Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 19

Sing Seneng Hukumé Yéhuwah Bakal Terus Nglayani

Sing Seneng Hukumé Yéhuwah Bakal Terus Nglayani

”Wong sing seneng karo hukum-Mu ngrasa ayem banget. Ora ana sing isa nggawé wong kuwi kesandhung.”​—MZM. 119:165.

LAGU 122 Kuwat lan Setya Ngabdi

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Apa sing diomongké salah siji penulis soal wong-wong ing jaman saiki, lan apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

SAIKI, akèh wong ngakuné percaya karo Yésus. Ning, wong-wong kuwi ora gelem manut karo ajarané Yésus. (2 Tim. 4:3, 4) Apa sing kelakon kuwi cocog karo omongané salah siji penulis sing kandha, ”Nèk misalé saiki ana wong sing kaya Yésus, lan wong kuwi ngajarké sing padha kaya sing Yésus ajarké . . . , apa awaké dhéwé bakal nolak wong kuwi kaya mbiyèn wong-wong nolak Yésus? . . . Jawabané: Iya.”

2 Akèh wong ing jamané Yésus ngerti ajarané Yésus lan ndelok dhéwé pas Yésus nggawé mukjijat. Ning, wong-wong kuwi ora nduduhké iman karo Yésus. Apa sebabé? Ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug papat alesan. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug papat alesan liyané kenapa wong-wong ing jamané Yésus ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias, lan kenapa akèh sing ora gelem ngrungokké kabar apik sing disampèkké Seksi Yéhuwah. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug piyé carané bèn ora ragu-ragu lan nduwé iman sing kuwat karo Yésus.

(1) YÉSUS ORA MBÉDAK-MBÉDAKKÉ

3. Kenapa wong-wong sing sombong ora seneng karo Yésus?

3 Pas ing bumi, Yésus gelem bergaul karo kabèh wong. Misalé, Yésus tau mangan karo wong sing sugih lan wong sing nduwé kedudukan sing penting. Ning, Yésus ya gelem bergaul karo wong-wong sing miskin lan uripé susah. Yésus ya apikan karo wong-wong sing dianggep ”wong-wong dosa”. Kuwi nggawé wong-wong sing sombong dadi ora seneng karo Yésus. Wong-wong kuwi takon karo murid-muridé Yésus, ”Ngapa kok kowé mangan lan ngombé karo petugas pajeg lan wong-wong dosa?” Terus, Yésus njawab, ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong-wong sing lara. Aku teka ora kanggo ngundang wong sing bener ning wong-wong sing dosa, bèn wong-wong kuwi mertobat.”​—Luk. 5:29-32.

Wong-wong ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias merga Yésus ora mbédak-mbédakké. Apa Seksi Yéhuwah ya ngalami sing padha kaya Yésus? (Deloken paragraf 3) *

4. Nèk nggatèkké ramalané Nabi Yésaya, wong Yahudi kuduné ngerti soal apa?

4 Kandhané Kitab Suci. Sakdurungé Mésias teka, Nabi Yésaya wis ngramalké nèk Mésias bakal ditolak karo akèh wong. Nabi Yésaya kandha, ”Dhèwèké diécé lan diedohi wong liya. . . . Dhèwèké kaya wong sing dipléngosi wong liya. Dhèwèké diécé, lan aku ora perduli karo dhèwèké.” (Yés. 53:3) Merga Nabi Yésaya wis ngramalké nèk Mésias bakal diedohi ”wong liya”, kuduné wong Yahudi wektu kuwi ngerti nèk bakal ana akèh wong sing ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias.

5. Piyé pandhangané wong-wong saiki soal umaté Yéhuwah?

5 Pandhangané wong-wong jaman saiki. Akèh pemimpin agama sing seneng nèk pengikuté kuwi wong-wong sing pinter, sugih, lan nduwé kedudukan sing penting. Senajan moral lan tingkah lakuné wong-wong kuwi ora sesuai karo pathokané Gusti Allah, ning para pemimpin agama kuwi ora keberatan. Para pemimpin agama kuwi malah seneng ngrèmèhké umaté Yéhuwah, merga umaté Yéhuwah dianggep ora nduwé kedudukan sing penting. Padahal, umaté Yéhuwah kuwi semangat nglayani Gusti Allah lan tingkah lakuné apik. Iki cocog karo omongané Paulus. Mbiyèn, Paulus tau kandha nèk Gusti Allah milih wong-wong ”sing ora dianggep penting” kanggo nglayani Dhèwèké. (1 Kor. 1:26-29) Senajan ngono, Yéhuwah nganggep nèk kabèh sing nglayani Dhèwèké kuwi berharga.

6. Ing Matius 11:25, 26, Yésus ngomong apa, lan piyé carané bèn nduwé pandhangan sing padha kaya Yésus?

6 Carané bèn ora ragu-ragu. (Wacanen Matius 11:25, 26.) Aja kepengaruh karo pandhangané wong-wong soal umaté Yéhuwah. Awaké dhéwé kudu éling nèk sing dipilih Yéhuwah kanggo nglayani Dhèwèké kuwi wong-wong sing rendah hati. (Mzm. 138:6) Awaké dhéwé ya kudu ngrenungké kabèh sing wis Yéhuwah tindakké liwat umaté sing dianggep ora hébat karo wong-wong sing ora nglayani Dhèwèké.

(2) YÉSUS NGAJARKÉ SING BENER

7. Kenapa Yésus ngunèkké wong Farisi munafik, lan piyé tanggepané wong-wong kuwi?

7 Yésus wani nduduhké nèk para pemimpin agama wektu kuwi ora ngajarké sing bener soal carané ngibadah. Misalé, Yésus tau ngunèkké wong Farisi munafik merga luwih mentingké soal wisuh tangan daripada ngopèni wong tuwa. (Mat. 15:1-11) Murid-muridé Yésus ora nyangka nèk Yésus bakal ngomong kaya ngono. Terus, murid-muridé Yésus ngomong karo Yésus, ”Apa njenengan ngerti nèk wong Farisi tersinggung karo omongané njenengan?” Yésus njawab, ”Saben tanduran sing ora ditandur karo Bapakku ing swarga bakal dicabut. Wong-wong kuwi ora usah mbok urusi. Wong-wong kuwi penuntun-penuntun sing wuta. Nèk wong wuta nuntun wong wuta, loro-loroné bakal kecemplung kalèn.” (Mat. 15:12-14) Dadi, senajan omongané Yésus nggawé para pemimpin agama ora seneng, ning Yésus ora wedi lan terus ngomongké sing bener.

8. Piyé Yésus nduduhké nèk ora kabèh agama ditampa Gusti Allah?

8 Yésus ya nduduhké nèk ana ajaran agama sing ora bener. Yésus ora ngomong nèk kabèh agama ditampa Gusti Allah. Yésus malah ngomong nèk akèh wong bakal milih dalan sing jembar sing ngarah ing kematian lan mung sithik sing milih dalan sing sempit sing ngarah ing urip. (Mat. 7:13, 14) Terus, Yésus ya nduduhké nèk ana wong-wong sing mung éthok-éthok nglayani Gusti Allah, padahal nyatané ora. Yésus ngandhani murid-muridé, ”Kowé kudu waspada karo nabi-nabi palsu sing marani kowé. Wong-wong kuwi éthok-éthok dadi domba, padahal asliné serigala sing rakus. Kowé bakal ngerti asliné wong-wong kuwi saka buahé.”​—Mat. 7:15-20.

Wong-wong ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias merga Yésus ngajarké sing bener. Apa Seksi Yéhuwah ya ngalami sing padha kaya Yésus? (Deloken paragraf 9) *

9. Apa waé ajaran agama sing salah sing diduduhké Yésus?

9 Kandhané Kitab Suci. Kitab Suci wis ngramalké nèk Mésias bakal semangat ngabdi ing omahé Yéhuwah. (Mzm. 69:9; Yoh. 2:14-17) Merga semangaté kuwi, Yésus wani nduduhké nèk ana ajaran agama lan kebiasaan sing salah. Misalé, wong Farisi percaya nèk wong mati kuwi sing mati mung ragané, ning rohé isih urip. Tapi, Yésus ngajarké nèk wong mati kuwi kaya wong sing lagi turu. (Yoh. 11:11) Terus, wong Saduki ora percaya nèk wong mati isa diuripké manèh. Ning, Yésus nguripké manèh kancané, yaiku Lazarus. (Yoh. 11:43, 44; Kis. 23:8) Sakliyané kuwi, wong Farisi ya percaya nèk kabèh sing kelakon kuwi wis ditakdirké Gusti Allah. Ning, Yésus ngajarké nèk manungsa isa milih arep nglayani Gusti Allah utawa ora.​—Mat. 11:28.

10. Kenapa akèh wong ora gelem ngrungokké apa sing disampèkké Seksi Yéhuwah?

10 Pandhangané wong-wong jaman saiki. Akèh wong ora gelem ngrungokké apa sing disampèkké Seksi Yéhuwah merga Seksi Yéhuwah nggunakké Alkitab kanggo nduduhké nèk ana ajaran agama sing ora bener. Misalé, para pemimpin agama ngajarké nèk Gusti Allah ngukum wong jahat ing neraka. Para pemimpin agama kuwi nggunakké ajaran api neraka kanggo medèn-medèni para pengikuté bèn manut karo para pemimpin agama kuwi. Ning, merga nyembah Yéhuwah, Gusti Allah sing gedhé katresnané, awaké dhéwé ngandhani wong-wong nèk ajaran kuwi klèru. Terus, para pemimpin agama ya ngajarké nèk wong mati kuwi sing mati mung ragané, ning rohé isih urip. Nèk ajaran kuwi bener, kuwi berarti wong sing mati ora perlu diuripké manèh. Mula, awaké dhéwé nduduhké nèk ajaran kuwi ora sesuai karo Alkitab. Sakliyané kuwi, akèh agama sing percaya nèk kabèh sing kelakon kuwi wis ditakdirké Gusti Allah. Ning, awaké dhéwé nduduhké nèk manungsa kuwi bébas milih arep nglayani Gusti Allah utawa ora. Merga awaké dhéwé ngandhani sing bener, para pemimpin agama dadi ora seneng karo awaké dhéwé.

11. Kaya omongané Yésus ing Yohanes 8:45-47, Gusti Allah péngin awaké dhéwé piyé?

11 Carané bèn ora ragu-ragu. Nèk seneng karo apa sing bener, awaké dhéwé kudu percaya lan manut karo omongané Gusti Allah. (Wacanen Yohanes 8:45-47.) Awaké dhéwé mesthiné ora péngin kaya Sétan sing nyimpang saka apa sing bener. (Yoh. 8:44) Awaké dhéwé péngin terus manut karo ajarané Alkitab. Gusti Allah péngin awaké dhéwé ”sengit karo apa sing jahat” lan ”ngupaya tenanan nindakké apa sing apik”. Nèk kaya ngono, kuwi artiné awaké dhéwé niru Yésus.​—Rm. 12:9; Ibr. 1:9.

(3) YÉSUS DIPAKU ING CAGAK

Wong-wong ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias merga Yésus dipaku ing cagak. Apa Seksi Yéhuwah ya ngalami sing padha kaya Yésus? (Deloken paragraf 12) *

12. Kenapa cara matiné Yésus nggawé wong Yahudi ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias?

12 Apa manèh sing nggawé wong Yahudi ing jamané Yésus ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias? Paulus ngomong, ”Awaké dhéwé martakké soal Kristus sing wis dipatèni ing cagak. Kuwi angèl banget ditampa karo wong Yahudi.” (1 Kor. 1:23) Yésus dihukum mati lan dipaku ing cagak. Merga matiné Yésus kuwi kaya penjahat, wong Yahudi ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias.​—PT. 21:22, 23.

13. Wong Yahudi sing ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias ora gelem ngakoni soal apa?

13 Wong Yahudi sing ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias ora gelem ngakoni nèk sakjané Yésus ora salah lan dihukum mati merga tudhuhan palsu. Yésus diadili nganggo cara sing ora bener. Wektu kuwi, kabèh anggota Sanhèdrin cepet-cepet ngumpul lan ora manut hukum wektu ngadili Yésus. (Luk. 22:54; Yoh. 18:24) Wong-wong kuwi kuduné nduwé seksi utawa bukti sing nduduhké nèk Yésus pancèn salah. Ning, merga ora nduwé bukti apa-apa, wong-wong kuwi malah ’nggolèk seksi palsu bèn isa nudhuh lan ngukum mati Yésus’. Merga cara kuwi ora berhasil, imam agung ngupaya bèn Yésus kejebak omongané dhéwé. Kuwi kabèh bener-bener ora cocog karo hukum sing ana wektu kuwi. (Mat. 26:59; Mrk. 14:55-64) Terus, sakwisé Yésus wis diuripké manèh, wong-wong kuwi ”mènèhi dhuwit pérak sing akèh” marang para prajurit Romawi bèn para prajurit kuwi nyebarké berita palsu nèk mayaté Yésus wis dicolong.​—Mat. 28:11-15.

14. Kitab Suci ngramalké apa soal Mésias?

14 Kandhané Kitab Suci. Akèh wong Yahudi ing jamané Yésus mikir nèk Mésias kuduné ora dihukum mati. Ning, ana ramalan soal Mésias: ”Dhèwèké wis mènèhké nyawané lan dianggep wong jahat. Dhèwèké nyangga dosané wong akèh. Lan mbantu wong sing dosa.” (Yés. 53:12) Nèk nggatèkké ramalan kuwi, wong Yahudi kuduné ora nolak Yésus senajan Yésus dihukum mati kaya penjahat.

15. Akèh wong ora gelem ngrungokké Seksi Yéhuwah merga Seksi Yéhuwah ngalami apa?

15 Pandhangané wong-wong jaman saiki. Kaya sing dialami Yésus, Seksi-Seksi Yéhuwah ya difitnah nganggo tudhuhan palsu. Misalé, antara taun 1930 nganti 1950, ana akèh tudhuhan sing nggawé Seksi Yéhuwah ing Amerika Serikat ora isa bébas ngibadah. Mula, Seksi Yéhuwah ing kono kudu kerep ing pengadilan bèn isa bébas ngibadah manèh. Wektu kuwi, ana hakim-hakim sing terang-terangan sekongkol bèn Seksi Yéhuwah ora menang ing pengadilan. Pas taun-taun kuwi, gréja-gréja Katolik lan pamréntah ing Quebec, Kanada, ya sekongkol bèn Seksi Yéhuwah ora éntuk nginjil. Akibaté, akèh sedulur sing dipenjara merga ngandhani wong liya soal Kerajaané Gusti Allah. Ing Jerman, sedulur-sedulur sing isih enom akèh sing dihukum mati karo pamréntah Nazi. Terus, kèt taun 2017, pamréntah Rusia nganggep nèk ngrembug Alkitab kuwi kegiatan sing nglawan pamréntah. Mula, akèh sedulur-seduluré awaké dhéwé sing diputuské bersalah lan dipenjara. Malah, pamréntah Rusia ya nganggep nèk Kitab Suci Terjemahan Donya Anyar ing basa Rusia kuwi bacaan sing berbahaya merga nggunakké jenengé Yéhuwah. Dadi, sedulur-sedulur ing kono ora éntuk nduwé utawa mbagèkké Alkitab kuwi.

16. Kaya sing disebutké ing 1 Yohanes 4:1, kenapa awaké dhéwé aja nganti percaya karo omongan-omongan sing ora bener soal Seksi Yéhuwah?

16 Carané bèn ora ragu-ragu. Awaké dhéwé kudu nggolèk informasi sing bener. Wektu nyampèkké Ceramah ing Gunung, Yésus tau ngomong nèk murid-muridé bakal ’difitnah nganggo tudhuhan-tudhuhan palsu’. (Mat. 5:11) Tudhuhan-tudhuhan palsu kuwi asalé saka Sétan. Sétan mengaruhi wong-wong sing ora seneng karo awaké dhéwé bèn nyebarké fitnah soal umaté Yéhuwah. (Why. 12:9, 10) Mula, awaké dhéwé aja nganti percaya karo omongan-omongan sing ora bener kuwi. Awaké dhéwé ya kudu ngupaya bèn omongan-omongan kuwi ora nggawé awaké dhéwé dadi wedi nglayani Yéhuwah lan ora percaya manèh karo Yéhuwah.​—Wacanen 1 Yohanes 4:1.

(4) YÉSUS DIKHIANATI LAN DITINGGALKÉ

Wong-wong ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias merga Yésus dikhianati karo Yudas. Apa Seksi Yéhuwah ya ngalami sing padha kaya Yésus? (Deloken paragraf 17-18) *

17. Merga Yésus dikhianati lan ditinggalké, apa pengaruhé kanggo wong-wong sing ngerti soal kuwi?

17 Pas bengi sakdurungé mati, Yésus dikhianati karo salah siji rasulé. Terus, pas Yésus dicekel, kabèh rasulé mlayu ninggalké Yésus, lan ana siji rasul sing ngomong nganti ping telu nèk ora kenal karo Yésus. (Mat. 26:14-16, 47, 56, 75) Ning, Yésus ora nggumun. Yésus malah wis ngomong sakdurungé nèk kuwi bakal kelakon. (Yoh. 6:64; 13:21, 26, 38; 16:32) Wong-wong sing ngerti soal peristiwa kuwi mungkin ora gelem dadi muridé Yésus. Wong-wong kuwi mungkin mikir, ’Lha wong murid-muridé waé ninggalké dhèwèké. Lha terus, ngapa aku kudu dadi muridé?’

18. Ramalan-ramalan apa sing kelakon pas bengi sakdurungé Yésus mati?

18 Kandhané Kitab Suci. Atusan taun sakdurungé, Yéhuwah wis ngramalké ing Kitab Suci nèk wong-wong bakal mbayar 30 dhuwit pérak bèn Mésias isa dikhianati. (Za. 11:12, 13) Terus, ramalan liyané ngandhani nèk wong sing bakal ngianati Yésus kuwi kanca akrabé dhéwé. (Mzm. 41:9) Sakliyané kuwi, Nabi Zakharia kandha, ”Serangen gembala kuwi, lan bèn waé domba-dombané kocar-kacir.” (Za. 13:7) Kabèh ramalan kuwi kelakon persis kaya sing dialami Yésus. Dadi, kuduné wong-wong sing tulus ora nolak Yésus, ning malah tambah yakin nèk Yésus kuwi Mésias.

19. Wong-wong sing tulus wis ngerti soal apa?

19 Pandhangané wong-wong jaman saiki. Ana wong-wong sing mbiyèn dikenal karo akèh sedulur, ning saiki wis ora dadi Seksi Yéhuwah manèh. Wong-wong kuwi dadi wong murtad lan péngin mengaruhi sedulur-sedulur liya. Wong-wong kuwi nyebarké berita sing ora bener soal Seksi Yéhuwah liwat koran, radio, TV, lan Internèt. Ning, wong-wong sing tulus ora bakal percaya karo berita-berita sing ora bener kuwi. Wong-wong kuwi wis ngerti saka Alkitab nèk bakal ana wong-wong sing mengaruhi umaté Yéhuwah bèn ora nglayani Yéhuwah manèh.​—Mat. 24:24; 2 Ptr. 2:18-22.

20. Piyé carané bèn ora kepengaruh karo omongané wong murtad? (2 Timotius 4:4, 5)

20 Carané bèn ora ragu-ragu. Bèn nduwé iman sing kuwat, awaké dhéwé kudu sinau Alkitab sing teratur, terus ndonga, lan semangat nindakké tugas pelayanan. (Wacanen 2 Timotius 4:4, 5.) Nèk nduwé iman, awaké dhéwé ora bakal wedi utawa kuwatir wektu krungu berita sing ora bener soal Seksi Yéhuwah. (Yés. 28:16) Awaké dhéwé ya kudu sayang karo Yéhuwah, percaya karo Alkitab, lan sayang karo para sedulur. Hasilé, awaké dhéwé ora bakal kepengaruh karo omongané wong murtad.

21. Senajan akèh sing ora gelem ngrungokké kabar apik sing awaké dhéwé sampèkké, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

21 Pancèn pas jamané Yésus, akèh sing ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias. Senajan ngono, tetep ana wong-wong sing gelem dadi pengikuté Yésus, termasuk salah siji anggota Mahkamah Agung Yahudi. Sakliyané kuwi, Alkitab ya kandha nèk ana ”akèh imam” sing dadi wong sing percaya. (Kis. 6:7; Mat. 27:57-60; Mrk. 15:43) Saiki, ya ana akèh wong sing gelem dadi muridé Yésus. Wong-wong kuwi gelem dadi muridé Yésus merga wis ngerti apa sing bener lan percaya karo Alkitab. Kuwi bukti nèk kata-katané Alkitab iki pancèn bener, ”Wong sing seneng karo hukum-Mu ngrasa ayem banget. Ora ana sing isa nggawé wong kuwi kesandhung.”​—Mzm. 119:165.

LAGU 124 Tetep Setya

^ par. 5 Ing artikel sakdurungé, awaké dhéwé wis ngrembug papat alesan kenapa wong-wong ing jamané Yésus ora percaya nèk Yésus kuwi Mésias, lan kenapa akèh sing ora gelem ngrungokké kabar apik sing disampèkké Seksi Yéhuwah. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug papat alesan liyané. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug nèk wong sing sayang karo Yéhuwah ora bakal ragu-ragu lan bakal nduwé iman sing kuwat karo Yésus.

^ par. 60 GAMBAR: Yésus mangan karo Matius lan para petugas pajeg.

^ par. 62 GAMBAR: Yésus ngusir wong-wong sing dodolan ing bait.

^ par. 64 GAMBAR: Yésus dikon mikul cagak hukuman.

^ par. 66 GAMBAR: Yudas ngambung Yésus kanggo ngianati Yésus.