Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Mbantu ”Wong Ngamanca” Bèn Isa Ngabdi kanthi Bungah

Mbantu ”Wong Ngamanca” Bèn Isa Ngabdi kanthi Bungah

”Pangéran Yéhuwah ngreksa marang wong ngamanca.”MS. 146:9.

LAGU: 25, 3

1, 2. (a) Tantangan apa waé sing diadhepi para sedulur? (b) Kuwi isa marahi ana pitakonan apa?

ANA sedulur sing jenengé Lije kandha, ”Keluargaku lagi mèlu kebaktian wektu ana perang sipil ing Burundi. Wong-wong padha mlayu lan témbak-témbakan. Aku, wong tuwaku, lan sepuluh sedulurku mlayu mung nggawa barang sithik thok. Sakwisé mlaku nganti 1.600 kilomèter, sebagéan saka keluargaku akiré isa tekan kamp pengungsi ing Malawi lan sing liyané padha nyebar.”

2 Ing saklumahing bumi, ana luwih saka 65 yuta wong sing kudu ninggalké omahé lan ngungsi merga ana perang utawa dianiaya. Kuwi jumlah sing paling akèh saksuwéné iki. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Éwonan Seksi Yéhuwah uga dadi pengungsi. Akèh sing kélangan bandhané lan wong sing ditresnani. Tantangan apa manèh sing diadhepi karo para pengungsi kuwi? Piyé carané mbantu para sedulur bèn isa tetep ngabdi kanthi bungah senajan ngadhepi tantangan kuwi? (Ms. 100:2) Lan piyé carané bèn isa nginjil marang para pengungsi?

URIPÉ PENGUNGSI

3. Piyé critané Yésus lan para muridé isa dadi pengungsi?

3 Yésus lan wong tuwané diélikké karo malaékat bèn ngungsi menyang Mesir merga Raja Hérodhès péngin matèni Yésus. Yésus lan wong tuwané manggon ing kono nganti Hérodhès mati. (Mt. 2:13, 14, 19-21) Pirang-pirang taun sakbanjuré, para muridé Yésus ”padha buyar, pating slebar ana ing tlatah Yudéa lan Samaria” merga dianiaya. (PR. 8:1) Yésus ngandhani nèk akèh muridé sing bakalé kudu ninggalké omahé. Yésus kandha, ”Manawa kowé dikaniaya ana ing sawijining kutha, padha ngungsia menyang kutha liyané.” (Mt. 10:23) Kuwi pancèn ora gampang.

4, 5. Bahaya apa waé sing diadhepi para pengungsi wektu (a) mlayu ninggalké omahé? (b) urip ing kamp pengungsi?

4 Para pengungsi ngadhepi akèh bahaya wektu mlayu ninggalké omahé utawa wektu urip ing kamp pengungsi. Adhiné Lije, sing jenengé Gad kandha, ”Aku sak keluarga mlaku nganti pirang-pirang minggu, ngliwati atusan mayat ing ndalan. Aku isih umur 12 taun. Sikilku bengkak, banjur aku kandha karo keluargaku supaya lunga tanpa aku. Ning, bapakku ora gelem ninggalké aku ing dhaérah sing dikuwasani wong-wong sing mbrontak kuwi. Dadi, bapakku ngéwangi aku mlaku. Saben dina aku sak keluarga ndonga sarta terus ngendelké Yéhuwah lan kadhang kala mung mangan pelem sing ana ing ndalan.”Fp. 4:12, 13.

5 Sebagéan saka keluargané Lije kudu manggon pirang-pirang taun ing kamp pengungsi PBB. Ning, ing kono uga ana bahaya liyané manèh. Lije, sing saiki dadi pinituwa wilayah kandha, ”Akèh wong sing ora nduwé gawéan lan malah nggosip, mabuk, main judhi, nyolong, sarta laku jina.” Para Seksi Yéhuwah kudu tetep sibuk ing jemaat bèn ora kena pengaruh sing èlèk. (Ib. 6:11, 12; 10:24, 25) Akèh sing wicaksana nggunakké wektuné bèn isa tetep kuwat imané lan dadi perintis. Para sedulur kuwi tetep nduwé sikap sing positif merga terus ngéling-éling nèk kasusahan ing kamp pengungsi kuwi mesthi bakal ana entèké, kaya mbiyèn bangsa Israèl uga isa bébas saka kasusahan ing padhang belantara.2 Kr. 4:18.

NRESNANI PARA PENGUNGSI

6, 7. (a) Apa sebabé ”katresnaning Allah” isa nggawé kita dadi apikan marang para sedulur? (b) Wènèhana conto.

6 Kita nduduhké katresnan marang para sedulur, kususé sing lagi ngadhepi kasusahan, merga niru ”katresnaning Allah”. (Wacanen 1 Yokanan 3:17, 18.) Contoné, wektu ana kelaparan ing Yudéa, wong-wong Kristen abad kapisan mènèhi bantuan marang para sedulur sing mbutuhké panganan. (PR. 11:28, 29) Rasul Paulus lan Pétrus uga ngélingké wong Kristen bèn padha seneng nampa tamu. (Rm. 12:13; 1 Pt. 4:9) Wong Kristen pancèn kudu apikan karo kabèh sedulur seimané, apa manèh karo sing lagi ngalami kasusahan utawa dianiaya merga imané. * (Deloken katrangan ing ngisor.)—Wacanen Wulang Bebasan 3:27.

7 Durung suwé iki, éwonan Seksi Yéhuwah ing Ukraina sisih wétan kudu ninggalké omahé merga ana perang lan dianiaya. Ana sing nganti dipatèni. Ning, para pengungsi kuwi disambut ing omahé para sedulur sing manggon ing dhaérah liya ing Ukraina lan Rusia. Ing kono, para pengungsi kuwi tetep nétral lan ora dadi bagéan saka donya iki, sarta tetep sregep ”ngabaraké Injil”.Yo. 15:19; PR. 8:4.

MBANTU NGUWATKÉ IMANÉ PARA PENGUNGSI

8, 9. (a) Tantangan apa waé sing isa diadhepi karo para pengungsi ing negara sing anyar? (b) Apa sebabé para pengungsi butuh dibantu kanthi sabar?

8 Ana sing kudu ngungsi ing dhaérah liya ing negarané dhéwé. Ning, ana uga sing kudu ngungsi menyang negara liya sing durung dikenal. Mbokmenawa pamréntah wis nyedhiyakké panganan, klambi, lan panggonan. Ning, isih ana tantangan liyané. Contoné, isa waé ana sing ora kulina karo panganané. Ana uga sing asalé saka negara sing hawané panas, mula ora ngerti kudu nganggo klambi sing kepriyé nèk ngungsi menyang negara sing hawané adhem. Sing liyané manèh kudu sinau carané nggunakké piranti modhèren, merga durung tau nganggo.

9 Ana pamréntah sing nduwé program kanggo mbantu para pengungsi bèn isa nggawé penyesuaian ing negara sing anyar. Ning, sakwisé pirang-pirang sasi, para pengungsi biyasané dikon ngurusi kebutuhané dhéwé. Para pengungsi kuwi kudu ngupaya sinau akèh. Contoné, sinau basa, budaya, lan aturan bab carané ndaftar sekolah, ndhidhik anak, sarta mbayar rékening lan pajeg. Apa panjenengan isa mbantu para sedulur sing ngadhepi tantangan kuwi kanthi sabar lan ngajèni?Fp. 2:3, 4.

10. Piyé carané nguwatké imané para pengungsi sing lagi teka? (Deloken gambar ing kaca 3.)

10 Pamréntah kadhang kala ngalang-alangi bèn para sedulur sing dadi pengungsi ora isa ngubungi jemaat ing kono. Ana uga sing ngancam nèk ora bakal mènèhi bantuan manèh. Mbokmenawa pamréntah mènèhi gawéan, ning para sedulur dadi ora isa teka ing pakumpulan ibadah. Para sedulur kuwi isa waé diancam arep diusir nèk ora gelem nampa gawéan kuwi. Merga wedi lan rumangsa tanpa daya, ana sing akiré gelem nampa. Mula, kita kudu langsung nemoni sakwisé para sedulur kuwi teka, bèn padha ngerti nèk kita perduli lan gelem mbantu. Kuwi isa nguwatké imané para sedulur mau.WB. 12:25; 17:17.

MBANTU PARA PENGUNGSI

11. (a) Apa sing sepisanan dibutuhké para pengungsi? (b) Piyé para pengungsi isa nduduhké nèk padha ngajèni bantuané para sedulur?

11 Sing sepisanan, mbokmenawa kita perlu mènèhi panganan, klambi, utawa kebutuhan dhasar liyané. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Hadiah sing kétoké sepélé, contoné dasi, kuwi isa migunani. Para pengungsi kuwi pancèn ora gelem ngrépoti, ning mesthi péngin ngajèni bantuan saka sedulur liyané. Kuwi isa nggawé seneng para sedulur sing mènèhi bantuan. Ning, para pengungsi kuwi uga kudu ngupaya kanggo nyukupi kebutuhané dhéwé. Kuwi isa nggawé dhèwèké dadi rumangsa aji lan nduwé hubungan sing apik karo para sedulur. (2 Ts. 3:7-10) Ning, para pengungsi mau pancèn isih perlu dibantu.

Piyé carané mbantu para sedulur sing dadi pengungsi? (Deloken paragraf 11-13)

12, 13. (a) Piyé carané mbantu para pengungsi? (b) Wènèhana conto.

12 Ora kudu nduwé dhuwit akèh kanggo mbantu para pengungsi. Kita isa nduduhké katresnan lan nyedhiyakké wektu kanggo mbantu. Kuwi sing paling dibutuhké. Contoné, kandhanana carané nggunakké angkutan umum lan carané blanja bèn isa éntuk panganan sing séhat tur murah. Uga isa nduduhké carané nggolèk dhuwit kanggo nyukupi kebutuhané dhéwé, contoné isa ngajari njait utawa dadi tani lan tukang. Sing paling penting, bantunen para pengungsi bèn isa nggabung ing jemaat. Nèk isa, tawanana bantuan bèn isa mangkat menyang pakumpulan ibadah. Ajaken nginjil bareng lan terangna cara sing paling cocog kanggo nginjil ing kono.

13 Wektu ana patang pengungsi sing isih enom nggabung ing salah siji jemaat, para pinituwa ing kono ngajari carané nyetir mobil, ngetik surat, lan nglamar gawéan. Wong-wong kuwi uga diajari carané nggawé jadwal bèn isa ngutamakké bab rohani. (Gl. 6:10) Ora let suwé, papat-papaté dadi perintis lan ngupaya bèn ora kena pengaruh sing èlèk saka donyané Sétan iki. Kuwi kabèh merga bantuané para pinituwa lan upayané dhéwé kanggo nggawé kemajuan rohani.

14. (a) Para pengungsi ngupaya bèn ora kena godha apa? (b) Wènèhana conto.

14 Kabèh wong Kristen, klebu sing dadi pengungsi, kudu ngupaya bèn ora kena godha kanggo ngutamakké bandha timbang hubungané karo Yéhuwah. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Lije lan para seduluré, sing dicritakké mau, kèlingan karo sing diwulangké bapaké, yaiku kudu ngutamakké imané. ”Bapakku mbuwangi barang-barang sing ora perlu. Akiré, tasé kosong lan bapak kandha karo mèsem, ’Tenan ta, awaké dhéwé ora butuh kuwi kabèh.’”Wacanen 1 Timotéus 6:8.

MÈNÈHI BANTUAN SING PALING PENTING KANGGO PARA PENGUNGSI

15, 16. (a) Piyé carané nguwatké imané para pengungsi? (b) Piyé carané nglipur para pengungsi?

15 Para pengungsi ora mung butuh panganan lan klambi, ning uga butuh dilipur lan dikuwatké nganggo Alkitab. (Mt. 4:4) Para pinituwa isa nggolèkké wacan-wacan ing basané para pengungsi lan ngubungi para sedulur sing isa omongan nganggo basa kuwi. Para pengungsi perlu rumangsa ditresnani karo Yéhuwah lan para sedulur ing jemaat, merga wis ninggalké kabèh sing diduwèni. Contoné, keluarga, kanca-kanca, lan jemaaté. Kita perlu nggawé wong-wong kuwi rumangsa nyaman ing jemaat bèn ora padha nggolèk bantuan saka wong liya sing dudu umaté Yéhuwah. (1 Kr. 15:33) Nèk nindakké kuwi kabèh, tegesé awaké dhéwé ndhukung Yéhuwah sing ngayomi ”wong ngamanca”.Ms. 146:9.

16 Yésus lan keluargané durung isa bali nèk wong-wong sing nindhes isih nguwasani dhaérah asalé. Saiki, para pengungsi mbokmenawa uga ora isa bali lan ana sing malah wegah bali. Lije kandha nèk akèh wong tuwa ora gelem nggawa bali anak-anaké menyang negarané, merga ndelok akèh anggota keluargané sing diperkosa lan dipatèni ing kono. Mula, kita perlu nduduhké rasa ”tresna marang para sadulur, ambek welasan, sarta andhap-asor”. (1 Pt. 3:8) Merga dianiaya, ana pengungsi sing ora gelem srawung karo liyané lan isin nyritakké pengalamané, kususé nèk ana anak-anaké. Coba dipikir, ’Nèk aku sing ngalami kahanan kaya ngono, aku péngin wong liya tumindak piyé?’Mt. 7:12.

NGINJIL MARANG PARA PENGUNGSI

17. Piyé gawéan nginjil isa nggawé para pengungsi dadi rumangsa lega?

17 Akèh pengungsi sing asalé saka negara sing nglarang gawéan nginjilé Seksi Yéhuwah. Ning, merga para Seksi semangat nginjil, éwonan pengungsi dadi isa sinau ”bab Kratoning Swarga”. (Mt. 13:19, 23) Akèh wong sing ”kamomotan” isa éntuk panglipur lan rumangsa lega wektu teka ing pakumpulan ibadah, banjur isa ngakoni nèk ’sanyata Gusti Allah ana ing tengah-tengah [kita]’.Mt. 11:28-30; 1 Kr. 14:25.

18, 19. Piyé carané nginjil kanthi wicaksana marang para pengungsi?

18 Kita perlu wicaksana lan ”ngati-ati” wektu nginjil marang para pengungsi. (Mt. 10:16; WB. 22:3) Kita kudu sabar wektu ngrungokké para pengungsi, ning aja ngrembug bab politik. Kita kudu ngetrapké arahan saka kantor cabang lan pamréntah ing kono bèn awaké dhéwé utawa wong liya ora cilaka. Kita kudu ngajèni perasaan lan pandhangané para pengungsi merga agama lan budayané béda-béda. Contoné, ana negara sing nduwé aturan sing ketat bab sandhangané wong wédok. Dadi, wektu nginjil marang wong-wong sing asalé saka negara kuwi, apiké nganggo sandhangan sing ora marahi wong kuwi dadi risi.

19 Kita péngin mbantu kabèh wong sing lagi ngalami kasusahan, klebu sing dudu abdiné Yéhuwah. Kuwi tegesé niru tuladhané wong Samaria ing perumpamaan sing dicritakké Yésus. (Lk. 10:33-37) Cara sing paling apik kanggo mbantu yaiku mulang bab kabar apik. Salah siji pinituwa sing wis mbantu akèh pengungsi kandha nèk kita kudu langsung nerangké nèk kita iki Seksi Yéhuwah. Wong-wong kuwi kudu ngerti nèk tujuané awaké dhéwé sing utama yaiku mbantu wong-wong ngerti pangarep-arep saka Alkitab, dudu mènèhi bantuan matèri.

ASIL SING NYENENGKÉ

20, 21. (a) Apa asilé nèk awaké dhéwé nduduhké katresnan sing sejati marang para pengungsi? (b) Apa sing bakal dirembug ing wulangan sakbanjuré?

20 Asilé mesthi apik nèk awaké dhéwé nduduhké katresnan sing sejati marang ”wong ngamanca”. Ana sedulur wédok sing nyritakké nèk keluargané kudu mlayu lan dadi pengungsi, wektu akèh sing dianiaya ing Eritrea. Anaké papat kudu mlaku ngliwati gurun nganti wolung dina menyang Sudan. Sedulur kuwi kandha, ”Ing kono, para sedulur nganggep anak-anakku dadi kaya seduluré dhéwé. Para sedulur padha nyedhiyakké panganan, sandhangan, panggonan, lan kendaraan. Mung Seksi-Seksi Yéhuwah sing gelem nampa wong sing durung dikenal merga padha-padha nyembah Yéhuwah.”Wacanen Yokanan 13:35.

21 Ing wulangan sakbanjuré, kita bakal ngrembug carané mbantu para pengungsi sing teka karo anak-anaké bèn isa ngabdi kanthi bungah.

^ par. 2 Ing artikel iki, ”para pengungsi” kuwi maksudé wong-wong sing kepeksa kudu ninggalké omahé merga dianiaya, ana perang, utawa bencana alam. Wong-wong kuwi isa waé kudu manggon ing dhaérah utawa negara liya.

^ par. 6 Deloken artikel ”Apikan marang Wong sing Ora Dikenal” ing Warta Penting sasi Oktober 2016, kaca 3-8.

^ par. 11 Sakwisé para pengungsi teka, para pinituwa kudu langsung ngetrapké arahan ing buku Diorganisasi untuk Melakukan Kehendak Yehuwa, halaman 87 paragraf 2. Para pinituwa isa nulis surat menyang kantor cabang liwat jw.org kanggo ngubungi jemaat asalé para pengungsi. Sakliyané kuwi, para pinituwa isa takon kanthi wicaksana karo para pengungsi kuwi bab jemaat asalé lan gawéan nginjilé kanggo ngertèni kondhisi rohaniné.

^ par. 14 Deloken artikel ”Tak Seorang Pun Dapat Melayani Dua Majikan” lan ”Tabahlah—Yehuwa Penolong Saudara!” ing Menara Pengawal 15 April 2014 kaca 17-26.