Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 22

Naséhat sing Apik sing Isa Nggawé Bahagia

Naséhat sing Apik sing Isa Nggawé Bahagia

”Yéhuwah sing mènèhi kawicaksanan.”​—WB. 2:6.

LAGU 89 Manut karo Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Kenapa awaké dhéwé kudu nduwé kawicaksanan sing asalé saka Gusti Allah? (Wulang Bebasan 4:7)

 SAKDURUNGÉ nggawé keputusan, biasané awaké dhéwé bakal ndonga njaluk kawicaksanan. (Yak. 1:5) Raja Salomo tau kandha, ”Kawicaksanan kuwi sing paling penting.” (Wacanen Wulang Bebasan 4:7.) Sing dimaksud Raja Salomo kuwi kawicaksanan sing asalé saka Gusti Allah, dudu saka manungsa. (WB. 2:6) Tapi, apa hasilé apik nèk awaké dhéwé nduwé kawicaksanan saka Gusti Allah? Ya, kuwi malah isa mbantu awaké dhéwé ngatasi masalah. Ayo ngrembug soal kuwi.

2. Piyé carané bèn isa dadi wong sing wicaksana?

2 Ing Alkitab disebutké nèk ana wong-wong sing wicaksana. Misalé Salomo. Ing 1 Para Raja 4:29 disebutké nèk ’Gusti Allah terus mènèhi Salomo kawicaksanan [lan] pengetahuan sing akèh banget’. Conto liyané yaiku Yésus. Yésus kuwi wong sing paling wicaksana. (Mat. 12:42) Ing Alkitab ya disebutké nèk Yésus ”bakal nampa roh suciné Yéhuwah. Kuwi sebabé [Yésus] bakal dadi wicaksana [lan] nduwé pemahaman sing apik.” (Yés. 11:2) Mula bèn isa dadi wong sing wicaksana, awaké dhéwé kudu gelem ngetrapké naséhaté Salomo lan Yésus.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Merga wicaksana, Salomo karo Yésus isa mènèhi naséhat sing apik kanggo awaké dhéwé. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug naséhaté Salomo karo Yésus bèn awaké dhéwé ora ngutamakké harta lan gawéan lan ora dadi sombong utawa ngrasa rendah diri.

AJA NGUTAMAKKÉ HARTA

4. Apa bédané Salomo karo Yésus?

4 Salomo kuwi sugih banget, terus omahé ya apik lan nyaman. (1 Raj. 10:7, 14, 15) Nah, nèk Yésus ora kaya ngono. Yésus kuwi ora sugih lan ora nduwé omah. (Mat. 8:20) Ning merga wicaksana, wong loro kuwi nduwé pandhangan sing bener soal harta. Kawicaksanané wong loro kuwi asalé saka Gusti Allah.

5. Piyé pandhangané Salomo soal harta?

5 Pancèn, Salomo tau ngomong nèk dhuwit kuwi isa ”nglindhungi”. (Pkh. 7:12) Nèk nduwé dhuwit, awaké dhéwé isa nyukupi kebutuhan saben dina lan tuku barang-barang sing dipénginké. Ning meskipun sugih banget, Salomo ya ngerti nèk ana sing luwih penting timbang nduwé harta sing akèh. Salomo tau kandha, ”Mendhing nduwé réputasi [utawa, ”jeneng”, ctn.] sing apik timbang nduwé harta sing akèh.” (WB. 22:1) Salomo ya nggatèkké nèk wong sing ngutamakké harta biasané ora bahagia. (Pkh. 5:10, 12) Terus, harta sing diduwèni kuwi ya isa cepet entèk. Kuwi sebabé, Salomo mènèhi naséhat bèn awaké dhéwé aja ngutamakké harta.​—WB. 23:4, 5.

Awaké dhéwé luwih ngutamakké sing endi, harta utawa Kerajaané Gusti Allah? (Deloken paragraf 6-7) d

6. Piyé pandhangané Yésus soal harta? (Matius 6:31-33)

6 Yésus nduwé pandhangan sing bener soal harta. (Luk. 19:2, 6, 7) Misalé, pas diundang mangan ing omahé wong sugih, Yésus gelem teka. Yésus ya tau nggawé mukjijat ngubah banyu dadi anggur sing apik. (Yoh. 2:10, 11) Terus, Yésus ya nduwé klambi njero sing kualitasé apik. (Yoh. 19:23, 24) Meskipun ngono, Yésus ngerti nèk harta kuwi dudu sing paling penting. Dhèwèké ngandhani murid-muridé, ”Ora ana sing isa dadi budhak kanggo majikan loro. . . . Kowé ora isa dadi budhaké Gusti Allah lan ya dadi budhaké Harta.” (Mat. 6:24) Terus, Yésus ya kandha nèk awaké dhéwé ngutamakké Kerajaané Gusti Allah, Yéhuwah mesthi bakal nyukupi kebutuhané awaké dhéwé.​—Wacanen Matius 6:31-33.

7. Critakna pengalamané Sedulur Daniel sing milih ngutamakké Yéhuwah.

7 Saiki, ana akèh sedulur sing ngrasakké manfaaté merga ora ngutamakké harta. Gatèkna pengalamané Sedulur Daniel. Dhèwèké crita ngéné, ”Kèt isih remaja, aku péngin ngutamakké Yéhuwah.” Merga Daniel fokus nglayani Yéhuwah, dhèwèké isa kerja ing Bètel lan mbantu sedulur-sedulur sing kena bencana alam. Terus dhèwèké ngomong, ”Aku ora menyesal wis milih nglayani Yéhuwah. Mémang nèk fokus nggolèk dhuwit, aku isa sugih. Tapi merga luwih akèh nglayani Yéhuwah, aku dadi nduwé sahabat-sahabat sing apik. Terus, aku ya bahagia banget merga wis ngutamakké Yéhuwah. Rasa bahagia iki luwih berharga timbang nduwé dhuwit sing akèh.” Dadi saka pengalamané Daniel, awaké dhéwé isa ngerti nèk wong isa luwih bahagia nèk ngutamakké Yéhuwah, dudu harta.

AJA NGUTAMAKKÉ GAWÉAN

8. Apa buktiné nèk Salomo nduwé pandhangan sing bener soal kerja keras? (Pengkhotbah 5:18, 19)

8 Salomo ngomong nèk wong sing kerja keras bakal bahagia. Salomo nyebut kuwi ”hadiah saka Gusti Allah”. (Wacanen Pengkhotbah 5:18, 19.) Dhèwèké ya tau kandha, ”Kabèh kerja keras kuwi ana manfaaté.” (WB. 14:23) Salomo dhéwé ya ngrasakké nèk kuwi bener. Dhèwèké bahagia merga isa mbangun kutha-kutha kanggo nyimpen hartané, mbangun omah sing apik, nggawé kebon anggur, kolam, lan taman. (1 Raj. 9:19; Pkh. 2:4-6) Tapi Salomo ya ngerti bèn isa bener-bener bahagia, dhèwèké kudu kerja keras kanggo Yéhuwah. Mulané nganti pitung taun, dhèwèké mbangun bait kanggo Yéhuwah. (1 Raj. 6:38; 9:1) Dadi, Salomo ngerti nèk dhèwèké isa bener-bener bahagia nèk kerja keras lan ngutamakké Yéhuwah. Mulané dhèwèké ngomong, ”Sakwisé ngrungokké kabèh mau, iki kesimpulané: Wedia karo Gusti Allah sing bener lan manuta karo préntahé.”​—Pkh. 12:13.

9. Piyé pandhangané Yésus soal nyambut gawé?

9 Yésus kuwi seneng nyambut gawé. Kèt isih enom, dhèwèké dadi tukang kayu. (Mrk. 6:3) Yusuf karo Maria mesthi ya seneng merga Yésus isa mbantu nyukupi kebutuhan keluarga. Terus merga Yésus kuwi sampurna, hasil gawéané mesthi ya apik banget. Yésus mungkin ya menikmati gawéané. Meskipun ngono, dhèwèké tetep nyedhiakké wektu kanggo nglayani Yéhuwah. (Yoh. 7:15) Terus pas Yésus wis mulai pelayanané, dhèwèké ngandhani murid-muridé, ”Aja nyambut gawé kanggo panganan sing isa bosok, ning nyambut gawéa kanggo panganan sing ora bakal bosok lan isa mènèhi urip saklawasé.” (Yoh. 6:27) Sakliyané kuwi, pas ceramah ing gunung, Yésus ya kandha, ”Klumpukna harta ing swarga.”​—Mat. 6:20.

Piyé carané bèn awaké dhéwé ora terlalu ngutamakké gawéan? (Deloken paragraf 10-11) e

10. Merga péngin nduduhké nèk Seksi Yéhuwah kuwi rajin, isa waé awaké dhéwé piyé, tapi kenapa kuwi klèru?

10 Mémang, ing Alkitab disebutké nèk awaké dhéwé kudu ”nyambut gawé sing tenanan lan nindakké apa sing apik”. (Éf. 4:28) Nèk awaké dhéwé jujur lan rajin, majikané awaké dhéwé mesthi seneng. Saking rajiné, mungkin awaké dhéwé malah nganti lembur-lembur. Awaké dhéwé mungkin kaya ngono mung merga péngin nduduhké nèk Seksi Yéhuwah kuwi wongé rajin-rajin. Tapi nèk ngono, isa waé awaké dhéwé malah ora nduwé wektu kanggo keluarga utawa kanggo ngibadah. Nèk ngetrapké naséhat ing Alkitab, awaké dhéwé mesthi ora bakal ngorbanké sing luwih penting demi gawéan.

11. Apa sing isa dipelajari Sedulur William saka sedulur lanang sing tau dadi bosé?

11 Sedulur William nyritakké soal sedulur lanang sing tau dadi bosé. Dhèwèké nggatèkké nèk sedulur kuwi ora terlalu ngutamakké gawéan. Terus, sedulur kuwi ya nglayani dadi pinituwa. William crita ngéné, ”Dhèwèké dadi conto sing apik kanggo aku. Dhèwèké seneng nyambut gawé. Terus merga wongé ramah lan apikan, akèh wong ya seneng bisnis karo dhèwèké. Tapi, sedulur kuwi ya ora terus-terusan kerja. Dhèwèké isa mbagi wektu kanggo nyambut gawé, kanggo keluargané, lan kanggo ngibadah. Menurutku, kuwi sing nggawé dhèwèké bener-bener bahagia.” b

AJA SOMBONG UTAWA NGRASA RENDAH DIRI

12. Awalé Salomo kuwi wongé piyé, tapi akhiré dhèwèké piyé?

12 Salomo kuwi mbiyèn setya karo Yéhuwah. Dhèwèké ya ngerti nèk nduwé kelemahan lan butuh bantuané Yéhuwah. (1 Raj. 3:7-9) Pas awal-awal dadi raja, Salomo ya ngerti apa akibaté nèk dadi sombong. Dhèwèké mènèhi naséhat nèk ”wong sing sombong bakal kena bencana, lan wong sing angkuh bakal hancur”. (WB. 16:18) Ning sayangé, Salomo malah ora ngetrapké naséhaté dhéwé. Dhèwèké akhiré nglanggar hukumé Yéhuwah. Misalé, ing hukumé Yéhuwah disebutké nèk raja ing Israèl ’ora éntuk nduwé bojo akèh bèn ora ninggalké Gusti Allah’. (PT. 17:17) Tapi, Salomo malah nduwé bojo 700 lan selir 300. Bojo-bojoné kuwi akèh sing ora nyembah Yéhuwah. (1 Raj. 11:1-3) Mungkin Salomo ngrasa nèk dhèwèké tetep isa setya karo Yéhuwah, meskipun bojo-bojoné nyembah brahala. Tapi tetep waé, Salomo ngrasakké akibaté merga ora manut karo Yéhuwah.​—1 Raj. 11:9-13.

13. Apa sing isa dipelajari saka contoné Yésus?

13 Yésus ora sombong lan ora ngrasa luwih unggul timbang wong liya. Ing Alkitab disebutké nèk ”kabèh diciptakké liwat [Yésus], embuh kuwi sing ana ing swarga lan ing bumi”. (Kol. 1:16) Kuwi kelakon sakdurungé Yésus teka ing bumi. Terus pas dibaptis, Yésus mungkin kèlingan karo kabèh sing wis dialami pas dhèwèké isih ana ing swarga bareng karo Yéhuwah. (Mat. 3:16; Yoh. 17:5) Meskipun ngono, Yésus ora sombong. Dhèwèké ora ngrasa luwih unggul timbang wong liya. Yésus kandha karo murid-muridé nèk tujuané teka ing bumi kuwi kanggo ”nglayani lan masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh”. (Mat. 20:28) Yésus ya kandha nèk dhèwèké ora isa nindakké apa-apa nurut karepé dhéwé. (Yoh. 5:19) Merga rendah hati, Yésus isa dadi conto sing apik kanggo awaké dhéwé.

14. Saka omongané Yésus, apa buktiné nèk awaké dhéwé kuwi berharga kanggo Yéhuwah?

14 Yésus ya ngajari murid-muridé bèn aja ngrasa rendah diri. Yésus tau ngomong, ”Bapakmu ngerti jumlahé rambut ing sirahmu.” (Mat. 10:30) Omongané Yésus kuwi mesthi isa nguwatké, khususé pas awaké dhéwé ngrasa ora berharga utawa rendah diri. Yéhuwah perduli banget karo awaké dhéwé. Yéhuwah nganggep awaké dhéwé kuwi berharga. Yéhuwah ya péngin awaké dhéwé terus dadi umaté bèn sukmbèn isa urip saklawasé.

Apa akibaté nèk awaké dhéwé mung mikirké kepentingané dhéwé? (Deloken paragraf 15) f

15. (a) Naséhat apa sing tau disebutké ing salah siji artikel Menara Pengawal? (b) Kaya gambar kanggo paragraf 15, apa akibaté nèk awaké dhéwé mung mikirké kepentingané dhéwé?

15 Ing majalah Menara Pengawal tau disebutké ngéné, ”Aja ngrasa luwih unggul timbang wong liya. Nèk kaya ngono, awaké dhéwé isa dadi sombong. Tapi, ya aja ngrasa rendah diri. Awaké dhéwé kudu nduwé pandhangan sing bener soal kelebihan lan kekurangané awaké dhéwé. Ana sedulur wédok sing tau kandha ngéné, ’Aku kuwi dudu wong jahat, tapi aku ya ora apik-apik banget. Aku nduwé sipat-sipat sing apik, ning ya ana sipat-sipatku sing èlèk. Wong-wong liyané ya kaya ngono.’” c Kuwi sebabé, awaké dhéwé aja ngrasa luwih unggul timbang wong liya lan aja ngrasa rendah diri.

16. Kenapa Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé naséhat ing Alkitab?

16 Yéhuwah kuwi sayang karo awaké dhéwé lan péngin awaké dhéwé bahagia. Mulané, Yéhuwah mènèhi awaké dhéwé naséhat ing Alkitab. (Yés. 48:17, 18) Awaké dhéwé isa bener-bener bahagia nèk terus ngutamakké Yéhuwah. Hasilé mesthi apik nèk awaké dhéwé ora ngutamakké harta lan gawéan lan ora sombong utawa ngrasa rendah diri. Muga-muga awaké dhéwé terus ngetrapké naséhaté Yéhuwah ing Alkitab lan nyenengké Yéhuwah.​—WB. 23:15.

LAGU 94 Maturnuwun kanggo Kitab Suci

a Yésus karo Salomo kuwi wong sing wicaksana banget. Yéhuwah sing mènèhi kawicaksanan kanggo wong loro kuwi. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug naséhat saka Yésus lan Salomo. Saka kono, awaké dhéwé isa ngerti nèk aja ngutamakké harta utawa gawéan lan aja sombong utawa ngrasa rendah diri. Awaké dhéwé ya bakal ngrembug pengalamané sedulur-sedulur sing bahagia merga ngetrapké naséhat ing Alkitab.

b Deloken artikel ”Cara Menikmati Kerja Keras” ing Menara Pengawal 1 Februari 2015.

c Deloken artikel ”Alkitab Dapat Membantu Saudara Menemukan Sukacita” ing Menara Pengawal 1 Agustus 2005.

d GAMBAR: John karo Tom kuwi sak jemaat. John luwih seneng ngrawat mobilé, tapi Tom ora kaya ngono. Tom seneng njemput sedulur-sedulur teka ing pertemuan ibadah lan nginjil nganggo mobilé.

e GAMBAR: John lagi kerja lembur. Dhèwèké ora péngin nggawé bosé kecéwa. Dadi, nèk bosé ngongkon lembur, dhèwèké gelem-gelem waé. Ing gambar sebelahé, Tom sing nglayani dadi abdiné jemaat, ngancani pinituwa kunjungan penggembalaan. Tom wis njelaské karo bosé nèk dhèwèké ora isa lembur ing dina-dina tertentu merga kanggo ngibadah.

f GAMBAR: John mung mikirké kepentingané dhéwé, tapi Tom luwih ngutamakké Yéhuwah. Mulané, dhèwèké nduwé akèh kanca lan isa mbantu ndandani Balai Pertemuan duwèké organisasi.