WARTA PENTING—ÉDHISI WULANGAN Mei 2020

Artikel pelajaran sing disinaoni saka 6 Juli–2 Agustus 2020.

Raja Utara ing Wekasaning Jaman

Artikel pelajaran 19: 6-12 Juli 2020. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk ramalan soal raja utara lan raja selatan sing ana ing buku Dhanièl kuwi saiki lagi kelakon? Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngerti apa sing dimaksud karo ramalan kuwi?

Raja-Raja sing Mungsuhan ing Wekasaning Jaman

Ramalan soal raja utara lan raja selatan lan ramalan-ramalan liyané kelakon ing wektu sing padha. Apa sebabé ramalan-ramalan kuwi dadi bukti nèk donyané Sétan wis arep disirnakké?

Sapa sing Dadi Raja Utara Saiki?

Artikel pelajaran 20: 13-19 Juli 2020. Sapa sing dadi raja utara saiki lan piyé carané raja utara disirnakké? Jawaban saka pitakonan-pitakonan kuwi isa nguwatké imané awaké dhéwé lan mbantu awaké dhéwé bèn saya siap kanggo ngadhepi sengsara gedhé.

Ngajèni Hadiah saka Yéhuwah

Artikel pelajaran 21: 20-26 Juli 2020. Artikel iki ngrembug piyé carané nduduhké nèk awaké dhéwé ngajèni Yéhuwah sing wis mènèhi hadiah-hadiah sing berharga. Katrangan sing ana ing artikel iki ya isa digunakké kanggo njelaské marang wong-wong sing percaya karo évolusi kenapa kok awaké dhéwé ora percaya karo ajaran kuwi.

Nganggep Berharga Bandha sing Ora Kétok

Artikel pelajaran 22: 27 Juli–2 Agustus 2020. Artikel sakdurungé ngrembug hadiah-hadiah sing berharga sing isa didelok karo mata. Ning, Yéhuwah sakjané ya wis mènèhi bandha sing ora kétok. Apa waé sing termasuk bandha kuwi? Piyé carané awaké dhéwé isa bersyukur marang Yéhuwah lan nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep bandha kuwi berharga?