuwi saka Bapaké. (Yoh. 5:19, 30) Yésus andhap asor lan manut karo Bapaké, iki marahi dhèwèké dadi guru sing apik. Wong-wong sing tulus seneng ngrungokké piwulangé. (Wacanen Lukas 4:22.) Omongané Yésus sing alus isa nguwatké wong-wong sing cilik ati lan nduwé akèh masalah. (Mat. 12:20) Yésus mungkin mangkel wektu para murid padu bab sapa sing paling penting. Senajan ngono, dhèwèké tetep ngandhani murid-muridé nganggo cara sing apikan lan alus.​—Mrk. 9:33-37; Luk. 22:24-27.

17. Sipat apa sing kudu diduwèni para pinituwa?

17 Nèk para pinituwa arep ndisiplin sing dhasaré saka Alkitab, para pinituwa kudu niru Yésus. Kuwi nduduhké nèk para pinituwa péngin dituntun Yéhuwah lan Putrané. Rasul Pétrus kandha, ”Engonen wedhus-wedhusé Gusti Allah sing dipercayakké marang kowé. Kowé kudu nglayani dadi pengawas ora merga kepeksa, nanging kanthi lila ati ing ngarsané Gusti Allah, uga kanthi semangat, lan dudu merga nggolèk keuntungan sing ora jujur, ora mréntah wong-wong sing dadi duwèké Gusti Allah, nanging dadi tuladha kanggo wedhus-wedhusé Gusti Allah.” (1 Ptr. 5:2-4) Para pinituwa sing manut karo Gusti Allah lan Kristus bakal nampa paédahé, semono uga sedulur-sedulur ing jemaat.​—Yé. 32:1, 2, 17, 18.

18. (a) Apa prentahé Yéhuwah marang para wong tuwa? (b) Piyé Yéhuwah isa mbantu para wong tuwa?

18 Piyé carané ndisiplin lan ndhidhik anak-anak? Yéhuwah mréntahké kepala keluarga, ”Aja nggawé atiné anak-anakmu dadi mangkel, nanging gedhèkna anak-anakmu nganggo didikan lan naséhaté Yéhuwah.” (Éf. 6:4) Apa ndisiplin lan ndhidhik anak-anak kuwi penting? Wulang Bebasan 19:18 kandha, ”Anakmu rangkèten [wènèhana disiplin] salawasé isih ana pangarep-arep, nanging aja nganti ndadèkaké patiné.” Yéhuwah maringi tanggung jawab marang para wong tuwa kanggo ndisiplin anaké. Nèk kuwi ora ditindakké, para wong tuwa kudu tanggung jawab marang Yéhuwah. (1 Sa. 3:12-14) Ning Yéhuwah bakal maringi kawicaksanan lan kekuwatan nèk para wong tuwa njaluk lan ngendelké Alkitab uga roh suciné kanggo nuntun uripé.​—Wacanen Yakobus 1:5.

NGUPAYA URIP RUKUN SAKLAWASÉ

19, 20. (a) Apa paédahé nèk nampa disiplin saka Gusti Allah? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

19 Nèk nampa disiplin saka Yéhuwah lan niru carané Yéhuwah lan Yésus ndisiplin, kita bakal diberkahi. Keluarga kita lan jemaat bakal rukun, merga saben wong ngrasa ditresnani, diajèni, lan diayomi. Iki lagi conto kanggo apa sing bakal kelakon mbésuk. (Ms. 72:7) Disiplin saka Yéhuwah nggawé kita siap kanggo urip saklawasé, dadi sakeluarga sing rukun. Lan Yéhuwah sing dadi Bapaké. (Wacanen Yésaya 11:9.) Nèk kita terus ngéling-éling iki, kita bakal ngerti nèk disiplin kuwi carané Yéhuwah nduduhké katresnané.

20 Ing artikel sakbanjuré, kita bakal ngrembug luwih akèh carané ndisiplin anak-anak lan piyé nèk kita didisiplin ing jemaat. Kita uga bakal ngrembug carané bèn isa ndisiplin diri. Lan bakal sinau akibaté nèk ora manut karo disiplin.