Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 20

Ramalan ing Buku Wahyu soal Mungsuh-mungsuhé Gusti Allah

Ramalan ing Buku Wahyu soal Mungsuh-mungsuhé Gusti Allah

”Raja-raja kuwi diklumpukké ing panggonan sing ing basa Ibrani disebut Armagédon.”​—WHY. 16:16.

LAGU 150 Bèn Dislametké Yéhuwah

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Nurut buku Wahyu umaté Yéhuwah bakal ngalami apa?

 ING buku Wahyu disebutké nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah ing swarga. Terus, Sétan diusir saka swarga lan diuncalké ing bumi. (Why. 12:1-9) Hasilé, swarga dadi damai. Tapi, awaké dhéwé dadi cilaka merga Sétan nesu lan nyerang umaté Yéhuwah sing ana ing bumi.​—Why. 12:12, 15, 17.

2. Apa salah siji cara bèn isa tetep setya karo Yéhuwah?

2 Piyé carané awaké dhéwé isa tetep setya wektu Sétan nyerang awaké dhéwé? (Why. 13:10) Salah sijiné, awaké dhéwé kudu ngerti apa sing bakal kelakon ing masa depan. Misalé, Rasul Yohanes tau nyebutké ing buku Wahyu nèk umaté Yéhuwah bakal nampa akèh berkah. Salah siji berkahé yaiku mungsuh-mungsuhé Gusti Allah bakal disingkirké. Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug ayat-ayat ing buku Wahyu sing nduduhké sapa waé mungsuh-mungsuhé Gusti Allah. Terus, awaké dhéwé bakal ngerti apa sing bakal dialami karo mungsuh-mungsuhé Gusti Allah kuwi.

MUNGSUH-MUNGSUHÉ GUSTI ALLAH DIGAMBARKÉ NGANGGO ”LAMBANG-LAMBANG”

3. Ing buku Wahyu, mungsuh-mungsuhé Yéhuwah digambarké kaya apa?

3 Kaya sing disebutké ing Wahyu 1:1, ana akèh lambang-lambang sing digunakké ing buku Wahyu. Kuwi sebabé, mungsuh-mungsuhé Gusti Allah ya digambarké nganggo ”lambang-lambang”. Misalé, sing pertama ana kéwan buas sing metu saka laut. Kéwan kuwi ”sunguné sepuluh” lan ”endhasé pitu”. (Why. 13:1) Terus, ”ana kéwan buas liyané sing metu saka njero bumi”. Omongané kéwan buas sing keloro kuwi kaya naga, lan dhèwèké isa nggawé ”geni mudhun saka langit”. (Why. 13:11-13) Terus, kéwan buas sing ketelu ”warnané abang mbranang” lan ana pelacur sing lungguh ing ndhuwuré. Telu kéwan buas kuwi wis kèt mbiyèn dadi mungsuhé Yéhuwah lan Kerajaané Gusti Allah. Mula, awaké dhéwé kudu ngerti kéwan-kéwan buas kuwi sakjané nggambarké sapa.​—Why. 17:1, 3.

KÉWAN RAKSASA PAPAT

Kéwan raksasa papat kuwi ”metu saka laut”. (Dan. 7:1-8, 15-17) Kéwan raksasa papat kuwi nggambarké pamréntahan-pamréntahan sing paling kuwat sing mulai ana kèt jamané Danièl. Akèh umaté Yéhuwah sing manggon ing dhaérah kekuasaané pamréntahan kuwi, utawa pamréntahan kuwi nganiaya umaté Yéhuwah.(Deloken paragraf 4, 7)

4-5. Nèk mbandhingké Danièl 7:15-17, kok isa awaké dhéwé ngerti nèk kéwan buas sing disebutké ing buku Wahyu nggambarké pamréntahan-pamréntahan sing ana ing bumi?

4 Sakjané, akèh lambang ing buku Wahyu sing wis dijelaské artiné ing buku-buku liyané ing Alkitab. Dadi, bèn isa ngerti kéwan-kéwan buas kuwi sakjané nggambarké sapa, awaké dhéwé isa mbandhingké karo ayat-ayat liyané ing Alkitab. Misalé, Nabi Danièl tau éntuk wahyu soal ”kéwan raksasa papat sing metu saka laut”. (Dan. 7:1-3) Ing Danièl 7:15-17, Danièl dikandhani nèk kéwan raksasa papat kuwi nggambarké ”raja” papat utawa papat pamréntahan. (Wacanen.) Nèk mbandhingké karo ayat-ayat kuwi, awaké dhéwé isa ngerti nèk kéwan buas sing disebutké ing buku Wahyu mesthi nggambarké pamréntahan-pamréntahan sing ana ing bumi.

5 Ing buku Wahyu, ana katrangan-katrangan sing terperinci soal kéwan-kéwan buas sing dadi mungsuhé Gusti Allah kuwi. Awaké dhéwé bakal ngrembug katrangan-katrangan kuwi bèn isa ngerti kéwan-kéwan buas mau nggambarké pamréntahan sing endi. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sing bakal dialami kéwan-kéwan buas kuwi lan apa pengaruhé kuwi kanggo awaké dhéwé.

PAMRÉNTAHAN-PAMRÉNTAHAN SING DADI MUNGSUHÉ GUSTI ALLAH

KÉWAN BUAS SING ENDHASÉ PITU

Kéwan buas kuwi ”metu saka laut”. Kéwan kuwi sunguné sepuluh, endhasé pitu, lan ing saben sunguné ana mahkotané. (Why. 13:1-4) Kéwan buas kuwi nggambarké kabèh pamréntahan sing nguwasani manungsa kèt mbiyèn nganti saiki. Endhas pitu kuwi nggambarké pitu pamréntahan sing paling kuwat. Akèh umaté Yéhuwah sing manggon ing dhaérah kekuasaané pamréntahan kuwi, utawa pamréntahan kuwi nganiaya umaté Yéhuwah. (Deloken paragraf 6-8)

6. Kéwan buas sing digambarké ing Wahyu 13:1-4 nggambarké sapa?

6 Kéwan buas sing endhasé pitu kuwi nggambarké sapa? Ing Wahyu 13:1-4, kéwan buas kuwi digambarké kaya macan tutul, sikilé kaya sikil beruang, lan cangkemé kaya cangkem singa. Terus, kéwan buas kuwi ya nduwé sungu sepuluh. (Wacanen.) Ciri-ciri kuwi mèh padha karo ciri-ciriné papat kéwan sing disebutké ing Danièl 7. Tapi ing buku Wahyu, kabèh ciri-ciri kuwi digabungké ing siji kéwan buas. Dadi, kéwan buas kuwi ora mung nggambarké siji pamréntahan thok. Ing buku Wahyu disebutké nèk kéwan buas kuwi ”nguwasani saben suku, golongan, basa, lan bangsa”. Kuwi berarti dhaérah kekuasaané ora terbatas ing siji wilayah thok. (Why. 13:7) Saka katrangan-katrangan iki, awaké dhéwé isa nyimpulké nèk kéwan buas kuwi mesthi nggambarké kabèh pamréntahan sing nguwasani manungsa kèt mbiyèn nganti saiki. bPkh. 8:9.

7. Endhas pitu kuwi nggambarké sapa?

7 Endhas pitu nggambarké sapa? Awaké dhéwé isa ngerti jawabané nèk mbandhingké karo Wahyu 17 sing nyebutké soal patungé kéwan buas kuwi. Ing Wahyu 17:10 dijelaské nèk endhas pitu kuwi maksudé ”raja pitu”. Ing kono ya disebutké nèk ”lima wis ambruk, siji isih ana, lan siji manèh durung teka. Ning, nèk kuwi wis teka, kuwi anané mung sedhéla thok”. Saka kabèh pamréntahan sing ana ing donyané Sétan kèt mbiyèn nganti saiki, ana pitu pamréntahan sing paling kuwat. Mula, pitu pamréntahan kuwi isa dipadhakké kaya ”endhas”. Akèh umaté Yéhuwah sing manggon ing dhaérah kekuasaané pamréntahan-pamréntahan kuwi, utawa pamréntahan-pamréntahan kuwi nganiaya umaté Yéhuwah. Wektu jamané Yohanes, wis ana lima sing tau dadi pamréntahan sing paling kuwat, yaiku Mesir, Asiria, Babilon, Média-Pèrsia, lan Yunani. Wektu Yohanes nampa wahyu iki, Roma dadi pamréntahan sing paling kuwat sing keenem. Terus, sing kepitu sapa?

8. Endhas kepitu kuwi nggambarké sapa?

8 Selama ”dinané Gusti” sing isih kelakon nganti saiki, pamréntahan endi sing paling kuwat? (Why. 1:10) Saiki, ana loro negara sing kerjasama lan dadi pamréntahan sing paling kuwat, yaiku Inggris lan Amerika. Dadi, endhas kepitu saka kéwan buas sing disebutké ing Wahyu 13:1-4 kuwi nggambarké Inggris lan Amerika. Bèn luwih yakin, awaké dhéwé isa mbandhingké kuwi karo ramalan ing buku Danièl.

KÉWAN BUAS SING SUNGUNÉ LORO

Kéwan buas kuwi ”metu saka njero bumi” lan omongané ”kaya naga”. Kéwan buas kuwi ”isa nggawé geni mudhun saka langit” lan isa nggawé akèh mukjijat. Kéwan buas kuwi ya disebut ”nabi palsu”. (Why. 13:11-15; 16:13; 19:20) Inggris lan Amerika digambarké kaya kéwan buas sing sunguné loro lan disebut nabi palsu merga nyesatké wong-wong lan ngongkon wong-wong ”nggawé patungé kéwan buas” sing endhasé pitu lan sunguné sepuluh. (Deloken paragraf 9)

9. ”Kéwan buas sing sunguné loro” kuwi nggambarké sapa?

9 Ing Wahyu 13, Inggris karo Amerika ya digambarké kaya ”kéwan buas sing sunguné loro”. Kéwan buas kuwi sunguné ”kaya sunguné anak domba” lan ’omongané kaya naga’. Kéwan buas kuwi ya ”nggawé akèh mukjijat sing nggawé manungsa dadi nggumun. Malah, kéwan buas kuwi ya isa nggawé geni mudhun saka langit”. (Why. 13:11-15) Ing Wahyu 16 lan 19, kéwan buas kuwi disebut ”nabi palsu”. (Why. 16:13; 19:20) Ing buku Danièl ya ana katrangan sing mèh padha. Ing kono disebutké nèk bakal ana raja sing jahat sing nggambarké Inggris karo Amerika sing bakal ”bener-bener ngancurké apa waé”. (Dan. 8:19, 23, 24.) Ramalan kuwi kelakon pas Perang Donya II. Para ilmuwan saka Inggris lan Amerika kerjasama nggawé loro bom atom, lan Perang Donya II rampung sakwisé bom atom kuwi diledakké. Merga ngancurké mungsuhé nganggo bom atom, Inggris karo Amerika seolah-olah isa nggawé ”geni mudhun saka langit”.

KÉWAN BUAS SING WERNANÉ ABANG MBRANANG

Ana pelacur, yaiku Babilon Gedhé, sing lungguh ing ndhuwuré kéwan buas kuwi. Kéwan buas kuwi dadi raja sing kewolu. (Why. 17:3-6, 8, 11) Awalé, pelacur kuwi nguwasani kéwan buas kuwi. Tapi akhiré, kéwan buas kuwi nyerang lan matèni pelacur kuwi. Pelacur kuwi nggambarké kabèh agama palsu sing ana ing donya. Kéwan buas kuwi nggambarké Perserikatan Bangsa-Bangsa sing dibentuk bèn donya damai lan aman. (Deloken paragraf 10, 14-17)

10. ”Patungé kéwan buas sing pertama” kuwi nggambarké sapa? (Wahyu 13:14, 15; 17:3, 8, 11)

10 Saiki, ayo ngrembug kéwan buas sing ketelu. Kéwan buas iki mèh padha karo kéwan buas sing endhasé pitu, tapi wernané abang mbranang. Kéwan buas kuwi sakjané padha karo ”patungé kéwan buas sing pertama” sing disebutké ing Wahyu 13, lan ing Wahyu 17 disebutké nèk kéwan buas kuwi dadi ”raja sing kewolu”. c (Wacanen Wahyu 13:14, 15; 17:3, 8, 11.) Yohanes dikandhani nèk ”raja” kuwi mbiyèn ana, saiki ora ana, ning bakal ana manèh. Kuwi cocog kanggo nggambarké Perserikatan Bangsa-Bangsa sing dibentuk bèn donya tetep damai lan aman. Awalé, kuwi disebut Liga Bangsa-Bangsa. Tapi pas Perang Donya II, Liga Bangsa-Bangsa seolah-olah ora ana merga ora isa nyegah negara-negara sing perang. Bar kuwi, organisasi sing padha dibentuk manèh tapi dijenengi Perserikatan Bangsa-Bangsa.

11. Kéwan-kéwan buas bakal ngapa, lan kenapa awaké dhéwé ora perlu wedi?

11 Rasul Yohanes ngomong nèk kéwan-kéwan buas kuwi bakal nglumpukké ”raja-raja ing bumi” pas ”dinané Gusti Allah sing Mahakuwasa”, yaiku pas Armagédon. (Why. 16:13, 14, 16) Kuwi berarti kéwan-kéwan buas bakal mempengaruhi wong-wong bèn nglawan Yéhuwah lan umaté. Tapi, awaké dhéwé ora perlu wedi. Yéhuwah, Gusti Allahé awaké dhéwé sing kuwat, bakal langsung bertindak kanggo nylametké wong-wong sing ndhukung Kerajaané.​—Yèh. 38:21-23.

12. Apa sing bakal dialami kéwan-kéwan buas kuwi?

12 Apa sing bakal dialami kéwan-kéwan buas kuwi? Wahyu 19:20 nyebutké, ”Kéwan buas kuwi dicekel bareng karo nabi palsu sing nduduhké mukjijat ing ngarepé kéwan buas kuwi. Nabi kuwi nyesatké wong-wong sing nampa tandha saka kéwan buas kuwi lan wong-wong sing nyembah patungé. Terus, kéwan buas lan nabi palsu sing isih urip kuwi dicemplungké menyang danau geni. Danau kuwi murub terus merga belérang.” Dadi, kabèh pamréntahan sing dadi mungsuh-mungsuhé Gusti Allah kuwi malah bakal dihancurké wektu isih mréntah.

13. Kenapa setya karo Yéhuwah kuwi ora gampang?

13 Apa pengaruhé kanggo awaké dhéwé? Merga dadi pengikuté Yésus, awaké dhéwé kudu setya karo Yéhuwah lan ndhukung Kerajaané Gusti Allah. (Yoh. 18:36) Dadi, awaké dhéwé ora éntuk mèlu-mèlu urusan politik. Kuwi mémang angèl merga para pemimpin péngin awaké dhéwé ndhukung pamréntahané lan manut karo aturan-aturané. Wong-wong sing gelem ndhukung pamréntahané manungsa digambarké kaya wong sing nampa tandha saka kéwan buas kuwi. (Why. 13:16, 17) Tapi, Yéhuwah ora seneng karo wong-wong sing nampa tandha kuwi lan ora bakal mènèhi urip saklawasé. (Why. 14:9, 10; 20:4) Dadi, meskipun dipeksa utawa isa waé ngalami masalah merga ora gelem ndhukung pamréntahané manungsa, awaké dhéwé mesthi tetep ora péngin mèlu-mèlu urusané politik.

PELACUR GEDHÉ DIPATÈNI

14. Rasul Yohanes nggumun pas ndelok apa? (Wahyu 17:3-5)

14 Rasul Yohanes ya ndelok ana ”pelacur gedhé” sing lungguh ing ndhuwuré kéwan buas sing wernané abang mbranang. Pas ndelok kuwi, Yohanes ”nggumun banget”. (Why. 17:1, 2, 6) Pelacur kuwi jenengé ”Babilon Gedhé”, lan dhèwèké ”hubungan sèks sing ora pantes” karo ”raja-raja ing bumi”.​—Wacanen Wahyu 17:3-5.

15-16. ”Babilon Gedhé” kuwi sapa, lan awaké dhéwé isa ngerti saka endi?

15 ”Babilon Gedhé” kuwi sapa? Mau wis disebutké nèk pelacur kuwi lungguh ndhuwuré kéwan buas. Kuwi berarti dhèwèké péngin nguwasani para pemimpin. (Why. 18:9) Dadi, pelacur kuwi ora mungkin nggambarké organisasi politik. Pelacur kuwi ya ora isa nggambarké sistem perdagangan ing donyané Sétan merga kuwi digambarké kaya ”para pedagang ing bumi”.​—Why. 18:11, 15, 16.

16 Ing Alkitab, istilah ”pelacur” kadhang digunakké kanggo nggambarké wong-wong sing ora setya karo Yéhuwah utawa sing akrab karo wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah. (1 Bb. 5:25; Yak. 4:4) Tapi, nèk wong-wong sing setya karo Yéhuwah bakal disebut ”suci” lan digambarké kaya ”prawan”. (2 Kor. 11:2; Why. 14:4) Mbiyèn, kutha Babilon kuwi dadi pusaté agama palsu. Mula, Babilon Gedhé cocog nggambarké kabèh agama palsu sak donya.​—Why. 17:5, 18; deloken artikel ”Apa Babilon Besar Itu?” ing jw.org.

17. Apa sing bakal dialami karo Babilon Gedhé?

17 Apa sing bakal dialami karo Babilon Gedhé? Wahyu 17:16, 17 nyebutké, ”Sungu sepuluh sing mbok delok lan kéwan buas kuwi bakal sengit karo pelacur kuwi, ngrampas kabèh duwèké, nggawé dhèwèké wuda, mangan dagingé, lan ngobong dhèwèké nganti entèk. Kuwi kelakon merga Gusti Allah mènèhi kepénginan ing atiné raja sepuluh kuwi bèn nindakké karepé Gusti Allah.” Liwat kéwan buas sing wernané abang mbranang, yaiku Perserikatan Bangsa-Bangsa, Yéhuwah bakal nggawé raja-raja ing bumi nyingkirké kabèh agama palsu.​—Why. 18:21-24.

18. Piyé carané awaké dhéwé nduduhké nèk ora ndhukung Babilon Gedhé?

18 Apa pengaruhé kanggo awaké dhéwé? Ibadahé awaké dhéwé kudu ”suci lan ora najis” kaya sing dipénginké Gusti Allah. (Yak. 1:27) Awaké dhéwé ora péngin kepengaruh karo ajaran agama palsu lan kabèh sing ana hubungané karo ilmu gaib. Awaké dhéwé ya ora péngin mèlu-mèlu ngrayakké hari-hari raya sing ora sesuai karo Alkitab. Terus, awaké dhéwé kudu ngupaya bèn tingkah lakuné tetep apik. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé péngin mbantu wong-wong ’metu’ saka Babilon Gedhé bèn wong-wong kuwi isa slamet.​—Why. 18:4.

HUKUMAN KANGGO MUNGSUH UTAMANÉ GUSTI ALLAH

NAGA SING WERNANÉ ABANG MBRANANG

Sétan mènèhi kuwasa marang kéwan buas sing endhasé pitu. (Why. 12:3, 9, 13; 13:4; 20:2, 10) Sétan, mungsuh utamané Yéhuwah, bakal diuncalké ing jurang sing jero banget selama 1.000 taun. Bar kuwi, Sétan bakal diuncalké ing ”danau geni lan belérang”. (Deloken paragraf 19-20)

19. ”Naga gedhé wernané abang mbranang” kuwi sakjané sapa?

19 Ing buku Wahyu ya nyebutké nèk ”ana naga gedhé wernané abang mbranang”. (Why. 12:3) Naga kuwi perang nglawan Yésus lan malaékat-malaékaté. (Why. 12:7-9) Naga kuwi ya nyerang umaté Gusti Allah. Terus, naga kuwi mènèhi kuwasa karo kéwan buas sing nggambarké pamréntahan-pamréntahan sing ana ing bumi. (Why. 12:17; 13:4) Sakjané naga kuwi sapa? Dhèwèké kuwi ”ula sing pertama, sing disebut Iblis lan Sétan”. (Why. 12:9; 20:2) Sétan sing ngendhalèni kabèh mungsuhé Gusti Allah.

20. Apa sing bakal dialami karo naga kuwi?

20 Apa sing bakal dialami karo naga kuwi? Wahyu 20:1-3 nyebutké nèk ana malaékat sing nguncalké Sétan ing jurang sing jero banget. Kaya wong sing lagi dipenjara, Sétan ”ora isa nyesatké manèh bangsa-bangsa nganti 1.000 taun kuwi rampung”. Sakwisé kuwi, Sétan lan malaékat-malaékaté bakal diuncalké ing ”danau geni lan belérang”. (Why. 20:10) Kuwi artiné Sétan bakal disingkirké saklawasé. Bayangna mengko pas Sétan ora ana manèh. Kuwi mesthi nyenengké banget.

21. Kenapa awaké dhéwé isa seneng lan dadi luwih semangat sakwisé ngrembug artikel iki?

21 Sakwisé ngrembug artikel iki, awaké dhéwé dadi ngerti sapa mungsuh-mungsuhé Gusti Allah. Awaké dhéwé ya ngerti nèk kabèh mungsuhé Gusti Allah bakal disingkirké. Iki sesuai karo Wahyu 1:3. Ing kono disebutké nèk ’wong sing macakké ramalan iki nganggo swara banter [lan] sing ngrungokké kuwi wong sing bahagia’. Terus, apa berkah sing bakal ditampa karo wong-wong sing setya karo Gusti Allah? Kuwi bakal dirembug ing artikel berikuté.

LAGU 23 Kerajaané Yéhuwah Wis Mréntah

a Ing buku Wahyu disebutké soal mungsuh-mungsuhé Gusti Allah, lan kuwi digambarké nganggo lambang-lambang. Bèn isa ngerti sapa sakjané mungsuh-mungsuhé Gusti Allah kuwi, awaké dhéwé bakal mbandhingké ramalan ing buku Wahyu sing mèh padha karo ramalan ing buku Danièl. Saka kono, awaké dhéwé bakal ngerti apa sing bakal dialami karo mungsuh-mungsuhé Gusti Allah.

b Kéwan buas sing endhasé pitu kuwi ”sunguné sepuluh”. Ing Alkitab, angka sepuluh biasané digunakké kanggo nggambarké sesuatu sing lengkap. Iki dadi bukti liyané nèk kéwan buas kuwi nggambarké kabèh pamréntahan sing nguwasani manungsa.

c Ora kaya kéwan buas sing endhasé pitu, patungé kéwan buas kuwi ing saben sunguné ora ana ”mahkotané”. (Why. 13:1) Iki merga patungé kéwan buas mau ”asalé saka raja pitu mau” lan kekuasaané saka raja-raja kuwi.​—Deloken artikel ”Siapa yang Dimaksud dengan Binatang Berwarna Merah di Penyingkapan 17?” ing jw.org.