Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Aja Nganti Dadi Suda Katresnané

Aja Nganti Dadi Suda Katresnané

”Marga saka saya wuwuhé duraka, temahan wong kang akèh-akèh padha suda katresnané.”MT. 24:12.

LAGU: 23, 24

1, 2. (a) Omongané Yésus ing Matéus 24:12 kuwi sing sepisanan ditujokké marang sapa? (b) Piyé buku Para Rasul nduduhké nèk akèh-akèhé wong Kristen ing abad kapisan njaga katresnané tetep kuwat? (Deloken gambar ing ndhuwur.)

WEKTU ing bumi, Yésus nerangké nèk salah siji tandha ”dinten wekasan” yaiku ana akèh wong sing ”padha suda katresnané”. (Mt. 24:3, 12) Omongané Yésus kuwi sing sepisanan ditujokké marang wong Yahudi ing abad kapisan, sing ngakuné dadi umaté Gusti Allah, ning katresnané marang Gusti Allah wis suda.

2 Akèh-akèhé wong Kristen wektu kuwi pancèn nduwé semangat kanggo martakké kabar apik bab Kristus lan nduduhké katresnané marang Gusti Allah, para sedulur, lan wong liya sing dudu umaté Gusti Allah. Wong-wong kuwi njaga katresnané marang Gusti Allah tetep kuwat. (PR. 2:44-47; 5:42) Sayangé, ana wong-wong Kristen ing abad kapisan sing wis suda katresnané. Apa buktiné?

3. Apa sebabé ana wong Kristen sing dadi suda katresnané?

3 Yésus kandha marang wong-wong Kristen ing abad kapisan sing manggon ing Éfesus, ”Sira wus ninggal katresnanira kang kawitan.” (Wy. 2:4) Wong-wong kuwi isa waé dipengaruhi karo wong liya ing sak kiwa tengené sing mung nggolèk senengé dhéwé. (Éf. 2:2, 3) Éfesus kuwi kutha sing makmur lan wong-wong ing kono luwih ngutamakké urip sing nyaman lan méwah. Akèh wong ing kono tumindaké bejat, ora ngajèni hukumé Gusti Allah, lan luwih ngutamakké kesenengané dhéwé timbang nresnani Yéhuwah lan wong liya.

4. (a) Piyé katresnané wong-wong saiki dadi saya suda? (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Akèh wong ing jaman saiki uga wis suda katresnané marang Gusti Allah. Jutaan wong luwih ngendelké organisasiné manungsa kanggo ngrampungi masalah, timbang ngendelké Gusti Allah. Abdiné Yéhuwah uga isa suda katresnané, kaya sing dialami wong-wong ing jemaat Éfesus. Mula, ayo ngrembug bab njaga katresnan bèn tetep kuwat ing bab: (1) katresnan marang Yéhuwah, (2) katresnan marang Alkitab, lan (3) katresnan marang para sedulur.

KATRESNAN MARANG YÉHUWAH

5. Apa sebabé kita kudu nresnani Gusti Allah?

5 Sapa sing kuduné paling ditresnani? Yésus kandha, ”Sira tresnaa marang Pangéran Allahira kalawan gumolonging atinira, lan gumolonging nyawanira, sarta gumolonging budinira. Yaiku angger-angger kang gedhé lan luhur dhéwé.” (Mt. 22:37, 38) Tresna kuwi isa mbantu kita bèn manut karo Yéhuwah, tetep tekun, lan nggethingi bab sing ala. (Wacanen Jabur 97:10.) Ning, katresnan kita marang Yéhuwah isa dadi suda lan ilang merga pengaruh saka Sétan lan donyané.

6. Apa akibaté nèk mung mikirké kesenengané dhéwé timbang Gusti Allah?

6 Donya iki nduwé pandhangan sing salah bab katresnan. Akèh wong sing ”mung mikir marang awaké dhéwé” timbang Gusti Allah. (2 Tm. 3:2) Sing dipikirké mung ”pepénginaning daging lan pepénginaning mripat tuwin digunging ngaurip”. (1 Yo. 2:16) Rasul Paulus ngandhani apa akibaté nèk mung mikirké kesenengané dhéwé. Paulus kandha, ”Pangangen-angené daging iku pati,” merga wong-wong sing nindakké kuwi sakjané dadi mungsuhé Yéhuwah. (Rm. 8:6, 7) Wong-wong sing mung mikirké nggolèk dhuwit utawa nuruti hawa napsuné bakal dadi gela banget.1 Kr. 6:18; 1 Tm. 6:9, 10.

7. Pandhangan apa sing bahaya kanggo wong-wong Kristen saiki?

7 Akèh wong sing atéis, agnostik, lan percaya évolusi ngupaya bèn wong liya ora nresnani Gusti Allah lan malah nganggep nèk Gusti Allah kuwi ora ana. Wong-wong sing percaya karo Gusti Allah malah dianggep bodho utawa ora nduwé pendhidhikan. Akèh wong uga luwih ngajèni para ilmuwan timbang Gusti Allah. (Rm. 1:25) Pandhangan sing kaya ngono isa nggawé hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah dadi adoh lan katresnané dadi suda.Ib. 3:12.

8. (a) Kahanan apa waé sing isa nggawé kita dadi cilik ati? (b) Piyé isiné Jabur 136 isa nglipur kita?

8 Kadhang kala kita isa dadi cilik ati merga urip ing donyané Sétan sing jahat iki. (1 Yo. 5:19) Contoné, mbokmenawa kita isa cilik ati merga wis tuwa, lara-laranen, nduwé masalah ékonomi, utawa ora isa tumindak kaya sing dipéngini. Sakliyané kuwi, kita uga isa gela merga ana kahanan sing ora kelakon kaya sing dikarepké. Kuwi kabèh isa nggawé iman lan katresnan kita dadi suda. Mula, kita kudu tetep yakin nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké. Élinga karo isiné Jabur 136:23 sing isa nglipur kita, ”Gusti Allah kang ngèngeti kita sajroning kaasoran, awit langgeng sih-kadarmané.” Kita isa yakin nèk Yéhuwah bakal ngrungokké lan njawab ’panyuwuné’ awaké dhéwé.Ms. 116:1; 136:24-26.

9. Apa sing isa nggawé katresnané Paulus marang Yéhuwah tetep kuwat?

9 Rasul Paulus isa tetep kuwat merga mikirké dhukungané Yéhuwah. Paulus nulis, ”Gusti Allah kang mitulungi aku. Aku bakal ora wedi. Manungsa bisa manggawé apa marang aku?” (Ib. 13:6) Wektu ngadhepi tantangan lan kahanan sing angèl, Paulus tetep yakin nèk Yéhuwah mesthi mbantu. Malah, wektu dipenjara, Paulus isa nulis surat kanggo nguwatké para sedulur ing jemaat-jemaat. (Éf. 4:1; Fp. 1:7; Fm. 1) Senajan ngadhepi masalah apa waé, Paulus tetep ngendelké Yéhuwah lan njaga katresnané tetep kuwat. Paulus kandha, ”Gusti Allah kang dadi sumbering panglipur, kang nglipur aku kabèh ing sajroning kasusahanku.” (2 Kr. 1:3, 4) Piyé carané niru Paulus?

Duduhna katresnan marang Yéhuwah (Deloken paragraf 10)

10. Piyé carané njaga bèn katresnan marang Yéhuwah tetep kuwat?

10 Paulus nerangké nèk ndonga kuwi salah siji cara kanggo njaga bèn katresnan marang Yéhuwah tetep kuwat. Mula, Paulus kandha, ”Aja kendhat anggonmu ndedonga,” lan, ”Dimantep anggonmu ndedonga.” (1 Ts. 5:17; Rm. 12:12) Wektu ndonga, kita omong-omongan karo Yéhuwah lan dadi saya akrab karo Yéhuwah. (Ms. 86:3) Kita isa dadi luwih cedhak karo Yéhuwah merga nyritakké apa sing ana ing ati lan pikirané awaké dhéwé. (Ms. 65:3) Sakliyané kuwi, wektu ngrasakké dhéwé Yéhuwah njawab donga kita, kita dadi saya tresna karo Yéhuwah. Kita yakin nèk ”Yéhuwah celak karo saben wong kang nyebut marang asmané”. (Ms. 145:18) Kita perlu yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal nresnani lan ndhukung kita. Kuwi isa mbantu kita ngadhepi kasusahan sing mbokmenawa lagi dialami utawa sing bakal dialami sukmbèn.

KATRESNAN MARANG ALKITAB

11, 12. Piyé carané bèn saya nresnani Alkitab?

11 Kita kabèh mesthi nresnani Alkitab merga isiné piwulang sing bener saka Gusti Allah. Yésus kandha marang Bapaké, ”Pangandika Paduka inggih punika kayektosan.” (Yo. 17:17) Bèn isa nresnani Alkitab, kita kudu ngerti isiné. (Kl. 1:10) Sakliyané kuwi, ana manèh sing kudu ditindakké, kaya sing dijelaské ing Jabur 119. (Wacanen Jabur 119:97-100.) Saben dina, kita kudu mikirké tenanan isiné sarta paédahé nèk ngetrapké ing urip kita. Kuwi isa nggawé awaké dhéwé dadi luwih nresnani Alkitab.

12 Sing nulis buku Jabur uga kandha, ”Iba manisipun raosing pangandika Paduka, ngungkuli legining madu wonten ing ilat kawula.” (Ms. 119:103, Basa Jawi Padintenan) Wacan-wacan Alkitab saka pakumpulané Yéhuwah kuwi kaya panganan sing énak. Nèk mangan panganan sing disenengi, biyasané butuh wektu kanggo ngrasakké. Semono uga, kita butuh wektu kanggo sinau Alkitab bèn isa ngrasakké tenan nèk Alkitab kuwi isiné ”tetembungan kang nyenengaké”. Dadi, kita bakal luwih gampang ngéling-éling lan nggunakké kuwi kanggo mbantu wong liya.Ko. 12:10.

13. Apa sing mbantu Yérémia nresnani pangandikané Yéhuwah? Apa pengaruhé kuwi kanggo Yérémia?

13 Nabi Yérémia kandha, ”Samangsa kawula pinanggih kaliyan sabda pangandika Paduka, lajeng kawula raosaken nikmatipun; pangandika Paduka punika dados kabingahan kawula saha nyenengaken manah kawula, amargi asma Paduka sinebut tumrap kawula, dhuh Sang Yéhuwah, Gustinipun ingkang sarwa dumados.” (Ym. 15:16) Yérémia isa nresnani pangandikané Yéhuwah merga kuwi terus dipikirké tenanan. Yérémia ngajèni tugas martakké pangandikané Yéhuwah lan dadi wakilé. Semono uga, nèk nresnani Alkitab, kita bakal ngajèni hak istiméwa kanggo dadi Seksiné Yéhuwah lan kanggo martakké Kratoné Allah ing dina-dina pungkasan.

Duduhna katresnan marang Alkitab (Deloken paragraf 14)

14. Apa manèh sing isa mbantu kita bèn luwih nresnani Alkitab?

14 Apa manèh sing isa mbantu kita bèn luwih nresnani Alkitab? Kita perlu ajeg teka ing pakumpulan ibadah kanggo ngrungokké piwulang saka Yéhuwah. Rembugan Warta Penting saben minggu kuwi salah siji sarana sing utama kanggo mulang kita. Bèn isa éntuk paédah, kita kudu persiapan dhisik. Contoné, kita perlu maca saben ayat sing dikutip. Saiki, kita isa maca utawa ngundhuh Warta Penting vèrsi èlèktronik sing ana ing akèh basa ing situs wèb jw.org lan aplikasi JW Library. Ana vèrsi èlèktronik sing dirancang kanggo mbantu kita bèn luwih gampang maca ayat-ayat sing dikutip ing kono. Nèk kita maca lan mikirké tenanan ayat-ayat Alkitab ing saben artikel, kuwi isa nggawé kita saya nresnani Alkitab.Wacanen Jabur 1:2.

KATRESNAN MARANG PARA SEDULUR

15, 16. (a) Yésus mènèhi préntah apa ing Yokanan 13:34, 35? (b) Apa hubungané katresnan marang Yéhuwah lan Alkitab karo katresnan marang para sedulur?

15 Bengi sakdurungé séda, Yésus kandha, ’Kowé padha dakwènèhi pepakon anyar, iya iku supaya kowé padha tresna-tinresnanana: dikaya anggonku wus tresna marang kowé, kowé iya padha tresna-tinresnanana uga. Kanthi mangkono saben wong bakal padha weruh, yèn kowé padha dadi siswaku, yaiku manawa kowé padha tresna-tinresnan.’Yo. 13:34, 35.

16 Nresnani para sedulur kuwi ana hubungané karo nresnani Yéhuwah. Nèk ora nresnani Yéhuwah, kita ora isa nresnani para sedulur. Lan nèk ora nresnani para sedulur, kita ora isa nresnani Yéhuwah. Rasul Yokanan nulis, ”Wong kang ora tresna marang saduluré kang kasat mripat, kapriyé anggoné bisa tresna marang Gusti Allah kang ora katon?” (1 Yo. 4:20) Katresnan kita marang Yéhuwah lan para sedulur kuwi uga ana hubungané karo katresnan marang Alkitab. Kok isa? Nèk kita nresnani piwulang saka Alkitab, kita mesthi péngin nindakké préntah ing Alkitab kanggo nresnani Yéhuwah lan para sedulur.1 Pt. 1:22; 1 Yo. 4:21.

Duduhna katresnan marang para sedulur (Deloken paragraf 17)

17. Piyé carané nduduhké katresnan ing jemaat?

17 Wacanen 1 Tésalonika 4:9, 10. Piyé carané nduduhké katresnan ing jemaat? Para sedulur sing wis sepuh mbokmenawa butuh bantuan kanggo mangkat mulih saka pakumpulan ibadah. Sedulur sing wis dadi randha isa waé butuh dibantu ndandani omahé. (Yb. 1:27) Kita uga isa nggatèkké, nglipur, lan nguwatké para sedulur sing lagi strès, cilik atiné, utawa ngadhepi masalah. (WB. 12:25; Kl. 4:11) Kita nduduhké katresnan marang ”sadulur-sadulur kita kang tunggal pracaya” liwat omongan lan tumindak.Gl. 6:10.

18. Apa sing isa mbantu kita kanggo ngrampungi masalah karo para sedulur?

18 Alkitab kandha nèk ”ing dina-dina wekasan”, akèh wong sing srakah lan luwih mikirké kesenengané dhéwé. (2 Tm. 3:1, 2) Mula, kita kudu ngupaya tenanan kanggo njaga bèn katresnan kita marang Yéhuwah, Alkitab, lan para sedulur isa tetep kuwat. Merga ora sampurna, kadhang kala kita isa salah paham karo para sedulur. Ning, kita mesthi bakal langsung ngupaya kanggo ngrampungi masalahé kanthi apikan merga nresnani para sedulur. (Éf. 4:32; Kl. 3:14) Dadi, ngupayaa bèn luwih tresna marang Yéhuwah, Alkitab, lan para sedulur. Aja nganti dadi suda katresnané.