Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

ARTIKEL PELAJARAN 21

Ramalan ing Buku Wahyu soal Umaté Yéhuwah

Ramalan ing Buku Wahyu soal Umaté Yéhuwah

”Amin. Muga-muga Gusti Yésus ndang teka.”​—WHY. 22:20.

LAGU 142 Yéhuwah Harapanku

ISINÉ ARTIKEL IKI a

1. Wong-wong kudu nggawé keputusan penting apa?

 SAIKI, wong-wong kudu nggawé keputusan sing penting. Wong-wong kuwi kudu mutuské arep ndhukung Yéhuwah, Gusti Allah sing nguwasani alam semesta, utawa mungsuhé Gusti Allah, yaiku Sétan. Keputusané wong-wong kuwi bakal mempengaruhi masa depané. (Mat. 25:31-33, 46) Pas ”sengsara gedhé”, wong-wong sing ndhukung Yéhuwah bakal diwènèhi tandha bèn isa dislametké, lan wong-wong sing ndhukung Sétan ya bakal diwènèhi tandha kanggo disingkirké.​—Why. 7:14; 14:9-11; Yèh. 9:4, 6.

2. (a) Nurut Ibrani 10:35-39, awaké dhéwé kudu piyé? (b) Apa manfaaté nèk sinau buku Wahyu?

2 Wacanen Ibrani 10:35-39. Nèk saiki njenengan wis milih nglayani Yéhuwah, kuwi keputusan sing bener. Njenengan mesthi ya péngin mbantu wong liya bèn isa nggawé keputusan sing padha. Nah, apa sing dipelajari saka buku Wahyu iki isa dienggo mbantu wong-wong kuwi. Ing buku Wahyu disebutké apa hukuman kanggo mungsuh-mungsuhé Gusti Allah. Ing kono ya disebutké berkah-berkah sing bakal ditampa wong-wong sing ndhukung Yéhuwah lan Kerajaané Gusti Allah. Mula, kuwi bener-bener penting kanggo dipelajari. Hasilé, awaké dhéwé bakal nduwé tékad sing kuwat bèn terus setya karo Yéhuwah lan isa mbantu wong liya bèn gelem nglayani Yéhuwah.

3. Apa sing bakal dirembug ing artikel iki?

3 Ing artikel iki, awaké dhéwé bakal ngrembug apa berkah sing ditampa wong-wong sing ndhukung Yéhuwah lan Kerajaané Gusti Allah. Terus, awaké dhéwé ya bakal ngrembug apa sing bakal dialami karo wong-wong sing ndhukung kéwan buas sing wernané abang mbranang.

BERKAH SING DITAMPA WONG-WONG SING NDHUKUNG YÉHUWAH

4. Pas éntuk wahyu saka Gusti Allah, Rasul Yohanes ndelok apa ing swarga?

4 Pas éntuk wahyu saka Gusti Allah, Yohanes ndelok ana loro kelompok sing ndhukung Yéhuwah lan Kerajaané Gusti Allah sing bakal isa urip saklawasé. Kelompok sing pertama jumlahé 144.000. (Why. 7:4) Wong-wong kuwi asalé saka bumi lan dipilih kanggo mréntah bumi bareng karo Yésus ing swarga. (Why. 5:9, 10; 14:3, 4) Ing Wahyu 14:1 disebutké nèk Yohanes ndelok ana wong 144.000 sing ngadeg bareng karo Yésus ing Gunung Zion sing nggambarké swarga.

5. Berkah apa sing bakal ditampa wong-wong sing dipilih munggah swarga sing isih ana ing bumi?

5 Kèt jamané para rasul nganti saiki, wis ana éwonan wong sing dipilih kanggo dadi raja bareng karo Yésus ing swarga. (Luk. 12:32; Rm. 8:17) Tapi, Yohanes dikandhani nèk ing antarané wong 144.000 sing dipilih munggah swarga kuwi bakal ana sing isih tetep urip selama akhir jaman. Sakdurungé sengsara gedhé dimulai, wong-wong sing ”isih ana” ing bumi kuwi bakal diwènèhi ”meterai” ing bathuké. (Why. 7:2, 3; 12:17) Meterai kuwi dadi bukti nèk wong-wong kuwi wis nyenengké Yéhuwah. Terus pas sengsara gedhé, wong-wong kuwi bakal diangkat munggah swarga lan dadi raja bareng karo wong-wong sing wis diuripké ing swarga. Akhiré, wong-wong kuwi bakal mréntah bareng karo Yésus ing Kerajaané Gusti Allah.​—Mat. 24:31; Why. 5:9, 10.

6-7. (a) Sakwisé ndelok kelompok sing pertama, Yohanes ndelok apa manèh, lan wong-wong kuwi sakjané sapa? (b) Ora soal nduwé harapan urip ing swarga utawa ing bumi, awaké dhéwé isa yakin soal apa?

6 Sakwisé ndelok kelompok sing pertama, Yohanes ndelok kelompok keloro, yaiku ”kumpulan gedhé wong akèh sing jumlahé ora isa diétung”. Ora kaya wong 144.000 sing dipilih munggah swarga, Alkitab ora nyebuté pira jumlahé wong-wong sing ana ing kelompok keloro kuwi. (Why. 7:9, 10) Wong-wong sing ana ing kelompok keloro kuwi sakjané sapa? Yohanes dikandhani nèk ”kuwi wong-wong sing slamet ngliwati sengsara gedhé. Wong-wong kuwi wis ngumbah lan nggawé putih jubahé nganggo getihé Anak Domba”. (Why. 7:14) Sakwisé slamet ngliwati sengsara gedhé, ”kumpulan gedhé wong akèh” kuwi bakal urip saklawasé ing bumi lan ngrasakké berkah-berkah sing luar biasa saka Yéhuwah.​—Mzm. 37:9-11, 27-29; WB. 2:21, 22; Why. 7:16, 17.

7 Ora soal nduwé harapan urip ing swarga utawa ing bumi, awaké dhéwé mesthi yakin lan ngarep-arep nèk apa sing ditulis ing buku Wahyu bab 7 kelakon. Merga wis ndhukung Yéhuwah lan Kerajaané Gusti Allah, awaké dhéwé mesthi bakal bener-bener bahagia. Terus, apa manèh sing disebutké ing buku Wahyu soal sengsara gedhé?​—Mat. 24:21.

SING DIALAMI WONG-WONG SING ORA GELEM NDHUKUNG YÉHUWAH LAN KERAJAANÉ GUSTI ALLAH

8. Kapan sengsara gedhé dimulai, lan apa pengaruhé kanggo wong-wong sing ora nyembah Yéhuwah?

8 Kaya sing disebutké ing artikel sakdurungé, kabèh pamréntahan politik bakal nyerang Babilon Gedhé, yaiku kabèh agama palsu. (Why. 17:16, 17) Kuwi artiné sengsara gedhé dimulai. Apa iki nggawé wong-wong dadi gelem nglayani Yéhuwah? Ora. Kaya sing disebutké ing Wahyu bab 6, wong-wong kuwi malah nggolèk perlindungan saka pamréntahan politik lan sistem perdagangan sing digambarké kaya gunung-gunung. Merga ora ndhukung Yéhuwah lan Kerajaané Gusti Allah, Yéhuwah nganggep wong-wong kuwi mungsuhé.​—Luk. 11:23; Why. 6:15-17.

9. Pas sengsara gedhé dimulai, umaté Yéhuwah bakal piyé, lan apa akibaté merga umaté Yéhuwah ora gelem ndhukung pamréntahan politik?

9 Terus, umaté Yéhuwah piyé? Mung Seksi-Seksi Yéhuwah sing terus nyembah Yéhuwah lan ora gelem ndhukung pamréntahan politik sing digambarké kaya ”kéwan buas”. (Why. 13:14-17) Kuwi nggawé mungsuh-mungsuhé Yéhuwah dadi nesu banget. Akibaté, bangsa-bangsa bakal bersatu nyerang umaté Gusti Allah. Ing Alkitab, bangsa-bangsa sing bersatu kanggo nyerang umaté Gusti Allah disebut Gog saka Magog.​—Yèh. 38:14-16.

10. Nurut Wahyu 19:19-21, Yéhuwah bakal piyé pas umaté diserang?

10 Pas ndelok umaté diserang, Yéhuwah ”bakal nesu banget”. (Yèh. 38:18, 21-23) Ing Wahyu bab 19 disebutké nèk Yéhuwah bakal ngutus Yésus kanggo nglindhungi umaté lan ngalahké mungsuh-mungsuhé. Yésus bakal dibantu karo ”pasukan ing swarga” yaiku para malaékat sing setya lan wong 144.000 sing wis ing swarga. (Why. 17:14; 19:11-15) Apa hasilé? Kabèh sing ora gelem ndhukung Yéhuwah bakal disingkirké.​—Wacanen Wahyu 19:19-21.

MANTÈNANÉ ANAK DOMBA

11. Peristiwa sing paling penting apa sing dicathet ing buku Wahyu?

11 Bayangna perasaané umaté Yéhuwah sing slamet wektu kabèh mungsuhé Gusti Allah disingkirké. Kuwi mesthi bakal nyenengké banget. Pas Babilon Gedhé dihancurké, kabèh sing ing swarga ya seneng banget. (Why. 19:1-3) Tapi, ana sesuatu sing nggawé kabèh sing ana ing swarga luwih bahagia manèh, yaiku ”mantènané Anak Domba”. (Why. 19:6-9) Kuwi peristiwa sing paling penting sing dicathet ing buku Wahyu.

12. Nurut Wahyu 21:1, 2, kapan mantènané Anak Domba kelakon?

12 Lha mantènané Anak Domba kelakoné kapan? Kabèh wong sing jumlahé 144.000 sing dipilih dadi raja bareng karo Yésus bakal ana ing swarga persis sakdurungé perang Armagédon. Tapi, mantènané Anak Domba ora bakal kelakon pas kuwi. (Wacanen Wahyu 21:1, 2.) Kuwi bakal kelakon sakwisé perang Armagédon lan sakwisé kabèh mungsuhé Gusti Allah disingkirké.​—Mzm. 45:3, 4, 13-17.

13. Mantènané Anak Domba kuwi nggambarké apa?

13 Nèk ngono, mantènané Anak Domba kuwi nggambarké apa? Pas mantènan, mantèn lanang karo mantèn wédok bakal bersatu dadi suami istri. Ing mantènané Anak Domba, sing dadi mantèn lanang kuwi Yésus Kristus lan sing dadi ”mantèn wédok” kuwi 144.000. Dadi, mantènané Anak Domba nggambarké nèk Yésus Kristus bersatu karo 144.000 lan mulai mréntah bumi 1.000 taun suwéné.​—Why. 20:6.

YÉRUSALÈM ANYAR KUTHA SING INDAH BANGET

Ing Wahyu 21, 144.000 digambarké kaya ”kutha suci sing mudhun saka swarga yaiku saka Gusti Allah”, sing disebut Yérusalèm Anyar. Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah selama 1.000 taun, Yérusalèm Anyar bakal mènèhi akèh berkah kanggo wong-wong ing bumi (Deloken paragraf 14-16)

14-15. Ing Wahyu 21, 144.000 digambarké kaya apa? (Deloken gambar ing halaman 1.)

14 Terus ing Wahyu 21, 144.000 digambarké kaya kutha sing indah banget sing disebut ”Yérusalèm Anyar”. (Why. 21:2, 9) Kutha kuwi nduwé watu pondhasi 12 lan ing watu pondhasi 12 kuwi ditulis ”jeneng-jenengé 12 rasulé Anak Domba”. Pas ndelok kuwi, Rasul Yohanes mesthi seneng banget merga isa ndelok jenengé ditulis ing salah siji watu pondhasi kuwi. Kuwi bener-bener kehormatan sing luar biasa kanggo Yohanes.​—Why. 21:10-14; Éf. 2:20.

15 Kutha kuwi béda karo kutha-kutha liyané. Dalan utama ing kutha kuwi saka emas murni. Gerbangé ana 12 lan saben gerbangé digawé saka mutiara. Témboké digawé saka watu yaspis, lan pondhasiné kutha kuwi dihias nganggo kabèh jenis watu sing berharga. Kutha kuwi dawané, ambané, lan dhuwuré padha. (Why. 21:15-21) Tapi, Yohanes ngomong nèk ing njero kutha kuwi ora ana baité. Yohanes kandha, ”Aku ora ndelok bait ing njeroné kutha kuwi, merga sing dadi baité kuwi Yéhuwah Gusti Allah sing Mahakuwasa lan Anak Domba. Kutha kuwi ora perlu dipadhangi matahari utawa bulan merga wis dipadhangi karo kemuliaané Gusti Allah, lan Anak Domba kuwi dadi lampuné.” (Why. 21:22, 23) Merga isa ketemu langsung karo Yéhuwah, wong-wong sing dadi bagéan saka Yérusalèm Anyar ora butuh bait manèh. (Why. 22:3, 4) Sakliyané kuwi, pas nglayani Yéhuwah ing swarga, wong-wong kuwi ya bakal dipimpin karo Yésus sing wis dadi imam agung. (Ibr. 7:27) Kuwi sebabé, Yéhuwah karo Yésus digambarké dadi bait ing kutha kuwi.

Berkah-berkahé Yéhuwah digambarké kaya ”kali” lan ”wit”. Sapa waé sing bakal ngrasakké manfaat saka berkah-berkah kuwi? (Deloken paragraf 16-17)

16. Apa sing bakal dinikmati karo wong-wong pas Kerajaané Gusti Allah mréntah selama 1.000 taun?

16 Wong sing dipilih munggah swarga mesthi kagum ndelok kutha kuwi. Tapi, wong-wong sing nduwé harapan urip ing bumi ya isa seneng nèk mikirké soal kuwi. Pas Kerajaané Gusti Allah mréntah selama 1.000 taun, Yérusalèm Anyar bakal mènèhi akèh berkah kanggo wong-wong ing bumi. Berkah-berkahé kuwi kaya ”kali sing banyuné isa marakké urip”. Terus ing sekitaré kali kuwi, ana ”wit-wit kehidupan” lan ”godhong-godhongé isa digunakké kanggo nambani bangsa-bangsa”. (Why. 22:1, 2) Kabèh manungsa bakal éntuk manfaat saka berkah-berkah kuwi. Wong-wong sing manut karo Yéhuwah suwé-suwé ya bakal dadi sampurna. Ora bakal ana manèh kesusahan, tangisan, lan rasa lara.​—Why. 21:3-5.

17. Nurut Wahyu 20:11-13 sapa sing bakal ngrasakké manfaat saka berkah-berkahé Yéhuwah?

17 Sapa waé sing bakal ngrasakké manfaat saka berkah-berkahé Yéhuwah? Pertama, kumpulan gedhé sing slamet pas Armagédon lan anak-anak sing dilairké pas donya anyar. Ing Wahyu 20, ya disebutké nèk wong-wong sing mati bakal diuripké manèh. (Wacanen Wahyu 20:11-13.) Kuwi termasuk wong-wong sing ”bener” sing mbiyèn setya nglayani Yéhuwah lan wong-wong sing ”ora bener” sing mbiyèn durung éntuk kesempatan sinau soal Yéhuwah. (Kis. 24:15; Yoh. 5:28, 29) Tapi, apa kuwi berarti selama Pamréntahan Sèwu Taun kabèh wong sing mati bakal diuripké manèh? Ora. Ana wong-wong sing mbiyèn wis diwènèhi kesempatan tapi sengaja ora gelem nglayani Yéhuwah. Dadi, wong-wong kuwi ora pantes urip ing Firdaus lan ora bakal diuripké manèh.​—Mat. 25:46; 2 Tés. 1:9; Why. 17:8; 20:15.

KESEMPATAN TERAKHIR KANGGO MILIH YÉHUWAH UTAWA SÉTAN

18. Apa sing bakal dinikmati kabèh manungsa pas akhir 1.000 taun?

18 Ing akhir 1.000 taun, kabèh manungsa wis dadi sampurna. Ora ana manèh kematian merga dosa sing disebabké karo Adam. (Rm. 5:12) Kuwi berarti kabèh wong bakal ”nampa kehidupan” lan bakal bener-bener sampurna pas akhir 1.000 taun.​—Why. 20:5.

19. Pas Sétan mempengaruhi wong-wong bèn ora nyembah Yéhuwah, kabèh wong wektu kuwi kudu mbuktèkké apa?

19 Mbiyèn pas ing bumi, Yésus tau digodha karo Sétan lan dhèwèké milih tetep setya karo Yéhuwah. Sukmbèn pas akhir 1.000 taun, Sétan bakal dieculké saka jurang sing jero banget lan bakal mempengaruhi wong-wong bèn ora nyembah Yéhuwah. (Why. 20:7) Wektu kuwi, kabèh wong kudu mutuské arep setya lan ndhukung Yéhuwah utawa ndhukung Sétan. Wong-wong sing milih tetep setya karo Yéhuwah bakal urip saklawasé lan nduwé kebébasan kaya anak-anaké Gusti Allah. (Rm. 8:21) Tapi, wong-wong sing mbrontak nglawan Yéhuwah bakal disingkirké saklawasé bareng karo Sétan lan para malaékaté sing jahat.​—Why. 20:8-10.

20. Apa manfaaté sakwisé ngrembug artikel iki?

20 Saka artikel iki, awaké dhéwé wis ngerti nèk wong-wong sing ndhukung Yéhuwah bakal isa sampurna lan urip saklawasé. Sakwisé ngrembug iki, njenengan mesthi ya tambah yakin nèk kuwi bakal kelakon. (Why. 22:17) Terus, njenengan mesthi dadi tambah semangat mbantu wong-wong bèn gelem nyembah Yéhuwah. Rasul Yohanes ya berharap banget nèk apa sing ditulis ing buku Wahyu iki bakal kelakon. Mulané dhèwèké ngomong, ”Amin. Muga-muga Gusti Yésus ndang teka.”​—Why. 22:20.

LAGU 27 Anak-anaké Yéhuwah Mèlu Mréntah

a Iki artikel terakhir ing terbitan iki sing ngrembug ramalan ing buku Wahyu. Saka artikel iki, awaké dhéwé isa ngerti nèk sukmbèn wong-wong sing nglayani Yéhuwah bakal urip bahagia lan sing nglawan Gusti Allah bakal disingkirké.