Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 19

Raja Utara ing Wekasaning Jaman

Raja Utara ing Wekasaning Jaman

”Ing wekasaning jaman [ratu nagara Lor] bakal diperangi déning ratuné nagara Kidul.”​—DN. 11:40.

LAGU 150 Ngupayaa Bèn Dislametké Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Ramalané Alkitab ngandhani awaké dhéwé soal apa?

SAKA Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti apa sing bakal dialami karo umaté Yéhuwah. Alkitab ngramalké peristiwa-peristiwa penting sing bakal kelakon ing masa depan sing ana pengaruhé kanggo awaké dhéwé. Misalé, ing Dhanièl pasal 11, ana ramalan soal raja loro sing mungsuhan sing disebut raja utara lan raja selatan. * Saka ramalan kuwi, awaké dhéwé isa ngerti apa sing sukmbèn bakal ditindakké karo negara-negara sing kuwat. Merga ramalan kuwi sebagéan wis kelakon, awaké dhéwé isa yakin nèk kabèh bagéan saka ramalan kuwi mesthi ya bakal kelakon.

2. Bèn isa bener-bener ngerti artiné ramalané Danièl, apa sing perlu diéling-éling sakwisé maca Purwaning Dumadi 3:15; Wahyu 11:7; lan 12:17?

2 Bèn isa ngerti sapa sing dimaksud karo raja-raja sing disebutké ing Dhanièl pasal 11, awaké dhéwé kudu éling nèk raja-raja kuwi nggambarké pamréntahan sing ana hubungané karo umaté Yéhuwah merga akèh-akèhé umaté Yéhuwah manggon ing dhaérah kekuasaané raja-raja kuwi, utawa merga raja-raja kuwi sengit karo umaté Yéhuwah. Apa sebabé raja-raja kuwi sengit karo umaté Yéhuwah, padahal umaté Yéhuwah kuwi jumlahé ora pati akèh? Sétan péngin nyingkirké kabèh wong sing ngabdi marang Yéhuwah lan Yésus. Mula, raja-raja sing wis dipengaruhi karo Sétan kuwi akhiré ya ora seneng karo umaté Yéhuwah. (Wacanen Purwaning Dumadi 3:15 lan Wahyu 11:7; 12:17.) Terus, awaké dhéwé ya kudu éling nèk ramalan sing dicathet ing Dhanièl pasal 11 kuduné cocog karo ramalan liyané sing ana ing Alkitab. Dadi, bèn isa bener-bener ngerti artiné ramalané Danièl kuwi, awaké dhéwé ya kudu nggatèkké ayat-ayat liyané sing ana hubungané karo ramalan kuwi.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki lan ing artikel sakbanjuré?

3 Saiki, awaké dhéwé bakal ngrembug Dhanièl 11:25-39. Saka ayat-ayat kuwi, awaké dhéwé bakal ngerti sapa sing dadi raja utara lan raja selatan ing taun 1870 nganti 1991. Awaké dhéwé ya bakal ngerti apa sebabé katrangan sing mbiyèn njelaské soal ayat-ayat kuwi saiki kudu diganti. Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug Dhanièl 11:40–12:1. Ing artikel kuwi, awaké dhéwé bakal ngerti nèk ayat-ayat kuwi sakjané nduduhké peristiwa-peristiwa sing kelakon ing taun 1991 nganti Armagédon. Bèn isa luwih paham wektu ngrembug artikel-artikel kuwi, awaké dhéwé isa nggatèkké tabél ”Raja-Raja sing Mungsuhan ing Wekasaning Jaman”. Saiki, ayo dirembug dhisik apa waé sing perlu digatèkké bèn isa ngerti sapa sing dimaksud karo raja utara lan raja selatan.

SING PERLU DIGATÈKKÉ

4. Bèn isa ngerti sapa sing dimaksud karo raja utara lan raja selatan, persamaan apa waé sing kudu digatèkké?

4 Pas nemoni Danièl, malaékaté Yéhuwah kandha, ”Aku banjur mréné prelu awèh sumurup marang kowé bab apa kang bakal kelakon tumrap bangsamu [yaiku, umaté Yéhuwah].” (Dn. 10:14) Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti nèk istilah raja utara lan raja selatan kuwi sakjané digunakké kanggo nduduhké raja-raja sing mréntah ing dhaérah sing ana ing sisih lor lan sisih kidulé bangsa Israèl. Ning, kèt dina Péntakosta taun 33 M, Yéhuwah nganggep nèk sing dadi umaté kuwi murid-muridé Yésus, dudu bangsa Israèl. Dadi, akèh bagéan saka ramalan ing Dhanièl pasal 11 kuwi sakjané nduduhké peristiwa-peristiwa sing ana hubungané karo murid-muridé Yésus, dudu bangsa Israèl. (Kis. 2:1-4; Rm. 9:6-8; Gal. 6:15, 16) Senajan pamréntahan sing dadi raja utara lan raja selatan kuwi béda-béda, ning pamréntahan-pamréntahan kuwi nduwé persamaan. Pertama, pamréntahan-pamréntahan kuwi ana hubungané karo umaté Yéhuwah merga akèh-akèhé umaté Yéhuwah manggon ing dhaérah kekuasaané, utawa merga pamréntahan-pamréntahan kuwi sengit karo umaté Yéhuwah. Keloro, saka tumindaké marang umaté Yéhuwah, pamréntahan-pamréntahan kuwi nduduhké nèk dhèwèké ora seneng karo Yéhuwah. Lan ketelu, pamréntahan-pamréntahan kuwi padha saingan merga péngin dadi negara sing paling kuwat.

5. Apa ana pamréntahan sing dadi raja utara lan raja selatan ing antarané taun 100 nganti 1870? Jelasna.

5 Ora suwé sakwisé para rasul mati, wong-wong Kristen palsu mulai mlebu ing jemaat lan mulangké ajaran palsu. Akibaté, wong-wong dadi ora ngerti wulangan sing bener lan nganti taun 1870-an ora ana organisasiné Yéhuwah ing bumi. Kaya alang-alang sing thukul ing ladhang, wong-wong Kristen palsu kuwi dadi saya akèh lan nggawé umaté Yéhuwah dadi angèl dikenali. (Mat. 13:36-43) Apa hubungané katrangan iki karo ramalané Danièl? Merga kèt taun 100 nganti 1870 ora ana organisasiné Yéhuwah ing bumi, mula pamréntahan-pamréntahan sing ana wektu kuwi ora isa mungsuhi umaté Yéhuwah. Iki nduduhké nèk wektu kuwi ora ana pamréntahan sing dadi raja utara lan raja selatan. * Ning, awaké dhéwé isa yakin nèk ora suwé sakwisé taun 1870 bakal ana pamréntahan-pamréntahan sing dadi raja utara lan raja selatan manèh. Apa buktiné?

6. Kapan umaté Yéhuwah mulai diorganisasi manèh? Jelasna.

6 Ing taun 1870, umaté Yéhuwah mulai diorganisasi manèh. Wektu kuwi, Charles T. Russell lan kanca-kancané ngumpul kanggo sinau Alkitab. Russell lan kanca-kancané dadi utusan sing ”ngrata dalan” merga wong-wong kuwi mbantu umaté Yéhuwah bèn isa siap wektu Kratoné Gusti Allah mulai mréntah. (Ml. 3:1) Kuwi artiné, organisasiné Yéhuwah ing bumi mulai ana manèh. Nèk ngono, pamréntahan-pamréntahan endi sing bakal mungsuhi umaté Yéhuwah? Ayo digatèkké peristiwa-peristiwa sing kelakon wektu kuwi.

SAPA SING DIMAKSUD RAJA SELATAN?

7. Sapa sing dadi raja selatan nganti Perang Donya I?

7 Sing dadi raja selatan nganti Perang Donya I yaiku negara Inggris. Apa buktiné? Kèt taun 1870, Inggris nduwé dhaérah kekuasaan sing paling gedhé lan pasukan militèr sing paling kuwat nèk dibandhingké karo negara-negara liyané. Terus, Danièl ya ngramalké nèk ana sungu cilik sing bakal ngalahké telung sungu liyané. (Dn. 7:7, 8) Ramalan iki kelakon wektu Inggris ngalahké Prancis, Spanyol, lan Belanda. Sakliyané kuwi, ing antarané taun 1870 nganti Perang Donya I, Amerika Serikat dadi negara sing paling sugih lan mulai kerja sama karo Inggris.

8. Sapa sing dadi raja selatan ing dina-dina pungkasan?

8 Ing Perang Donya I, Inggris lan Amerika Serikat nggabungké kekuwatan militèré. Hasilé, Inggris lan Amerika Serikat ora isa dikalahké karo negara-negara liyané lan dadi negara sing paling kuwat. Kaya sing diramalké karo Danièl, raja-raja kuwi nduwé ’wadya-bala kang akèh banget lan kang linuwih’. (Dn. 11:25) Kuwi kabèh dadi bukti nèk Inggris lan Amerika kuwi sing dadi raja selatan ing dina-dina pungkasan. * Nèk ngono, negara endi sing dadi raja utara?

 

SAPA SING DIMAKSUD RAJA UTARA?

9. Kapan raja utara sing anyar mulai ana, lan piyé ramalan ing Dhanièl 11:25 kelakon?

9 Setaun sakwisé Russell lan kanca-kancané ngumpul kanggo sinau Alkitab bareng, ana negara sing dadi raja utara sing anyar. Ing taun 1871, Otto von Bismarck nggabungkké dhaérah-dhaérah ing sekitaré kanggo dadi Kekaisaran Jerman. Wektu kuwi, Raja Wilhelm I dadi kaisar sing pertama ing Jerman lan Bismarck dadi kepala pamréntahané. * Nganti puluhan taun sakwisé kuwi, Jerman nguwasani negara-negara ing Afrika lan Samudra Pasifik. Jerman ya ngupaya kanggo dadi negara sing luwih kuwat ketimbang Inggris. (Wacanen Dhanièl 11:25.) Mula, Jerman ngumpulké pasukané nganti nduwé kekuwatan militèr sing mèh padha karo Inggris lan nggunakké kuwi kanggo nglawan mungsuh-mungsuhé ing Perang Donya I.

10. Piyé ramalan ing Dhanièl 11:25b, 26 akhiré isa kelakon?

10 Danièl ya ngramalké apa sing bakal kelakon marang Kekaisaran Jerman lan pasukan militèré. Ramalan kuwi kandha nèk raja utara ”ora bisa nanggulangi [utawa, bakal dikalahké], awit ana pangrencana kang katujokaké marang dhèwèké, lan wong-wong kang padha mangan tunggal saméja bakal ndadèkaké bilainé”. (Dn. 11:25b, 26a) Ing jamané Danièl, wong sing ”nyambut gawé” kanggo raja lan nduwé jabatan sing dhuwur kaya-kayané mangan sak méja karo raja merga wong-wong kuwi mangan panganan sing padha kaya ”dhaharané” raja. (Dn. 1:5) Dadi, wong-wong sing disebutké ing ramalané Danièl kuwi nggambarké wong-wong ing Kekaisaran Jerman sing cedhak karo raja, termasuk wong-wong sing nduwé jabatan, para jéndral, lan wong-wong liyané sing nduwé pangkat sing dhuwur. Wong-wong kuwi sing nyebabké Kekaisaran Jerman akhiré isa dikalahké. * Sakliyané kuwi, ramalané Danièl ya ngandhani apa sing bakal kelakon marang raja utara sakwisé perang karo raja selatan. Ramalan kuwi kandha, ”Wadya-balané bakal kentas sarta akèh wongé kang tiwas pinatènan.” (Dn. 11:26b) Kaya sing wis diramalké, pasukané Jerman akhiré isa dikalahké lan ana akèh wong sing mati ing Perang Donya I. Saking akèhé, wong-wong sing mati wektu kuwi jumlahé luwih akèh ketimbang wong-wong sing mati ing perang-perang sing tau kelakon sakdurungé.

11. Nurut Dhanièl 11:27, 28, apa sing ditindakké karo raja utara lan raja selatan?

11 Dhanièl 11:27, 28 ya ngramalké apa sing bakal kelakon sakdurungé Perang Donya l. Ayat kuwi kandha nèk raja utara lan raja selatan bakal ”padha lungguh bebarengan ngadhep méja, padha goroh-ginorohan [utawa, padha apus-apusan]”. Jerman lan Inggris padha apus-apusan merga senajan wis kandha nèk padha-padha péngin damai, nyatané negara-negara kuwi akhiré tetep perang ing taun 1914. Ing ayat kuwi ya disebutké nèk raja utara bakal nglumpukké ”raja-brana [utawa, bandha]” sing akèh. Iki pancèn kelakon merga pirang-pirang taun sakdurungé taun 1914, Jerman wis dadi negara sing mèh padha sugihé karo Inggris. Terus, Dhanièl 11:29 lan bagéan awal saka ayat 30 ya kelakon merga Jerman akhiré dikalahké wektu perang karo raja selatan.

RAJA-RAJA SING SENGIT KARO UMATÉ YÉHUWAH

12. Apa sing ditindakké raja utara lan raja selatan marang umaté Yéhuwah ing Perang Donya I?

12 Kèt taun 1914, loro raja kuwi terus mungsuhan lan ya mungsuhi umaté Yéhuwah. Misalé, ing Perang Donya I, pamréntah Jerman lan Inggris padha nganiaya umaté Yéhuwah sing ora gelem mèlu perang. Terus, ing Amerika Serikat, wong-wong sing mimpin gawéan nginjil ya dipenjara karo pamréntah ing kono. Kuwi dadi bukti nèk ramalan ing Wahyu 11:7-10 pancèn kelakon.

13. Apa sing ditindakké raja utara ing taun 1930-an lan khususé pas Perang Donya II?

13 Ing taun 1930-an lan khususé pas Perang Donya II, raja utara bener-bener tumindak kejem marang umaté Yéhuwah. Wektu partai Nazi nguwasani Jerman, Hitler lan para pengikuté nglarang gawéan nginjil ing kono. Akibaté, ana kira-kira 1.500 Seksi Yéhuwah sing dipatèni lan ana éwonan sing dilebokké ing kamp konsèntrasi. Peristiwa-peristiwa kuwi wis diramalké karo Danièl wektu dhèwèké kandha nèk raja utara bakal ”gawé najising papan suci” lan ”nyuwak [utawa, nyingkirké] kurban dinan”, sing artiné raja utara bakal nglarang umaté Yéhuwah kanggo nginjil. (Dn. 11:30b, 31a) Malah, pemimpiné Jerman wektu kuwi, yaiku Hitler, ya kandha nèk dhèwèké bakal matèni kabèh Seksi Yéhuwah sing ana ing Jerman.

RAJA UTARA SING ANYAR

14. Sakwisé Perang Donya II, sapa sing dadi raja utara sing anyar? Jelasna.

14 Sakwisé Perang Donya II rampung, Uni Soviet nguwasani dhaérah-dhaérah sing mbiyèn dikuwasani karo Jerman lan akhiré dadi raja utara sing anyar. Kaya pamréntahan Nazi sing kejem, Uni Soviet ya nganiaya wong-wong sing milih kanggo terus ngabdi marang Yéhuwah lan manut karo pathokané Alkitab.

15. Sakwisé Perang Donya II rampung, apa sing mulai ditindakké karo raja utara sing anyar?

15 Ora suwé sakwisé Perang Donya II rampung, raja utara sing anyar, yaiku Uni Soviet lan negara-negara sing dadi balané, mulai nganiaya umaté Yéhuwah. Gawéan nginjil ing kono dilarang lan éwonan Seksi Yéhuwah dibuwang menyang Siberia. Apa sing ditindakké Uni Soviet kuwi cocog karo Wahyu 12:15-17 sing kandha nèk kabèh aniaya sing dialami umaté Yéhuwah kuwi padha kaya banyu ”kali”. Ning, senajan terus dianiaya ing dina-dina pungkasan, umaté Yéhuwah ora nyerah lan tetep semangat nginjil. *

16. Kaya sing diramalké ing Dhanièl 11:37-39, apa sing ditindakké karo Uni Soviet?

16 Wacanen Dhanièl 11:37-39. Apa sing ditindakké raja utara kanggo nduduhké nèk dhèwèké ora ngajèni ”allahé para leluhuré”? Uni Soviet ora péngin dipengaruhi karo organisasi-organisasi agama sing wis ana ing kono kèt jaman mbiyèn lan ngupaya bèn wong-wong dadi ora nduwé agama. Mula, kèt taun 1918, pamréntah Uni Soviet nggawé keputusan sing akhiré nyebabké sekolah-sekolah mulangké ajaran atéis. Terus, apa maksudé raja utara ”ngabekti marang déwané bètèng-bètèng”? Merga péngin dadi negara sing ora isa dikalahké, Uni Soviet ngentèkké akèh dhuwit bèn isa nduwé senjata-senjata nuklir lan pasukan militèr sing kuwat. Raja utara lan raja selatan akhiré padha-padha nduwé senjata sing nèk digunakké bakal isa matèni akèh wong.

MUNGSUH SING KERJA SAMA

17. Sapa sing dimaksud karo ”kang ora pantes kang ngrerusak”?

17 Senajan mungsuhan, ning raja utara lan raja selatan nganakké kerja sama wektu negara-negara kuwi mbentuk ”kang ora pantes kang ngrerusak”. (Dn. 11:31) Sing dimaksud ”kang ora pantes”, utawa perkara sing njijiki kuwi yaiku Perserikatan Bangsa-Bangsa (PBB).

18. Apa sebabé PBB cocog disebut ”kang ora pantes”?

18 PBB pancèn cocog disebut ”kang ora pantes” merga PBB ngaku-ngaku isa nggawé donya iki ayem tentrem. Padahal, mung Kratoné Gusti Allah sing isa nindakké kuwi. PBB ya cocog disebut ”kang ngrerusak” merga PBB kuwi sing bakal nyerang lan nyingkirké agama palsu.​—Deloken tabél ”Raja-Raja sing Mungsuhan ing Wekasaning Jaman”.

APA PENGARUHÉ KANGGO AWAKÉ DHÉWÉ?

19-20. (a) Apa manfaaté sakwisé awaké dhéwé ngrembug peristiwa-peristiwa sing kelakon ing taun 1870 nganti 1991? (b) Pitakonan apa sing bakal dirembug ing artikel sakbanjuré?

19 Apa sing wis awaké dhéwé sinaoni ing artikel iki dadi bukti nèk ramalané Danièl soal raja utara lan raja selatan wis kelakon kèt taun 1870 nganti taun 1991. Iki mesthi nggawé awaké dhéwé yakin nèk bagéan liyané saka ramalané Danièl mesthi ya bakal kelakon.

20 Ning, Uni Soviet bubar ing taun 1991. Nèk ngono, sapa sing saiki dadi raja utara? Ing artikel sakbanjuré, awaké dhéwé bakal ngrembug pitakonan kuwi.

LAGU 128 Setya Nganti Pungkasan

^ par. 5 Ing buku Dhanièl, ana ramalan sing nyebutké soal raja utara lan raja selatan. Apa sebabé awaké dhéwé isa yakin nèk ramalan kuwi saiki lagi kelakon? Apa sebabé awaké dhéwé kudu ngerti apa sing dimaksud karo ramalan kuwi?

^ par. 1 Istilah ”raja utara” lan ”raja selatan” sing digunakké ing artikel iki padha karo istilah ”ratu nagara Lor” lan ”ratu nagara Kidul” sing digunakké ing Dhanièl pasal 11.

^ par. 5 Saka katrangan iki, awaké dhéwé dadi ngerti nèk Kaisar Aurelian saka Roma (270-275 M) dudu raja utara lan Ratu Zenobia (267-272 M) kuwi dudu raja selatan. Iki ngganti katrangan sing ana ing buku Perhatikanlah Nubuat Daniel! pasal 13 lan 14.

^ par. 9 Ing taun 1890, Raja Wilhelm II nyingkirké Bismarck saka Kekaisaran Jerman.

^ par. 10 Jerman akhiré isa dikalahké merga wong-wong kuwi ora ndhukung raja manèh, mbocorké informasi sing penting wektu perang, lan meksa raja bèn ora dadi kaisar.

^ par. 15 Nurut Dhanièl 11:34, penganiayaan sing dialami karo umaté Yéhuwah sing manggon ing dhaérah kekuasaané raja utara bakal mandheg kanggo wektu sing sedhéla. Iki kelakon wektu Uni Soviet bubar ing taun 1991.