Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Watak Sing Alus—Manfaaté kanggo Awaké Dhéwé

Watak Sing Alus—Manfaaté kanggo Awaké Dhéwé

Sara * kandha, ”Aku ngrasa ora nyaman nèk ana wong sing sombong utawa kasar merga aku iki wongé isinan. Ning, aku seneng merga kanca-kanca cedhakku kuwi wongé rendah hati lan nduwé watak sing alus. Dadi, aku isa nyritakké kabèh masalahku lan apa sing lagi tak rasakké marang kanca-kancaku kuwi.”

Kata-katané Sara nduduhké nèk wong liya seneng kekancan karo awaké dhéwé nèk awaké dhéwé nduwé watak sing alus. Yéhuwah ya seneng karo wong-wong sing nduwé watak sing alus. Alkitab kandha, ”Duduhna . . . watak sing alus.” (Kol. 3:12) Apa sing dimaksud watak sing alus? Apa sebabé Yésus isa nduwé watak sing alus? Lan, apa sebabé watak sing alus isa nggawé uripé awaké dhéwé dadi luwih bahagia?

APA SING DIMAKSUD WATAK SING ALUS?

Wong sing wataké alus kuwi ora seneng padu. Dhèwèké ora kasar lan malah apikan karo wong liya. Terus, wong sing wataké alus ya isa tetep tenang senajan ana keadaan sing isa nggawé dhèwèké jèngkèl.

Istilah ”watak sing alus” sing ana ing Alkitab kuwi diterjemahké saka kata Yunani sing biasané digunakké kanggo nggambarké kuda liar sing wis dijinakké. Senajan wis dijinakké, ora berarti kuda kuwi dadi kuda sing lemah. Kuda kuwi tetep kuwat. Dadi, wong sing wataké alus kuwi ora berarti dhèwèké kuwi wong sing lemah. Malah, dhèwèké kuwi wong sing kuwat merga isa ngendhalèni dhiri lan tetep rukun karo wong liya.

Awaké dhéwé mungkin ngrasa nèk awaké dhéwé kuwi dudu wong sing alus. Pancèn, dadi wong sing alus kuwi ora gampang merga ing sekitaré awaké dhéwé akèh wong sing ora sabar lan kasar. (Rm. 7:19) Dadi, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa nduwé watak sing alus. Yéhuwah ya bakal mènèhi roh suciné bèn awaké dhéwé isa nindakké kuwi. (Gal. 5:22, 23) Ning, apa sebabé awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa dadi wong sing alus?

Nggawé wong liya gelem cedhak karo awaké dhéwé. Kaya Sara sing disebutké mau, awaké dhéwé mesthi ya seneng nèk nduwé kanca sing wataké alus. Yésus kuwi dadi conto sing paling apik soal nduduhké watak sing alus lan sipat apikan. (2 Kor. 10:1) Merga Yésus nduwé watak sing alus, bocah-bocah cilik dadi gelem cedhak karo Yésus, padahal bocah-bocah kuwi durung pati kenal karo dhèwèké.​—Mrk. 10:13-16.

Awaké dhéwé lan wong liya éntuk manfaat. Nèk awaké dhéwé gampang nesu, wong liya isa waé dadi cilaka merga awaké dhéwé. Ning, kuwi ora bakal kelakon nèk awaké dhéwé nduwé watak sing alus merga kuwi nggawé awaké dhéwé dadi ora gampang jèngkèl. (WB. 16:32) Terus, awaké dhéwé ya ora perlu ngrasa bersalah merga awaké dhéwé ora bakal nggawé wong liya, termasuk wong-wong sing awaké dhéwé sayangi, dadi lara ati.

CONTO SING SAMPURNA

Yésus kuwi wong sing sibuk lan nduwé tanggung jawab sing abot. Senajan ngono, Yésus tetep nduduhké nèk dhèwèké nduwé watak sing alus. Wektu kuwi, akèh wong nduwé masalah sing abot lan butuh disemangati. Mula, wong-wong kuwi mesthi ngrasa dikuwatké wektu Yésus kandha, ”Padha mrénéa . . . merga watakku alus lan aku andhap asor.”​—Mat. 11:28, 29.

Piyé carané bèn awaké dhéwé isa nduwé watak sing alus kaya Yésus? Awaké dhéwé perlu sinau Alkitab bèn isa ngerti piyé tumindaké Yésus marang wong liya lan apa sing ditindakké Yésus wektu ngadhepi masalah. Terus, wektu ana situasi sing isa nggawé jèngkèl, awaké dhéwé perlu ngupaya bèn isa niru contoné Yésus. (1 Ptr. 2:21) Saiki, ayo digatèkké apa sebabé Yésus isa nduduhké watak sing alus.

Yésus rendah hati. Yésus kandha nèk dhèwèké nduwé ’watak sing alus’ lan ”andhap asor”. (Mat. 11:29) Ing Alkitab, watak sing alus disebutké bareng karo sipat rendah hati merga loro sipat kuwi pancèn ana hubungané. (Éf. 4:1-3) Kok isa?

Nèk awaké dhéwé rendah hati, awaké dhéwé ora bakal gampang tersinggung karo pendapaté wong liya soal awaké dhéwé. Piyé tanggepané Yésus wektu wong-wong nudhuh nèk dhèwèké wong sing ”nggragas lan seneng mendem”? Merga rendah hati, Yésus mung kandha nèk ”kawicaksanané wong kebukti bener saka tumindaké”. (Mat. 11:19) Dadi, Yésus ora nesu lan nduduhké nèk omongané wong-wong kuwi klèru liwat tumindaké.

Wektu ana wong sing ngèlèk-èlèk soal suku, jenis kelamin, utawa latar belakangé awaké dhéwé, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa nduduhké watak sing alus. Salah siji pinituwa ing Afrika Selatan sing jenengé Peter kandha, ”Wektu aku jèngkèl karo omongané wong liya, aku mikir, ’Piyé ya tanggepané Yésus nèk dhèwèké dadi aku?’ Aku ya bener-bener ngupaya bèn ora dadi wong sing gampang tersinggung.”

Yésus ngertèni keadaané manungsa sing ora sampurna. Murid-muridé Yésus mesthiné péngin nindakké apa sing bener. Ning, merga ora sampurna, murid-muridé Yésus ngrasa angèl kanggo nindakké kuwi. Misalé, ing wengi sakdurungé Yésus mati, Pétrus, Yakobus, lan Yohanes malah turu, padahal Yésus wis njaluk bèn wong-wong kuwi tetep jaga-jaga. Ning, Yésus ora nesu lan nduduhké nèk dhèwèké ngertèni keadaané murid-muridé. Yésus kandha, ”Ati pancèn kepéngin nglakoni, nanging awak ora kuwat.”​—Mat. 26:40, 41.

Ana sedulur wédok sing jenengé Mita sing mbiyèn seneng nggolèk-nggolèk kesalahané wong liya. Ning, saiki dhèwèké ngupaya tenanan niru contoné Yésus kanggo nduduhké watak sing alus. Mita kandha, ”Aku sadhar nèk ora ana manungsa sing sampurna. Mula, aku ngupaya niru Yéhuwah bèn isa nduwé pandhangan sing positif marang wong liya.” Dadi, bèn isa nduduhké watak sing alus, awaké dhéwé kudu ngupaya kanggo ngertèni keadaané wong liya, kaya sing Yésus tindakké.

Yésus percaya marang Yéhuwah. Wektu ing bumi, Yésus ngalami tumindak sing ora adil. Misalé, akèh wong wektu kuwi nduwé pandhangan sing klèru soal Yésus. Yésus ya diécé lan dianiaya. Senajan ngono, Yésus tetep nduduhké watak sing alus merga dhèwèké ”masrahké sakabèhé marang Hakim sing adil”. (1 Ptr. 2:23) Yésus ngerti nèk Bapaké ing swarga bakal mbantu dhèwèké bèn isa tetep setya lan bakal ngukum kabèh sing wis tumindak ora adil marang Yésus.

Nèk awaké dhéwé nesu wektu ngalami tumindak ora adil, isa waé masalahé dadi luwih gedhé. Mula, Alkitab ngandhani awaké dhéwé, ”Murkané manungsa ora ngasilké apa sing bener ing ngarsané Gusti Allah.” (Yak. 1:20) Pancèn, ana situasi sing isa nggawé awaké dhéwé dadi jèngkèl. Ning, awaké dhéwé kudu éling nèk awaké dhéwé kuwi ora sampurna. Dadi, nèk awaké dhéwé nesu, isa waé kuwi malah nyebabké awaké dhéwé nggawé kesalahan.

Mbiyèn, sedulur wédok saka Jerman sing jenengé Cathy tau mikir, ’Sapa manèh sing bakal mbélani kowé nèk dudu awakmu dhéwé.’ Ning, pandhangané Cathy berubah sakwisé dhèwèké ngupaya kanggo luwih ngendelké Yéhuwah. Cathy kandha, ”Aku ora nesu manèh wektu ngalami tumindak sing ora adil. Aku isa nduduhké watak sing alus merga aku percaya nèk Yéhuwah bakal nggawé situasiné dadi luwih apik.” Dadi, wektu ngalami tumindak sing ora adil, awaké dhéwé isa tetep nduduhké watak sing alus nèk niru contoné Yésus sing percaya marang Yéhuwah.

”BUNGAH WONG-WONG SING WATAKÉ ALUS”

Wektu ngadhepi keadaan sing nggawé jèngkèl, apa sing bakal awaké dhéwé tindakké nèk nduwé watak sing alus?

Yésus kandha, ”Bungah wong-wong sing wataké alus.” (Mat. 5:5) Kata-katané Yésus kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé kudu nduwé watak sing alus bèn isa bahagia. Apa sebabé watak sing alus isa nggawé uripé awaké dhéwé dadi luwih bahagia?

Nggawé perkawinan dadi luwih bahagia. Sedulur lanang saka Australia sing jenengé Robert kandha, ”Omonganku kerep nglarani atiné bojoku, padahal sakjané maksudku ora kaya ngono. Aku ngerti nèk omongan sing kasar sing wis diomongké kuwi bakal angèl dilalèkké. Mula, aku bener-bener sedhih merga wis nggawé bojoku lara ati.”

”Kita kabèh kerep nggawé salah” liwat omongané awaké dhéwé. Nèk awaké dhéwé ngomong tanpa dipikir, kuwi isa nggawé perkawinané awaké dhéwé dadi ora bahagia. (Yak. 3:2) Mungkin, awaké dhéwé lagi ngadhepi masalah ing perkawinané awaké dhéwé. Ning, nèk awaké dhéwé nduwé watak sing alus, awaké dhéwé isa tetep tenang lan ora ngucapké omongan sing kasar.​—WB. 17:27.

Robert ngupaya tenanan bèn isa tetep tenang lan ngendhalèni dhiri. Apa hasilé? Robert kandha, ”Wektu aku lan bojoku nduwé pandhangan sing béda, aku ngupaya tenanan kanggo ngrungokké pendapaté bojoku. Aku ya ngupaya bèn ora nesu utawa nggunakké omongan sing kasar. Saiki, aku lan bojoku dadi luwih bahagia.”

Nduwé hubungan sing apik karo wong liya. Wong sing gampang tersinggung kuwi biasané ora nduwé kanca. Ning, nèk awaké dhéwé nduwé watak sing alus, awaké dhéwé isa ”tetep . . . rukun karo siji lan sijiné”. (Éf. 4:2, 3) Cathy, sing mau disebutké kandha, ”Pancèn ana wong-wong sing angèl dicedhaki. Ning, merga aku ngupaya kanggo nduduhké watak sing alus, aku isa nduwé hubungan sing apik karo wong liya.”

Nggawé luwih ayem. Nurut Alkitab, ”kawicaksanan saka ndhuwur” kuwi ana hubungané karo watak sing alus lan sipat seneng rukun. (Yak. 3:13, 17) Wong sing wataké alus kuwi nduwé ”ati kang sarèh”, sing maksudé isa tetep tenang. (WB. 14:30) Sedulur lanang sing jenengé Martin wis ngupaya bèn isa nduwé watak sing alus. Apa hasilé? Dhèwèké kandha, ”Saiki, aku wis ora meksa wong liya kanggo nindakké apa sing padha karo kepénginanku. Aku ya ngrasa luwih ayem lan bahagia.”

Pancèn, nduduhké watak sing alus kuwi ora gampang. Salah siji sedulur lanang kandha, ”Jujur waé, nganti saiki ana keadaan-keadaan sing isa nggawé aku jèngkèl banget.” Ning, Yéhuwah péngin awaké dhéwé terus ngupaya bèn isa nduwé watak sing alus. Yéhuwah ya bakal mbantu awaké dhéwé. (Yé. 41:10; 1 Tim. 6:11) Yéhuwah isa ’ngrampungké pelatihané’ awaké dhéwé lan ’nggawé awaké dhéwé kuwat’. (1 Ptr. 5:10) Kaya Paulus, awaké dhéwé mesthi ya bakal isa nduduhké ”sipat alus lan apik ati kaya sing diduwèni Kristus.”​—2 Kor. 10:1.

^ par. 2 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.