Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Sapa Mungsuh Panjenengan?

Sapa Mungsuh Panjenengan?

”Merga kita wis ngerti rencanané [Sétan].”​—2 KOR. 2:11, cathetan ngisor.

LAGU: 150, 32

1. Sakwisé Adam lan Hawa dosa, apa kandhané Yéhuwah bab mungsuhé awaké dhéwé?

ADAM ngerti nèk ula kuwi ora isa ngomong. Dadi wektu ana ula sing ngomong karo Hawa, mungkin Adam wis ngerti nèk sing ngomong kuwi makhluk roh. (Pd. 3:1-6) Adam lan Hawa ora ngerti sapa makhluk roh kuwi. Ning, Adam luwih milih ndhukung makhluk kuwi lan nglawan Gusti Allah. (1 Tim. 2:14) Banjur, Yéhuwah mulai ngandhani sapa sakjané makhluk roh sing dadi mungsuh kuwi lan janji nèk dhèwèké bakal disingkirké. Ning, Yéhuwah uga ngélikké nèk makhluk roh kuwi bakal nyerang kabèh umaté Gusti Allah.​—Pd. 3:15.

2, 3. Kira-kira, apa alesané Yéhuwah ora mènèhi akèh katrangan bab Sétan sakdurungé Mèsias teka?

2 Yéhuwah ora tau nyebutké jenengé makhluk roh sing mbrontak kuwi. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Kira-kira 2.500 taun sakbanjuré, Yéhuwah lagi nyingkapké idèntitasé makhluk kuwi. (Ay. 1:6) Dhèwèké disebut ”Iblis”, utawa ”Sétan”, sing tegesé ”Sing Nglawan”. Tembung ”Iblis” mung ana ing telung buku ing Kitab-Kitab Ibrani, yaiku ing 1 Babad, Ayub, lan Zakharia. Apa sebabé mung ana katrangan sithik bab mungsuh kuwi sakdurungé Mèsias teka?

3 Ing Kitab-Kitab Ibrani, Yéhuwah ora njelaské katrangan sing rinci bab Sétan lan tumindaké. Tujuané Kitab-Kitab Ibrani kuwi kanggo mbantu wong-wong bèn kenal lan akhiré dadi muridé Mèsias. (Luk. 24:44; Gal. 3:24) Wektu Mèsias teka, Yéhuwah nggunakké dhèwèké lan para rasulé kanggo nyingkapké idèntitasé Sétan lan para malaékat sing mèlu mbrontak. * (Deloken katrangan ing ngisor.) Iki cocog merga Yéhuwah bakal nggunakké Yésus lan murid-muridé sing dipilih nganggo roh suci kanggo ngremuk Sétan lan pengikuté.​—Rm. 16:20; Why. 17:14; 20:10.

Ana Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat sing setya sing njaga lan mbantu kita bèn isa nglawan mungsuh

4. Apa sebabé kita ora perlu wedi karo Sétan?

4 Rasul Pétrus nggambarké Sétan si Iblis kuwi kaya ”singa sing nggero-nggero”, lan Yohanes nyebut Sétan kuwi ”ula” lan ”naga”. (1 Ptr. 5:8; Why. 12:9) Ning kita ora perlu wedi karo Iblis, merga kekuwatané ana batesé. (Wacanen Yakobus 4:7.) Ana Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat sing setya sing njaga lan mbantu kita bèn isa nglawan mungsuh kuwi. Ning, isih ana pitakonan-pitakonan penting sing kudu dijawab: Sepira gedhéné kuwasané Sétan? Piyé carané Sétan nyasarké wong-wong? Lan apa sing ora isa ditindakké karo Sétan? Ayo ngrembug jawabané lan piwulangé kanggo kita.

PENGARUHÉ SÉTAN

5, 6. Apa sebabé pamréntahané manungsa ora isa ngatasi masalah sing ana ing donya?

5 Akèh malaékat mèlu mbrontak nglawan Gusti Allah kaya Sétan. Sakdurungé Banjir Gedhé, Sétan nggodha para malaékat bèn nindakké hubungan sèks karo wong-wong wédok. Alkitab nggambarké Sétan kuwi kaya naga sing tiba saka swarga lan nyèrèd sepertelu bintang ing langit. (Pd. 6:1-4; Yud. 6; Why. 12:3, 4) Dadi, para malaékat kuwi saiki dikuwasani karo Sétan. Para malaékat sing mbrontak kuwi dadi sak kelompok sing diorganisasi. Sétan nggawé pamréntahané dhéwé sing ora kétok kanggo nyaingi pamréntahané Gusti Allah. Sétan kuwi dhéwé sing dadi rajané, ngatur para malaékat sing jahat kuwi lan ndadèkké roh-roh jahat kuwi dadi panguwasané donya.—Éf. 6:12.

6 Sétan lan para malaékaté nguwasani pamréntahané manungsa. Kuwi kétok cetha wektu Sétan nduduhké ”kabèh pamréntahan donya” marang Yésus. Sétan kandha, ”Aku bakal mènèhi kowé wewenang kanggo kabèh pamréntahan iki lan kamulyané. Kabèh iki wis dipasrahké marang aku, lan aku isa mènèhké marang sapa waé sing tak karepké.” (Luk. 4:5, 6) Pamréntah manungsa pancèn nindakké sing apik kanggo rakyaté lan ana pemimpin sing tulus péngin mbantu wong-wong. Ning, ora ana pemimpin manungsa sing isa ngatasi masalah sing ana ing donya.​—Ms. 146:3, 4; Why. 12:12.

7. Piyé Sétan nggunakké agama palsu lan sistem perdagangan? (Deloken gambar ing kaca 15.)

7 Sétan lan para malaékat sing jahat uga nggunakké agama palsu lan sistem perdagangan kanggo nyasarké ”kabèh penduduk ing saklumahing bumi”. (Why. 12:9) Sétan nggunakké agama palsu kanggo nyebarké omongan sing ora bener bab Yéhuwah lan ngupaya nyingkirké asmané Gusti Allah. (Ym. 23:26, 27) Wong-wong sing tulus atiné rumangsané wis nyembah Gusti Allah, padahal sakjané nyembah para malaékat jahat kuwi. (1 Kor. 10:20; 2 Kor. 11:13-15) Sétan uga nggunakké sistem perdagangan kanggo ngapusi wong-wong. Contoné, Sétan nggawé wong-wong percaya nèk dhuwit lan bandha kuwi sing isa marahi seneng. (WB. 18:11) Akhiré, akèh wong sing nggunakké uripé kanggo ngoyak bandha timbang ngabdi marang Gusti Allah. (Mat. 6:24) Senajan wong-wong kuwi mauné nresnani Gusti Allah, ning tresnané marang bandha luwih kuwat timbang marang Gusti Allah.​—Mat. 13:22; 1 Yoh. 2:15, 16.

Kita kudu milih arep ndhukung Sétan utawa Yéhuwah

8, 9. (a) Apa waé piwulang sing isa disinaoni saka tumindaké Adam, Hawa, lan para malaékat jahat? (b) Apa paédahé ngerti nèk Sétan sing nguwasani donya?

8 Ana piwulang penting sing kita sinaoni saka tumindaké Adam, Hawa, lan para malaékat sing mbrontak kuwi. Sing kapisan, mung ana rong pilihan, kita kudu milih arep ndhukung Sétan utawa Yéhuwah. (Mat. 7:13) Sing kapindho, ndhukung Sétan kuwi mung sithik paédahé. Adam lan Hawa isa nemtokké dhéwé sing bener lan sing salah. Lan para malaékat sing jahat kuwi isa nguwasani manungsa. (Pd. 3:22) Ning, dadi balané Sétan kuwi babar blas ora ana gunané, merga hasilé mesthi ora apik.​—Ay. 21:7-17; Gal. 6:7, 8.

9 Merga ngerti nèk Sétan kuwi sing nguwasani donya, kita dadi nduwé pandhangan sing bener bab pamréntahan manungsa, lan kuwi isa nyemangati kita kanggo martakké kabar apik. Yéhuwah péngin kita ngajèni lan manut hukum-hukumé pamréntahané manungsa, nèk kuwi ora nglanggar pathokané Yéhuwah. (Rm. 13:1-4; 1 Ptr. 2:17) Ning, kita ora mèlu-mèlu urusan politik lan ora ndhukung partai politik utawa pemimpin manungsa. (Yoh. 17:15, 16; 18:36) Kita ngerti nèk Sétan kuwi ngupaya kanggo nyingkirké asmané Gusti Allah lan ngrusak réputasiné. Kita péngin terus nyritakké wulangan sing bener bab Gusti Allah lan bangga merga isa disebut Seksi Yéhuwah. Katresnan kita marang Yéhuwah kudu luwih gedhé timbang marang bandha.​—Yé. 43:10; 1 Tim. 6:6-10.

CARA SING DIGUNAKKÉ SÉTAN

10-12. (a) Apa sing ditindakké Sétan kanggo nggodha para malaékat? (b) Piwulang apa sing isa disinaoni saka tumindaké para malaékat sing jahat kuwi?

10 Sétan pinter banget nggawé wong-wong nindakké apa sing dadi karepé. Kadhang kala, Sétan isa langsung nyerang utawa nggunakké umpan kanggo nggodha manungsa.

11 Sétan nggunakké umpan kanggo nggodha para malaékat. Mbokmenawa Sétan wis suwé ngamati supaya ngerti umpan apa sing cocog kanggo para malaékat kuwi. Akhiré, ana malaékat-malaékat sing kegodha kanggo nindakké hubungan sèks karo wong wédok nganti nduwé anak raksasa-raksasa sing jahat lan kejem. (Pd. 6:1-4) Sétan mungkin uga ngiming-imingi para malaékat kuwi nèk bakal isa dadi panguwasané manungsa. Tujuané Sétan mbokmenawa ngupaya kanggo ngalang-alangi kersané Yéhuwah bab ”turuné wong wadon” sing dijanjèkké. (Pd. 3:15) Ning, kuwi ora kelakon merga ana Banjir Gedhé saka Yéhuwah sing nggagalké rencanané Sétan kuwi.

Sétan nggodha kita bèn nindakké amoralitas, dadi sombong, lan seneng karo ilmu gaib (Deloken paragraf 12, 13)

12 Apa piwulangé kanggo kita? Amoralitas lan sipat sombong kuwi umpan sing ampuh tenan. Para malaékat sing mbrontak kuwi wis suwé manggon ing swarga karo Gusti Allah. Senajan ngono, akèh malaékat sing mulai nduwé kepénginan sing salah, terus kepénginan kuwi ora ndang dibuwang ning malah dadi saya kuwat. Dadi, ora soal sepira suwéné kita wis ngabdi marang Yéhuwah, kita isa nduwé kepénginan sing salah. (1 Kor. 10:12) Mula, kita kudu terus mriksa atiné awaké dhéwé lan nyingkirké pikiran-pikiran sing ngeres lan sipat sombong.​—Gal. 5:26; wacanen Kolosé 3:5.

13. Umpan apa manèh sing digunakké Sétan, lan piyé carané bèn ora gampang kegodha?

13 Umpan liyané sing digunakké Sétan yaiku rasa penasaran bab ilmu gaib. Saiki, Sétan nggawé wong-wong penasaran karo roh-roh jahat léwat agama palsu lan hiburan. Film, games, lan hiburan liyané isa nggawé ilmu gaib dadi kétok apik lan nyenengké. Piyé carané bèn ora kena umpané Sétan? Organisasiné Yéhuwah ora mènèhi daftar hiburan sing apik lan èlèk. Kita kudu nglatih hati nurani bèn isa nggawé keputusan miturut pathokané Yéhuwah. (Ibr. 5:14) Kita bakal nggawé keputusan sing apik nèk nduwé katresnan sing ”tulus” marang Gusti Allah. (Rm. 12:9) Wong munafik kuwi tumindaké béda karo sing diomongké. Mula, wektu milih hiburan, kita isa mikir, ’Apa aku nindakké sing tak wulangké? Nèk wong sing sinau Alkitab karo aku utawa wong sing tak kabari ngerti hiburan sing tak pilih, kira-kira piyé pendapaté wong-wong kuwi?’ Kita ora gampang kegodha karo umpané Sétan nèk nindakké apa sing kita wulangké marang wong liya.​—1 Yoh. 3:18.

Sétan nyerang kita nggunakké larangan saka pamréntah, tantangan saka kanca sekolah, lan tantangan saka keluarga (Deloken paragraf 14)

14. Piyé carané Sétan nyerang kita, lan apa sing kudu kita tindakké?

14 Sétan uga nyerang lan medèn-medèni kita bèn ora setya marang Yéhuwah. Contoné, Sétan isa nggunakké para pejabat pamréntah kanggo nglarang gawéan nginjil. Sétan uga isa nggunakké kanca kerja utawa kanca sekolah kanggo ngécé kita merga manut karo pathokané Alkitab. (1 Ptr. 4:4) Malah, Sétan uga isa nggawé keluarga sing ora seiman ngalang-alangi kita kanggo ngibadah, senajan kétoké karepé apik. (Mat. 10:36) Apa sing kudu kita tindakké? Kita isa siap-siap ngadhepi serangané Sétan merga ngerti nèk Sétan kuwi pancèn mungsuhé awaké dhéwé. (Why. 2:10; 12:17) Kita kudu éling nèk masalah sing saktenané yaiku merga Sétan nudhuh abdiné Yéhuwah kuwi gelem ngabdi mung nèk keadaané gampang. (Ay. 1:9-11; 2:4, 5) Kita uga kudu terus nyuwun kekuwatan marang Yéhuwah. Élinga nèk Yéhuwah ora bakal ninggalké kita.​—Ibr. 13:5.

APA SING ORA ISA DITINDAKKÉ SÉTAN

15. Apa Sétan isa meksa kita nindakké sing ora péngin kita tindakké? Jelasna.

15 Sétan ora isa meksa kita nindakké sing ora péngin kita tindakké. (Yak. 1:14) Akèh wong saiki ora sadhar nèk wis ndhukung Sétan. Ning, sakwisé sinau Alkitab, wong-wong kuwi kudu milih arep ndhukung Yéhuwah apa Sétan. (Kis. 3:17; 17:30) Nèk kita wis nduwé tékad sing kuwat kanggo manut karo Gusti Allah, Sétan ora isa ngrusak hubungan kita karo Yéhuwah.​—Ay. 2:3; 27:5.

16, 17. (a) Apa sing ora isa ditindakké Sétan lan para malaékaté? (b) Apa sebabé kita ora perlu wedi kanggo ndonga nganggo swara?

16 Sakliyané kuwi, ing Alkitab ora ana katrangan sing njelaské nèk Sétan isa ngerti apa sing kita pikirké lan rasakké. Mung Yéhuwah lan Yésus sing isa nindakké kuwi. (1 Sa. 16:7; Mrk. 2:8) Wektu kita ndonga utawa omong-omongan, kita ora perlu wedi nèk Sétan lan para malaékaté bakal krungu, terus nggunakké katrangan kuwi kanggo nyerang kita. Lha ngapa? Kita ora wedi nindakké sing apik wektu ngabdi marang Yéhuwah senajan didelok karo Sétan. Semono uga, kita ora perlu wedi ndonga nganggo swara mung merga Sétan isa krungu. Alkitab uga nyritakké bab para abdiné Yéhuwah sing ndonga nganggo swara tanpa wedi dirungokké Sétan. (1 Ra. 8:22, 23; Yoh. 11:41, 42; Kis. 4:23, 24) Nèk kita ngupaya kanggo njaga omongan lan tumindak bèn terus cocog karo kersané Yéhuwah, kita isa yakin nèk Yéhuwah ora bakal ngejarké Sétan ngalang-alangi kita nampa urip saklawasé.​—Wacanen Jabur 34:8.

17 Kita kudu ngerti sapa mungsuh kita. Ning, kita ora perlu wedi karo mungsuh kuwi. Senajan ora sampurna, kita isa ngalahké Sétan nganggo bantuané Yéhuwah. (1 Yoh. 2:14) Sétan bakal ngadoh nèk kita nglawan dhèwèké. (Yak. 4:7; 1 Ptr. 5:9) Sétan saiki kususé nyerang cah-cah enom. Piyé cah-cah enom isa nglawan serangané Sétan? Artikel sakbanjuré bakal ngrembug bab iki.

^ par. 2 Ana malaékat-malaékat sing jenengé disebutké ing Alkitab. (PH. 13:18; Dn. 8:16; Luk. 1:19; Why. 12:7) Alkitab uga kandha nèk Yéhuwah mènèhi jeneng kanggo saben bintang. (Ms. 147:4) Dadi mesthiné Yéhuwah ya njenengi kabèh malaékat, klebu sing akhiré disebut Sétan.

^ par. 3 Ing tèks asli Alkitab, sebutan ”Sétan” mung ana 18 ing Kitab-Kitab Ibrani, ning ing Kitab-Kitab Yunani Kristen ana luwih saka 30.