Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Sebabé Kita Kudu Terus ”Ngasilké Akèh Woh”

Apa Sebabé Kita Kudu Terus ”Ngasilké Akèh Woh”

”Bapakku diluhurké ing bab iki, yaiku nèk kowé terus ngasilké akèh woh lan mbuktèkké nèk kowé muridku.”​—YOH. 15:8.

LAGU: 53, 60

1, 2. (a) Apa sing diomongké Yésus ing bengi sakdurungé séda? (Deloken gambar ing ndhuwur.) (b) Apa sebabé kita uga kudu terus éling apa alesané kita nginjil? (c) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

BENGI sakdurungé séda, Yésus omong-omongan suwé banget karo para rasulé. Dhèwèké kandha nèk tresna banget karo para rasulé. Yésus uga nyritakké perumpamaan bab wit anggur, sing wis dirembug ing artikel sakdurungé. Yésus péngin murid-muridé ”terus ngasilké akèh woh”, yaiku terus nginjil bab Kratoné Allah.​—Yoh. 15:8.

2 Yésus ngandhani para muridé bab apa sing kudu ditindakké lan apa alesané. Kita uga kudu terus éling apa alesané kita nginjil. Kuwi isa nggawé kita dadi luwih semangat mènèhi ”kesaksian kanggo kabèh bangsa”. (Mat. 24:13, 14) Ing artikel iki, kita bakal ngrembug patang alesan saka Alkitab sing njelaské apa sebabé kita kudu nginjil lan patang bantuan saka Yéhuwah bèn kita isa terus ngasilké woh.

KITA NGLUHURKÉ YÉHUWAH

3. (a) Miturut Yohanes 15:8, apa alesan sing paling penting kanggo nginjil? (b) Ing perumpamaan bab wit anggur, woh anggur nggambarké apa, lan apa sebabé kuwi cocog?

3 Alesan sing paling penting kanggo nginjil yaiku ngluhurké Yéhuwah lan nggawé suci asmané. (Wacanen Yohanes 15:1, 8.) Wektu nyritakké perumpamaan bab wit anggur, Yésus mbandhingké Yéhuwah karo petani sing nandur anggur. Yésus kandha nèk dhèwèké kuwi wit anggur, lan para muridé kuwi pang-pangé. (Yoh. 15:5) Dadi ing perumpamaan iki, woh anggur nggambarké woh sing dihasilké murid-muridé, yaiku gawéan nginjil sing ditindakké para muridé. Yésus ngandhani para muridé, ”Bapakku diluhurké ing bab iki, yaiku nèk kowé terus ngasilké akèh woh.” Nèk wit anggur ngasilké woh sing apik, petaniné pantes dialem. Semono uga, nèk kita ngupayakké sing paling apik wektu nginjil, Yéhuwah bakal diluhurké.​—Mat. 25:20-23.

Nèk kita ngupayakké sing paling apik wektu nginjil, Yéhuwah bakal diluhurké

4. (a) Piyé kita isa nggawé suci asmané Gusti Allah? (b) Piyé perasaan panjenengan merga isa nggawé suci asmané Gusti Allah?

4 Asmané Gusti Allah kuwi wis suci. Dadi, piyé gawéan nginjil sing kita tindakké isa nggawé suci asmané Gusti Allah? Nabi Yésaya kandha, ”Pangéran Yéhuwah, Gustiné sarwa tumitah, iku kang kudu sira akoni dadi Kang Suci.” (Yé. 8:13) Kita nggawé suci asmané Gusti Allah nèk nganggep asmané kuwi sing paling luhur, lan ngandhani wong liya nèk asmané Gusti Allah kuwi suci. (Mat. 6:9) Contoné, kita mulang wong liya bab sipat-sipaté Yéhuwah lan kersané bèn manungsa urip saklawasé ing Firdaus. Wong-wong dadi ngerti nèk omongané Sétan bab Yéhuwah kuwi ora bener. (Pd. 3:1-5) Kita uga nggawé suci asmané Gusti Allah, wektu kita mbantu wong-wong ngerti nèk mung Yéhuwah sing ”pantes dimulyakké lan dihormati”. (Why. 4:11) Rune, sing wis merintis suwéné 16 taun, kandha, ”Aku seneng banget merga isa dadi seksiné Yéhuwah. Lan kuwi nggawé aku dadi luwih semangat nginjil.”

KITA NRESNANI YÉHUWAH LAN YÉSUS

5. (a) Kaya sing dicathet ing Yohanes 15:9, 10, apa alesané kita nginjil? (b) Piyé Yésus mbantu para muridé bèn ngerti nèk kudu terus setya?

5 Wacanen Yohanes 15:9, 10. Alesan sing kapindho kita nginjil bab Kratoné Gusti Allah yaiku merga kita nresnani Yéhuwah lan Yésus. (Mrk. 12:30; Yoh. 14:15) Yésus ngandhani para muridé bèn ”tetep dadi wong sing ditresnani Bapak”. Malah, ing Yohanes 15:4-10, Yésus bola-bali nggunakké tembung ”tetep”. Apa sebabé Yésus kandha kaya ngono? Merga Yésus ngerti nèk wong-wong Kristen sing sejati kudu ngupaya tetep setya senajan ngadhepi masalah.

6. Piyé carané supaya kita ditresnani Yésus?

6 Kita isa ditresnani Yésus nèk manut karo préntahé. Yésus mréntahké kita nindakké apa sing wis dhèwèké tindakké. Yésus kandha, ”Aku wis nindakké préntah-préntahé Bapak lan tetep dadi wong sing ditresnani Bapak.” (Yoh. 15:10) Yésus mènèhi conto kanggo kita.​—Yoh. 13:15.

7. Apa hubungané manut karo tresna?

7 Yésus njelaské nèk manut kuwi ana hubungané karo tresna. Yésus kandha, ”Sapa waé sing nampa préntah-préntahku lan nindakké kuwi, yakuwi wong sing nresnani aku.” (Yoh. 14:21) Préntah-préntah saka Yésus kuwi asalé saka Bapaké. Dadi nèk manut préntahé Yésus kanggo nginjil, kuwi tegesé kita uga nresnani Yéhuwah. (Mat. 17:5; Yoh. 8:28) Nèk kita nresnani Yéhuwah lan Yésus, kita uga bakal ditresnani Yéhuwah lan Yésus.

PÉNGIN NGÉLIKKÉ WONG-WONG

8, 9. (a) Apa alesan liyané kanggo nginjil? (b) Piyé omongané Yéhuwah ing Yéheskièl 3:18, 19 lan 18:23 nyemangati kita kanggo nginjil?

8 Alesan sing katelu kanggo nginjil yaiku kita péngin ngélikké wong-wong nèk dinané Yéhuwah wis cedhak. Ing Alkitab, Nuh disebut ”wong sing martakké apa sing bener”. (Wacanen 2 Pétrus 2:5.) Sakdurungé Banjir Gedhé teka, Nuh mesthi wis ngélikké wong-wong nèk donya iki bakal disirnakké. Apa buktiné? Merga Yésus kandha, ”Sakdurungé Banjir Gedhé teka, wong-wong padha mangan lan ngombé, wong-wong lanang nikah lan wong-wong wadon dinikahké, nganti pas dinané Nuh mlebu ing bahtera. Wong-wong kuwi ora nggatèkké nganti Banjir Gedhé kuwi teka lan nyirnakké wong-wong kuwi kabèh. Semono uga mbésuk pas rawuhé Putrané manungsa.” (Mat. 24:38, 39) Senajan akèh sing ora ngrungokké, Nuh terus ngélikké wong-wong.

9 Kita saiki martakké kabar apik, bèn wong-wong ngerti apa sing bakal ditindakké Gusti Allah kanggo manungsa sukmbèn. Kaya Yéhuwah, kita péngin wong-wong nampa kabar apik ”supaya urip”. (Yk. 18:23) Wektu nginjil saka omah-omah lan ing panggonan umum, kita ngandhani wong-wong nèk Kratoné Allah bakal teka lan nyingkirké wong-wong sing jahat.​—Yk. 3:18, 19; Dn. 2:44; Why. 14:6, 7.

NRESNANI WONG LIYA

10. (a) Nurut Matius 22:39, apa alesané kita nginjil? (b) Piyé Paulus lan Silas mbantu penjaga penjara ing Filipi?

10 Alesan sing kapapat kanggo nginjil yaiku merga kita nresnani wong liya. (Mat. 22:39) Kita ngerti nèk keadaan lan sikapé wong liya isa malih. Misalé, ing tengah wengi, wektu Paulus lan Silas dipenjara ing kutha Filipi, ana gempa bumi lan lawang-lawangé penjara kebukak. Penjaga penjarané kewedèn lan arep bunuh diri merga ngira nèk kabèh tahanan wis mlayu. Ning Paulus mbengok, ”Aja bunuh dhiri!” Penjaga penjara kuwi takon, ”Apa sing kudu tak tindakké supaya isa dislametké?” Paulus lan Silas njawab, ”Percayaa marang Gusti Yésus, supaya kowé lan keluargamu dislametké.”​—Kis. 16:25-34.

Kita nginjil merga nresnani Yéhuwah, Yésus, lan wong liya (Deloken paragraf 5, 10)

11, 12. (a) Apa sing isa kita sinaoni saka penjaga penjara ing kutha Filipi? (b) Apa sebabé kita rajin nginjil?

11 Apa sing isa kita sinaoni saka crita bab penjaga penjara ing kutha Filipi? Penjaga penjara kuwi isa ngowahi sipaté lan nggolèk bantuan sakwisé ana gempa bumi. Semono uga, wong-wong sing mauné ora gelem nampa kabar apik, akhiré gelem nampa lan nggolèk bantuan wektu ngalami masalah. Contoné, ana sing bar kena PHK utawa pegatan. Ana uga sing sedhih merga lagi lara parah utawa ana anggota keluargané sing mati. Wektu ngalami masalah-masalah kuwi, mbokmenawa ana sing dadi péngin ngerti apa tujuané urip. Isa waé wong-wong kuwi mikir, ’Aku kudu piyé bèn isa dislametké?’ Mbokmenawa wong-wong kuwi akhiré gelem nampa kabar apik sing kita wartakké.

12 Dadi, nèk kita rajin nginjil, kita bakal siap mbantu wektu wong-wong kuwi mulai gelem nampa kabar apik. (Yé. 61:1) Charlotte sing wis merintis 38 taun kandha, ”Wong-wong saiki padha bingung lan butuh kabar apik.” Ejvor sing wis merintis 34 taun kandha, ”Saiki, akèh wong sing putus asa. Aku péngin banget mbantu wong-wong kuwi. Kuwi nyemangati aku bèn terus nginjil.” Dadi, kita péngin terus nginjil merga nresnani wong-wong.

BAB-BAB SING ISA MBANTU BÈN TERUS SETYA

13, 14. (a) Bab apa sing disebutké ing Yohanes 15:11 sing isa mbantu kita? (b) Piyé carané bèn isa seneng kayadéné Yésus? (c) Apa pengaruhé rasa seneng kanggo gawéan nginjil?

13 Bengi sakdurungé séda, Yésus uga nyebutké patang bab sing isa mbantu para rasulé bèn isa terus ngasilké woh. Apa waé kuwi lan piyé kuwi uga isa mbantu kita saiki?

14 Rasa seneng. Nginjil kuwi ora abot. Sakwisé nyritakké perumpamaan bab wit anggur, Yésus kandha nèk nginjil kuwi nyenengké. (Wacanen Yohanes 15:11.) Kok isa? Ing perumpamaan kuwi, Yésus digambarké kaya wit anggur lan murid-muridé kuwi pang-pangé. Pang-pang kuwi isa éntuk banyu lan gizi nèk nèmplèk ing wit anggur. Semono uga, kita perlu tetep cedhak karo Yésus lan niru tuladhané kanthi tliti. Kita isa seneng merga nindakké kersané Yéhuwah, kayadéné Yésus. (Yoh. 4:34; 17:13; 1 Ptr. 2:21) Hanne, sing wis merintis luwih saka 40 taun kandha, ”Nèk bar nginjil aku mesthi seneng banget. Kuwi nggawé aku péngin terus nindakké kersané Yéhuwah.” Rasa seneng kuwi isa nyemangati kita kanggo nginjil senajan akèh wong sing ora ngrungokké.​—Mat. 5:10-12.

15. (a) Bab apa sing disebutké ing Yohanes 14:27 sing isa mbantu kita? (b) Apa sebabé rasa ayem kuwi isa mbantu kita terus ngasilké woh?

15 Rasa ayem tentrem. (Wacanen Yohanes 14:27.) Bengi kuwi, Yésus ngandhani para rasulé, ”Aku mènèhi kowé katentremanku.” Apa sebabé rasa ayem saka Yésus kuwi isa mbantu kita bèn terus nginjil? Nèk terus nginjil, kita isa ayem merga ngerti nèk wis nyenengké Yéhuwah lan Yésus. (Ms. 149:4; Rm. 5:3, 4; Kol. 3:15) Ulf, sing wis merintis 45 taun kandha, ”Bar nginjil aku kesel, ning kuwi isa nggawé aku seneng lan puas banget.” Kita mesthi seneng merga isa nduwé rasa ayem sing bakal ana nganti saklawasé.

16. (a) Bab apa sing disebutké ing Yohanes 15:15 sing isa mbantu kita? (b) Piyé carané bèn para rasul isa terus dadi sahabaté Yésus?

16 Isa dadi sahabaté Yésus. Yésus kandha nèk dhèwèké péngin para rasulé isa padha seneng. Sakwisé kuwi, Yésus njelaské pentingé nduduhké katresnan sing ora mentingké awaké dhéwé. (Yoh. 15:11-13) Banjur, Yésus kandha, ”Aku nyebut kowé sahabat.” Isa dadi sahabaté Yésus kuwi istiméwa banget. Ning, piyé carané bèn para rasul isa terus dadi sahabaté Yésus? Yésus njelaské, ’Terusa ngasilké woh.’ (Wacanen Yohanes 15:14-16.) Kuwi maksudé kudu terus nginjil. Kira-kira rong taun sakdurungé kuwi, Yésus kandha, ”Lungaa lan wartakna, ’Kraton swarga wis cedhak.’”(Mat. 10:7) Kuwi sebabé ing bengi sakdurungé séda, Yésus nyemangati murid-muridé bèn terus nginjil. (Mat. 24:13; Mrk. 3:14) Yésus ngerti nèk kuwi ora gampang. Ning, murid-muridé mesthi isa nindakké kuwi lan terus dadi sahabaté Yésus. Piyé carané?

17, 18. (a) Bab apa sing disebutké ing Yohanes 15:7 sing isa mbantu kita? (b) Apa gunané bantuan kuwi kanggo murid-muridé Yésus? (c) Apa gunané bantuan kuwi kanggo kita saiki?

17 Yéhuwah njawab donga-donga kita. Yésus kandha, ”Njaluka apa waé sing kok péngini lan kuwi bakal diwènèhké marang kowé.” (Yoh. 15:7, 16) Jaminan kuwi mesthi nguwatké para rasul. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Para rasul ora ngira nèk ora suwé manèh Yésus arep mati. Ning, senajan Yésus wis mati, para muridé isih isa éntuk bantuan. Yéhuwah siap njawab dongané para rasul lan mbantu wong-wong kuwi wektu nginjil. Ora suwé sakwisé Yésus mati, para rasul ndonga bèn isa kendel, lan Yéhuwah njawab dongané kuwi.​—Kis. 4:29, 31.

Kita yakin nèk Yéhuwah bakal njawab donga kita (Deloken paragraf 18)

18 Semono uga, nèk terus nginjil, kita isa terus dadi sahabaté Yésus. Wektu ngadhepi tantangan ing gawéan nginjil, kita uga isa yakin nèk Yéhuwah siap njawab donga-donga kita. (Flp. 4:13) Kita ngajèni kabèh bantuan saka Yéhuwah, merga kuwi isa nyemangati kita bèn terus ngasilké woh.​—Yak. 1:17.

19. (a) Apa sebabé kita terus nginjil? (b) Bab apa waé sing isa mbantu kita nindakké tugas saka Yéhuwah?

19 Ing artikel iki, kita wis ngrembug patang alesan sing njelaské apa sebabé kita terus nginjil, yaiku kanggo ngluhurké lan nggawé suci asmané Yéhuwah, nresnani Yéhuwah lan Yésus, péngin ngélikké wong-wong, lan nresnani wong liya. Kita uga wis ngrembug nèk kita isa terus nindakké tugas saka Yéhuwah merga isa nduwé rasa seneng lan ayem, isa dadi sahabaté Yésus, lan donga-donga kita isa dijawab karo Yéhuwah. Yéhuwah mesthi seneng banget nèk kita ngupaya kanggo ”terus ngasilké akèh woh”.

^ par. 17 Wektu omong-omongan karo para rasulé, Yésus bola-bali ngélingké nèk Yéhuwah bakal njawab dongané para rasul.​—Yoh. 14:13; 15:7, 16; 16:23.