Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Cah-Cah Enom Isa Menang Nglawan Sétan

Cah-Cah Enom Isa Menang Nglawan Sétan

”Nganggoa kabèh perlengkapan perang saka Gusti Allah, supaya kowé isa terus kukuh wektu nglawan siasat liciké Iblis.”—ÉF. 6:11.

LAGU: 79, 140

1, 2. (a) Apa sebabé cah-cah enom Kristen isa menang nglawan Sétan lan para malaékat jahat? (Deloken gambar ing ndhuwur.) (b) Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

RASUL PAULUS madhakké wong Kristen karo prajurit. Wong Kristen kudu perang nglawan mungsuh, ning mungsuhé dudu manungsa. Kita kudu perang nglawan Sétan lan malaékat-malaékat jahat, para prajurit sing wis akèh pengalamané nganti éwonan taun. Kayané kita ora mungkin menang, apa manèh nèk isih enom. Ning, cah-cah enom isa menang nglawan mungsuh sing kuwat kuwi merga éntuk kekuwatan saka Yéhuwah. Sakliyané kuwi, cah-cah enom isa ’nganggo kabèh perlengkapan perang saka Gusti Allah’, bèn dadi kaya prajurit sing trampil.​—Wacanen Éfésus 6:10-12.

2 Wektu Paulus nyritakké gambaran kuwi, mbokmenawa dhèwèké lagi mbayangké alat-alat perang sing dienggo prajurit Romawi. (Kis. 28:16) Ing artikel iki, kita bakal ngrembug gambaran sing apik kuwi. Kita uga bakal sinau saka cah-cah enom sing nyritakké masalahé lan sing wis ngrasakké paédahé nganggo perlengkapan perang saka Gusti Allah.

Apa kowé nganggo kabèh perlengkapan perang?

”SABUK YAIKU KABÈH BAB SING BENER”

3, 4. Apa sebabé wulangan sing bener kuwi isa dipadhakké karo sabuké prajurit Romawi?

3 Wacanen Éfésus 6:14. Ing sabuké prajurit Romawi, ana lèmpèngan logam sing nglindhungi pinggangé prajurit kuwi lan nyangga tutup dhadha sing abot. Ana sabuk sing uga nduwé wadhah kanggo ndèlèhké pedhang lan pisau. Nèk sabuké kenceng, prajurit kuwi isa luwih siap perang.

Wulangan sing bener saka Alkitab bakal nglindhungi kita saka wulangan sing salah

4 Kaya sabuké prajurit Romawi, wulangan sing bener saka Alkitab bakal nglindhungi kita saka wulangan sing salah. (Yoh. 8:31, 32; 1 Yoh. 4:1) Kita uga bakal luwih gampang nganggo ”tutup dhadha”, utawa manut karo pathokané Gusti Allah, nèk kita nresnani wulangan sing bener. (Ms. 111:7, 8; 1 Yoh. 5:3) Terus, nèk kita luwih paham pathokané Alkitab, kita bakal luwih gampang nglawan mungsuh kita.​—1 Ptr. 3:15.

5. Apa sebabé kita kudu terus jujur?

5 Piwulang saka Alkitab kuwi penting banget, mula kita manut karo isiné Alkitab lan péngin terus ngomongké sing bener. Omongan sing ora bener kuwi senjatané Sétan sing paling ampuh. Omongan sing ora bener kuwi sakjané isa nyilakani awaké dhéwé lan wong liya sing percaya. (Yoh. 8:44) Dadi senajan ora sampurna, kita péngin terus ngupaya ngomongké sing bener. (Éf. 4:25) Kuwi pancèn ora gampang. Abigail, umur 18 taun, kandha, ”Ngomong sing bener kuwi hasilé ora mesthi apik. Malah, nèk ngapusi kadhang awaké dhéwé dadi ora kena masalah.” Ning, dhèwèké kandha, ”Nèk aku jujur, atiku kepénak merga wis nyenengké Yéhuwah. Lan aku uga dipercaya karo wong tuwaku lan kanca-kancaku.” Victoria, umur 23 taun, kandha, ”Nèk kowé ngomongké sing bener lan mbéla imanmu, kowé isa diécé. Ning, manfaaté akèh: Kowé isa luwih percaya diri, luwih cedhak karo Yéhuwah, lan diajèni karo wong-wong sing sayang karo kowé.” Dadi, terus nganggo ”sabuk”, yaiku ”kabèh bab sing bener” kuwi penting banget.

Sabuk, kabèh bab sing bener (Deloken paragraf 3-5)

”TUTUP DHADHA YAIKU TUMINDAK SING BENER”

6, 7. Apa sebabé pathokané Yéhuwah dipadhakké karo tutup dhadha?

6 Tutup dhadha prajurit Romawi biasané digawé saka lèmpèngan-lèmpèngan wesi sing dipasang nggubed ing dhadha nganti geger. Lèmpèngan-lèmpèngan kuwi disambungké nganggo canthèlan saka logam lan tali kulit. Ing pundhaké uga ana lèmpèngan-lèmpèngan sing disambungké nganggo tali kulit. Prajurit kuwi mungkin dadi ngrasa angèl obah. Prajurit kuwi kudu terus mastèkké tutup dhadha kuwi bèn ora gèsèr utawa copot. Tutup dhadha kuwi nglindhungi jantung lan organ liyané saka pedhang lan panah.

Kita ora isa nglindhungi atiné awaké dhéwé

7 Tutup dhadha kuwi padha kaya pathokané Yéhuwah sing nglindhungi ’ati’ kita. (WB. 4:23) Prajurit ora bakal ngganti tutup dhadha saka bahan liya sing ora kuwat. Semono uga, kita ora bakal ngganti pathokané Yéhuwah bab sing bener lan sing salah nganggo pikirané dhéwé, merga kita ora isa nglindhungi atiné awaké dhéwé. (WB. 3:5, 6) Mula, kita kudu terus mastèkké apa ”tutup dhadha” kuwi isih nglindhungi ati kita.

8. Apa sebabé kita kudu manut pathokané Yéhuwah?

8 Apa kowé kadhang kala ngrasa nèk pathokané Yéhuwah kuwi abot lan mbatesi? Daniel, sing umuré 21 taun kandha, ”Aku diécé guruku lan kanca sekolahku merga manut pathokané Yéhuwah. Kuwi nggawé aku sedhih lan ora percaya diri.” Ning, piyé perasaané Daniel saiki? Dhèwèké kandha, ”Suwé-suwé aku ngerti manfaaté manut pathokané Yéhuwah. Ana kancaku sing nganggo narkoba lan ana sing ditokké saka sekolah. Aku sedhih ndelok keadaané kanca-kancaku kuwi. Yéhuwah bener-bener nglindhungi aku.” Madison, sing umuré 15 taun kandha, ”Aku kudu ngupaya tenanan kanggo manut pathokané Yéhuwah lan ora mèlu-mèlu kancaku.” Terus, apa sing ditindakké Madison? Dhèwèké kandha, ”Aku terus éling nèk aku iki Seksi Yéhuwah lan godhaan sing tak alami kuwi mung serangan saka Sétan. Aku seneng banget nèk isa terus setya karo Yéhuwah.”

Tutup dhadha, tumindak sing bener (Deloken paragraf 6-8)

’NGANGGO SEPATU YAIKU SIAP MARTAKKÉ KABAR APIK BAB KATENTREMAN’

9-11. (a) Wong-wong Kristen nganggo ”sepatu” apa? (b) Piyé carané bèn dadi luwih gampang nginjil?

9 Wacanen Éfésus 6:15. Prajurit Romawi ora isa perang nèk ora nganggo sepatu. Sepatuné kuwat banget merga digawé saka telung lapis kulit. Ning, sepatu kuwi uga pénak dienggo, dadiné prajurit kuwi ora keplèsèd.

10 Sepatuné prajurit Romawi mbantu dhèwèké menang perang. Ning, sepatu ing gambarané Paulus mbantu kita ”martakké kabar apik bab katentreman”. (Yé. 52:7; Rm. 10:15) Senajan ngono kita isih kudu ngupaya bèn kendel wektu nginjil. Roberto umur 20 taun kandha, ”Mbiyèn, aku wongé isinan dadi aku wedi nginjil marang kanca sekolahku. Ning, kuduné aku ora kaya ngono. Saiki aku seneng nginjil marang kancaku.”

11 Akèh cah enom Kristen sing persiapan dhisik bèn isa luwih gampang nginjil marang kanca sekolahé. Terus persiyapané piyé? Julia sing umuré 16  taun kandha, ”Aku mesthi nggawa publikasi ing tas sekolahku. Aku ya ngrungokké pendapat lan kepercayaané kanca-kancaku, bèn isa ngerti carané mbantu kanca-kancaku. Nèk aku wis persiapan dhisik, aku isa ngomongké sing cocog karo kebutuhané kanca-kancaku.” Maria sing umuré 23 taun kandha, ”Kowé bakal ngerti apa sing dibutuhké kancamu nèk kowé apikan lan ngrungokké tenanan sing diomongké. Aku maca kabèh publikasi kanggo cah-cah enom. Dadi aku isa langsung ngomongké bab sing cocog saka Alkitab utawa jw.org. Persiapan sing apik sakdurungé nginjil kuwi padha kaya nganggo ”sepatu” sing cocog karo ukuran sikilmu.

Sepatu, martakké kabar apik (Deloken paragraf 9-11)

”TAMÈNG GEDHÉ YAIKU IMAN”

12, 13. Apa waé ”panah geni” saka Sétan kuwi?

12 Wacanen Éfésus 6:16. Prajurit Romawi nggawa tamèng sing gedhé sing nutupi pundhak nganti dengkul. Tamèng kuwi nglindhungi prajurit saka pedhang, tombak, lan panah.

13 Sétan isa nggunakké ”panah geni”, mungkin omongan sing ora bener bab Yéhuwah kanggo nyerang kowé. Sétan péngin kowé ngrasa nèk Yéhuwah kuwi ora nresnani lan nggatèkké kowé. Ida sing umuré 19 taun kandha, ”Mbiyèn aku ngrasa ora cedhak karo Yéhuwah lan Yéhuwah ora péngin dadi Kancaku.” Terus apa sing ditindakké Ida? Dhèwèké kandha, ”Teka ing pakumpulan isa nguwatké imanku. Mbiyèn aku mung teka, lungguh thok, lan ora mèlu urun rembug, merga aku mikir nèk ora bakal ana sing gelem ngrungokké aku. Ning, saiki aku persiapan dhisik lan ngupaya mèlu urun rembug ping pindho utawa ping telu. Kuwi ora gampang, ning aku ngrasa puas nèk wis nindakké kuwi. Para sedulur uga terus nguwatké aku. Saben teka ing pakumpulan ibadah aku mesthi rumangsa ditresnani Yéhuwah.”

14. Piwulang apa sing isa disinaoni saka pengalamané Ida?

14 Tamèngé prajurit Romawi ukurané tetep padha, ora molah-malih. Ning, kaya sing dialami Ida mau, iman kita isa malih dadi cilik utawa dadi kuwat. Kuwi pilihané awaké dhéwé. (Mat. 14:31; 2 Tés. 1:3) Kita kudu luwih nguwatké iman, bèn isa dadi kaya ”tamèng gedhé” sing nglindhungi kita.

Tamèng gedhé, iman (Deloken paragraf 12-14)

”TOPI WESI YAIKU KESLAMETAN”

15, 16. Apa sebabé pangarep-arep kita dipadhakké karo topi wesi?

15 Wacanen Éfésus 6:17. Prajurit Romawi nggunakké topi wesi kanggo nglindhungi sirahé, guluné, lan wajahé. Biasané topi wesi kuwi ana cantholané bèn isa dicangking.

16 Kaya topi wesi sing nglindhungi otaké prajurit mau, ”pangarep-arep keslametan” uga bakal nglindhungi pikiran kita. (1 Tés. 5:8; WB. 3:21) Pangarep-arep kuwi mbantu kita terus mikirké janjiné Yéhuwah, bèn ora cilik ati wektu ngadhepi masalah. (Ms. 27:1, 14; Kis. 24:15) Pangarep-arep kuwi kudu nyata tenan kanggo kita bèn isa nglindhungi. ”Topi wesi” kuwi kudu dienggo, aja mung dicangking.

17, 18. (a) Piyé carané Sétan isa nggawé kita nganti nyopot topi wesi? (b) Apa buktiné kita ora kapusan karo siasaté Sétan?

17 Piyé carané Sétan isa nggawé kita nganti nyopot topi wesi kuwi? Mbiyèn Sétan uga ngupaya nindakké kuwi marang Yésus. Sétan ngerti nèk Yésus sukmbèn bakal dadi Raja. Ning, sakdurungé kuwi kelakon, Yésus kudu ngalami sengsara nganti mati. Banjur, isih kudu nunggu nganti Yéhuwah nglantik Yésus dadi Raja. Mula, Sétan ngiming-imingi Yésus lan kandha nèk Yésus isa dadi panguwasa luwih cepet nèk nyembah Sétan. (Luk. 4:5-7) Semono uga, Sétan ngerti nèk Yéhuwah wis njanjèkké urip sing kepénak kanggo kita ing donya anyar. Ning, janji kuwi saiki durung kelakon lan kita isih ngadhepi akèh masalah. Mula, Sétan ngiming-imingi bèn kita luwih mentingké urip kepénak saiki ketimbang ngutamakké Kratoné Allah.​—Mat. 6:31-33.

18 Akèh cah enom Kristen sing ora kapusan karo siasaté Sétan. Contoné, Kiana sing umuré 20 taun kandha, ”Aku ngerti nèk kabèh masalah kuwi mung isa dirampungi karo Kratoné Allah.” Apa pengaruhé pangarep-arep kuwi kanggo Kiana? Kuwi isa mbantu dhèwèké kèlingan nèk kabèh masalah ing donya iki mung sementara. Mula, Kiana pilih nggunakké wektu lan tenagané kanggo nglayani Yéhuwah, ketimbang ngupaya bèn isa suksès ing donya iki.

Topi wesi, keslametan (Deloken paragraf 15-18)

”PEDHANG ROH YAIKU PANGANDIKANÉ GUSTI ALLAH”

19, 20. Piyé carané bèn isa dadi luwih trampil nggunakké Alkitab?

19 Para prajurit Romawi nggunakké pedhang sing dawané kira-kira 50 cm. Prajurit kuwi trampil banget nggunakké pedhangé merga terus latian saben dina.

20 Rasul Paulus kandha nèk Kitab Suci kuwi padha kaya pedhang saka Yéhuwah. Kita kudu ajar nggunakké pedhang kuwi kanthi trampil kanggo mbéla iman kita utawa kanggo ngowahi cara mikir. (2 Kor. 10:4, 5; 2 Tim. 2:15) Piyé carané? Sebastian sing umuré 21 taun kandha, ”Wektu maca Alkitab, aku nyalin isiné salah siji ayat saka saben pasal, banjur tak gawé daftar ayat-ayat sing tak senengi.” Kuwi mbantu Sebastian bèn isa luwih ngerti pandhangané Yéhuwah. Daniel uga kandha, ”Wektu maca Alkitab, aku milih ayat-ayat sing isa mbantu wong-wong sing tak temoni wektu nginjil. Nèk awaké dhéwé nduwé minat sing gedhé bab Alkitab lan péngin tenanan mbantu, wong-wong bakal nanggepi kanthi apik.”

Pedhang roh, pangandikané Gusti Allah (Deloken paragraf 19-20)

21. Apa sebabé kita ora perlu wedi karo Sétan lan para malaékaté?

21 Kaya sing wis kita sinaoni saka pengalamané cah-cah enom ing artikel iki, kita ora perlu wedi karo Sétan lan para malaékaté. Sétan lan para malaékaté pancèn nduwé kuwasa sing gedhé, ning ora nganti ngungkuli kuwasané Yéhuwah. Sétan lan para malaékaté bakal dikurung lan ora isa nyesatké wong manèh saksuwéné Yésus dadi Raja sèwu taun, lan akiré bakal disirnakké. (Why. 20:1-3, 7-10) Kita ngerti sapa mungsuh kita, siasaté, lan tujuané. Kita isa tetep setya nèk ngendelké Yéhuwah.