Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 21

Yéhuwah Bakal Nguwatké Njenengan

Yéhuwah Bakal Nguwatké Njenengan

”Wektu aku lemah, aku dadi kuwat.”​—2 KOR. 12:10.

LAGU 73 Tulungi Aku Bèn Kendel

ISINÉ ARTIKEL IKI *

1-2. Masalah apa waé sing diadhepi karo sedulur-sedulur?

RASUL PAULUS naséhati Timotius bèn terus nginjil lan nglayani Yéhuwah. (2 Tim. 4:5) Sakjané, naséhaté Paulus kuwi kanggo kabèh wong Kristen, termasuk awaké dhéwé. Dadi, awaké dhéwé ya kudu manut karo naséhaté Paulus kuwi. Ning, ana situasi-situasi sing isa nggawé sedulur-sedulur angèl nginjil. (2 Tim. 4:2) Misalé, bayangna sedulur-sedulur sing manggon ing dhaérah sing gawéan nginjilé dilarang karo pamréntah. Sedulur-sedulur kuwi isa waé dipenjara nèk konangan nginjil. Mula, bèn isa tetep nginjil, para sedulur kuwi kudu kendel.

2 Umaté Yéhuwah ngalami akèh masalah sing isa nggawé kurang semangat. Misalé, ana sing kudu kerja saben dina bèn isa nyukupi kebutuhan keluargané. Sedulur-sedulur kuwi sakjané péngin nggunakké luwih akèh wektu kanggo nginjil pas akhir pekan, ning ora isa merga wis kekeselen. Sing liyané, mungkin nginjilé ora isa akèh kaya sedulur-sedulur liyané merga lara parah, wis tuwa, utawa ora isa metu-metu saka omah. Sing liyané manèh mungkin kerep ngrasa ora berharga kanggo Yéhuwah. Kuwi sing dirasakké Sedulur Mary. * Dhèwèké kandha, ”Pas aku lagi cilik ati, aku ngupaya nglawan perasaan kuwi. Ning, kuwi malah nggawé aku dadi strès nganti ora isa nginjil. Nèk wis ngono, aku dadi saya ngrasa bersalah.”

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ora soal masalah apa sing lagi awaké dhéwé alami, Yéhuwah isa nguwatké bèn awaké dhéwé isa terus nglayani Dhèwèké. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug piyé carané Yéhuwah mbantu awaké dhéwé. Ning sakdurungé, ayo ngrembug dhisik piyé carané Yéhuwah mbantu Paulus lan Timotius bèn terus nglayani Yéhuwah senajan ngadhepi masalah.

YÉHUWAH NGUWATKÉ PAULUS LAN TIMOTIUS

4. Masalah apa waé sing dialami Paulus?

4 Paulus mesthiné butuh bantuané Yéhuwah merga ngalami akèh masalah. Misalé, dhèwèké tau digebugi, dibandhemi watu, lan dipenjara. (2 Kor. 11:23-25) Paulus ya ngakoni nèk dhèwèké nduwé kelemahan sing kadhang isa nggawé cilik ati. (Rm. 7:18, 19, 24) Sakliyané kuwi, Paulus nduwé ”eri ing njero daging”, sing maksudé mungkin masalah keséhatan. Masalah kuwi bener-bener nggawé Paulus sengsara nganti dhèwèké péngin bèn Gusti Allah nyingkirké kuwi.​—2 Kor. 12:7, 8.

Kenapa Paulus isa terus nglayani Yéhuwah? (Deloken paragraf 5-6) *

5. Apa buktiné nèk Paulus isa terus nglayani Yéhuwah senajan ngadhepi akèh masalah?

5 Yéhuwah mbantu wektu Paulus ngadhepi masalah. Hasilé, Paulus isa terus nglayani Yéhuwah. Contoné, pas dadi tahanan omah ing Roma, Paulus tetep semangat nyritakké imané marang para pemimpiné wong Yahudi lan mungkin ya marang para pejabat pamréntah. (Kis. 28:17; Flp. 4:21, 22) Paulus ya martakké kabar apik marang para Pengawal Kerajaan lan wong-wong sing ngunjungi dhèwèké. (Kis. 28:30, 31; Flp. 1:13) Terus, pas dadi tahanan kuwi, Paulus nulis surat sing isiné isa nguwatké kabèh wong Kristen nganti saiki. Sakliyané kuwi, merga Paulus tetep setya, sedulur-sedulur ing Roma dadi dikuwatké. Sedulur-sedulur kuwi ”dadi saya kendel martakké omongané Gusti Allah lan ora wedi”. (Flp. 1:14) Dadi, senajan ora isa lunga ing endi-endi, Paulus tetep ngupaya bèn isa nginjil, lan ”kuwi nggawé kabar apik saya nyebar ing endi-endi”.​—Flp. 1:12.

6. Nurut 2 Korintus 12:9, 10, apa sebabé Paulus isa terus nglayani Yéhuwah?

6 Paulus ngerti nèk dhèwèké isa terus nglayani Gusti Allah merga kekuwatan saka Yéhuwah, dudu kekuwatané dhéwé. Paulus kandha nèk wektu dhèwèké lemah, ’kuwasané [Gusti Allah] dadi kétok jelas’. (Wacanen 2 Korintus 12:9, 10.) Dadi, merga Yéhuwah mènèhi roh suciné, Paulus isa tetep nglayani Yéhuwah senajan dianiaya, dipenjara, lan ngalami masalah-masalah liyané.

Kenapa Timotius isa terus nglayani Yéhuwah? (Deloken paragraf 7) *

7. Masalah apa waé sing dialami Timotius?

7 Kanca nginjilé Paulus sing isih enom, yaiku Timotius, ya butuh bantuané Yéhuwah bèn isa terus nglayani Yéhuwah. Timotius tau ngancani Paulus pas perjalanan utusan injilé Paulus. Terus, Paulus ya ngongkon Timotius marani lan nguwatké sedulur-sedulur ing Korintus. (1 Kor. 4:17) Timotius mungkin ngrasa kurang trampil merga isih enom. Mungkin kuwi alesané kenapa Paulus kandha karo Timotius, ”Aja nganti ana sing ngrèmèhké kowé merga kowé isih enom.” (1 Tim. 4:12) Wektu kuwi, Timotius ya ”kerep lara”. (1 Tim. 5:23) Senajan ana masalah, Timotius ngerti nèk roh suciné Yéhuwah isa mènèhi kekuwatan bèn dhèwèké terus nglayani Yéhuwah lan nguwatké sedulur-sedulur.​—2 Tim. 1:7.

YÉHUWAH NGUWATKÉ AWAKÉ DHÉWÉ

8. Apa waé sing Yéhuwah wènèhké kanggo nguwatké awaké dhéwé?

8 Saiki, Yéhuwah ya mènèhi awaké dhéwé ”kekuwatan sing luar biasa” supaya isa terus nglayani Dhèwèké. (2 Kor. 4:7) Ana papat sing Yéhuwah wènèhké kanggo nguwatké awaké dhéwé, yaiku donga, Alkitab, sedulur-sedulur, lan gawéan nginjil. Ayo dirembug siji-siji.

Yéhuwah nguwatké awaké dhéwé liwat donga (Deloken paragraf 9)

9. Apa manfaaté nèk ndonga pas ngalami masalah?

9 Donga. Kaya sing disebutké ing Éfésus 6:18, Paulus naséhati awaké dhéwé supaya ndonga ”ing saben kesempatan”. Hasilé, Gusti Allah bakal nguwatké awaké dhéwé. Joni saka Bolivia ya ngrasakké bantuané Yéhuwah wektu ngalami akèh masalah. Wektu kuwi, Joni kudu ngrawat bojoné lan wong tuwané sing lagi lara parah. Akhiré, ibuné mati. Terus, bojoné lan bapaké ya ora mari-mari. Joni kandha, ”Pas aku ngrasa kuwatir banget, aku ndonga karo Yéhuwah lan nyritakké kabèh sing tak rasakké. Bar kuwi, biasané aku dadi luwih tenang.” Iki bukti nèk Yéhuwah mènèhi Joni kekuwatan. Pinituwa saka Bolivia sing jenengé Ronald ya tau ngalami masalah sing abot. Dokter kandha nèk ibuné Ronald kena kanker. Sesasi sakwisé kuwi, ibuné Ronald mati. Ronald kandha, ”Pas ndonga, aku nyritakké karo Yéhuwah kabèh sing tak rasakké. Aku ngerti nèk wong liya, utawa malah aku dhéwé, mungkin ora paham karo perasaanku. Ning, Yéhuwah ngerti tenan apa sing tak rasakké.” Kadhang pas ngalami masalah sing abot, awaké dhéwé isa waé ngrasa ora kuwat lan ora ngerti kudu ngomong apa pas ndonga. Senajan ngono, awaké dhéwé kudu tetep ndonga merga kuwi sing dipéngini Yéhuwah.​—Rm. 8:26, 27.

Yéhuwah nguwatké awaké dhéwé liwat Alkitab (Deloken paragraf 10)

10. Kaya sing disebutké ing Ibrani 4:12, kenapa maca lan ngrenungké Alkitab kuwi penting?

10 Alkitab. Kaya Paulus, awaké dhéwé ya isa sabar lan éntuk penghiburan nèk maca Alkitab. (Rm. 15:4) Nèk awaké dhéwé maca lan ngrenungké Alkitab saben dina, Yéhuwah bakal nggunakké roh suciné bèn awaké dhéwé isa paham ayat-ayat sing diwaca. Terus, Yéhuwah ya bakal mbantu bèn awaké dhéwé ngerti piyé carané ngetrapké ayat-ayat kuwi wektu ngadhepi masalah. (Wacanen Ibrani 4:12.) Ronald, sing disebutké mau, kandha, ”Aku bersyukur merga nduwé kebiasaan maca Alkitab saben bengi. Aku ngrenungké sipat-sipaté Yéhuwah, lan aku ngerti nèk Yéhuwah sayang lan gelem mbantu umaté. Iki bener-bener nguwatké aku.”

11. Critakna pengalamané sedulur wédok sing dikuwatké merga maca lan ngrenungké Alkitab.

11 Nèk maca lan ngrenungké Alkitab, awaké dhéwé ora bakal nduwé pikiran-pikiran sing èlèk wektu ngalami masalah. Gatèkna pengalamané sedulur wédok sing ditinggal mati bojoné. Merga sedulur wédok kuwi sedhih banget, ana pinituwa sing nyaranké dhèwèké maca lan ngrenungké kisahé Ayub. Pas maca kisahé Ayub, sedulur wédok kuwi langsung nyalahké Ayub lan mikir, ’Ayub, Ayub. Kowé ki kok mung mikirké masalahmu thok, ta?’ Ning suwé-suwé, sedulur wédok kuwi sadhar nèk sakjané sikapé mèh padha karo Ayub. Merga maca lan ngrenungké kisahé Ayub, sedulur wédok kuwi dadi isa mikirké soal Yéhuwah lan harapan ing masa depan. Hasilé, dhèwèké isa ngrasa dikuwatké lan ora terus-terusan sedhih.

Yéhuwah nguwatké awaké dhéwé liwat sedulur-sedulur (Deloken paragraf 12)

12. Piyé carané Yéhuwah nguwatké awaké dhéwé liwat sedulur-sedulur?

12 Sedulur-sedulur. Yéhuwah ya mènèhi sedulur-sedulur ing jemaat kanggo nguwatké awaké dhéwé. Paulus ngomong nèk dhèwèké péngin banget ketemu karo sedulur-sedulur bèn isa ”padha-padha nguwatké”. (Rm. 1:11, 12) Mary, sing mau disebutké, seneng merga isa bergaul karo sedulur-sedulur. Dhèwèké ngomong, ”Yéhuwah nguwatké aku liwat sedulur-sedulur. Padahal, ana sedulur-sedulur sing ora ngerti sing lagi tak adhepi. Aku seneng merga sedulur-sedulur kuwi ngejak aku omong-omongan utawa ngirim pesan bèn isa nguwatké aku. Aku ya seneng crita-crita karo sedulur-sedulur wédok sing nduwé masalah sing padha kaya aku. Aku éntuk akèh manfaat saka pengalamané sedulur-sedulur kuwi. Terus, para pinituwa ya nduduhké nèk sedulur-sedulur ing jemaat sayang karo aku. Iki bener-bener nguwatké aku.”

13. Piyé carané bèn awaké dhéwé lan sedulur-sedulur isa padha-padha nguwatké pas teka ing perhimpunan?

13 Awaké dhéwé lan sedulur-sedulur isa padha-padha nguwatké pas teka ing perhimpunan. Piyé carané? Misalé, awaké dhéwé isa ngomong nèk sayang karo sedulur-sedulur kuwi. Awaké dhéwé ya isa ngucapké maturnuwun karo sedulur-sedulur merga wis ngupaya bèn isa terus nglayani Yéhuwah. Gatèkna pengalamané pinituwa sing jenengé Peter. Ing jemaaté, ana sedulur wédok sing bojoné dudu Seksi Yéhuwah lan nduwé anak enem. Sakdurungé berhimpun, Peter ngomong karo sedulur wédok kuwi, ”Wah, njenengan ki rajin banget lho. Nèk pas berhimpun, kabèh anaké njenengan mesthi dijak. Terus, njenengan ya mbantu anak-anaké njenengan bèn isa mèlu koméntar. Njenengan kuwi dadi conto sing apik kanggo aku lan sedulur-sedulur.” Merga terharu, sedulur wédok kuwi nganti mèh nangis lan ngomong karo Peter, ”Aku sakjané dina iki lagi kurang semangat. Ning, omongané njenengan kuwi bener-bener nguwatké aku.”

Yéhuwah nguwatké awaké dhéwé liwat gawéan nginjil (Deloken paragraf 14)

14. Apa manfaaté nèk awaké dhéwé nginjil?

14 Gawéan nginjil. Ora soal piyé tanggepané wong liya, awaké dhéwé mesthi seneng nèk nginjil. (WB. 11:25) Gatèkna pengalamané Sedulur Stacey. Dhèwèké terus ngrasa bersalah merga keluargané ana sing ditokké saka jemaat. Stacey mikir nèk kuduné dhèwèké isa mbantu bèn keluargané kuwi ora ditokké saka jemaat. Ning, merga nginjil, Stacey akhiré ora terus-terusan mikirké masalahé lan luwih fokus mbantu wong-wong bèn isa kenal karo Yéhuwah. Stacey kandha, ”Wektu kuwi, ana siji sing sinau Alkitab karo aku sing langsung ngetrapké sing wis dipelajari. Iki nggawé aku dadi luwih semangat. Aku ngrasa nèk iki carané Yéhuwah nguwatké aku. Nginjil kuwi bener-bener mbantu aku bèn ora sedhih manèh.”

15. Saka omongané Mary, awaké dhéwé isa ngerti soal apa?

15 Mungkin, ana sedulur-sedulur sing ngrasa cilik ati merga nginjilé mung isa sedhéla utawa merga ora trampil kaya sedulur-sedulur liyané. Nèk kuwi sing njenengan rasakké, njenengan ora perlu sedhih. Yéhuwah seneng merga njenengan wis ngupaya sak isa-isané. Gatèkna pengalamané Mary, sing disebutké mau. Sakwisé pindhah ing dhaérah sing nggunakké basa liya, Mary mung isa mènèhi koméntar sing singkat utawa mung maca ayat pas berhimpun. Terus pas nginjil, Mary ya mung isa mènèhi selebaran. Kuwi kelakon nganti pirang-pirang sasi. Akibaté, Mary dadi sedhih merga durung lancar basané kaya sedulur-sedulur liyané. Ning, pandhangané Mary akhiré isa berubah. Mary dadi ngerti nèk sakjané Yéhuwah tetep isa nggunakké dhèwèké kanggo mbantu wong-wong kenal Yéhuwah, senajan durung lancar basané. Mary kandha, ”Wong-wong isa ngerti wulangané Alkitab kuwi dudu merga aku pinter ngomong, ning merga wulangané Alkitab gampang dipahami. Kuwi sing nggawé wong-wong dadi luwih apik lan isa urip saklawasé.”

16. Piyé carané bèn njenengan tetep semangat senajan ora isa mèlu nginjil ing omah-omah?

16 Mungkin njenengan ora isa mèlu nginjil ing omah-omah merga lara utawa wis tuwa. Nèk ngono, njenengan ora perlu sedhih, merga Yéhuwah ngerti apa sing njenengan alami. Yéhuwah isa mbantu njenengan bèn isa nginjil marang dokter utawa wong-wong sing ngrawat njenengan. Nèk njenengan mbandhingké karo pas njenengan isih enom utawa pas isih séhat, ya njenengan isa sedhih. Ning, nèk mikirké carané Yéhuwah mbantu njenengan saiki, njenengan isa dadi luwih semangat lan tetep bahagia senajan lagi ngalami masalah.

17. Nurut Pengkhotbah 11:6, kenapa awaké dhéwé kudu terus semangat nginjil?

17 Awaké dhéwé ora ngerti sapa sing akhiré bakal nampa kabar apik sing awaké dhéwé sampèkké. (Wacanen Pengkhotbah 11:6.) Mula, awaké dhéwé kudu terus semangat nginjil. Gatèkna pengalamané Barbara sing umuré 80-an. Barbara kerep nginjil liwat télépon utawa liwat surat. Ing salah siji suraté, Barbara mènèhi majalah Menara Pengawal 1 Maret 2014. Ing majalah kuwi, ana artikel sing judhulé ”Apa yang Allah Beri untuk Anda”. Barbara ora ngerti nèk jebulé sing nampa suraté kuwi suami istri sing wis luwih saka 27 taun ditokké saka jemaat. Suami istri kuwi bola bali maca majalahé, lan sing lanang ngrasa nèk Yéhuwah lagi ngomong langsung karo dhèwèké. Suami istri kuwi mulai berhimpun lan akhiré dadi Seksi Yéhuwah manèh. Barbara seneng banget lan ngrasa dikuwatké merga isa mbantu wong liya liwat suraté.

Yéhuwah nguwatké awaké dhéwé liwat (1) donga, (2) Alkitab, (3) sedulur-sedulur, lan (4) gawéan nginjil (Deloken paragraf 9, 10, 12, 14)

18. Piyé carané bèn éntuk kekuwatan saka Yéhuwah?

18 Yéhuwah wis nggunakké akèh cara bèn isa nguwatké awaké dhéwé. Dadi, nèk awaké dhéwé ndonga, maca Alkitab, bergaul karo para sedulur, lan nginjil, kuwi nduduhké nèk awaké dhéwé percaya lan gelem dibantu karo Yéhuwah. Mula, ayo terus ngendelké Yéhuwah, Bapaké awaké dhéwé, sing péngin ”nduduhké kekuwatané marang wong-wong sing ngabdi saktulusé ati”.​—2 Bb. 16:9.

LAGU 61 Para Seksiné Yah Kudu Wani

^ par. 5 Saiki kuwi jaman sing susah. Ning, Yéhuwah mbantu bèn awaké dhéwé isa terus nglayani Dhèwèké. Ana papat sing Yéhuwah wènèhké kanggo nguwatké awaké dhéwé. Awaké dhéwé bakal ngrembug kuwi siji-siji. Ning sakdurungé, awaké dhéwé bakal ngrembug dhisik piyé carané Yéhuwah mbantu Paulus lan Timotius bèn terus nglayani Yéhuwah senajan ngadhepi masalah.

^ par. 2 Dudu jeneng asliné.

^ par. 53 GAMBAR: Pas dadi tahanan omah ing Roma, Paulus nulis surat kanggo jemaat-jemaat lan nginjil marang wong-wong sing ngunjungi dhèwèké.

^ par. 55 GAMBAR: Timotius ngunjungi lan nguwatké sedulur-sedulur.