Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 18

Ora Ragu-Ragu lan Nduwé Iman sing Kuwat karo Yésus

Ora Ragu-Ragu lan Nduwé Iman sing Kuwat karo Yésus

”Wong sing ora ragu-ragu karo aku kuwi wong sing bahagia.”​—MAT. 11:6.

LAGU 54 ’Iki Dalané’

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1. Pas ngandhani wong liya soal Alkitab, njenengan mungkin ora nyangka nèk wong-wong bakal piyé?

NJENENGAN mungkin kèlingan pas pertama kali sinau Alkitab. Wektu kuwi, njenengan ngrasa nèk ajarané Alkitab gampang dipahami. Terus, njenengan mikir nèk kabèh wong mesthi gelem sinau Alkitab. Njenengan ya yakin nèk ajarané Alkitab isa nggawé wong-wong bahagia lan mènèhi harapan kanggo masa depan. (Mzm. 119:105) Mula, njenengan semangat banget nyritakké soal Alkitab karo kanca-kanca lan keluargané njenengan. Ning, njenengan mungkin ora nyangka nèk jebulé akèh sing ora gelem ngrungokké.

2-3. Piyé pandhangané wong-wong ing jamané Yésus soal Yésus?

2 Pas awaké dhéwé nyritakké soal Alkitab, mungkin ana akèh sing ora gelem ngrungokké. Ning, awaké dhéwé ora perlu héran. Mbiyèn, Yésus ya tau ngalami kaya ngono. Padahal, Yésus wis nggawé mukjijat sing mbuktèkké nèk dhèwèké diutus Gusti Allah. Misalé, Yésus tau nguripké manèh Lazarus, lan wong-wong sing ora seneng karo Yésus ya ngerti soal mukjijat kuwi. Ning, para pemimpin agama Yahudi tetep waé ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias. Wong-wong kuwi malah arep matèni Yésus lan Lazarus.​—Yoh. 11:47, 48, 53; 12:9-11.

3 Yésus ngerti nèk bakal ana akèh wong sing ora percaya nèk dhèwèké kuwi Mésias. (Yoh. 5:39-44) Mula, Yésus ngomong karo murid-muridé Yohanes Pembaptis, ”Wong sing ora ragu-ragu karo aku kuwi wong sing bahagia.” (Mat. 11:2, 3, 6) Terus, kenapa akèh wong wektu kuwi nolak Yésus?

4. Apa waé sing bakal dirembug ing artikel iki?

4 Ing artikel iki lan artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug apa sebabé akèh wong ing jamané Yésus ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug kenapa akèh sing ora gelem ngrungokké kabar apik sing awaké dhéwé sampèkké. Terus sing paling penting, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn ora ragu-ragu lan nduwé iman sing kuwat karo Yésus.

(1) ASAL USULÉ YÉSUS

Wong-wong ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias merga asal usulé Yésus. Apa Seksi Yéhuwah ya ngalami sing padha kaya Yésus? (Deloken paragraf 5) *

5. Kenapa ana wong-wong sing ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias?

5 Akèh sing ora gelem percaya karo Yésus merga ngerti asal usulé Yésus. Pancèn, wong-wong kuwi ngerti nèk Yésus guru sing pinter mulang lan isa nggawé mukjijat. Ning kanggoné wong-wong kuwi, Yésus mung anaké tukang kayu sing miskin. Apa manèh, Yésus asalé saka Nazarèt, kutha sing dianggep ora penting. Malah, sakdurungé dadi muridé Yésus, Natanaèl tau kandha, ”Saka Nazarèt kuwi apa ana sing apik?” (Yoh. 1:46) Natanaèl ngomong kaya ngono mungkin merga ora seneng karo kutha Nazarèt. Sakliyané kuwi, Natanaèl mungkin kèlingan karo ramalan ing Mikha 5:2, sing nyebutké nèk Mésias bakal lair ing Bètlehèm, dudu ing Nazarèt.

6. Piyé carané bèn wong-wong ing jamané Yésus ngerti nèk Yésus kuwi Mésias?

6 Kandhané Kitab Suci. Nabi Yésaya ngramalké nèk wong-wong sing ora seneng karo Yésus bakal ora mikirké ”asal usulé” Yésus. (Yés. 53:8) Padahal, nèk wong-wong kuwi gelem mbandhingké asal-usulé Yésus karo ramalan-ramalan soal Mésias, wong-wong kuwi bakal ngerti nèk Yésus keturunané Raja Daud. (Luk. 2:4-7) Wong-wong kuwi ya bakal ngerti nèk Yésus lair ing Bètlehèm, persis kaya ramalan ing Mikha 5:2. Ning, merga ora gelem nggolèk informasi sing lengkap, wong-wong kuwi akhiré nggawé kesimpulan sing klèru soal Yésus. Akibaté, wong-wong kuwi ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias.

7. Kenapa akèh wong ora gelem ngrungokké kabar apik sing disampèkké Seksi Yéhuwah?

7 Pandhangané wong-wong jaman saiki. Akèh-akèhé Seksi Yéhuwah dudu wong sing nduwé kedudukan sing penting utawa sugih. Mula, Seksi Yéhuwah dianggep ”wong biasa lan sekolahé ora dhuwur”. (Kis. 4:13) Terus, ana sing mikir nèk Seksi Yéhuwah kuduné ora mulang Alkitab merga dudu lulusan sekolah pendhéta. Sing liyané manèh mikir nèk Seksi Yéhuwah kuwi ”agama saka Amerika”, padahal akèh-akèhé Seksi Yéhuwah ora manggon ing Amerika. Ana manèh sing kandha nèk Seksi Yéhuwah kuwi ora percaya karo Yésus. Sakliyané kuwi, nganti saiki isih ana sing nganggep nèk Seksi Yéhuwah kuwi agama sesat lan wong-wongé fanatik. Merga kepengaruh karo pandhangan sing kaya ngono lan ora gelem nggolèk informasi sing bener, akèh wong akhiré ora gelem ngrungokké kabar apik sing disampèkké Seksi Yéhuwah.

8. Nurut Kisah Para Rasul 17:11, piyé carané bèn isa ngerti umaté Gusti Allah sing sejati?

8 Carané bèn ora ragu-ragu. Wong-wong kudu nggolèk informasi sing lengkap lan bener. Mbiyèn, salah siji penulis Injil, yaiku Lukas, ya kaya ngono. Dhèwèké ”mriksa lan nliti” kabèh kisahé Yésus supaya wong-wong sing maca isa ”yakin tenan” nèk kabèh sing dhèwèké tulis soal Yésus kuwi ”pancèn bener”. (Luk. 1:1-4) Wong-wong Yahudi ing Béréa ya kaya Lukas. Pas pertama kali krungu kabar apik soal Yésus, wong-wong kuwi mriksa Kitab-Kitab Ibrani kanggo mastèkké nèk sing dirungokké kuwi pancèn bener. (Wacanen Kisah Para Rasul 17:11.) Kaya Lukas lan wong-wong Béréa kuwi, wong-wong saiki ya kudu nggolèk informasi sing lengkap lan bener. Wong-wong kudu mbandhingké apa sing diajarké Seksi Yéhuwah karo ajarané Alkitab. Wong-wong kuwi ya kudu maca lan ngrenungké kabèh sing wis ditindakké umaté Yéhuwah ing jaman modèrn. Nèk nggolèk informasi sing lengkap lan bener, wong-wong kuwi bakal yakin nèk Seksi Yéhuwah kuwi umaté Gusti Allah sing sejati.

(2) YÉSUS ORA GELEM NDUDUHKÉ TANDHA

Wong-wong ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias merga Yésus ora gelem nduduhké tandha. Apa Seksi Yéhuwah ya ngalami sing padha kaya Yésus? (Deloken paragraf 9-10) *

9. Piyé tanggepané wong-wong merga Yésus ora gelem nduduhké tandha saka swarga?

9 Senajan Yésus pinter mulang, ning isih ana wong-wong sing ora percaya nèk dhèwèké kuwi Mésias. Wong-wong kuwi njaluk Yésus nduduhké ”tandha saka swarga” kanggo mbuktèkké nèk dhèwèké kuwi pancèn diutus Gusti Allah. (Mat. 16:1) Wong-wong kuwi njaluk kaya ngono mungkin merga maca ramalan ing Danièl 7:13, 14. Padahal, ramalan kuwi kelakoné dudu pas jamané Yésus. Sakjané, sing diwulangké Yésus wis cukup kanggo mbuktèkké nèk Yésus kuwi Mésias. Ning, merga kepénginané ora dituruti, wong-wong kuwi ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias.​—Mat. 16:4.

10. Apa buktiné nèk ramalané Nabi Yésaya kelakon?

10 Kandhané Kitab Suci. Nabi Yésaya ngramalké soal Mésias, ”Dhèwèké ora bakal mbengok utawa ngomong sing banter. Swarané ora bakal tekan dalan.” (Yés. 42:1, 2) Kaya ramalané Nabi Yésaya kuwi, Yésus ora ngupaya dadi wong sing terkenal. Yésus ora mbangun panggonan ibadah sing megah, ora nganggo klambi khusus sing biasané dienggo pemimpin agama, lan ora gelem nggunakké gelar-gelar khusus. Pas lagi diadili, Yésus ya ora gelem nuruti Hérodès sing péngin banget ndelok mukjijaté Yésus. Padahal, Yésus ngerti nèk dhèwèké arep dihukum mati. (Luk. 23:8-11) Yésus tau kandha karo murid-muridé nèk ”tujuané [dhèwèké] teka” kuwi kanggo martakké kabar apik. Dadi, senajan isa nggawé mukjijat, ning kanggoné Yésus sing paling penting kuwi martakké kabar apik.​—Mrk. 1:38.

11. Piyé pandhangané wong-wong saiki soal ngibadah?

11 Pandhangané wong-wong jaman saiki. Saiki, akèh wong luwih seneng ngibadah ing panggonan ibadah sing megah utawa sing pemimpin agamané nggunakké gelar-gelar khusus. Wong-wong kuwi ya ngibadah nggunakké cara-cara sing asal usulé ora ana hubungané karo Alkitab. Tapi, sakjané wong-wong kuwi ora ngerti akèh soal Gusti Allah lan kepénginané. Nèk umaté Yéhuwah piyé? Balé Ibadahé Seksi-Seksi Yéhuwah pancèn ora megah. Ning, kuwi resik lan cocog dienggo ngibadah. Para pinituwa ing jemaat ya ora nggunakké gelar-gelar utawa klambi khusus. Ning, kabèh sing diajarké Seksi Yéhuwah dhasaré Alkitab. Mula pas ngibadah, awaké dhéwé isa ngerti kepénginané Yéhuwah lan carané nyenengké Dhèwèké. Ning, merga awaké dhéwé manut Alkitab, wong-wong nganggep nèk cara ngibadahé awaké dhéwé terlalu sederhana lan ajarané ora cocog karo kepénginané wong-wong kuwi. Akibaté, wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké kabar apik sing awaké dhéwé sampèkké.

12. Apa sing kuduné dadi dhasar imané awaké dhéwé? (Ibrani 11:1, 6)

12 Carané bèn ora ragu-ragu. Cara ngibadah sing ora cocog karo Alkitab isa waé kétok nyenengké. Ning, dudu kuwi sing nggawé awaké dhéwé nduwé iman. Lha terus, piyé carané? Rasul Paulus ngandhani wong-wong Kristen ing Roma, ”Wong isa nduwé iman nèk dhèwèké wis ngrungokké berita kuwi, lan berita kuwi dirungokké wektu ana wong sing martakké soal Kristus.” (Rm. 10:17) Dadi, awaké dhéwé isa nduwé iman nèk sinau Alkitab. Awaké dhéwé kudu nduwé iman sing kuwat sing dhasaré Alkitab merga nèk ora nduwé iman awaké dhéwé ”ora mungkin isa nyenengké Gusti Allah”. (Wacanen Ibrani 11:1, 6.) Dadi, awaké dhéwé ora butuh tandha saka swarga kanggo mbuktèkké nèk sing dipelajari kuwi pancèn bener. Nèk tenanan sinau Alkitab, awaké dhéwé ora bakal ragu-ragu lan nduwé iman sing kuwat.

(3) YÉSUS ORA MÈLU-MÈLU TRADHISINÉ WONG YAHUDI

Wong-wong ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias merga Yésus ora gelem nduduhké tandha. Apa Seksi Yéhuwah ya ngalami sing padha kaya Yésus? (Deloken paragraf 13) *

13. Kenapa akèh wong ora seneng karo Yésus?

13 Mbiyèn, murid-muridé Yohanes Pembaptis nggumun kenapa murid-muridé Yésus ora pasa. Yésus kandha nèk murid-muridé ora perlu pasa merga Yésus isih bareng karo murid-muridé kuwi. (Mat. 9:14-17) Yésus pancèn wis njelaské kenapa murid-muridé ora perlu pasa. Ning, merga Yésus ora mèlu-mèlu tradhisiné wong Yahudi, wong Farisi lan sing liyané tetep ora seneng karo Yésus. Misalé, wong-wong kuwi nesu pas Yésus marèkké wong lara ing dina Sabat. (Mrk. 3:1-6; Yoh. 9:16) Wong-wong kuwi pancèn nganggep nèk dina Sabat suci. Ning, wong-wong kuwi ngijinké wong-wong dodolan ing bait. Terus pas Yésus ngandhani sing bener, wong-wong kuwi malah nesu. (Mat. 21:12, 13, 15) Sakliyané kuwi, wong-wong ing sinagogé ing Nazarèt ya tau nesu karo Yésus. Wong-wong kuwi ora seneng merga Yésus nyritakké peristiwa sing kelakon ing Israèl jaman mbiyèn kanggo nduduhké nèk wong-wong kuwi ora nduwé iman lan mung mikirké kepentingané dhéwé. (Luk. 4:16, 25-30) Akèh wong ora seneng karo Yésus merga apa sing ditindakké Yésus ora sesuai karo kepénginané wong-wong kuwi.​—Mat. 11:16-19.

14. Kenapa Yésus ora seneng karo tradhisi sing ora sesuai karo Kitab Suci?

14 Kandhané Kitab Suci. Yéhuwah ngomong liwat Nabi Yésaya, ”Umat iki kandha nèk ngibadah marang Aku lan kandha nèk ngajèni Aku, tapi kuwi ora tenanan saka atiné. Wong-wong kuwi wedi marang Aku mung merga manut préntahé manungsa.” (Yés. 29:13) Yésus wis nggawé keputusan sing bener merga ora seneng karo tradhisi sing ora sesuai karo Kitab Suci. Wong-wong sing nganggep nèk aturan lan tradhisi sing digawé manungsa kuwi luwih penting timbang Kitab Suci sakjané ora ngajèni Yéhuwah lan Yésus sing wis diutus dadi Mésias.

15. Kenapa wong-wong sengit karo Seksi Yéhuwah?

15 Pandhangané wong-wong jaman saiki. Wong-wong sengit karo Seksi Yéhuwah merga Seksi Yéhuwah ora mèlu ngrayakké ulang taun, Natal, Taun Baru, lan hari-hari raya liyané sing ora cocog karo Alkitab. Sing liyané nesu merga Seksi Yéhuwah ora ngrayakké hari besar nasional lan ora gelem mèlu tradhisi pemakaman sing nglanggar pathokané Alkitab. Wong-wong kuwi mungkin ngira nèk ibadahé ditampa Gusti Allah. Ning nèk ora manut karo ajarané Alkitab lan malah ngutamakké tradhisi, wong-wong kuwi sakjané ora isa nyenengké Gusti Allah.​—Mrk. 7:7-9.

16. Nurut Mazmur 119:97, 113, 163-165, awaké dhéwé kudu piyé?

16 Carané bèn ora ragu-ragu. Awaké dhéwé kudu sayang karo Yéhuwah lan seneng karo hukum-hukumé Yéhuwah. (Wacanen Mazmur 119:97, 113, 163-165.) Nèk sayang karo Yéhuwah, awaké dhéwé mesthi ora gelem mèlu-mèlu tradhisi sing ora sesuai karo Alkitab lan péngin terus nyenengké Yéhuwah.

(4) YÉSUS ORA MÈLU-MÈLU URUSAN POLITIK

Wong-wong ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias merga Yésus ora mèlu-mèlu urusan politik. Apa Seksi Yéhuwah ya ngalami sing padha kaya Yésus? (Deloken paragraf 17) *

17. Kenapa akèh wong Yahudi nolak Yésus?

17 Pas jamané Yésus, ana wong-wong sing ora seneng karo pamréntahan Romawi. Wong-wong kuwi mikir nèk Mésias bakal langsung mbébaské wong Yahudi saka pamréntahan Romawi. Mula, wong-wong kuwi péngin ndadèkké Yésus raja. Ning, Yésus ora gelem. (Yoh. 6:14, 15) Ora kaya wong-wong sing péngin ndadèkké Yésus raja, para pemimpin agama Yahudi kuwatir nèk Yésus ngojok-ojoki wong Yahudi nglawan pamréntahan Romawi. Para pemimpin agama kuwi wedi nèk wong Romawi nesu lan akhiré ora gelem mènèhi wewenang manèh marang para pemimpin agama kuwi. Merga seneng mèlu-mèlu urusan politik, akhiré akèh wong Yahudi sing nolak Yésus.

18. Ramalan-ramalan apa soal Mésias sing ora digatèkké karo wong Yahudi?

18 Kandhané Kitab Suci. Pancèn, ana akèh ramalan sing nyebutké nèk Mésias bakal ngalahké mungsuh-mungsuhé. Ning, sakjané ana ramalan-ramalan liyané sing nduduhké nèk Mésias ora bakal langsung ngrampungi masalahé wong Yahudi wektu kuwi. Misalé, ana ramalan sing nyebutké nèk Mésias kudu mati dhisik bèn isa nebus manungsa. (Yés. 53:9, 12) Merga ora nggatèkké ramalan-ramalan kuwi, akibaté akèh wong Yahudi nduwé pandhangan sing klèru soal Mésias.​—Yoh. 6:26, 27.

19. Kenapa akèh wong ora seneng karo Seksi Yéhuwah?

19 Pandhangané wong-wong jaman saiki. Akèh wong ora seneng karo Seksi Yéhuwah merga Seksi Yéhuwah ora mèlu-mèlu urusan politik. Wong-wong kuwi péngin awaké dhéwé mèlu nyoblos pas pemilu. Ning, awaké dhéwé ngerti nèk kanggoné Yéhuwah wong sing milih pemimpin manungsa kuwi berarti nolak Yéhuwah dadi pemimpiné. (1 Sam. 8:4-7) Akèh wong ya mikir nèk Seksi Yéhuwah kuduné mbangun sekolah lan rumah sakit utawa ngumpulké sumbangan kanggo mbantu wong-wong sing mbutuhké. Ning, merga Seksi Yéhuwah luwih ngutamakké gawéan nginjil, akhiré wong-wong kuwi ora gelem ngrungokké kabar apik sing disampèkké Seksi Yéhuwah.

20. Nurut Matius 7:21-23, apa sing kudu diutamakké?

20 Carané bèn ora ragu-ragu. (Wacanen Matius 7:21-23.) Awaké dhéwé kudu ngutamakké tugas saka Yésus yaiku nginjil. (Mat. 28:19, 20) Awaké dhéwé aja nganti ora ngutamakké gawéan nginjil merga péngin ngrampungké masalah-masalah ing donya. Awaké dhéwé pancèn sayang karo wong liya lan perduli karo wong-wong sing lagi susah. Ning, cara sing paling apik kanggo mbantu wong liya kuwi mulang soal Kerajaané Gusti Allah lan mbantu wong-wong kuwi bèn nduwé hubungan sing akrab karo Yéhuwah.

21. Apa tékadé awaké dhéwé?

21 Ing artikel iki, awaké dhéwé wis ngrembug papat alesan kenapa wong-wong ing jamané Yésus ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias lan kenapa akèh sing ora gelem ngrungokké kabar apik sing disampèkké Seksi Yéhuwah. Nèk ora ngati-ati, pandhangané wong-wong kuwi isa nggawé awaké dhéwé ragu-ragu. Ing artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug papat alesan liyané sing isa nggawé awaké dhéwé ragu-ragu. Muga-muga, awaké dhéwé terus nduwé tékad bèn ora ragu-ragu lan nduwé iman sing kuwat marang Yésus.

LAGU 56 Urip Manut Dalan sing Bener

^ par. 5 Yésus kuwi Guru sing pinter mulang. Ning, pas Yésus ing bumi, akèh sing ora seneng karo dhèwèké. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug kenapa wong-wong ing jamané Yésus ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug kenapa akèh sing ora gelem ngrungokké kabar apik sing disampèkké Seksi-Seksi Yéhuwah. Terus sing paling penting, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané bèn bener-bener yakin karo Yésus. Artikel iki lan artikel berikuté khususé bakal bermanfaat kanggo wong-wong sing wis sinau Alkitab tapi durung gelem dadi Seksi Yéhuwah merga isih ragu-ragu.

^ par. 60 GAMBAR: Filipus ngejak Natanaèl nemoni Yésus.

^ par. 62 GAMBAR: Yésus martakké injil.

^ par. 64 GAMBAR: Yésus marèkké wong lanang sing tangané lumpuh, lan wong-wong sing ora seneng karo Yésus lagi ndeloki.

^ par. 66 GAMBAR: Yésus lunga ing gunung dhèwèkan.