Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 19

Naséhat ing Buku Wahyu kanggo Awaké Dhéwé Saiki

Naséhat ing Buku Wahyu kanggo Awaké Dhéwé Saiki

”Wong sing macakké ramalan iki nganggo swara banter . . . kuwi wong sing bahagia.”​—WHY. 1:3.

LAGU 15 Muji Anaké Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1-2. Kenapa awaké dhéwé péngin nggatèkké sing ditulis ing buku Wahyu?

 MUNGKIN, njenengan tau ndelok-ndelok album fotoné kancané njenengan. Ing kono, mungkin akèh fotoné wong-wong sing ora njenengan kenal. Terus, njenengan ndelok ana siji foto wong sing lagi kumpul-kumpul lan ing kono ana njenengan. Pas nggatèkké foto kuwi mungkin njenengan bakal ngéling-éling kuwi fotoné pas kapan lan ing endi. Terus, mungkin njenengan bakal ngematké tenanan sapa waé sing ana ing foto kuwi. Njenengan mesthi seneng ndeloki foto kuwi.

2 Kaya awaké dhéwé seneng ndeloki foto mau, awaké dhéwé mesthi ya seneng nggatèkké apa sing ditulis ing buku Wahyu. Kenapa? Paling ora ana loro alesané. Sing pertama, merga buku Wahyu ditulis dudu kanggo wong-wong umumé, tapi kanggo umaté Gusti Allah. Ing Wahyu 1:1 disebutké, ”Iki sing disingkapké Yésus Kristus. Yésus nampa iki saka Gusti Allah kanggo nduduhké marang budhak-budhaké Gusti Allah apa sing sedhéla manèh mesthi bakal kelakon.” Dadi, kabèh sing ditulis ing buku Wahyu ana hubungané karo awaké dhéwé merga awaké dhéwé bakal ngalami apa sing ditulis ing buku kuwi.

3-4. Ramalan ing buku Wahyu mulai kelakon kapan, lan awaké dhéwé kudu piyé?

3 Alesan sing keloro dicathet ing Wahyu 1:10. Ing ayat kuwi Rasul Yohanes ngomong, ”Roh suci nggawé aku isa ndelok sing bakal kelakon pas dinané Gusti.” Dadi nurut Rasul Yohanes, ramalan-ramalan sing dicathet ing buku Wahyu bakal kelakon ing ”dinané Gusti”. Mémang pas Yohanes nulis kata-katané kuwi ing taun 96 M, ”dinané Gusti” durung mulai. (Mat. 25:14, 19; Luk. 19:12) Tapi nurut Alkitab, dinané Gusti mulai kèt taun 1914 pas Yésus dilantik dadi Raja ing swarga. Kèt kuwi, ramalan ing buku Wahyu mulai kelakon. Merga saiki isih termasuk dinané Gusti, mula awaké dhéwé ya bakal ngalami apa sing diramalké ing buku Wahyu.

4 Terus, awaké dhéwé kudu piyé? Coba gatèkna naséhat sing dicathet ing Wahyu 1:3. Ing kono disebutké, ”Wong sing macakké ramalan iki nganggo swara banter, sing ngrungokké, lan sing manut karo apa sing ditulis ing njeroné, kuwi wong sing bahagia merga wektu sing ditentokké wis cedhak.” Dadi, awaké dhéwé kudu maca ”nganggo swara banter”, ”ngrungokké”, lan ”manut karo apa sing ditulis” ing buku Wahyu. Ayat-ayat endi waé sing perlu digatèkké?

BÈN IBADAHÉ NYENENGKÉ YÉHUWAH

5. Apa buktiné nèk Yésus péngin ibadahé awaké dhéwé isa terus nyenengké Gusti Allah?

5 Saka Wahyu bab siji, awaké dhéwé ngerti nèk Yésus ndelok kabèh sing kelakon ing antarané umaté Yéhuwah. (Why. 1:12-16, 20; 2:1) Kuwi sebabé, Yésus mènèhi naséhat sing jelas kanggo pitu jemaat ing Asia Kecil bèn ibadahé nyenengké Gusti Allah. Tapi, naséhaté Yésus ora mung kanggo wong Kristen wektu kuwi thok, ning ya kanggo awaké dhéwé saiki. Yésus kuwi pemimpin sing perduli karo awaké dhéwé. Dhèwèké ngerti awaké dhéwé cedhak karo Yéhuwah apa ora. Merga perduli, Yésus péngin mbantu lan ngandhani carané bèn awaké dhéwé isa terus nyenengké Yéhuwah. Naséhaté Yésus sing endi sing perlu digatèkké?

6. (a) Kaya sing disebutké ing Wahyu 2:3, 4, apa sing kudu diupayakké sedulur-sedulur ing Éfésus? (b) Piyé carané awaké dhéwé isa ngetrapké naséhaté Yésus kuwi?

6 Wacanen Wahyu 2:3, 4Kudu terus nresnani Yéhuwah. Saka kata-katané Yésus kanggo jemaat ing Éfésus, awaké dhéwé isa ngerti nèk sedulur-sedulur ing kono wis terus setya nglayani Yéhuwah meskipun ngalami akèh kesusahan. Tapi, Yésus ngomong nèk katresnané sedulur-sedulur kuwi wis ora kaya mbiyèn manèh. Mula bèn isa nyenengké Yéhuwah, sedulur-sedulur kuwi kudu ngupaya bèn katresnané isa kaya mbiyèn manèh. Awaké dhéwé ya kaya ngono. Mémang, apik nèk nganti saiki awaké dhéwé isih setya nglayani Yéhuwah. Tapi, alesané awaké dhéwé nglayani kuwi ya penting kanggo Yéhuwah. Yéhuwah bakal seneng nèk awaké dhéwé nglayani merga sayang lan bersyukur karo Yéhuwah.​—WB. 16:2; Mrk. 12:29, 30.

7. Kaya sing disebutké ing Wahyu 3:1-3, kenapa Yésus mènèhi naséhat kanggo jemaat ing Sardis, lan apa pelajarané kanggo awaké dhéwé?

7 Wacanen Wahyu 3:1-3. Kudu terus jaga-jaga lan tetep waspada. Jemaat ing Sardis masalahé béda manèh. Sedulur-sedulur ing kono mbiyèn nglayani Yéhuwah, ning saiki akèh sing ora. Mula, Yésus ngandhani wong-wong kuwi bèn ”tangi”, maksudé nglayani Yéhuwah manèh. Apa pelajarané kanggo awaké dhéwé? Nèk mbiyèn awaké dhéwé wis kerja keras nglayani Yéhuwah, Yéhuwah ora bakal lali karo kerja kerasé awaké dhéwé. (Ibr. 6:10) Tapi, aja ngrasa nèk kuwi wis cukup. Awaké dhéwé kudu terus ”sibuk nindakké akèh gawéan kanggo nglayani Gusti”. Kuwi bukti nèk awaké dhéwé terus jaga-jaga lan tetep waspada.​—1 Kor. 15:58; Mat. 24:13; Mrk. 13:33.

8. Apa sing isa dipelajari saka naséhaté Yésus kanggo jemaat ing Laodikia? (Wahyu 3:15-17)

8 Wacanen Wahyu 3:15-17. Kudu semangat lan saktulusé ati nglayani Yéhuwah. Lha nèk jemaat ing Laodikia masalahé apa? Yésus ngomong nèk sedulur-sedulur ing kono ora semangat nglayani Yéhuwah, kaya ”banyu sing ora adhem ning ya ora panas”. Kuwi sebabé, Yésus kandha nèk wong-wong kuwi ”sengsara” lan ”mesakké”. Mula, wong-wong kuwi kudu semangat manèh lan saktulusé ati nglayani Yéhuwah. (Why. 3:19) Apa pelajarané kanggo awaké dhéwé? Nèk saiki lagi ora semangat nglayani Yéhuwah, awaké dhéwé isa mikirké apa waé berkah-berkahé Yéhuwah kanggo awaké dhéwé. (Why. 3:18) Terus, awaké dhéwé ya isa ngrenungké kabèh sing wis disedhiakké organisasiné Yéhuwah. Aja nganti awaké dhéwé dadi ora ngutamakké Yéhuwah merga péngin nggolèk dhuwit sing akèh utawa urip nyaman.

9. Kaya naséhaté Yésus kanggo wong Kristen ing Pèrgamus lan Tiatira, awaké dhéwé kudu ngati-ati karo apa?

9 Aja ngrungokké ajarané wong murtad. Yésus mènèhi naséhat sing tegas kanggo sedulur-sedulur ing Pèrgamus merga sedulur-sedulur ing kono manut karo ajaran-ajaran sing palsu. (Why. 2:14-16) Ora kaya sedulur-sedulur ing Pèrgamus, sedulur-sedulur ing Tiatira dipuji merga ora mèlu-mèlu ”ajaran palsu saka Sétan”. Tapi, sedulur-sedulur ing Tiatira ya dikandhani bèn ”terus nindakké” apa sing bener. (Why. 2:24-26) Dadi, nèk ana sedulur-sedulur ing Pèrgamus lan Tiatira sing mèlu-mèlu ajaran sing palsu, sedulur-sedulur kuwi ya kudu ndang mertobat. Nèk awaké dhéwé saiki piyé? Awaké dhéwé mesthi ora gelem ngrungokké ajaran sing ora sesuai karo pathokané Yéhuwah. Wong-wong sing murtad ”kétoké ngibadah marang Gusti Allah”, ning sakjané ”tumindaké ora sesuai karo ibadahé”. (2 Tim. 3:5) Bèn ora kepengaruh ajaran sing palsu saka wong murtad, awaké dhéwé kudu rajin sinau Alkitab.​—2 Tim. 3:14-17; Yud. 3, 4.

10. Apa manèh sing isa dipelajari saka naséhaté Yésus kanggo wong Kristen ing Pèrgamus lan Tiatira?

10 Kudu manut pathokané Yéhuwah soal sèks. Ana masalah liya ing jemaat Pèrgamus lan Tiatira. Ing kono, ana wong-wong sing nindakké hubungan sèks sing ora pantes, lan Yésus ora seneng karo wong-wong kuwi. (Why. 2:14, 20) Apa pelajarané kanggo awaké dhéwé? Meskipun wis suwé nglayani Yéhuwah utawa nduwé tugas-tugas tambahan ing organisasi, tapi Yéhuwah tetep ora seneng nèk awaké dhéwé nglanggar pathokané Yéhuwah soal sèks. (1 Sam. 15:22; 1 Ptr. 2:16) Yéhuwah péngin pikiran lan tingkah lakuné awaké dhéwé tetep resik, meskipun wong-wong ing donya iki moralé tambah bejat.—Éf. 6:11-13.

11. Apa waé sing kudu diupayakké bèn ibadahé awaké dhéwé nyenengké Yéhuwah? (Deloken kothak ” Bèn Ibadahé Nyenengké Yéhuwah”.)

11 Apa kesimpulané? Awaké dhéwé kudu terus ngupaya bèn ibadahé awaké dhéwé nyenengké Yéhuwah. Nèk mungkin ana sing ora sesuai karo kepénginané Yéhuwah, awaké dhéwé kudu cepet-cepet berubah. (Why. 2:5, 16; 3:3, 16) Tapi, sakliyané sing wis disebutké mau, Yésus mènèhi naséhat penting liyané. Apa kuwi?

KUDU SIAP DIANIAYA

Apa buktiné Sétan nyerang umaté Gusti Allah sakwisé diuncalké ing bumi? (Deloken paragraf 12-16)

12. Apa sing isa dipelajari saka naséhaté Yésus kanggo sedulur-sedulur ing Smirna lan Filadèlfia? (Wahyu 2:10)

12 Saiki, ayo nggatèkké naséhaté Yésus kanggo jemaat ing Smirna lan Filadèlfia. Yésus ngandhani bèn sedulur-sedulur ing kono aja wedi karo kesengsaraan sing bakal dialami. Terus, Yésus ya ngomong nèk wong-wong kuwi setya, mengko bakal diberkahi. (Wacanen Wahyu 2:10; 3:10) Nèk awaké dhéwé piyé? Awaké dhéwé ya kudu siap nèk dianiaya. Terus nèk kuwi kelakon, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn isa tetep setya. (Mat. 24:9, 13; 2 Kor. 12:10) Kenapa naséhat kuwi penting kanggo awaké dhéwé?

13-14. Merga Sétan diuncalké ing bumi, apa pengaruhé kanggo umaté Gusti Allah?

13 Ing buku Wahyu disebutké nèk umaté Gusti Allah bakal dianiaya ing ”dinané Gusti”. Kaya sing wis disebutké mau, dinané Gusti isih kelakon nganti saiki. Tapi, apa sing kelakon pas dinané Gusti nganti umaté Gusti Allah dianiaya? Wahyu bab 12 nyebutké nèk ana perang ing swarga sakwisé Kerajaané Gusti Allah mréntah. Mikhaèl, yaiku Yésus sing wis munggah swarga, lan para malaékaté perang nglawan Sétan lan para malaékaté sing jahat. (Why. 12:7, 8) Merga kalah, Sétan lan para malaékaté sing jahat diuncalké ing bumi. (Why. 12:9, 12) Akibaté, manungsa ing bumi dadi sengsara. Terus, apa pengaruhé kuwi kanggo umaté Gusti Allah?

14 Ing buku Wahyu disebutké nèk Sétan nesu banget merga dhèwèké ora isa lunga ing swarga manèh. Dadi, dhèwèké nyerang wong-wong sing dipilih munggah swarga sing isih ana ing bumi. Wong-wong kuwi dadi wakilé Kerajaané Gusti Allah lan ”éntuk tugas kanggo mènèhi kesaksian soal Yésus”. (Why. 12:17; 2 Kor. 5:20; Éf. 6:19, 20) Terus, Sétan nyerangé piyé?

15. ”Seksi loro” sing disebutké ing Wahyu bab 11 nggambarké sapa, lan wong-wong kuwi diapakké?

15 Ing Wahyu bab 11, wong-wong sing dipilih munggah swarga sing mimpin gawéan nginjil digambarké kaya ”seksi loro” sing diutus Gusti Allah. Ing kono ya disebutké nèk Sétan nggunakké mungsuh-mungsuhé Gusti Allah kanggo nyerang seksi loro mau. b (Why. 11:3, 7-11) Piyé ramalan kuwi kelakon? Pas taun 1918, wolu sedulur sing mimpin organisasi ditudhuh mbrontak nglawan pamréntah, diputuské bersalah, lan akhiré dipenjara nganti suwé. Kuwi sebabé, akèh sing mikir nèk wong-wong kuwi ora bakal isa nginjil manèh, seolah-olah kaya wong sing ”dipatèni”.

16. Apa sing kelakon sasi Maret 1919, lan bar kuwi apa Sétan isih nganiaya umaté Gusti Allah?

16 Tapi, ing Wahyu bab 11 ya disebutké nèk ”seksi loro” mau bakal diuripké manèh ora suwé sakwisé dipatèni. Piyé ramalan kuwi kelakon? Ora nganti setaun sakwisé dipenjara, yaiku ing sasi Maret 1919, wolu sedulur mau dibébaské lan tudhuhané dicabut. Bar kuwi, wolu sedulur mau langsung ngarahké umaté Yéhuwah bèn nginjil manèh. Terus Sétan piyé? Ing Wahyu 12:15 disebutké nèk dhèwèké ”nyemburké banyu sing akèh banget kaya kali” kanggo umaté Gusti Allah. Kuwi maksudé Sétan terus nganiaya umaté Gusti Allah nganti saiki. Kuwi sebabé, awaké dhéwé kudu ”setya lan nduwé iman”.​—Why. 13:10.

TUGAS SING PENTING KANGGO UMATÉ YÉHUWAH

17. Umaté Yéhuwah éntuk bantuan sing ora disangka-sangka saka endi?

17 Wahyu bab 12 nduduhké nèk umaté Gusti Allah bakal éntuk bantuan sing ora disangka-sangka. Ing ayat 16 disebutké nèk ’bumi ngeleg kali sing disemburké naga mau’. (Why. 12:16) Apa maksudé ramalan kuwi? Meskipun dadi bagéan saka donyané Sétan, kadhang ana pamréntahan sing nggawé aturan sing menguntungkan kanggo umaté Yéhuwah. Hasilé, umaté Yéhuwah isa kerep menang ing pengadilan lan isa bébas ngibadah utawa nginjil. Merga ora dilarang karo pamréntah, umaté Yéhuwah nggunakké kesempatan kuwi kanggo ngrampungké gawéan nginjil. (1 Kor. 16:9) Apa waé sing kudu disampèkké umaté Yéhuwah?

Umaté Yéhuwah nduwé tugas penting apa waé? (Deloken paragraf 18-19)

18. Apa sing kudu diumumké umaté Yéhuwah?

18 Yésus ngomong nèk umaté Yéhuwah bakal ngumumké ”kabar apik soal [Kerajaané Gusti Allah]” ing kabèh wilayah ing bumi sakdurungé akhir kuwi teka. (Mat. 24:14) Tapi, umaté Yéhuwah ora dhèwèkan. Ing Wahyu 14:6 disebutké nèk para malaékat ”ngumumké kabar apik sing bakal ana nganti saklawasé marang kabèh wong ing bumi, kabèh suku, golongan, basa, lan bangsa”. Dadi, para malaékat ndhukung gawéan nginjil.

19. Sakliyané kabar apik, apa manèh sing kudu diumumké karo umaté Yéhuwah?

19 Tapi, tugasé umaté Yéhuwah ora mung ngumumké kabar apik thok. Ing Wahyu bab 8 nganti bab 10, dicritakké nèk ana malaékat-malaékat sing ngumumké nèk wong-wong sing ora gelem ndhukung Kerajaané Gusti Allah bakal ngalami cilaka. Nah, umaté Yéhuwah kudu ndhukung gawéané para malaékat kuwi. Mula, Seksi Yéhuwah ya ngandhani wong-wong nèk donyané Sétan sing jahat bakal dihukum. Berita kuwi digambarké kaya ”udan ès lan geni”. (Why. 8:7, 13) Merga wektuné wis mèh entèk, wong-wong kudu dikandhani bèn gelem berubah lan akhiré isa dislametké. (Zéf. 2:2, 3) Mémang, wong-wong sing dikandhani isa waé malah nesu. Mula, awaké dhéwé kudu kendel. Apa manèh pas sengsara gedhé, berita sing awaké dhéwé sampèkké bakal nggawé wong-wong tambah ora seneng.​—Why. 16:21.

MANUT KARO APA SING DITULIS ING BUKU WAHYU

20. Apa sing bakal dirembug ing loro artikel berikuté?

20 Merga ramalan ing buku Wahyu kelakoné ing jaman saiki, mula awaké dhéwé kudu manut karo ”apa sing ditulis” ing buku Wahyu. (Why. 1:3) Ing loro artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug ayat-ayat liyané saka buku Wahyu. Saka kono, awaké dhéwé bakal ngerti apa sing bakal dialami karo mungsuhé Gusti Allah lan berkah apa sing bakal awaké dhéwé tampa nèk tetep setya. Kuwi isa nguwatké tékadé awaké dhéwé bèn tetep setya wektu dianiaya lan tetep kendel wektu nginjil.

LAGU 32 Mèlua Yéhuwah

a Ana akèh ramalan sing dicathet ing buku Wahyu sing wis kelakon jaman saiki. Tapi, apa hubungané karo awaké dhéwé? Ing artikel iki lan loro artikel berikuté, awaké dhéwé bakal ngrembug beberapa ayat ing buku Wahyu. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti apa sing dipénginké Yéhuwah. Nèk manut, awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah.

b Deloken ”Pertanyaan Pembaca” ing Menara Pengawal, 15 November 2014, halaman 30.