Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 10

Mbantu sing Sinau Alkitab Bèn Gelem Dibaptis

Mbantu sing Sinau Alkitab Bèn Gelem Dibaptis

”Nèk saben anggota nindakké bagéané . . . , badan kuwi isa saya gedhé lan kuwat.”—ÉF. 4:16.

LAGU 85 Ayo Nampa Siji lan Sijiné

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Sapa waé sing isa mbantu wong sing sinau Alkitab bèn akhiré gelem dibaptis?

AMY saka Fiji kandha, ”Aku seneng sinau Alkitab karo Seksi Yéhuwah. Aku ya ngerti nèk sing tak sinaoni saka Alkitab kuwi pancèn bener. Ning, sakwisé bergaul karo sedulur-sedulur, aku dadi luwih semangat kanggo ngetrapké sing wis tak sinaoni nganti akhiré aku dibaptis.” Saka pengalamané Amy, awaké dhéwé isa ngerti soal iki: Sedulur-sedulur ing jemaat isa mbantu wong sing sinau Alkitab bèn isa luwih semangat ngetrapké kabèh sing wis disinaoni.

2 Kabèh sedulur isa mbantu wong sing lagi sinau Alkitab bèn isa dadi anggota jemaat. (Éf. 4:16) Perintis saka Vanuatu sing jenengé Leilani kandha, ”Ana peribahasa sing kandha nèk butuh wong sak désa kanggo nggedhèkké anak siji. Nurutku, mbantu wong sing sinau Alkitab kuwi ya padha. Awaké dhéwé butuh dhukungané sedulur-sedulur sak jemaat bèn sing sinau kuwi akhiré gelem ngabdi marang Yéhuwah.” Kaya sing diomongké Leilani, wong tuwa, anggota keluarga, kanca-kanca, lan guru ing sekolah kudu nyemangati lan mulang anak-anak bèn anak-anak kuwi isa dadi wong sing déwasa. Padha kaya ngono, kabèh sedulur ya isa mènèhi saran, nyemangati, lan mènèhi conto sing apik kanggo wong sing sinau Alkitab. Hasilé, wong-wong kuwi bakal luwih semangat ngetrapké sing wis disinaoni nganti akhiré gelem dibaptis.​—WB. 15:22.

3. Apa sing isa disinaoni saka koméntaré Ana, David, lan Leilani?

3 Kenapa kuduné awaké dhéwé malah seneng nèk ana sedulur liya sing mbantu wong sing lagi sinau Alkitab karo awaké dhéwé? Gatèkna koméntaré Ana, perintis istiméwa saka Moldova. Dhèwèké kandha, ”Biasané, wong sing lagi sinau Alkitab kuwi mbutuhké akèh bantuan. Mula, wong sing mbantu dhèwèké sinau Alkitab isa kewalahan nèk ora dibantu sedulur-sedulur liyané.” David, * perintis istiméwa liyané saka Moldova, kandha, ”Sedulur liya isa waé ngomongké sesuatu sing durung tau tak pikirké sakdurungé. Kerep-kerepé, kuwi malah isa nyemangati wong sing sinau Alkitab karo aku.” Leilani ya kandha, ”Wektu sing sinau ngrasakké nèk sedulur-sedulur sayang lan perduli karo dhèwèké, sing sinau dadi ngerti nèk awaké dhéwé kuwi bener-bener umaté Yéhuwah.”​—Yoh. 13:35.

4. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Nèk saiki durung ana sing sinau Alkitab karo njenengan, njenengan mungkin mikir, ’Wong sing sinau Alkitab kuwi kan sinauné dudu karo aku, lha terus piyé carané aku isa mbantu dhèwèké?’ Saiki, ayo ngrembug sing isa ditindakké wektu ngancani sedulur liya mulang Alkitab lan wektu sing sinau Alkitab wis mulai berhimpun. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé para pinituwa isa mbantu sing sinau Alkitab bèn gelem dibaptis.

WEKTU NGANCANI SEDULUR LIYA MULANG ALKITAB

Nèk njenengan dijak ngancani mulang Alkitab, njenengan isa persiapan dhisik (Deloken paragraf 5-7)

5. Apa tugasé awaké dhéwé nèk dijak ngancani sedulur liya mulang Alkitab?

5 Wektu sinau, sedulur sing mulang nduwé tanggung jawab kanggo mbantu sing sinau bèn isa paham isiné Alkitab. Nèk awaké dhéwé dijak ngancani sedulur kuwi, tugasé awaké dhéwé kuwi mbantu dhèwèké. (Pkh. 4:9, 10) Piyé carané awaké dhéwé mbantu sedulur kuwi?

6. Piyé carané ngetrapké Wulang Bebasan 20:18 wektu ngancani sedulur sing mulang Alkitab?

6 Persiapan. Pertama, njenengan isa nggolèk informasi soal sing sinau saka sedulur sing mulang. (Wacanen Wulang Bebasan 20:18.) Misalé, njenengan isa takon karo sing mulang, ”Apa latar belakangé sing sinau? Sinauné nganggo buku apa, lan wis tekan endi sinauné? Saka sing disinaoni kuwi, njenengan péngin sing sinau ngerti soal apa? Piyé bèn aku isa nguwatké lan ora nggawé sing sinau tersinggung? Piyé aku isa nyemangati sing sinau bèn gelem ngetrapké sing wis disinaoni?” Pancèn, sedulur sing mulang ora bakal nyritakké hal-hal sing pribadi soal sing sinau. Ning, saka informasi sing disampèkké sedulur kuwi, njenengan isa ngerti kudu piyé wektu ngancani dhèwèké mulang Alkitab. Gatèkna pengalamané salah siji utusan injil sing jenengé Joy. Sakdurungé mulang Alkitab, biasané Joy nyritakké dhisik soal sing sinau marang sedulur sing ngancani dhèwèké. Apa hasilé? Joy kandha, ”Sedulur-sedulur sing ngancani aku dadi luwih semangat merga ngerti apa sing kudu diomongké kanggo mbantu sing sinau Alkitab.”

7. Kenapa njenengan kudu persiapan dhisik nèk dijak ngancani mulang Alkitab?

7 Nèk dijak ngancani mulang Alkitab, njenengan isa persiapan dhisik. (Ézr. 7:10) David, sing mau disebutké, kandha, ”Aku seneng nèk sedulur sing ngancani aku wis persiapan, merga dhèwèké isa mènèhi koméntar sing bermanfaat kanggo sing sinau.” Terus, nèk sing mulang lan sing ngancani wis persiapan, kuwi ya dadi conto sing apik kanggo sing sinau. Nèk njenengan ora isa persiapan kabèh bahané, paling ora njenengan isa persiapan sedhéla bèn ngerti intiné sing arep dirembug.

8. Piyé bèn dongané njenengan isa cocog karo kebutuhané sing sinau?

8 Donga kuwi salah siji bagéan sing penting wektu sinau Alkitab. Dadi, njenengan isa mikirké dhisik apa sing arep diomongké wektu ndonga nèk sak umpama njenengan dikongkon ndonga. Hasilé, dongané njenengan isa cocog karo kebutuhané sing sinau. (Mzm. 141:2) Gatèkna pengalamané Hanae saka Jepang. Pas dhèwèké sinau Alkitab, ana sedulur wédok sing ngancani guru Alkitabé. Hanae kandha, ”Wektu sedulur wédok kuwi ndonga, aku isa ngrasakké nèk sedulur kuwi cedhak karo Yéhuwah. Aku dadi péngin cedhak karo Yéhuwah kaya sedulur wédok kuwi. Aku ya ngrasa disayangi merga sedulur kuwi nyebutké jenengku pas ndonga.”

9. Nurut Yakobus 1:19, piyé njenengan isa ndhukung sedulur sing mulang Alkitab?

9 Ndhukung sedulur sing mulang Alkitab. Omamuyovbi, sedulur wédok saka Nigeria sing nglayani dadi perintis istiméwa, kandha, ”Pas sinau, sedulur sing ngancani kudu nggatèkké tenanan. Dhèwèké ya sadhar nèk sing tanggung jawab mbantu sing sinau bèn isa paham kuwi sing mulang. Mula, dhèwèké ora bakal mènèhi terlalu akèh koméntar.” Piyé carané bèn njenengan ngerti kapan kudu mènèhi koméntar lan apa sing kudu disampèkké? (WB. 25:11) Njenengan kudu ngrungokké tenanan pas sing mulang lagi rembugan karo sing sinau. (Wacanen Yakobus 1:19.) Hasilé, njenengan bakal luwih siap mènèhi koméntar sing dibutuhké. Ning, njenengan ya kudu ngati-ati bèn ora mènèhi terlalu akèh koméntar, nyela wektu sing mulang lagi njelaské, utawa malah ngrembug topik liya. Njenengan isa mènèhi koméntar sing singkat, perumpamaan, utawa pitakonan tambahan, bèn sing sinau isa paham karo topik sing disinaoni. Ning, kadhang njenengan isa waé ngrasa nèk ora perlu mènèhi koméntar manèh. Senajan ngono, njenengan isa ngalem sing sinau lan nduduhké nèk perduli karo dhèwèké. Kuwi bakal nggawé sing sinau luwih semangat ngetrapké sing wis disinaoni.

10. Apa manfaaté nyritakké pengalamané njenengan karo sing sinau Alkitab?

10 Nyritakké pengalamané njenengan. Nèk cocog, njenengan isa nyritakké pengalamané njenengan, misalé wektu njenengan pertama kali sinau Alkitab, wektu berhasil ngatasi tantangan, utawa wektu ngrasakké bantuané Yéhuwah. (Mzm. 78:4, 7) Pengalamané njenengan isa waé ana manfaaté kanggo sing sinau. Kuwi isa waé nguwatké imané sing sinau utawa nyemangati dhèwèké bèn gelem dibaptis. Saka pengalamané njenengan, mungkin sing sinau ya dadi ngerti carané ngatasi tantangan sing lagi diadhepi. (1 Ptr. 5:9) Gatèkna pengalamané perintis saka Brazil sing jenengé Gabriel. Dhèwèké kandha, ”Pas aku sinau Alkitab, ana sedulur-sedulur sing seneng nyritakké pengalamané. Saka kono, aku dadi ngerti nèk Yéhuwah jebulé nggatèkké wektu awaké dhéwé ngalami tantangan. Nèk sedulur-sedulur kuwi isa ngatasi tantangan, aku mesthi ya isa.”

WEKTU SING SINAU ALKITAB TEKA BERHIMPUN

Wektu sing sinau wis teka berhimpun, kabèh sing ana ing jemaat isa mbantu dhèwèké bèn rajin berhimpun (Deloken paragraf 11)

11-12. Kenapa awaké dhéwé kudu nyambut sing sinau Alkitab pas dhèwèké teka berhimpun?

11 Bèn isa dibaptis, sing sinau Alkitab kudu rajin berhimpun. Dhèwèké ya kudu ngrasakké manfaaté nèk ngetrapké sing wis disinaoni ing perhimpunan. (Ibr. 10:24, 25) Mula, biasané sing sinau bakal dijak berhimpun karo sing mulang Alkitab. Wektu sing sinau wis teka berhimpun, kabèh sing ana ing jemaat isa mbantu dhèwèké bèn rajin berhimpun. Piyé carané?

12 Nyambut sing sinau Alkitab. (Rm. 15:7) Nèk sing sinau disambut pas dhèwèké teka berhimpun, dhèwèké isa waé péngin teka berhimpun manèh. Nèk sing sinau Alkitab wis teka berhimpun, awaké dhéwé isa nyambut dhèwèké lan ngenalké karo sedulur-sedulur liyané. Ning, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora nggawé dhèwèké dadi ngrasa ora nyaman. Sedulur sing mulang dhèwèké Alkitab mungkin durung teka utawa lagi nangani tugas-tugas liyané ing jemaat. Mula, awaké dhéwé isa ngejak dhèwèké omong-omongan. Pas lagi omong-omongan, awaké dhéwé kudu nggatèkké tenanan apa sing dhèwèké omongké. Awaké dhéwé ya kudu nduduhké nèk perduli karo dhèwèké. Apa hasilé nèk awaké dhéwé ngupayakké kuwi? Gatèkna pengalamané Sedulur Dmitrii. Dhèwèké dibaptis pirang-pirang taun kepungkur lan saiki wis nglayani dadi abdiné jemaat. Dmitrii kandha, ”Pas aku pertama kali teka berhimpun, aku nunggu ing njaba karo bingung. Terus, ana sedulur sing marani aku lan ngejak aku mlebu ing Balé Ibadah. Aku seneng banget merga sedulur-sedulur padha nyambut aku. Saking senengé, aku péngin isa berhimpun saben dina. Lagi iki aku ngrasa kaya ngono.”

13. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé mènèhi conto sing apik?

13 Dadi conto sing apik. Nèk awaké dhéwé mènèhi conto sing apik, sing sinau Alkitab isa percaya nèk awaké dhéwé bener-bener wong Kristen sing sejati. (Mat. 5:16) Gatèkna pengalamané Vitalii, sing saiki dadi perintis ing Moldova. Dhèwèké kandha, ”Aku nggatèkké nèk para sedulur kuwi wongé apik-apik. Aku dadi yakin nèk Seksi Yéhuwah kuwi agama sing bener.”

14. Kenapa contoné awaké dhéwé isa nggawé sing sinau dadi gelem ngetrapké sing wis disinaoni?

14 Bèn isa dibaptis, sing sinau Alkitab ya kudu ngetrapké apa sing wis disinaoni. Kadhang kuwi ora gampang. Ning saka contoné awaké dhéwé, sing sinau isa dadi ngerti nèk ngetrapké pathokané Alkitab kuwi akèh manfaaté. Hasilé, dhèwèké mungkin bakal gelem niru awaké dhéwé lan ngetrapké pathokané Alkitab. (1 Kor. 11:1) Sedulur Hanae, sing disebutké mau, kandha, ”Sedulur-sedulur dadi conto sing apik merga wis ngetrapké apa sing lagi tak sinaoni. Aku dadi ngerti carané bèn aku isa nguwatké, ngapura, lan nduduhké rasa sayangku marang wong liya. Sedulur-sedulur ya ora tau ngèlèk-èlèk wong liya. Aku péngin niru sedulur-sedulur kuwi.”

15. Nurut Wulang Bebasan 27:17, kenapa awaké dhéwé kudu ngupaya akrab karo sing sinau Alkitab nèk dhèwèké wis rajin berhimpun?

15 Ngupaya bèn luwih akrab karo sing sinau. Nèk sing sinau wis rajin teka berhimpun, awaké dhéwé kudu terus nduduhké nèk perduli karo dhèwèké. (Flp. 2:4) Awaké dhéwé isa ngupaya bèn luwih akrab karo sing sinau. Misalé, awaké dhéwé isa takon soal keluargané, gawéané, utawa sinau Alkitabé. Nèk dhèwèké wis nggawé perubahan, awaké dhéwé ya isa ngalem dhèwèké. Ning, awaké dhéwé kudu ngati-ati bèn ora nggawé dhèwèké ngrasa ora nyaman. Nèk ngupayakké kuwi, isa waé awaké dhéwé dadi luwih akrab karo sing sinau Alkitab, lan kuwi bakal nyemangati dhèwèké bèn gelem dibaptis. (Wacanen Wulang Bebasan 27:17.) Hanae, sing saiki wis dadi perintis biasa, nyritakké pengalamané pas pertama kali teka berhimpun. Dhèwèké kandha, ”Aku dadi seneng teka berhimpun merga aku wis akrab karo para sedulur ing jemaat. Malah senajan kesel, aku tetep teka berhimpun. Aku seneng isa bergaul karo para sedulur. Dadi, aku ora bergaul manèh karo kanca-kancaku sing ora nyembah Yéhuwah. Akhiré, aku gelem dibaptis merga aku péngin cedhak karo Yéhuwah lan para sedulur.”

16. Piyé bèn sing sinau Alkitab isa ngrasa nyaman ing jemaat?

16 Nèk sing sinau Alkitab wis ngetrapké sing wis disinaoni lan nggawé akèh perubahan, awaké dhéwé kudu nggawé dhèwèké ngrasa nyaman ing jemaat. Piyé carané? Awaké dhéwé kudu tetep apikan karo dhèwèké. (Ibr. 13:2) Sedulur Denis, sing nglayani ing Moldova, nyritakké pengalamané pas dhèwèké isih sinau Alkitab. Sedulur Denis kandha, ”Aku karo bojoku wis beberapa kali diundang ramah tamah karo para sedulur. Aku karo bojoku ngrasa dikuwatké merga ngerti piyé carané Yéhuwah mbantu sedulur-sedulur kuwi. Hasilé, aku karo bojoku dadi luwih mantep péngin nglayani Yéhuwah. Aku ya dadi tambah yakin nèk nglayani Yéhuwah kuwi bakal nggawé uripku dadi luwih nyenengké.” Nèk sing sinau Alkitab wis dadi penginjil durung dibaptis, awaké dhéwé ya isa ngejak nginjil bareng. Sedulur Diego saka Brazil kandha, ”Akèh sedulur sing ngejak aku nginjil. Pas nginjil bareng, aku isa sinau saka para sedulur lan dadi luwih kenal karo para sedulur kuwi. Aku ya dadi luwih cedhak karo Yéhuwah lan Yésus.”

CARANÉ PARA PINITUWA MBANTU

Nèk para pinituwa sayang lan perduli karo sing sinau Alkitab, kuwi isa nggawé sing sinau Alkitab dadi péngin dibaptis (Deloken paragraf 17)

17. Piyé carané para pinituwa nduduhké nèk perduli karo sing sinau Alkitab?

17 Nyedhiakké wektu kanggo sing sinau Alkitab. Nèk para pinituwa sayang lan perduli karo sing sinau Alkitab, kuwi isa nggawé sing sinau Alkitab dadi péngin dibaptis. Piyé carané para pinituwa isa nduduhké nèk perduli karo sing sinau Alkitab? Para pinituwa isa kerep omong-omongan karo sing sinau Alkitab. Para pinituwa isa ngéling-éling lan nyebutké jenengé sing sinau Alkitab pas sing sinau Alkitab mulai mènèhi koméntar. Sakliyané kuwi, para pinituwa ya isa nggolèk wektu bèn isa ngancani sedulur liya wektu sedulur kuwi mulang Alkitab. Para pinituwa mungkin ora nyangka nèk kuwi manfaaté gedhé banget kanggo sing sinau. Gatèkna pengalamané Jackie, sedulur wédok saka Nigeria sing nglayani dadi perintis. Dhèwèké kandha, ”Wong-wong sing sinau Alkitab akèh sing kagèt wektu ngerti nèk sing ngancani aku kuwi pinituwa. Malah, ana sing kandha nèk pendhétané ora mungkin kaya ngono, merga pendhétané gelemé mung nekani wong-wong sing sugih lan ora gelem teka nèk ora dibayar.” Wong sing sinau Alkitab kuwi saiki wis teka berhimpun.

18. Piyé carané para pinituwa isa ngetrapké Kisah Para Rasul 20:28?

18 Nglatih lan nyemangati sedulur-sedulur sing mulang Alkitab. Para pinituwa, njenengan nduwé tanggung jawab sing penting kanggo mbantu para sedulur bèn luwih trampil nginjil lan mulang. (Wacanen Kisah Para Rasul 20:28.) Ning merga njenengan pinituwa, mungkin ana sedulur sing isin nèk dikancani njenengan wektu mulang Alkitab. Nèk ngono, njenengan isa kandha nèk njenengan waé sing mulang Alkitabé wektu kuwi. Jackie, sing disebutké mau, kandha, ”Para pinituwa kerep takon soal wong-wong sing sinau Alkitab karo aku. Nèk aku ana kesulitan wektu mulang Alkitab, para pinituwa kuwi mènèhi saran-saran sing apik.” Akèh cara sing isa ditindakké para pinituwa bèn nyemangati sedulur-sedulur sing mulang Alkitab. (1 Tés. 5:11) Jackié kandha, ”Aku seneng banget nèk para pinituwa nyemangati aku lan kandha nèk menghargai kerja kerasku. Rasané kaya ngombé banyu adhem pas lagi ngelak. Aku dadi luwih percaya diri lan luwih semangat wektu mulang Alkitab.”​—WB. 25:25.

19. Senajan durung ana sing gelem sinau Alkitab karo awaké dhéwé, kenapa awaké dhéwé isa tetep seneng?

19 Senajan durung ana sing gelem sinau Alkitab karo awaké dhéwé, ning awaké dhéwé isa mbantu wong sing sinau Alkitab bèn gelem dibaptis. Nèk dijak ngancani sinau Alkitab, awaké dhéwé isa persiapan dhisik lan ora perlu mènèhi terlalu akèh koméntar. Nèk sing sinau wis mulai teka berhimpun, awaké dhéwé isa ngupaya bèn luwih akrab karo dhèwèké lan dadi conto sing apik. Para pinituwa isa nyemangati sing sinau nèk nyedhiakké wektu kanggo sing sinau. Terus, para pinituwa ya perlu ngalem lan nglatih sedulur-sedulur sing mulang Alkitab bèn sedulur-sedulur kuwi isa luwih semangat. Dadi, senajan durung ana sing gelem sinau Alkitab karo awaké dhéwé, ning awaké dhéwé mesthi seneng merga isa mbantu wong liya bèn sayang karo Yéhuwah lan nglayani Dhèwèké

LAGU 79 Tulungana sing Sinau Bèn Isa Setya

^ par. 5 Mungkin, saiki durung ana wong sing gelem sinau Alkitab karo awaké dhéwé. Ning, awaké dhéwé isa mbantu wong-wong sing lagi sinau Alkitab karo sedulur liya bèn gelem dibaptis. Piyé carané? Artikel iki bakal ngrembug soal kuwi.

^ par. 3 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.