Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 22

Nganggep Berharga Bandha sing Ora Kétok

Nganggep Berharga Bandha sing Ora Kétok

’Terus gatèkna perkara-perkara sing ora kita delok, merga perkara-perkara sing kétok kuwi mung kanggo sawetara wektu waé, nanging perkara-perkara sing ora kétok kuwi langgeng.’​—2 KOR. 4:18.

LAGU 45 Terus Mikirké Sabda-Mu

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Apa sing Yésus omongké soal bandha ing swarga?

YÉHUWAH wis mènèhi awaké dhéwé bandha sing ora kétok sing luwih berharga ketimbang hadiah-hadiah sing isa didelok karo mata. Wektu nyampèkké Ceramah ing Gunung, Yésus nyebutké soal bandha ing swarga sing luwih berharga ketimbang bandha sing ana ing donya. Terus, Yésus kandha, ”Ing ngendi bandhamu, ya ing kono kuwi atimu.” (Mat. 6:19-21) Kata-katané Yésus nduduhké nèk biasané awaké dhéwé bakal ngupaya bèn isa éntuk apa sing dianggep berharga. Awaké dhéwé isa nglumpukké ”bandha ing swarga” nèk ngupaya kanggo nindakké apa sing nyenengké Gusti Allah. Nurut Yésus, bandha sing kaya ngono kuwi ora bakal isa rusak utawa dimaling.

2. (a) Nurut 2 Korintus 4:17, 18, Paulus ngandhani awaké dhéwé supaya terus nggatèkké apa? (b) Apa sing bakal awaké dhéwé rembug ing artikel iki?

2 Rasul Paulus ngandhani awaké dhéwé supaya ”terus nggatèkké perkara-perkara sing ora kita delok”. (Wacanen 2 Korintus 4:17, 18.) Sing termasuk perkara-perkara sing ora isa didelok kuwi yaiku berkah-berkah sing bakal awaké dhéwé rasakké ing donya anyar. Ning, kuwi ya termasuk berkah-berkah sing isa awaké dhéwé rasakké saiki, yaiku hubungan sing akrab karo Yéhuwah, donga, bantuané roh suci, lan dhukungan saka Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat ing gawéan nginjil. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug berkah-berkah kuwi sing isa dipadhakké kaya bandha sing ora kétok. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané awaké dhéwé isa bersyukur marang Yéhuwah sing wis mènèhi bandha kuwi.

HUBUNGAN SING AKRAB KARO YÉHUWAH

3. Apa bandhané awaké dhéwé sing paling berharga, lan apa sebabé awaké dhéwé isa nduwé bandha kuwi?

3 Hubungan sing akrab karo Yéhuwah kuwi pancèn ora kétok. Ning, kuwi dadi bandhané awaké dhéwé sing paling berharga. (Ms. 25:14) Yéhuwah isa tetep suci senajan kekancan karo manungsa sing ora sampurna merga Dhèwèké wis mènèhi korban tebusané Yésus sing isa ”ngilangi dosané” manungsa. (Yoh 1:29) Malah, sakdurungé Yésus mati, Yéhuwah wis ngerti nèk Yésus bakal tetep setya nganti mati supaya isa mbébaské manungsa saka dosa. Kuwi sebabé Yéhuwah tetep isa kekancan karo wong-wong ing jaman mbiyèn sing urip sakdurungé Yésus teka ing bumi.​—Rm. 3:25.

4. Sebutna contoné wong-wong ing jaman mbiyèn sing dadi kancané Gusti Allah.

4 Sapa waé kancané Gusti Allah sing urip sakdurungé Yésus teka ing bumi? Misalé, Abraham kuwi salah siji abdiné Yéhuwah sing imané kuwat banget. Mula, senajan Abraham wis mati luwih saka 1.000 taun, Yéhuwah tetep nyebut dhèwèké ”mitraningSun”, utawa kancaKu. (Yé. 41:8) Iki nduduhké nèk senajan wong-wong sing dadi kancané Yéhuwah kuwi wis mati, ning kanggoné Yéhuwah wong-wong kuwi isih urip lan tetep dadi kancané. (Luk. 20:37, 38) Conto liyané yaiku Ayub. Merga bener-bener yakin karo imané Ayub, mula Yéhuwah kandha ing ngarepé para malaekat sing lagi ngumpul ing swarga nèk Ayub kuwi wong sing ”jujur lan mursid tuwin ngabekti ing Allah, apadéné anggoné nyingkiri piala”. (Ay. 1:6-8) Danièl ya tetep setya marang Yéhuwah senajan dhèwèké manggon saksuwéné 80 taun ing antarané wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. Mula, para malaékat ngandhani Danièl nganti ping telu nèk Yéhuwah nganggep dhèwèké kuwi ”wong kang kinasihan”. (Dn. 9:23; 10:11, 19) Pancèn, ana sahabat-sahabaté Yéhuwah sing wis mati. Ning, awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah mesthi péngin nguripké manèh wong-wong kuwi.​—Ay 14:15.

Piyé carané awaké dhéwé isa nduduhké nèk awaké dhéwé bersyukur marang Yéhuwah sing wis mènèhi bandha sing ora kétok? (Deloken paragraf 5) *

5. Apa sing kudu ditindakké bèn isa dadi sahabaté Yéhuwah?

5 Saiki, wis ana jutaan wong ing sakdonya sing wis dadi sahabaté Yéhuwah. Wong-wong kuwi, lanang, wédok, lan bocah-bocah, padha nduduhké liwat tumindaké nèk dhèwèké bener-bener péngin nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah. Alkitab kandha nèk Gusti Allah kuwi ”pasrawungané raket” karo ”wong kang temen [utawa, wong sing tumindaké bener]”. (WB. 3:32) Dadi, bèn isa dadi sahabaté Yéhuwah, wong-wong kuwi kudu nduduhké iman marang korban tebusané Yésus, nggawé janji ngabdi marang Yéhuwah lan dibaptis. Mula, nèk awaké dhéwé nindakké sing padha, awaké dhéwé ya isa nduwé ’pasrawungan sing raket’, utawa hubungan sing akrab karo Pribadi sing paling apik ing alam semesta, bareng karo jutaan wong Kristen sing wis dibaptis kuwi.

6. Apa sing isa ditindakké kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep hubungan sing akrab karo Yéhuwah kuwi berharga?

6 Apa sing isa ditindakké kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep hubungan sing akrab karo Yéhuwah kuwi berharga? Kaya Abraham lan Ayub sing terus setya nganti luwih saka satus taun, awaké dhéwé ya kudu terus setya ora soal sepira suwéné awaké dhéwé wis ngabdi marang Yéhuwah. Terus, kaya Danièl, awaké dhéwé kudu nganggep nèk hubungané awaké dhéwé karo Yéhuwah kuwi luwih penting ketimbang uripé awaké dhéwé. (Dn. 6:8, 11, 17, 23) Nèk ngendelké Yéhuwah, awaké dhéwé bakal berhasil wektu ngadhepi tantangan lan ya bakal terus dadi sahabaté Yéhuwah.​—Flp. 4:13.

DONGA

7. (a) Nurut Wulang Bebasan 15:8, piyé perasaané Yéhuwah wektu ngrungokké dongané awaké dhéwé? (b) Piyé carané Yéhuwah njawab dongané awaké dhéwé?

7 Donga kuwi salah siji bandhané awaké dhéwé sing ora kétok. Biasané, awaké dhéwé seneng nyritakké marang sahabaté awaké dhéwé soal apa sing lagi dipikirké lan perasaané awaké dhéwé. Yéhuwah wis mènèhi Alkitab bèn awaké dhéwé isa ngerti soal pikiran lan perasaané Yéhuwah. Terus, wektu ndonga, awaké dhéwé ya isa nyritakké apa sing lagi awaké dhéwé pikirké lan rasakké. Yéhuwah seneng ngrungokké donga-dongané awaké dhéwé. (Wacanen Wulang Bebasan 15:8.) Merga sayang karo awaké dhéwé, Yéhuwah ora mung ngrungokké, ning ya njawab donga-dongané awaké dhéwé. Kadhang kala, awaké dhéwé ora butuh wektu sing suwé kanggo ngerti jawaban saka donga-dongané awaké dhéwé. Ning, kadhang kala, ana perkara-perkara sing kudu terus didongakké. Senajan ngono, awaké dhéwé isa tetep yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal njawab dongané awaké dhéwé ing wektu sing pas lan nganggo cara sing paling apik. Pancèn, jawabané Yéhuwah isa waé béda karo apa sing awaké dhéwé karepké. Misalé, Yéhuwah mungkin ora nyingkirké masalah sing lagi awaké dhéwé adhepi. Ning, Yéhuwah isa waé mènèhi kawicaksanan lan kekuwatan bèn awaké dhéwé isa ”tekun ngadhepi godhaan kuwi”.​—1 Kor. 10:13.

(Deloken paragraf 8) *

8. Apa sing isa ditindakké kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep donga kuwi berharga?

8 Apa sing isa ditindakké kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep donga kuwi berharga? Awaké dhéwé isa manut karo tuntunané Yéhuwah sing kandha nèk awaké dhéwé kudu ’terus ndonga’. (1 Tés. 5:17) Yéhuwah pancèn ngajèni kebébasané awaké dhéwé kanggo milih lan ora meksa awaké dhéwé kanggo ndonga. Ning, Yéhuwah kandha, ”Ndongaa kanthi tekun.” (Rm. 12:12) Dadi, awaké dhéwé perlu kerep ndonga saben dina. Terus, pas ndonga, awaké dhéwé ya isa ngucapké syukur lan ngluhurké jenengé Yéhuwah.​—Ms. 145:2, 3.

9. Piyé perasaané salah siji sedulur soal donga, lan piyé perasaané njenengan merga isa donga?

9 Nèk wis suwé nglayani Yéhuwah lan kerep ngrasakké nèk donga-dongané awaké dhéwé dijawab, awaké dhéwé bakal saya nganggep nèk donga kuwi berharga. Gatèkna pengalamané sedulur Chris sing wis dadi pelayan sepenuh-waktu nganti 47 taun. Dhèwèké kandha, ”Aku seneng tangi ésuk-ésuk bèn isa ndonga. Wektu kuwi, aku isa ndelok embun sing kena sinaré matahari sing mulai terbit. Kuwi éndah banget lan nggawé aku bersyukur marang Yéhuwah sing wis mènèhi akèh berkah kanggo aku, termasuk kesempatan kanggo ndonga. Terus, aku ya ndonga sakdurungé turu. Kuwi nggawé atiku dadi ngrasa ayem.”

YÉHUWAH MÈNÈHI ROH SUCI

10. Apa sebabé awaké dhéwé kudu nganggep nèk roh suci kuwi berharga?

10 Roh suci kuwi termasuk hadiah saka Yéhuwah sing isa dipadhakké kaya bandha sing ora kétok. Yésus ngongkon awaké dhéwé bèn terus ndonga kanggo njaluk roh suci. (Luk. 11:9, 13) Awaké dhéwé kudu nganggep nèk roh suci kuwi berharga merga Yéhuwah mènèhi roh suciné bèn awaké dhéwé nduwé ”kesanggupan sing nggumunké”. (2 Kor. 4:7; Kis. 1:8) Liwat roh suciné, Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa tetep tekun senajan ana tantangan.

(Deloken paragraf 11) *

11. Piyé carané roh suci mbantu awaké dhéwé?

11 Roh suci isa mbantu awaké dhéwé bèn isa berhasil wektu nindakké tugas saka Gusti Allah. Nèk awaké dhéwé wis nduwé ketrampilan, roh suci ya isa mbantu awaké dhéwé bèn dadi luwih trampil. Dadi, nèk ana hasil apik saka tugas sing awaké dhéwé tindakké, awaké dhéwé ngerti nèk kuwi dudu merga upayané awaké dhéwé, ning merga bantuané roh suci.

12. Nurut Jabur 139:23, 24, awaké dhéwé isa ndonga supaya roh suci mbantu awaké dhéwé kanggo nindakké apa?

12 Apa sing isa ditindakké kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep roh suci kuwi berharga? Salah sijiné, awaké dhéwé isa ndonga supaya roh suci mbantu awaké dhéwé bèn isa ngerti wektu awaké dhéwé mulai nduwé pikiran utawa kepénginan sing klèru. (Wacanen Jabur 139:23, 24.) Hasilé, liwat roh suciné, Yéhuwah bakal mbantu awaké dhéwé bèn isa ngerti soal kuwi. Nèk wis ngerti, awaké dhéwé kudu ndonga bèn roh suci mènèhi awaké dhéwé kekuwatan kanggo nolak pikiran utawa kepénginan sing klèru kuwi. Nèk nindakké kuwi, Yéhuwah bakal ngerti nèk awaké dhéwé kepéngin terus dibantu karo roh suciné Yéhuwah.—Éf. 4:30.

13. Apa sing kudu ditindakké bèn awaké dhéwé isa saya bersyukur karo Yéhuwah?

13 Awaké dhéwé isa saya bersyukur karo Yéhuwah sing wis mènèhi roh suci nèk awaké dhéwé ngrenungké kabèh sing wis kelakon merga bantuané roh suci. Sakdurungé munggah ing swarga, Yésus kandha marang murid-muridé, ”Kowé bakal nampa kuwasa wektu roh suci teka marang kowé, lan kowé bakal dadi seksiku . . . nganti tekan bagéan sing paling adoh ing bumi.” (Kis. 1:8) Kata-katané Yésus kuwi pancèn kelakon ing jaman saiki. Merga bantuané roh suci, saiki ana luwih saka wolung juta wong ing sakdonya sing wis dadi umaté Yéhuwah. Awaké dhéwé ya isa bersatu karo para sedulur merga roh suci mbantu awaké dhéwé bèn nduwé sipat-sipat sing disebut ”woh sing dihasilké roh suci”, yaiku katresnan, kabungahan, katentreman, kesabaran, apik ati, apikan, iman, watak sing alus, lan ngendhalèni dhiri. (Gal. 5:22, 23) Kuwi kabèh dadi bukti nèk roh suci kuwi bener-bener berharga.

DHUKUNGANÉ YÉHUWAH, YÉSUS, LAN PARA MALAÉKAT ING GAWÉAN NGINJIL

14. Sapa waé sing ndhukung awaké dhéwé ing gawéan nginjil?

14 Sing termasuk bandhané awaké dhéwé sing ora kétok yaiku kesempatan kanggo ”nyambut gawé bareng” karo Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat. (2 Kor. 6:1) Paulus kandha nèk dhèwèké lan wong-wong sing nindakké gawéan nginjil kuwi ”kanca nyambut gawéné Gusti Allah”. (1 Kor. 3:9) Dadi, awaké dhéwé isa nyambut gawé bareng karo Yéhuwah nèk mèlu nindakké gawéan nginjil. Terus, Yésus ya kandha nèk dhèwèké bakal ”terus ngancani” wong-wong sing manut karo préntahé kanggo ’ndadèkké wong-wong saka kabèh bangsa dadi muridé’. (Mat. 28:19, 20) Dadi, nèk awaké dhéwé nindakké gawéan nginjil, awaké dhéwé ya nyambut gawé bareng karo Yésus. Awaké dhéwé mesthi ya bersyukur merga para malaékat ya ndhukung awaké dhéwé wektu awaké dhéwé martakké ”kabar apik sing langgeng . . . marang kabèh wong ing bumi”.​—Why. 14:6.

15. Critakna conto saka Alkitab sing nduduhké nèk gawéan nginjil isa berhasil merga didhukung karo Yéhuwah.

15 Apa hasilé merga gawéan nginjil didhukung karo Yéhuwah? Wektu awaké dhéwé martakké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah, ana wong-wong sing gelem ngrungokké lan akhiré dadi muridé Yésus. (Mat. 13:18, 23) Apa sing nggawé wong-wong kuwi akhiré gelem dadi muridé Yésus? Alkitab kandha nèk wong-wong kuwi isa dadi muridé Yésus merga ”Bapak . . . narik dhèwèké”. (Yoh. 6:44) Alkitab ya mènèhi conto soal wong-wong sing kaya ngono. Misalé, ana wong wédok sing jenengé Lidia sing mèlu ngrungokké wektu Paulus nginjil marang wong-wong wédok ing njaba kutha Filipi. Terus, Alkitab kandha nèk ”Yéhuwah mbantu dhèwèké nggatèkké lan nampa apa sing diomongké Paulus”. (Kis. 16:13-15) Kaya pengalamané Lidia, saiki Yéhuwah ya mbantu akèh wong bèn isa dadi muridé Yésus.

16. Sapa sing kuduné dipuji nèk ana hasil apik wektu awaké dhéwé nginjil?

16 Saka kata-katané Paulus marang jemaat ing Korintus, awaké dhéwé isa ngerti sapa sing kuduné dipuji nèk ana hasil apik ing gawéan nginjil. Paulus kandha, ”Aku sing nandur, Apolos sing nyirami, nanging Gusti Allah sing nukulké. Dadi, sing penting kuwi dudu sing nandur utawa sing nyirami, nanging Gusti Allah sing nukulké.” (1 Kor. 3:6, 7) Kaya Paulus sing ora muji dhèwèké dhéwé, awaké dhéwé ya kudu muji Yéhuwah wektu ana hasil apik ing gawéan nginjil.

17. Apa sing isa ditindakké kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep kesempatan kanggo ”nyambut gawé bareng” karo Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat kuwi berharga?

17 Apa sing isa ditindakké kanggo nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep kesempatan kanggo ”nyambut gawé bareng” karo Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat kuwi berharga? Awaké dhéwé isa ngupaya sak isa-isané kanggo martakké kabar apik marang kabèh wong. Misalé, awaké dhéwé isa nginjil ing panggonan umum lan ”saka omah menyang omah”. (Kis. 20:20) Awaké dhéwé ya isa mènèhi kesaksian ora resmi. Misalé, pas ketemu karo wong sing durung dikenal, awaké dhéwé isa nyapa wong kuwi lan ngupaya kanggo ngejak omong-omongan. Nèk wongé gelem dijak omong-omongan, awaké dhéwé isa nggolèk kesempatan kanggo ngomongké kabar apik bab Kratoné Gusti Allah.

(Deloken paragraf 18) *

18-19. (a) Apa maksudé awaké dhéwé ora mung nandur, ning ya kudu nyirami? (b) Critakna pengalamané salah siji sedulur sing isa berubah merga dibantu Yéhuwah.

18 Wong-wong sing dadi ”kanca nyambut gawéné Gusti Allah” kuwi ora mung nandur, ning ya kudu nyirami. Kuwi maksudé, awaké dhéwé kudu ngupaya sak isa-isané kanggo marani manèh wong sing péngin ngerti luwih akèh soal wulangané Alkitab. Nèk ora isa, awaké dhéwé isa ngupaya bèn ana sedulur liya sing mbantu wong kuwi sinau Alkitab. Awaké dhéwé mesthi seneng wektu ngerti nèk Yéhuwah mbantu wong-wong sing sinau Alkitab bèn nduwé pandhangan sing cocog karo pathokané Alkitab.

19 Gatèkna pengalamané Raphalalani saka Afrika Selatan. Dhèwèké kuwi dhukun sing gawéané nambani penyakité wong liya. Dhèwèké pancèn seneng karo wulangané Alkitab. Ning, dhèwèké ngrasa kangèlan kanggo ngetrapké pathokané Alkitab soal omong-omongan karo arwahé wong mati. (PT. 18:10-12) Senajan ngono, Raphalalani terus ngupaya bèn isa manut karo pathokané Alkitab kuwi. Akhiré, Raphalalani ora dadi dhukun manèh. Padahal, mung kuwi sing dadi gawéané. Raphalalani sing saiki umuré wis 60 taun kandha, ”Aku maturnuwun banget merga para sedulur wis akèh mbantu aku, termasuk mbantu aku nggolèk gawéan. Ning, sing paling penting, aku bersyukur marang Yéhuwah merga wis mbantu aku bèn isa berubah. Aku seneng merga saiki wis dibaptis lan isa mèlu nginjil karo para sedulur.”

20. Apa tékadé awaké dhéwé?

20 Ing artikel iki, awaké dhéwé wis ngrembug berkah-berkah sing isa dipadhakké kaya bandha sing ora kétok. Awaké dhéwé nduwé kehormatan sing gedhé merga isa dadi sahabaté Yéhuwah. Nèk wis nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah, awaké dhéwé isa ndonga kanggo nyritakké apa sing lagi awaké dhéwé pikirké lan rasakké. Awaké dhéwé ya isa nampa bantuané Yéhuwah liwat roh suciné lan ngrasakké dhukungané Yéhuwah, Yésus, lan para malaékat ing gawéan nginjil. Mula, awaké dhéwé kudu nduwé tékad sing kuwat kanggo terus nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep berkah-berkah kuwi berharga. Awaké dhéwé ya kudu terus bersyukur marang Yéhuwah sing wis gelem dadi sahabaté awaké dhéwé.

LAGU 145 Firdaus Janjiné Allah

^ par. 5 Ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug hadiah-hadiah sing berharga sing isa didelok karo mata. Ning, Yéhuwah sakjané ya wis mènèhi awaké dhéwé bandha sing ora kétok. Apa waé sing termasuk bandha kuwi? Piyé carané awaké dhéwé isa bersyukur marang Yéhuwah lan nduduhké nèk awaké dhéwé nganggep bandha kuwi berharga? Pitakonan-pitakonan kuwi bakal dirembug ing artikel iki.

^ par. 58 GAMBAR: (1) Wektu lagi nggatèkké ciptaané Yéhuwah, sedulur wédok iki bersyukur lan mikirké piyé carané bèn isa terus cedhak karo Yéhuwah.

^ par. 60 GAMBAR: (2) Sedulur wédok kuwi ndonga bèn isa kendel wektu arep mènèhi kesaksian ora resmi.

^ par. 62 GAMBAR: (3) Merga dibantu roh suci, sedulur wédok kuwi akhiré wani mènèhi kesaksian marang wong wédok sing ana ing kono.

^ par. 64 GAMBAR: (4) Sedulur wédok kuwi lagi mbantu wong wédok mau kanggo sinau Alkitab. Para malaékat ndhukung wektu sedulur wédok kuwi mènèhi kesaksian lan mbantu wong liya sinau Alkitab.