Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Wong Tuwa, Bantunen Anakmu Bèn Isa Dibaptis

Wong Tuwa, Bantunen Anakmu Bèn Isa Dibaptis

”Apa manèh sing kok entèni? Ngadega, ndang baptisa.”​—KIS. 22:16.

LAGU: 51, 135

1. Sakdurungé anak-anak dibaptis, para wong tuwa Kristen kudu mastèkké apa dhisik?

SEDULUR Blossom Brandt kandha, ”Wis pirang-pirang sasi aku ngomong karo bapak lan ibuku nèk aku péngin dibaptis lan wong tuwaku ya kerep ngomongké soal kuwi. Wong tuwaku péngin mastèkké nèk aku ngerti iki keputusan sing serius. Akhiré aku dibaptis tanggal 31 Desember 1934, kuwi dina sing penting banget.” Semono uga saiki, para wong tuwa péngin mbantu anak-anaké nggawé keputusan sing wicaksana. Nèk anak-anak ngundur-undur kanggo dibaptis ning alesané ora cetha, kuwi isa ngrusak hubungané karo Yéhuwah. (Yak. 4:17) Sakdurungé anak-anak isa dibaptis, wong tuwa péngin mastèkké nèk anaké wis siap dadi muridé Yésus.

2. (a) Apa sing digatèkké para pinituwa wilayah? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

2 Ana pinituwa wilayah sing nggatèkké nèk akèh cah enom sing umuré mèh 20 taun durung dibaptis, senajan wong tuwané Seksi Yéhuwah. Cah-cah enom kuwi teka ing pakumpulan ibadah, nginjil, lan ngrasa nèk dhèwèké kuwi Seksi Yéhuwah. Ning, cah-cah enom kuwi durung nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis. Kadhang kala kuwi merga wong tuwané nganggep nèk anaké durung siap dibaptis. Ing artikel iki kita bakal ngrembug patang bab sing marahi wong tuwa kuwatir. Kuwi nggawé para wong tuwa dadi ora nyemangati anaké kanggo dibaptis.

APA ANAKKU WIS CUKUP UMUR?

3. Wong tuwané Blossom kuwatir bab apa?

3 Wong tuwané Blossom, sing disebutké ing paragraf kapisan, kuwatir apa anaké wis cukup umur kanggo ngerti nèk baptisan kuwi penting lan serius banget. Piyé wong tuwa isa ngerti nèk anaké wis siap janji ngabdi marang Yéhuwah?

4. Piyé wong tuwa isa ngetrapké préntahé Yésus ing Matius 28:19, 20 wektu mulang anaké?

4 Wacanen Matius 28:19, 20. Ing Alkitab, ora ana aturan umur pira wong isa dibaptis. Ning, wong tuwa kudu mikirké tenanan apa tegesé ndadèkké murid. Ing Matius 28:19, tembung Yunani sing diterjemahké ’dadèkna wong-wong muridku’ tegesé mulang wong sing tujuané mbantu dhèwèké bèn dadi murid. Murid kuwi wong sing sinau lan ngerti apa sing diwulangké Yésus banjur manut. Dadi wiwit lair, para wong tuwa kudu mulang anak-anak, tujuané bèn anaké isa janji ngabdi marang Yéhuwah lan dadi muridé Kristus. Pancèn, bayi durung isa dibaptis. Ning Alkitab nduduhké nèk bocah sing isih cilik isa ngerti lan ngajèni wulangané Alkitab.

5, 6. (a) Saka katrangan ing Alkitab, kita isa ngerti apa bab baptisané Timotius? (b) Piyé carané wong tuwa sing wicaksana mbantu anaké?

5 Salah siji murid sing nggawé keputusan kanggo ngabdi marang Yéhuwah wektu isih enom, yaiku Timotius. Rasul Paulus kandha nèk Timotius mulai sinau wulangan sing bener wiwit bayi. Bapaké Timotius dudu abdiné Yéhuwah, ning ibuné lan simbahé mbantu Timotius bèn nresnani Kitab Suci. Asilé, imané Timotius kuwat banget. (2 Tim. 1:5; 3:14, 15) Malah wektu umuré kira-kira 20 taun, Timotius wis dipilih karo Paulus kanggo ngancani dhèwèké dadi utusan injil.​—Kis. 16:1-3.

6 Saben anak kuwi béda-béda. Ana sing isih enom, ning wis ngerti wulangan sing bener, lan isa nggawé keputusan sing wicaksana, banjur péngin dibaptis. Ning ana anak sing butuh wektu luwih akèh bèn isa nindakké kuwi. Mula, wong tuwa sing wicaksana ora bakal meksa anaké kanggo dibaptis. Ning wong tuwa kudu mbantu anaké nggawé kemajuan miturut kemampuan anak-anaké. Wong tuwa seneng nèk anak-anaké ngetrapké naséhat ing Wulang Bebasan 27:11. (Wacanen.) Ning wong tuwa kudu éling nèk tujuané mbantu anaké dadi murid. Dadi, wong tuwa kudu mikirké tenanan pitakonan iki, ’Apa anakku wis nduwé pengetahuan sing cukup bèn isa janji ngabdi lan dibaptis?’

APA ANAKKU NDUWÉ PENGETAHUAN SING CUKUP?

7. Sakdurungé dibaptis, apa wong kudu ngerti kabèh rincian ing Alkitab? Terangna.

Saben muridé Kristus kudu terus sinau sakwisé dibaptis

7 Wektu mulang, wong tuwa kudu mbantu anak-anaké bèn ngerti tenan wulangan sing bener. Pengetahuan sing bener isa mbantu anak-anak nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah. Ning iki dudu tegesé anak kudu ngerti kabèh rincian ing Alkitab sakdurungé isa janji ngabdi lan dibaptis. Merga sakwisé dibaptis, saben muridé Kristus kudu terus sinau. (Wacanen Kolosé 1:9, 10.) Dadi sepira akèhé pengetahuan sing kudu diduwèni sakdurungé dibaptis?

8, 9. Apa sing dialami karo penjaga penjara ing Filipi, lan apa piwulangé?

8 Wong tuwa isa sinau saka pengalaman-pengalamané keluarga jaman mbiyèn. (Kis. 16:25-33) Wektu perjalanan utusan injilé sing kapindho taun 50 M, Paulus lunga menyang kutha Filipi. Ing kono, Paulus lan Silas ditudhuh, ditangkep, lan dilebokké penjara. Pas wengi, ana gempa bumi sing gedhé, lan kuwi marahi kabèh lawang-lawang penjara dadi kebukak. Penjaga penjara ngira nèk kabèh tahanan wis lunga, dadi dhèwèké arep bunuh diri. Ning dialang-alangi Paulus. Banjur Paulus lan Silas mulang penjaga penjara kuwi lan keluargané bab Yésus. Wong-wong kuwi percaya lan ngerti nèk kudu manut karo Yésus. Mula wong-wong kuwi langsung dibaptis. Apa piwulangé?

9 Penjaga penjara kuwi mungkin wis pènsiun dadi prajurit Romawi. Dhèwèké ora ngerti isiné Kitab Suci. Mula bèn isa dadi wong Kristen, dhèwèké kudu sinau wulangan dhasar saka Kitab Suci, ngerti apa préntahé Yéhuwah, lan manut karo Yésus. Dhèwèké péngin dibaptis senajan sinauné mung sedhéla. Sakwisé kuwi, dhèwèké isih kudu terus sinau. Dadi, piyé nèk anaké panjenengan kandha péngin dibaptis merga tresna lan péngin manut karo Yéhuwah? Kandhanana bèn ngomong karo para pinituwa supaya para pinituwa isa ngerti apa anak panjenengan isa dibaptis. * (Deloken cathetan ing ngisor.) Kaya wong-wong Kristen liyané sing wis dibaptis, anak panjenengan bakal terus sinau bab Yéhuwah sajegé urip, malah nganti saklawasé.​—Rm. 11:33, 34.

APA PENDIDIKAN SING PALING APIK KANGGO ANAKKU?

10, 11. (a) Ana wong tuwa sing mikir apa? (b) Piyé bèn anak panjenengan isa nglawan serangané Sétan, donya iki, lan cara mikiré donya iki?

10 Ana wong tuwa sing mikir nèk luwih apik anaké ngrampungké sekolah dhisik lan éntuk gawéan sing apik, sakdurungé dibaptis. Mungkin karepé apik, ning pikirna pitakonan-pitakonan iki, ’Apa kuwi kabèh nggawé anakku isa bener-bener suksès? Apa kuwi cocog karo pathokané Alkitab? Piyé Yéhuwah péngin kita nggunakké urip kita?’​—Wacanen Kohèlèt 12:1.

11 Kita kudu éling nèk kabèh sing ana ing donya iki ora cocog karo kersané lan pandhangané Yéhuwah. (Yak. 4:7, 8; 1 Yoh. 2:15-17; 5:19) Anak panjenengan isa nglawan serangané Sétan, donya iki, lan cara mikiré donya iki nèk dhèwèké nduwé hubungan sing cedhak karo Yéhuwah. Nèk wong tuwa ngutamakké pendidikan lan gawéan sing apik, anak-anak bakal mikir nèk kuwi luwih penting timbang hubungané karo Yéhuwah. Merga nresnani anak-anak, panjenengan mesthi ora péngin anak-anak nduwé pandhangan kaya wong-wong ing donya iki. Siji-sijiné cara bèn isa suksès lan urip seneng, yaiku nèk kita ngutamakké Yéhuwah.​—Wacanen Jabur 1:2, 3.

PIYÉ NÈK ANAKKU NINDAKKÉ DOSA?

12. Apa sebabé ana wong tuwa sing ngrasa nèk luwih apik anaké dibaptis wektu wis diwasa?

12 Salah siji ibu njelaské apa sebabé dhèwèké ora péngin anaké dibaptis. Ibu kuwi kandha, ”Sakjané aku isin ngomongké iki. Ning alesanku sing utama, aku ora péngin anakku diwetokké saka jemaat.” Padha kaya sedulur kuwi, ana wong tuwa sing ngrasa nèk luwih apik anaké dibaptis wektu wis diwasa, merga biasané cah enom kerep nindakké kesalahan merga kurang wicaksana. (Pd. 8:21; WB. 22:15) Mbokmenawa para wong tuwa kuwi mikir nèk anaké durung dibaptis ora bakal diwetokké saka jemaat. Ning apa sebabé pandhangan kaya ngono kuwi salah?​—Yak. 1:22.

13. Nèk durung dibaptis, apa tegesé wong kuwi ora nduwé tanggung jawab marang Yéhuwah? Terangna.

13 Pancèn, wong tuwa ora péngin anaké dibaptis sakdurungé dhèwèké siap janji ngabdi marang Yéhuwah. Ning wong tuwa aja nganti mikir nèk anak durung dibaptis kuwi ora nduwé tanggung jawab marang Yéhuwah. Bocah-bocah wis nduwé tanggung jawab marang Yéhuwah wektu dhèwèké ngerti sing salah lan bener miturut Yéhuwah. (Wacanen Yakobus 4:17.) Wong tuwa sing wicaksana ora bakal ngalang-alangi anaké kanggo dibaptis. Wiwit anaké isih cilik, wong tuwa bakal mbantu anaké bèn nresnani apa sing Yéhuwah tresnani, lan sengit karo apa sing disengiti Yéhuwah. Wong tuwa kudu dadi tuladha sing apik. (Luk. 6:40) Nèk anak panjenengan nresnani Yéhuwah, dhèwèké ora bakal nindakké dosa sing gedhé, merga dhèwèké péngin nindakké apa sing bener.​—Yé. 35:8.

DIBANTU SEDULUR LIYANÉ

14. Piyé para pinituwa isa ndhukung wong tuwa?

14 Para pinituwa isa ndhukung wong tuwa. Contoné, para pinituwa isa nyritakké sing apik bab cita-cita rohani. Salah siji sedulur wédok isih éling wektu dhèwèké umur enem taun dijak ngobrol karo Sedulur Russell. Sedulur wédok mau kandha, ”Sedulur Russell ngobrol karo aku bab cita-cita rohaniku suwéné 15 menit.” Hasilé sedulur wédok kuwi dadi perintis nganti luwih saka 70 taun. Dadi nèk ngomongké bab sing apik lan nyemangati sedulur liyané kuwi isa ana pengaruhé kanggo uripé wong kuwi. (WB. 25:11) Para pinituwa uga isa ngundang para wong tuwa wektu resik-resik utawa ndandani Balé Ibadah. Lan anak-anak isa diwènèhi tugas sing cocog karo umur lan kemampuané.

15. Piyé sedulur liyané ing jemaat isa mbantu cah-cah enom?

15 Piyé sedulur liyané ing jemaat isa mbantu? Carané yaiku nggatèkké cah-cah enom. Contoné, panjenengan isa nggatèkké apa ana cah enom sing nggawé kemajuan rohani. Apa ana sing mènèhi urun rembug sing apik, éntuk tugas maca Alkitab, utawa tugas liyané ing Pakumpulan Ibadah Urip lan Nginjil? Apa ana sing wani ngabar ing sekolahan utawa wani nolak nindakké bab sing salah? Nèk iya, panjenengan isa ngalem bocah kuwi. Panjenengan isa ngomong karo cah-cah enom sakdurungé lan sakwisé pakumpulan ibadah. Nèk nindakké kuwi, cah-cah enom isa ngrasa dadi bagéan saka ”jemaat sing gedhé”.​—Ms. 35:18, Terjemahan Donya Anyar.

BANTUNEN ANAKMU NGGAWÉ KEMAJUAN LAN DIBAPTIS

16, 17. (a) Apa sebabé anak-anak kudu dibaptis? (b) Kabungahan apa sing dirasakké wong tuwa Kristen? (Deloken gambar ing kaca 9)

16 Salah siji kaurmatan sing gedhé kanggoné wong tuwa yaiku mulang anak-anaké bèn nresnani Yéhuwah. (Ms. 127:3; Éf. 6:4) Mbiyèn, anak-anaké wong Israèl wis ngabdi marang Yéhuwah wiwit lair. Ning saiki ora kaya ngono. Senajan wong tuwa nresnani Yéhuwah lan wulangan sing bener, durung mesthi anaké ya ngono. Wiwit bayi, wong tuwa kudu mulang anaké bèn dadi murid, janji ngabdi marang Yéhuwah, lan dibaptis. Ora ana sing luwih penting ketimbang kuwi mau kabèh. Nèk wong janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis sarta tetep setya marang Yéhuwah, dhèwèké isa slamet ngliwati sengsara gedhé.​—Mat. 24:13.

Tujuané wong tuwa, yaiku mbantu anaké bèn dadi murid (Deloken paragraf 16, 17)

17 Wektu Blossom Brandt péngin dibaptis, wong tuwané péngin mastèkké nèk dhèwèké wis siap. Sakwisé kuwi wong tuwané isa ndhukung keputusané. Dhèwèké nyritakké apa sing ditindakké bapaké ing bengi sakdurungé dhèwèké dibaptis, ”Bapak ngajak aku kabèh sujud lan ndonga. Bapak kandha marang Yéhuwah nèk dhèwèké seneng banget merga anak wédoké sing isih cilik milih ngabdi marang Yéhuwah.” Luwih saka 60 taun sakbanjuré, Blossom kandha, ”Aku terus kèlingan bengi kuwi.” Para wong tuwa, muga-muga panjenengan bungah wektu anak-anak panjenengan janji ngabdi lan dibaptis dadi abdiné Yéhuwah.

^ par. 9 Wong tuwa isa rembugan karo anaké nganggo buku Pertanyaan Kaum MudaJawaban yang Praktis, Jilid 2, kaca 304-310. Deloken uga ”Kotak Pertanyaan” ing Pelayanan Kerajaan Kita April 2011 kaca 2.