Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

PENGALAMAN

Tetep Isa Mulang Senajan Tunarungu

Tetep Isa Mulang Senajan Tunarungu

Aku dibaptis taun 1941, wektu umur 12 taun. Ning, aku lagi ngerti tenan piwulang sing bener saka Alkitab ing taun 1946. Kok isa? Ayo tak critani pengalamanku.

KIRA-KIRA ing taun 1910, wong tuwaku pindhah saka Tbilisi, Georgia, menyang Kanada. Wong tuwaku manggon ing panggonan cilik dinggo tani lan ngingu ternak ing cedhaké Pelly, Saskatchewan, Kanada sisih kulon. Aku lair taun 1928, wong tuwaku nduwé anak pitu lan aku anak ragil. Bapakku mati nem sasi sakwisé aku lair, lan ibuku mati wektu aku isih bayi. Ora let suwé, mbakyuku sing mbarep, yaiku Lucy, mati wektu umur 17 taun. Dadi aku lan sedulur-sedulurku diopèni karo paklikku, sing jenengé Nick.

Wektu isih cilik, aku tau nggèrèdi buntuté jaran. Saka mburi, keluargaku mbengoki aku kon mandheg, merga wedi nèk aku mengko ditendhang jaran. Ning, aku ora krungu. Untungé aku ora apa-apa. Ning, mulai wektu kuwi keluargaku lagi ngerti nèk jebulé aku tunarungu.

Kancané keluargaku mènèhi saran bèn aku sekolah ing sekolahan kusus kanggo tunarungu. Dadi, paklikku nglebokké aku ing sekolah kanggo tunarungu ing Saskatoon, Saskatchewan. Aku wedi banget merga sekolahé adoh lan wektu kuwi umurku lagi limang taun. Aku isané mulih mung nèk pas liburan lan musim panas. Akiré, aku sinau basa isyarat lan isa dolanan karo bocah-bocah liyané.

SINAU ALKITAB

Ing taun 1939, mbakyuku sing jenengé Marion nikah karo Bill Danylchuck. Aku lan mbakyuku sing jenengé Frances manggon bareng karo wong loro kuwi. Marion lan bojoné mulai sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah. Wektu liburan musim panas, mbakyuku lan bojoné ngupaya kanggo nyritakké apa sing disinau saka Alkitab marang aku. Kuwi ora gampang, merga wong loro kuwi ora ngerti basa isyarat. Ning, mbakyuku lan bojoné ngerti nèk aku sakjané seneng sinau Alkitab. Aku ngerti nèk apa sing ditindakké mbakyuku kuwi ana hubungané karo kandhané Alkitab. Mula, aku gelem mèlu wektu dijak nginjil. Ora let suwé, aku péngin dibaptis. Tanggal 5 September 1941, Bill mbaptis aku ing tandhon banyu saka baja sing isiné banyu sumur sing adhem banget.

Karo kelompok tunarungu wektu kebaktian ing Cleveland, Ohio, ing taun 1946

Wektu bali mulih pas musim panas ing taun 1946, aku mèlu kebaktian ing Cleveland, Ohio, AS. Ing dina kapisan, mbakyuku nggawèkké cathetan kanggo aku, mula aku isa ngerti apa sing dirembug. Ning, ing dina kapindho, jebulé ana kelompok tunarungu sing ana penerjemahé ing kebaktian kuwi. Akiré, aku dadi isa ngerti sing dirembug lan mudheng tenan piwulang saka Alkitab.

MULANGKÉ ALKITAB

Wektu kuwi, Perang Donya II lagi waé rampung, lan wong-wong padha semangat kanggo mbéla negara. Ning, sakwisé bali saka kebaktian lan mlebu sekolah manèh, aku nduwé tékad kanggo tetep setya marang Yéhuwah. Dadi, aku saiki ora gelem salut bendéra, nyanyèkké lagu nasional, lan ngrayakké hari raya. Aku uga ora gelem menyang gréja manèh bareng karo kanca-kanca sekolahku. Para pengurus ing sekolah ora seneng, banjur ngécé lan ngapusi bèn aku ngowahi pikiranku. Kuwi malah dadi kesempatan kanggo ngekèki kesaksian marang kanca-kanca sekolahku. Akiré, ana kanca sekolahku sing sinau Alkitab lan dadi abdiné Yéhuwah. Contoné, Larry Androsoff, Norman Dittrick, lan Emil Schneider.

Wektu lunga menyang kutha liya, aku mesthi ngekèki kesaksian marang wong tunarungu liyané. Contoné, ing Montréal, aku marani komunitas tunarungu. Ing kono, aku ngekèki kesaksian marang Eddie Tager, cah enom sing dadi anggota gèng. Dhèwèké gabung ing jemaat basa isyarat ing Laval, Quebec, nganti matiné ing taun wingi. Aku uga ketemu karo Juan Ardanez, sing seneng riset kanggo mbuktèkké nèk sing disinau bener-bener saka Alkitab, kaya wong-wong ing kutha Béréa mbiyèn. (PR. 17:10, 11) Dhèwèké akiré dadi Seksi Yéhuwah, lan dadi pinituwa ing Ottawa, Ontario, nganti sak matiné.

Nginjil ing dalan taun 1950-an

Ing taun 1950, aku pindhah menyang Vancouver. Senajan aku seneng nginjil marang wong-wong tunarungu, aku ora bakal lali pengalamanku wektu nginjil ing ndalan, marang wong wédok sing dudu tunarungu sing jenengé Chris Spicer. Dhèwèké dadi langganan majalah lan péngin bèn aku isa ketemu karo bojoné, yaiku Gary. Aku marani omahé lan omong-omongan suwé nggunakké cathetan. Aku lan wong loro kuwi wis suwé ora ketemu, nganti akiré pirang-pirang taun sakbanjuré aku kagèt wektu ketemu ing kebaktian ing Toronto, Ontario. Gary dibaptis wektu kuwi. Pengalaman kuwi mbantu aku ngerti pentingé terus nginjil, merga kita ora ngerti sapa sing akiré bakal dadi abdiné Yéhuwah.

Banjur, aku bali menyang Saskatoon. Ing kono, aku ketemu karo wong wédok sing njaluk tulung bèn aku mulang Alkitab marang anaké wédok kembar sing tunarungu, yaiku Jean lan Joan Rothenberger. Wong loro kuwi sekolah ing sekolahanku ndhisik. Ora let suwé, Jean lan Joan nyritakké apa sing wis disinau saka Alkitab marang kanca-kanca sekolahé. Akiré, limang kanca sekolahé dadi Seksi Yéhuwah. Salah sijiné yaiku Eunice Colin. Aku ketemu karo dhèwèké pas aku mèh lulus sekolah tunarungu. Wektu kuwi, dhèwèké mènèhi aku permèn lan péngin kekancan karo aku.

Karo Eunice ing taun 1960 lan 1989

Wektu ngerti nèk Eunice lagi sinau Alkitab, ibuké njaluk tulung karo kepala sekolah bèn Eunice mandheg sinau Alkitab. Senajan dilarang lan buku-bukuné sing dinggo sinau Alkitab dibuwang, Eunice tetep setya marang Yéhuwah. Wektu Eunicé péngin dibaptis, wong tuwané kandha, ”Nèk dadi Seksi Yéhuwah, kowé kudu minggat saka omah!” Dadi, wektu umur 17 taun, Eunice ninggalké omahé lan manggon bareng karo salah siji keluarga Seksi. Eunice terus sinau Alkitab lan akiré dibaptis. Bar kuwi, aku lan dhèwèké nikah ing taun 1960, ning wong tuwané Eunice ora teka. Saya suwé, wong tuwané mulai ngajèni kapracayanku lan carané aku nggedhèkké anak-anakku.

YÉHUWAH NGGATÈKKÉ AKU

Anakku Nicholas lan bojoné, Deborah, ngabdi ing Bètel London

Ora gampang kanggo nggedhèkké anakku lanang pitu sing dudu tunarungu kabèh. Ning, aku ngupaya ngajari basa isyarat bèn isa omong-omongan lan mulangké Alkitab. Para sedulur ing jemaat uga mbantu aku. Contoné, ana salah siji wong tuwa sing ngandhani aku liwat cathetan nèk salah siji anakku ngomong èlèk ing Balé Ibadah. Banjur, aku lan bojoku langsung ngrampungi masalah kuwi. Anakku papat sing jenengé James, Jerry, Nicholas, lan Steven, dadi pinituwa lan ngabdi kanthi setya bareng karo bojo lan keluargané. Nicholas lan bojoné, yaiku Deborah, mbantu ing tim penerjemah basa isyarat ing kantor cabang Inggris. Steven lan bojoné, yaiku Shannan, dadi tim penerjemah basa isyarat ing kantor cabang Amerika Serikat.

James, Jerry, lan Steven sarta bojoné ndhukung gawéan nginjil ing basa isyarat nganggo cara werna-werna

Sayangé, sesasi sakdurungé urip bebojoanku genep 40 taun, Eunice mati merga kanker. Wektu ngadhepi penyakit kuwi, Eunice tetep kuwat merga percaya banget nèk wong mati bakal diuripké manèh. Aku ngarep-arep wektuné isa ketemu manèh karo bojoku.

Faye lan James, Jerry lan Evelyn, Shannan lan Steven

Sasi Februari 2012, aku tiba lan pinggangku ceklèk. Aku sadhar nèk butuh bantuan. Mula, aku manggon bareng karo anakku lan bojoné, lan nggabung ing Jemaat Basa Isyarat ing Calgary. Ing kono aku tetep ngabdi dadi pinituwa. Dadi, piyé carané aku isa tetep nguwatké hubunganku karo Yéhuwah wektu aku ndhisik gabung karo jemaat basa Inggris? Yéhuwah mbantu aku. Yéhuwah netepi janjiné kanggo ngopèni anak yatim. (Ms. 10:14) Aku maturnuwun banget marang para sedulur sing wis gelem sinau basa isyarat, nggawèkké cathetan kanggo aku, lan sak isa-isané mbantu nerjemahké kanggo aku.

Mèlu sekolah perintis ing basa isyarat wektu umurku 79 taun

Ning, kadhang kala aku ya rumangsa cilik ati lan péngin nyerah merga ora mudheng sing lagi diomongké utawa rumangsa nèk ora ana sing ngerti carané mbantu tunarungu. Wektu ngalami kaya ngono aku mikirké kandhané Pétrus marang Yésus, ”Gusti, sinten ingkang badhé kula dhèrèki? Panjenengan ingkang kagungan pangandika ingkang maringi gesang sejatos.” (Yo. 6:66-68, Basa Jawi Padintenan) Aku ngupaya sabar, kaya sedulur-sedulur tunarungu liyané sing wis suwé ngabdi. Aku uga ngupaya percaya karo Yéhuwah sarta pakumpulané, kuwi gedhé banget paédahé. Saiki, ana akèh wacan ing basa isyarat, lan aku seneng isa teka ing pakumpulan lan kebaktian ing Basa Isyarat Amerika. Uripku bener-bener bungah merga ngabdi marang Yéhuwah.