Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

’Apa Kowé Tresna marang Aku Ngluwihi Iki?’

’Apa Kowé Tresna marang Aku Ngluwihi Iki?’

’Simon anaké Yokanan, apa kowé tresna marang aku ngluwihi iki?’YO. 21:15.

LAGU: 32, 45

1, 2. Sakwisé nggolèk iwak sewengi muput, Pétrus éntuk piwulang apa?

WIS sewengi muput pitung muridé Yésus nggolèk iwak ing Laut Galiléa. Ning, ora éntuk siji-sijia. Sésuk ésuké, Yésus sing wis diuripké manèh, ngadeg ing pantai lan ndelok murid-muridé kuwi. Banjur, Yésus kandha, ”’Jalamu tibakna ing satengené prau, temah kowé bakal padha olèh.’ Jalané tumuli ditibakaké, nanging banjur ora kena ditarik, awit saka akèhé iwaké.”Yo. 21:1-6.

2 Yésus nyedhiyakké roti lan iwak kanggo sarapan para muridé. Banjur, Yésus nyedhaki Simon Pétrus lan takon, ’Simon anaké Yokanan, apa kowé tresna marang aku ngluwihi iki?’ Yésus ngerti nèk Pétrus seneng nggolèk iwak. Mula, Yésus takon apa Pétrus luwih tresna karo gawéané nggolèk iwak timbang karo Yésus lan piwulangé. Pétrus njawab, ”Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.” (Yo. 21:15) Mulai wektu kuwi, Pétrus mbuktèkké nèk dhèwèké tresna karo Yésus. Pétrus sregep nginjil lan dadi salah siji anggota jemaat Kristen sing penting.

3. Wong Kristen kudu ngati-ati ing bab apa?

3 Apa sing isa disinau saka kandhané Yésus marang Pétrus? Kita kudu ngati-ati bèn katresnan kita marang Yésus aja nganti suda. Yésus ngerti nèk murid-muridé bakal ngadhepi tantangan sing isa marahi strès lan kuwatir. Ing perumpamaané, Yésus kandha nèk ana wong sing mauné gelem lan semangat nampa ”pangandika bab Kratoning Swarga”. Ning, sakbanjuré, ”piwulang mau ora bisa ngetokké woh, jalaran kalah karo pikiran bab kabutuhané urip lan banda donya”. Wong-wong kuwi wis dadi ora semangat manèh. (Mt. 13:19-22, Basa Jawa Suriname [BJS]; Mk. 4:19) Nèk ora ngati-ati, rasa kuwatir isa nggawé kita ora semangat ngabdi manèh. Mula, Yésus ngélikké para muridé, ”Padha jaganen awakmu dhéwé, atimu aja nganti kabotan déning pista gedhèn lan mendem, tuwin déning kasusahaning ngaurip.”Lk. 21:34.

4. Apa buktiné nèk katresnan kita marang Yésus isih tetep kuwat? (Deloken gambar ing kaca 21.)

4 Kaya Pétrus, kita isa mbuktèkké katresnan marang Yésus nèk ngutamakké gawéan nginjil. Apa buktiné nèk kita terus nindakké kuwi? Kita isa mikir ngéné, ’Apa sing paling tak tresnani? Aku luwih seneng ngabdi marang Yéhuwah utawa nindakké kagiyatan liyané?’ Bèn isa njawab pitakonan kuwi, ayo dirembug telung bab sing isa nggawé katresnan kita marang Yésus dadi suda, yaiku gawéan, rékréasi, lan bandha.

PANDHANGAN SING SEIMBANG BAB GAWÉAN

5. Para kepala keluarga nduwé tanggung jawab apa?

5 Pétrus nggolèk iwak ora mung merga seneng, ning kuwi wis dadi gawéané kanggo nyukupi kebutuhan keluargané. Saiki, para kepala keluarga uga kudu mempeng nyambut gawé kanggo nyukupi kebutuhan keluargané. Kuwi tanggung jawab saka Yéhuwah. (1 Tm. 5:8) Ning, ing dina-dina wekasan iki, nyambut gawé kuwi malah isa nggawé kuwatir.

6. Apa sebabé nyambut gawé kuwi isa marahi strès?

6 Akèh wong sing butuh gawéan, ning gawéané ora ana, mula padha rebutan gawéan. Ana akèh wong sing kudu lembur, ning gajiné tetep ora cukup. Akèh perusahaan saiki péngin ngasilké barang luwih akèh, ning ora gelem nduwé akèh karyawan. Mula, wong-wong sing nyambut gawé ing kono dadi strès, kekeselen, lan lara. Akèh wong kuwatir kélangan gawéan nèk ora gelem nindakké kepénginané juragané.

Awaké dhéwé luwih setya karo Yéhuwah timbang karo liyané

7, 8. (a) Awaké dhéwé kudu luwih setya karo sapa? (b) Piwulang penting apa sing disinaoni karo sedulur lanang ing Thailand bab gawéané?

7 Awaké dhéwé luwih setya karo Yéhuwah timbang karo liyané, klebu karo juragané dhéwé. (Lk. 10:27) Nyambut gawé kuwi pancèn penting kanggo nyukupi kebutuhan saben dina lan ndhukung gawéan nginjil. Ning, nèk ora ngati-ati, tanggung jawab ing gawéan isa ngganggu ibadah kita. Kita isa sinau saka pengalamané sedulur lanang ing Thailand, sing kandha, ”Aku seneng nyambut gawé dadi tukang ndandani komputer. Ning, kuwi ngentèkké wektu lan aku dadi ora nduwé wektu kanggo nindakké bab rohani. Aku akiré sadhar nèk kudu ganti gawéan bèn isa luwih ndhisikké Kratoné Allah.” Apa sing ditindakké sedulur kuwi?

8 Dhèwèké crita, ”Sakwisé nggawé rencana kira-kira setaun, aku akiré mutuské kanggo dodolan ès krim ing ndalan. Awalé, aku ora isa éntuk dhuwit sing cukup lan dadi cilik ati. Wektu ketemu karo kanca kerjaku mbiyèn, aku diécé lan dilokké merga pilih dodol ès krim timbang kerja nganggo komputer ing ruangan sing ana AC-né. Aku ndonga lan njaluk tulung karo Yéhuwah bèn aku isa tetep kuwat lan isa luwih akèh nindakké bab rohani kaya sing tak péngini. Ora let suwé, aku dadi saya trampil nggawé ès krim sing énak. Dadi, saben dina dodolanku mesthi laris. Aku saiki nduwé dhuwit luwih akèh timbang mbiyèn wektu isih kerja ndandani komputer. Aku uga dadi luwih bungah merga ora perlu strès lan kuwatir kaya mbiyèn manèh. Sing paling penting, aku saiki dadi rumangsa luwih cedhak karo Yéhuwah.”Wacanen Matéus 5:3, 6.

Apa aku luwih seneng nyambut gawé timbang ngabdi marang Yéhuwah?

9. Piyé carané bèn kita isa terus nduwé pandhangan sing seimbang bab gawéan?

9 Yéhuwah ngajèni lan mberkahi wong-wong sing gelem kerja mempeng. (WB. 12:14) Ning, kita kudu ngati-ati aja nganti gawéan kuwi dadi luwih penting timbang ngabdi marang Yéhuwah. Yésus kandha, ”Kratoning Allah lan kasampurnané, iku padha upayanen dhisik, nuli samubarang iku mau kabèh bakal diparingaké marang kowé.” (Mt. 6:33) Ning, apa buktiné nèk kita nduwé pandhangan sing seimbang bab gawéan? Kita isa takon ngéné, ’Apa aku luwih seneng nyambut gawé timbang ngabdi marang Yéhuwah? Apa aku nganggep nèk ngabdi kuwi biyasa waé utawa malah mboseni?’ Pitakonan kuwi isa mbantu kita ngerti apa sing saktenané kita tresnani.

10. Bab penting apa sing diwulangké Yésus?

10 Wektu Yésus mara ing omahé Marta lan Maryam, Marta langsung répot nyedhiyakké panganan kanggo Yésus. Ning, Maryam pilih lungguh ing cedhaké Yésus lan ngrungokké piwulangé. Marta sambat merga Maryam ora gelem ngéwangi. Yésus kandha, ”Maryam wis milih panduman kang becik dhéwé, kang ora bakal kajupuk saka ing dhèwèké.” (Lk. 10:38-42) Dadi, Yésus mulangké bab sing penting marang Marta. Awaké dhéwé kudu milih ”panduman kang becik dhéwé”, yaiku tenanan ngabdi lan ora ngutamakké kebutuhan kita saben dina. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé nresnani Yésus lan nganggep nèk hubungan karo Yéhuwah kuwi bab sing paling penting.

PANDHANGAN BAB REKRÉASI LAN HIBURAN

11. Apa kandhané Alkitab bab lèrèn lan nyantai?

11 Merga sibuk banget, kadhang kala kita pancèn butuh lèrèn lan nyantai. Alkitab kandha, ”Ora ana kang tumrap manungsa beciké ngluwihi mangan lan ngombé sarta seneng-seneng ing sajroning kangèlané. (Ko. 2:24) Yésus ngerti nèk para muridé butuh lèrèn. Contoné, sakwisé mempeng nginjil, Yésus kandha marang para muridé, ”Ayo padha menyang papan kang sepi, supaya bisa ndhéwé lan padha ngaso sadhéla.”Mk. 6:31, 32.

12. Apa sebabé kita kudu ngati-ati ing bab rékréasi lan hiburan? Wènèhana conto.

12 Awaké dhéwé pancèn butuh rékréasi lan hiburan bèn isa lèrèn lan nyantai. Ning, kudu ngati-ati aja nganti kuwi dadi bab sing paling penting. Ing abad kapisan, akèh sing ngomong ngéné, ”Payo padha mangan lan ngombé, awit sésuk kita padha mati.” (1 Kr. 15:32) Akèh wong saiki uga nduwé sikap kaya ngono. Contoné, ana cah enom ing Eropa sing mulai teka ing pakumpulan ibadah. Ning, dhèwèké ora srawung manèh karo Seksi Yéhuwah merga luwih ngutamakké hiburan. Banjur, dhèwèké sadhar nèk kuwi malah nggawé dhèwèké nduwé akèh masalah. Akiré, dhèwèké mulai sinau Alkitab manèh lan mèlu nginjil. Sakwisé dibaptis, dhèwèké kandha, ”Aku gela banget merga wis ngentèkké wektu kanggo hiburan ing donya iki. Saiki aku sadhar nèk sing isa nggawé bungah kuwi mung ngabdi marang Yéhuwah.”

13. (a) Wènèhana ilustrasi sing nduduhké nèk kakèhan nggunakké wektu kanggo rékréasi lan hiburan kuwi ora apik. (b) Piyé carané bèn ngerti apa kita nduwé pandhangan sing seimbang bab rékréasi?

13 Rékréasi kuwi kuduné isa nggawé dadi seger manèh. Dadi, sepira akèhé wektu sing kuduné kita gunakké kanggo rékréasi? Coba pikirna iki: Akèh wong seneng mangan kué lan permèn. Ning, kita ngerti nèk kakèhan mangan kué lan permèn kuwi ora apik. Nèk péngin séhat, kita kudu mangan panganan sing séhat. Semono uga, nèk kakèhan nggunakké wektu kanggo rékréasi lan hiburan, hubungan kita karo Yéhuwah isa dadi adoh. Piyé carané bèn ngerti apa kita nduwé pandhangan sing seimbang bab rékréasi? Salah siji carané, kita isa nulis sepira akèhé wektu sing wis digunakké ing sakjroné seminggu kanggo nginjil, sinau Alkitab, teka ing pakumpulan ibadah, lan nindakké kagiyatan rohani liyané. Banjur, kita isa nulis sepira akèhé wektu sing wis digunakké ing minggu kuwi kanggo olahraga, ndelok TV, main game, utawa rékréasi liyané. Bar kuwi, kita isa mbandhingké jumlah wektuné lan mikir apa perlu nggawé owah-owahan.Wacanen Éfesus 5:15, 16.

14. Apa sing isa mbantu kita milih rékréasi lan hiburan sing apik?

14 Yéhuwah maringi kebébasan kanggo milih jenis rékréasi. Kepala keluarga uga isa mutuské rékréasi apa sing cocog kanggo keluargané. Ning, kita isa nggawé keputusan sing cocog karo kersané Yéhuwah nèk manut karo pathokané Yéhuwah sing ana ing Alkitab. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Rékréasi sing apik kuwi ”peparingé Gusti Allah”. (Ko. 3:12, 13) Pancèn, saben wong nduwé pilihan dhéwé-dhéwé bab hiburan. (Gl. 6:4, 5) Ning, kita kudu ngati-ati ing bab hiburan sing kita pilih. Yésus kandha, ”Ing ngendi dunungé bandhamu, iya ana ing kono dunungé atimu.” (Mt. 6:21) Nèk nresnani Yésus, kita bakal ngutamakké Kratoné Gusti Allah timbang bab liyané. Kuwi isa kétok saka pikiran, omongan, lan tumindak kita.Fp. 1:9, 10.

NGLAWAN SIKAP MATERIALISME

15, 16. (a) Apa sebabé sikap materialisme bahaya kanggo kita? (b) Yésus maringi naséhat apa bab bandha?

15 Akèh wong saiki rumangsa kudu nduwé klambi, handphone, komputer, utawa barang liyané sing paling anyar. Wong-wong kuwi nduwé sikap materialisme, yaiku ngutamakké dhuwit lan bandha. Dadi, apa sing paling penting kanggo panjenengan? Coba dipikir: ’Apa aku ngentèkké wektu kanggo mikir bab mobil lan klambi sing paling anyar timbang persiapan kanggo pakumpulan ibadah? Apa aku sibuk nindakké kagiyatan saben dina nganti ora nduwé wektu manèh kanggo ndonga utawa maca Alkitab?’ Nèk ora ngati-ati, kita isa luwih nresnani bandha timbang Yésus. Kita kudu mikirké kandhané Yésus, ”Dingati-ati bab watak karem bandha.” (Lk. 12:15, Basa Jawi Padintenan) Apa sebabé?

Awaké dhéwé ora mungkin isa ngabdi tenanan marang Yéhuwah nèk isih ngutamakké bandha

16 Yésus kandha, ’Ora ènèng wong sing bisa ngrangkep ngladèni gusti loro. Kowé ora bisa ngladèni Gusti Allah lan uga ngladèni duwit.’ Awaké dhéwé ora mungkin isa ngabdi tenanan marang Yéhuwah nèk isih ngutamakké bandha. Yésus nerangké nèk kita ”bakal sengit karo sing siji lan nrésnani liyané, apa ngelem sing siji lan nyepèlèkké sing liyané”. (Mt. 6:24, BJS) Merga ora sampurna, kita kudu terus nglawan sikap materialisme, sing klebu ”hawa-nepsuning daging”.—Éf. 2:3.

17. (a) Apa sebabé ana sing nduwé pandhangan sing ora seimbang bab bandha? (b) Apa sing isa mbantu kita nglawan sikap materialisme?

17 Akèh wong nduwé pandhangan sing ora seimbang bab bandha, merga terus mikirké kepénginan lan kesenengané dhéwé. (Wacanen 1 Korinta 2:14.) Wong-wong kuwi dadi kangèlan mbédakké sing bener lan sing salah. (Ib. 5:11-14) Kepénginané wong-wong kuwi bab bandha dadi saya kuwat. Nèk kepénginané wis kelakon, wong-wong kuwi dadi nduwé kepénginan sing saya akèh manèh. (Ko. 5:9) Ning, kita isa nglawan sikap materialisme nèk ajeg maca Alkitab. (1 Pt. 2:2) Yésus isa nglawan godhané Sétan merga terus mikirké pangandikané Yéhuwah. (Mt. 4:8-10) Kita saiki uga isa nglawan sikap materialisme, nèk ngetrapké pangandikané Yéhuwah. Kuwi bukti nèk kita luwih nresnani Yésus timbang bandha.

Apa sing paling penting ing urip panjenengan? (Deloken paragraf 18)

18. Kita nduwé tékad kanggo nindakké apa?

18 Pétrus ditakoni karo Yésus, ’Apa kowé tresna marang aku ngluwihi iki?’ Wektu kuwi, Yésus lagi mulang nèk Pétrus kudu ngutamakké ngabdi marang Yéhuwah. Tegesé jenengé Pétrus kuwi ”Watu”. Pétrus pancèn nduwé sipat-sipat apik sing isa dipadhakké kaya watu. (PR. 4:5-20) Kita saiki uga péngin njaga bèn katresnan marang Yésus tetep kuwat. Mula, kita kudu nduwé pandhangan sing seimbang bab gawéan, rékréasi, lan bandha. Kuwi bukti nèk kita niru Pétrus sing kandha, ”Gusti, Paduka mirsa, bilih kawula remen dhumateng Paduka.”

^ par. 14 Deloken artikel ”Apakah Rekreasi Saudara Bermanfaat? ing Menara Pengawal 15 Oktober 2011 kaca 9-12, paragraf 6-15.