Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pitakonané Sing Maca

Pitakonané Sing Maca

Kenapa wong Kristen kudu ngati-ati wektu nggunakké aplikasi ing HP kanggo ngirim pesan?

Wong Kristen nggunakké tèknologi modèrn bèn isa komunikasi karo anggota keluarga utawa sedulur-sedulur seiman. Ning, wong Kristen mesthi péngin manut karo naséhat iki: ”Wong sing pinter nyingkir wektu ana bahaya, ning wong sing ora nduwé pengalaman tetep ana ing kono lan akhiré kena cilaka.”​—WB. 27:12.

Awaké dhéwé mesthi seneng banget merga Yéhuwah péngin nglindhungi awaké dhéwé. Mula, awaké dhéwé ora péngin bergaul karo wong sing nggawé jemaat ora rukun, wong sing wis ditokké saka jemaat, utawa wong sing nyampèkké ajaran sing béda karo ajarané Alkitab. (Rm. 16:17; 1 Kor. 5:11; 2 Yoh. 10, 11) Mungkin, ana wong-wong, termasuk sedulur-sedulur utawa kancané sedulur-sedulur, sing ora manut karo pathokané Alkitab. (2 Tim. 2:20, 21) Mula, awaké dhéwé mesthi péngin ngati-ati wektu milih kanca. Ning, nèk mung liwat HP, awaké dhéwé ora isa bener-bener kenal karo wong-wong sing omong-omongan karo awaké dhéwé.

Biasané, wong-wong isa nggawé grup ing aplikasi sing dienggo ngirim pesan ing HP. Awaké dhéwé kudu ngati-ati nèk gabung grup sing kaya ngono kuwi, khususé nèk grupé isiné akèh. Ana sedulur-sedulur ing grup sing kaya ngono lan akhiré malah kena masalah. Ning, piyé carané ngati-ati nèk sing gabung ing grup kuwi jumlahé atusan utawa éwonan? Apa awaké dhéwé isa bener-bener kenal karo kabèh sing ana ing grup kuwi? Apa awaké dhéwé isa ngerti nèk kabèh sing ana ing grup kuwi cedhak karo Yéhuwah? Mesthiné ora, ta? Mazmur 26:4 kandha, ”Aku ora bergaul karo wong sing seneng ngapusi, lan aku ora kekancan karo wong sing ora nduduhké sipat asliné.” Saka ayat kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk awaké dhéwé luwih apik nggunakké HP kanggo bergaul karo wong-wong sing wis dikenal waé.

Senajan gabung ing grup sing anggotané mung sithik, wong Kristen ya kudu ngati-ati bèn ora ngentèkké wektu kanggo mbalesi pesan sing dikirim ing grup kuwi. Awaké dhéwé ya ora perlu nanggepi nèk sing diomongké ing grup kuwi ora cocog karo pathokané Alkitab. Mbiyèn, Paulus tau ngandhani Timotius bèn ngati-ati karo wong-wong sing ”seneng nggosip lan mèlu-mèlu ngurusi urusané wong liya”. (1 Tim. 5:13) Nèk ora ngati-ati, wong-wong sing gabung ing grup ya isa mulai nggosip utawa ngurusi urusané wong liya.

Wong Kristen sing péngin manut pathokané Alkitab ora bakal ngèlèk-èlèk utawa nyampèkké informasi soal sedulur liya sing kuduné ora éntuk dicritakké marang wong liya. Dhèwèké ya ora bakal nanggepi nèk ana wong sing ngomongké soal kuwi. (Mzm. 15:3; WB. 20:19) Sakliyané kuwi, dhèwèké ora bakal nyampèkké utawa nanggepi informasi sing durung mesthi bener utawa sing ditambah-tambahi. (Éf. 4:25) Nèk péngin ngerti informasi sing dhasaré Alkitab utawa informasi liyané sing isa dipercaya, awaké dhéwé isa bukak situs wèb jw.org lan nonton acara JW Broadcasting® sing disiarké saben sasi.

Ana Seksi Yéhuwah sing nggunakké pesan èlèktronik kanggo bisnis, termasuk kanggo dodolan utawa tuku barang, lan nawakké gawéan. Kuwi ora ana hubungané karo ibadahé awaké dhéwé marang Yéhuwah. Mula, wong Kristen sing ora péngin ”nresnani dhuwit” ora bakal manfaatké sedulur-sedulur kanggo bisnis.​—Ibr. 13:5.

Merga nresnani sedulur-sedulur, awaké dhéwé mesthi péngin mbantu lan nguwatké sedulur-sedulur sing butuh bantuan utawa kena bencana alam. (Yak. 2:15, 16) Nèk ana situasi kaya ngono, awaké dhéwé mungkin péngin ngirim pesan marang kanca-kancané awaké dhéwé bèn isa ngumpulké sumbangan kanggo sedulur-sedulur kuwi. Ning, kuwi sakjané malah isa nyebabké masalah kanggo sedulur-sedulur ing kantor cabang utawa ing jemaat sing arep mbantu sedulur-sedulur sing butuh bantuan kuwi. (1 Tim. 5:3, 4, 9, 10, 16) Awaké dhéwé mesthi ya ora péngin dianggep nduwé tugas khusus kanggo mbantu sedulur-sedulur sing butuh bantuan.

Awaké dhéwé mesthi péngin nindakké kabèh demi kemuliaané Gusti Allah. (1 Kor. 10:31) Mula, awaké dhéwé mesthi péngin ngati-ati wektu ngirim pesan liwat HP utawa wektu nggunakké aplikasi liyané.