Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Urip Sedherhana Marahi Seneng

Urip Sedherhana Marahi Seneng

DANIEL LAN MIRIAM nikah sasi September taun 2000 lan uripé wis mapan ing Barcelona, Spanyol. Daniel njelaské, ”Gawéanku wis mapan, aku isa mangan ing rèstoran, dolan nèng luar negeri, lan nganggo klambi sing kualitasé apik. Aku lan bojoku uga ajeg nginjil.” Ning, uripku banjur malih.

Ing kebaktian distrik taun 2006, Daniel ngrungokké ceramah sing ngrembug pitakonan, ”Apa kita wis ngupaya sak isa-isané kanggo mbantu sing ’sempoyongan marani papan panyembelèhan’ bèn wong-wong kuwi isa urip saklawasé?” (WB. 24:11) Ceramah kuwi njelaské nèk kita nduwé tanggung jawab kanggo nginjil, merga kuwi isa nylametké uripé wong-wong. (PR. 20:26, 27) Daniel kandha, ”Aku rumangsa nèk Yéhuwah dhéwé sing lagi ngomong karo aku.” Ceramah kuwi uga nyebutké nèk ngabdi luwih akèh kanggo Yéhuwah kuwi isa nggawé urip dadi luwih nyenengké. Daniel ngerti nèk kuwi pancèn bener merga ndelok Miriam, sing wis merintis dhisik, kétok luwih bungah.

Akiré, Daniel banjur mutuské kanggo nggawé owah-owahan sing gedhé. Daniel mulai ngurangi gawéané lan dadi perintis. Daniel dadi kepéngin ngabdi karo bojoné ing dhaérah sing luwih mbutuhké penginjil merga yakin nèk kuwi isa nggawé bungah.

NGADHEPI TANTANGAN, BANJUR ÉNTUK KABAR SING NYENENGKÉ

Ing sasi Mei 2007, Daniel lan Miriam metu saka gawéané lan pindhah menyang Panama, negara sing wis tau diparani. Ing negara kuwi ana Kepulauan Bocas del Toro sing ana ing Laut Karibia. Ing kono ana akèh wong Ngabe. Daniel lan Miriam nduwé rencana kanggo nggunakké tabungané dinggo manggon ing Panama kira-kira wolung sasi.

Daniel lan Miriam numpak prau lan sepédha kanggo marani pulau-pulau ing kono. Wong loro kuwi wis tau numpak sepédha ngliwati bukit sing nanjak nganti kira-kira 30 kilomèter wektu cuacané panas banget. Daniel kekeselen nganti arep semaput. Ning, wong-wong Ngabe kuwi padha seneng nampa tamu, apamanèh sakwisé wong loro kuwi sinau basa kono. Ora let suwé, ana 23 wong sing gelem sinau Alkitab.

Bareng tabungané wis entèk, banjur piyé? Daniel crita, ”Karo nangis-nangis, aku lan bojoku mikir nèk arep bali menyang Spanyol. Aku wong loro sedhih banget merga kudu ninggalké wong-wong sing sinau Alkitab.” Ning, sesasi sakbanjuré, Daniel lan Miriam nampa kabar sing ngagètké. Miriam kandha, ”Aku lan bojoku diundang kanggo dadi perintis istiméwa. Seneng banget rasané isa tetep manggon ing kono.”

SING PALING NYENENGKÉ

Ing taun 2015, Daniel lan Miriam ora dadi perintis istiméwa manèh, merga ana owah-owahan ing pakumpulan. Lha terus piyé? Wong loro kuwi percaya karo janji ing Jabur 37:5, ”Uripmu pasrahna marang Pangéran Yéhuwah sarta kumandela marang Panjenengané, Panjenengané kang bakal tumindak.” Daniel lan Miriam éntuk gawéan sing cocog sarta isa tetep merintis, lan saiki ngabdi ing jemaat Veragues, Panama.

Daniel kandha, ”Sakdurungé pindhah saka Spanyol, aku lan bojoku ora yakin nèk isa urip sedherhana. Ning, nyatané aku isa lan kebutuhanku mesthi kecukupan.” Apa sing paling nyenengké kanggo wong loro kuwi? Daniel lan Miriam kandha, ”Isa mbantu wong-wong sing andhap asor sinau bab Yéhuwah kuwi nyenengké banget.”