Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Mbantu Anak-anaké ”Wong Ngamanca”

Mbantu Anak-anaké ”Wong Ngamanca”

”Tumrapé aku ora ana kabungahan kang gedhéné ngluwihi anggonku krungu, manawa anak-anakku padha urip ana ing kayektèn.”3 YO. 4.

LAGU: 41, 11

1, 2. (a) Masalah apa waé sing dialami anak-anaké para imigran? (b) Pitakonan apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

AKÈH wong nduwé pengalaman kaya Joshua. Dhèwèké kandha, ”Wiwit cilik aku omongan ing omah lan ing jemaat nganggo basané wong tuwaku sing dadi imigran. Ning, bareng wis sekolah, aku luwih seneng karo basa sing dinggo ing kono. Ora let suwé, aku wis ora omongan nganggo basané wong tuwaku. Aku ora mudheng wektu teka ing pakumpulan ibadah lan rumangsa asing karo budayané wong tuwaku.”

2 Saiki, ana luwih saka 240.000.000 wong sing dadi imigran, yaiku pindhah saka negara asalé lan manggon ing negara liya. Nèk panjenengan dadi imigran, piyé carané mbantu bèn anak-anak panjenengan isa nresnani Yéhuwah lan ”urip ana ing kayektèn”? (3 Yo. 4) Lan piyé carané wong liya isa mbantu?

WONG TUWA, DADIA TULADHA

3, 4. (a) Piyé carané wong tuwa isa dadi conto sing apik kanggo anak-anaké? (b) Wong tuwa aja ngarep-arep apa saka anak-anaké?

3 Wong tuwa kudu dadi tuladha bèn anak-anaké isa cedhak karo Yéhuwah lan urip saklawasé. Anak-anak isa sinau carané ngendelké Yéhuwah saben dina nèk ndelok wong tuwané uga ndhisikké Kratoné Allah. (Mt. 6:33, 34) Ngupayaa kanggo urip sedherhana lan ora kakèhan utang. Utamakna ngabdi marang Yéhuwah, timbang nggolèk bandha luwih akèh utawa ’kaurmatan saka manungsa’. Nggolèka ”bandha kaswargan”, yaiku urip sing nyenengké Yéhuwah.Wacanen Markus 10:21, 22; Yo. 12:43.

4 Panjenengan kudu nyedhiyakké wektu kanggo anak-anak. Anak-anak perlu ngerti nèk wong tuwa bangga nèk anak-anaké ngutamakké bab rohani timbang ngupaya bèn terkenal lan nggolèk bandha kanggo dhèwèké utawa kanggo wong tuwané. Aja nganggep nèk anak-anak kudu nyedhiyakké kebutuhané wong tuwa bèn isa urip nyaman. Élinga nèk ”dudu anak-anak kang padha wajib nglumpukaké bandha kanggo wong tuwané, nanging wong tuwa kanggo anak-anaké”.2 Kr. 12:14.

NGATASI MASALAH BASA

5. Apa sebabé wong tuwa kudu kerep mulang anaké bab Yéhuwah?

5 Kaya sing wis diramalké, wong-wong saka ”bangsa lan basa warna-warna” bakal nggabung karo umaté Yéhuwah. (Za. 8:23) Ning, ora gampang kanggo mulang Alkitab nèk anak panjenengan ora mudheng basané panjenengan. Mulang anak-anak kuwi bab sing paling penting bèn anak-anak isa ”wanuh” karo Yéhuwah lan urip saklawasé. (Yo. 17:3) Dadi, wong tuwa kudu kerep mulang anaké bab Yéhuwah.Wacanen Pangandharing Torèt 6:6, 7.

Mulang anak-anak kuwi bab sing paling penting

6. Apa paédahé nèk anak-anak sinau basané wong tuwané? (Deloken gambar ing kaca 9.)

6 Anak-anak isa sinau basané wong tuwané nèk kerep dijak omong-omongan karo wong tuwané. Kuwi mbokmenawa ora isa disinaoni ing sekolahan utawa saka wong liya. Nèk isa omongan nganggo basané wong tuwané, anak-anak mesthi dadi luwih gampang kanggo ngomongké perasaané marang wong tuwa. Sakliyané kuwi, nèk isa omongan nganggo luwih saka sak basa, anak-anak dadi nduwé kemampuan mikir sing luwih apik lan isa ngertèni pandhangané wong liya. Anak-anak uga isa nduwé kesempatan kanggo tumindak luwih akèh ing gawéan nginjil. Carolina, sing wong tuwané dadi imigran, kandha, ”Mbantu ing dhaérah sing luwih mbutuhké lan ngabdi ing jemaat basa asing kuwi nyenengké tenan.”

7. Apa sing isa ditindakké nèk anak panjenengan isané omongan nganggo basa liya?

7 Ana anaké para imigran sing wis ora gelem utawa ora isa nganggo basané wong tuwané, merga wis sinau basa lan budaya ing dhaérah kono. Mula, wong tuwané mbokmenawa perlu mulai sinau basa sing dingertèni anaké. Wong tuwa isa luwih gampang mbantu anaké dadi abdiné Yéhuwah nèk ngerti omongané anaké, hiburané, sarta tugas sekolahé lan omong-omongan langsung karo guruné. Sinau basa anyar kuwi pancèn butuh wektu, upaya, lan sipat andhap asor. Ning, kuwi mesthi ana paédahé. Contoné, nèk anak panjenengan dadi tunarungu, apa panjenengan gelem sinau basa isyarat bèn isa tetep omong-omongan? Mesthiné iya, ta? Semono uga, nèk anak panjenengan isané omongan nganggo basa liya, apa panjenengan ya gelem sinau basa kuwi? *—Deloken katrangan ing ngisor.

8. Piyé carané mbantu anak-anak nèk panjenengan ora isa lancar omongan nganggo basané?

8 Mbokmenawa para imigran ora isa lancar omongan nganggo basané anaké, mula dadi kangèlan mbantu anaké sinau ”Kitab Suci”. (2 Tm. 3:15) Ning, wong tuwa tetep isa mbantu anak-anaké bèn kenal lan nresnani Yéhuwah. Ana pinituwa sing jenengé Shan kandha, ”Ibuku ora pati mudheng basa sing tak ngertèni. Aku lan sedulurku wédok ya ora pati lancar omongan nganggo basané ibuku. Ning, aku ndelok ibuku sregep sinau lan ndonga sarta ngupaya sak isa-isané kanggo mimpin ibadah keluarga saben minggu. Aku lan sedulurku dadi isa ngerti nèk cedhak karo Yéhuwah kuwi bab sing penting banget.”

9. Piyé carané wong tuwa isa mbantu anak-anak sing mbokmenawa perlu sinau rong basa?

9 Ana anak sing mbokmenawa perlu sinau Alkitab nganggo rong basa, merga basa sing digunakké ing sekolahan béda karo ing omah. Mula, ana wong tuwa sing nggunakké wacan-wacan, rekaman audio, lan vidéo sing ana ing rong basa kuwi. Dadi, para imigran pancèn kudu ngupaya tenanan kanggo mbantu anak-anaké bèn cedhak karo Yéhuwah.

AREP NGGABUNG ING JEMAAT BASA APA?

10. (a) Sapa sing kudu mutuské arep nggabung ing jemaat sing ngendi? (b) Apa sing kudu ditindakké para kepala keluarga sakdurungé nggawé keputusan?

10 Nèk ing cedhak kono ora ana jemaat sing nggunakké basané ”wong ngamanca”, dhèwèké kudu nggabung ing jemaat sing nggunakké basa ing dhaérah kono. (Ms. 146:9) Ning, nèk ing cedhak kono ana jemaat sing nggunakké basané, kepala keluarga kudu mutuské arep nggabung ing jemaat sing ngendi. Sakdurungé nggawé keputusan, kepala keluarga kudu mikirké tenanan lan ndongakké bab kuwi, sarta dirembug bareng karo bojo lan anak-anaké. (1 Kr. 11:3) Apa sing perlu dipikirké? Pathokan Alkitab apa waé sing isa mbantu nggawé keputusan?

Kepala keluarga kudu mutuské arep nggabung ing jemaat sing ngendi

11, 12. (a) Apa pengaruhé basa sing digunakké ing pakumpulan ibadah kanggo anak-anak? (b) Apa sebabé ana anak sing ora gelem sinau basané wong tuwané?

11 Wong tuwa kudu mikirké kebutuhané anak-anaké. Anak-anak ora isa ngerti tenan isiné Alkitab, nèk mung teka saben minggu ing pakumpulan ibadah sing nggunakké basané wong tuwané. Ning, nèk teka ing pakumpulan ibadah sing nggunakké basa sing dingertèni, anak-anak isa éntuk paédah lan sinau luwih akèh. (Wacanen 1 Korinta 14:9, 11.) Basa asliné wong tuwa kuwi ora mesthi ana pengaruhé kanggo pikiran lan perasaané anak-anak. Malah, ana anak sing isa waé mèlu urun rembug, nyampèkké ceramah lan pertunjukan nganggo basané wong tuwané, ning ora isa ngungkapké pikiran lan perasaané sing saktenané.

12 Perasaané bocah-bocah ora mung dipengaruhi karo basa. Kuwi sing dialami karo Joshua, sing disebutké mau. Seduluré wédok, sing jenengé Esther, kandha, ”Basa, budaya, lan agamané wong tuwa kuwi ana pengaruhé kanggo anak-anak sing isih cilik.” Nèk rumangsa asing karo budayané wong tuwané, anak-anak isa waé dadi ora gelem sinau basa lan agamané wong tuwané. Apa sing isa ditindakké para wong tuwa sing dadi imigran?

13, 14. (a) Critakna apa sebabé ana wong tuwa sing dadi imigran mutuské kanggo pindhah menyang jemaat liya. (b) Piyé wong tuwa isa njaga hubungané karo Yéhuwah bèn tetep kuwat?

13 Para wong tuwa kudu ngutamakké kebutuhané anaké timbang kepénginané dhéwé. (1 Kr. 10:24) Samuel, bapaké Joshua lan Esther kandha, ”Aku lan bojoku nggatèkké basa apa sing luwih dingertèni anak-anakku bèn isa maju rohani. Aku ndonga njaluk kawicaksanan, lan jebulé jawabané ora kaya sing tak karepké. Anak-anak ora isa éntuk akèh paédah saka pakumpulan sing nggunakké basaku. Dadi, aku mutuské kanggo pindhah menyang jemaat sing nggunakké basa sing dingertèni anak-anakku. Aku sak keluarga ajeg nginjil lan teka ing pakumpulan ibadah bareng-bareng, uga ngundang para sedulur ing kono kanggo mangan lan dolan bareng. Kuwi kabèh mbantu anak-anakku luwih kenal karo para sedulur. Anak-anak uga isa luwih cedhak marang Yéhuwah, sing dadi Bapak lan Kancané. Kuwi kabèh luwih penting timbang meksa anak-anak bèn padha nguwasani basaku.”

14 Samuel kandha, ”Bèn tetep kuwat imané, aku lan bojoku uga teka ing pakumpulan ibadah sing nggunakké basaku dhéwé. Kuwi pancèn nggawé répot lan kesel banget. Ning, aku maturnuwun merga Yéhuwah mberkahi upaya lan pangurbananku. Anakku telu-teluné padha ngabdi marang Yéhuwah dadi abdi kusus.”

SING ISA DITINDAKKÉ CAH-CAH ENOM

15. Apa sebabé Kristina péngin pindhah menyang jemaat sing nggunakké basa sing dingertèni?

15 Wektu mundhak gedhé, mbokmenawa anak-anak rumangsa isa ngabdi luwih apik nèk nggabung ing jemaat sing nggunakké basa sing paling dingertèni. Nèk ngono, wong tuwa ora perlu rumangsa nèk anak-anaké ora tresna karo wong tuwané. Kristina kandha, ”Aku ora pati isa basané wong tuwaku lan basa sing digunakké ing pakumpulan ibadah kuwi angèl banget. Wektu umurku 12 taun, aku teka ing kebaktian sing nggunakké basa sing tak ngertèni. Lagi kuwi aku ngerti nèk sing tak rungokké kuwi piwulang sing bener. Sakliyané kuwi, aku dadi isa ndonga saka ati merga nganggo basa sing tak ngertèni.” (PR. 2:11, 41) Wektu umuré 18 taun, Kristina rembugan karo wong tuwané lan mutuské kanggo pindhah menyang jemaat sing nggunakké basa sing dingertèni. Kristina kandha, ”Aku dadi péngin ngetrapké apa sing tak sinaoni merga sinau Alkitab nganggo basa sing tak ngertèni.” Ora let suwé, Kristina dadi perintis biasa lan dhèwèké seneng banget.

16. Apa sebabé Nadia seneng isa tetep nggabung ing jemaat basa asing?

16 Cah-cah enom, apa kowé péngin pindhah menyang jemaat sing nggunakké basa sing kok ngertèni? Nèk iya, coba dipikir apa alesané. Apa kuwi isa nggawé kowé dadi luwih cedhak karo Yéhuwah? (Yb. 4:8) Utawa, apa mung merga péngin bébas saka wong tuwa lan ora gelem ngupaya? Nadia, sing saiki ngabdi ing Bètel crita, ”Wektu remaja, aku lan sedulur-sedulurku péngin pindhah menyang jemaat sing nggunakké basa sing tak ngertèni.” Ning, wong tuwané ngerti nèk hubungané anak-anaké karo Yéhuwah isa dadi adoh nèk padha pindhah menyang jemaat kuwi. ”Maturnuwun merga wong tuwaku wis ngupaya ngajari aku lan sedulur-sedulurku bèn isa basané wong tuwaku lan ora ngijinké pindhah menyang jemaat liya. Kuwi malah nggawé uripku dadi luwih nyenengké lan isa nduwé kesempatan sing luwih akèh kanggo mbantu wong liya kenal Yéhuwah.”

CARANÉ SEDULUR LIYA ISA MBANTU

17. (a) Mulang Alkitab marang anak-anak kuwi tanggung jawabé sapa? (b) Wong tuwa isa njaluk bantuan apa kanggo mulang Alkitab marang anak-anaké?

17 Mulang Alkitab marang anak-anak kuwi tanggung jawab saka Yéhuwah kanggo para wong tuwa, dudu kanggo simbahé utawa wong liyané. (Wacanen Wulang Bebasan 1:8; 31:10, 27, 28.) Ning, wong tuwa sing ora nguwasani basa ing dhaérah kono isa njaluk bantuan kanggo ndhidhik anaké bèn isa mlebu ati. Kuwi dudu ateges wong tuwa ora gelem tanggung jawab. Ning, kuwi sakjané salah siji upayané wong tuwa kanggo ndhidhik manut ’piwulang lan pepéling saka Gusti’. (Éf. 6:4) Contoné, wong tuwa isa njaluk saran saka para pinituwa bab carané mimpin ibadah keluarga lan njaluk tulung kanggo nggolèkké kanca sing apik kanggo anaké.

Wong tuwa lan anak-anak isa éntuk paédah nèk srawung karo para sedulur (Deloken paragraf 18, 19)

18, 19. (a) Piyé para sedulur liya isa mbantu cah-cah enom? (b) Apa sing tetep kudu ditindakké karo wong tuwa?

18 Kanggo mbantu anak-anaké, wong tuwa kadhang kala isa ngundang keluarga liya kanggo mèlu ibadah keluarga. Akèh cah enom uga isa sinau saka sedulur liya wektu mèlu nginjil bareng lan nindakké kagiyatan liya. (WB. 27:17) Shan, sing disebutké mau, kandha, ”Aku kèlingan banget wektu dibantu karo para sedulur. Wektu padha mbantu aku nggawé tugas ceramah ing jemaat, aku dadi isa sinau luwih akèh. Aku uga seneng isa ngumpul-ngumpul bareng.”

19 Pancèn, wong-wong sing dijaluki tulung kanggo mbantu kudu ngélingké bocah-bocah bèn tetep ngajèni wong tuwané. Carané yaiku ngomongké sing apik bab wong tuwané lan aja nglangkahi wong tuwa sing nduwé tanggung jawab kanggo ndhidhik anak-anaké. Sakliyané kuwi, kudu ngati-ati aja nganti tumindak sing marahi wong liya dadi nduwé pandhangan sing salah. (1 Pt. 2:12) Senajan njaluk bantuan saka sedulur liya, wong tuwa tetep kudu ngawasi, merga mulang Alkitab marang anak-anaké kuwi wis dadi tanggung jawabé.

20. Piyé carané para wong tuwa isa mbantu anak-anaké bèn dadi abdiné Yéhuwah?

20 Para wong tuwa, ndongaa njaluk bantuané Yéhuwah lan ngupayaa sak isa-isané. (Wacanen 2 Babad 15:7.) Utamakna hubungané anak panjenengan marang Yéhuwah timbang kepénginané panjenengan dhéwé. Ngupayaa sak isa-isané bèn isiné Alkitab isa mlebu ing atiné anak-anak. Yakina nèk anak panjenengan isa dadi abdiné Yéhuwah. Nèk anak-anak niru tuladhané panjenengan lan ngetrapké isiné Alkitab, panjenengan isa ngrasakké apa sing dirasakké rasul Yokanan bab anak-anak rohaniné, ”Tumrapé aku ora ana kabungahan kang gedhéné ngluwihi anggonku krungu, manawa anak-anakku padha urip ana ing kayektèn.”3 Yo. 4.

^ par. 7 Deloken artikel ”Anda Pasti Bisa Belajar Bahasa Lain!” ing Sedarlah! sasi Maret 2007 kaca 10-12.