Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa sing Wis Dilakukan Gusti Allah?

Apa sing Wis Dilakukan Gusti Allah?

Nèk péngin luwih akrab karo wong liya, awaké dhéwé perlu ngerti apa waé sing wis dilakukan wong kuwi lan masalah apa waé sing wis diatasi. Nèk péngin luwih akrab karo Gusti Allah, awaké dhéwé ya perlu ngerti apa waé sing wis dilakukan Gusti Allah. Awaké dhéwé bakal ngerti nèk kabèh sing wis dilakukan Gusti Allah ana manfaaté kanggo awaké dhéwé saiki lan ing masa depan.

GUSTI ALLAH NYIPTAKKÉ KABÈH KANGGO MANFAATÉ MANUNGSA

Yéhuwah kuwi Pencipta, lan ’sifat-sifaté isa dipahami saka kabèh ciptaané’. (Roma 1:20) Ing Alkitab disebutké, ”Dhèwèké kuwi Sing Nggawé bumi nganggo kuwasané. Dhèwèké nggawé tanah sing subur nganggo kawicaksanané lan nggelar langit nganggo pemahamané.” (Yérémia 10:12) Saka ciptaané Yéhuwah, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah nggatèkké awaké dhéwé.

Manungsa digawé ”mirip” karo Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 1:27) Kuwi berarti awaké dhéwé isa nduduhké sifat-sifat sing padha karo Yéhuwah meskipun ora isa persis. Awaké dhéwé dirancang nduwé kemampuan kanggo memahami pandhangané Yéhuwah. Nèk ngupaya niru pandhangané Yéhuwah, awaké dhéwé isa bahagia. Terus, awaké dhéwé ya dirancang bèn isa akrab karo Gusti Allah.

Nèk ndelok ciptaané Yéhuwah ing bumi, awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah sayang karo awaké dhéwé. Rasul Paulus tau ngomong ngéné, ”Gusti Allah tetep mènèhi kesaksian soal Dhèwèké dhéwé nganggo cara nindakké apa sing apik, misalé mènèhi kowé udan lan musim panèn. Gusti Allah ya wis mènèhi kowé panganan sing akèh lan nggawé atimu seneng.” (Kisah 14:17) Yéhuwah ora mung péngin awaké dhéwé urip thok, tapi ya péngin awaké dhéwé seneng. Mula, Yéhuwah nyedhiakké luwih saka sing awaké dhéwé butuhké kanggo urip. Tapi, ora mung kuwi thok.

Yéhuwah nggawé bumi bèn isa dienggoni manungsa kanggo saklawasé. Ing Alkitab disebutké nèk ”bumi wis diwènèhké marang manungsa” lan Gusti Allah ”nyiptakké bumi merga ana tujuané, yaiku bèn dienggoni manungsa”. (Mazmur 115:16; Yésaya 45:18) Dienggoni wong-wong sing piyé, lan nganti kapan? Ing Alkitab disebutké, ”Wong sing bener bakal manggon ing bumi lan bakal manggon ing kono saklawasé.”​—Mazmur 37:29.

Yéhuwah nyiptakké pasangan manungsa sing pertama, Adam lan Hawa. Meréka manggon ing firdaus ing bumi lan dikongkon ”nggarap lan ngurus” taman kuwi. (Purwaning Dumadi 2:8, 15) Gusti Allah ya ngongkon meréka nduwé keturunan bèn isa ”ngebaki lan nguwasani bumi”. (Purwaning Dumadi 1:28) Adam lan Hawa sakjané isa urip saklawasé ing bumi. Tapi, Adam lan Hawa milih ora manut karo Gusti Allah lan ora isa dadi ”wong sing bener” sing ”bakal manggon ing bumi” saklawasé. Meskipun ngono, sing dikarepké Yéhuwah kanggo bumi lan manungsa ora berubah. Sakdurungé ngrembug kuwi, gatèkna apa manèh sing wis dilakukan Yéhuwah kanggo awaké dhéwé.

GUSTI ALLAH NYEDHIAKKÉ ALKITAB

Alkitab kuwi isiné omongané Gusti Allah. Yéhuwah nyedhiakké Alkitab bèn awaké dhéwé isa luwih kenal karo Dhèwèké. (Wulang Bebasan 2:1-5) Mémang, ora ana buku sing isa njawab saben pertanyaan soal Gusti Allah. (Pengkhotbah 3:11) Tapi saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti piyé sikapé Yéhuwah karo manungsa lan piyé carané nyenengké Yéhuwah. (Mazmur 15:1-5) Ing Alkitab ya ditulis pandhangané Yéhuwah soal ibadah, moral, lan harta. Sakliyané kuwi, awaké dhéwé isa luwih kenal karo Yéhuwah liwat omongan lan perbuatané Yésus sing dicathet ing Alkitab.​—Yohanes 14:9.

Alesan liyané Yéhuwah nyedhiakké Alkitab kuwi merga Dhèwèké péngin awaké dhéwé bahagia. Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti carané bèn keluarga bahagia, carané bèn isa ngrasa puas, lan carané ngatasi rasa kuwatir. Kaya sing bakal dijelaské ing majalah iki, ing Alkitab ana jawaban kanggo pertanyaan-pertanyaan penting soal urip, contoné: Ngapa kok ana akèh kesusahan? Kaya apa donya iki sukmbèn? Ing Alkitab ya ana keterangan soal apa waé sing wis dilakukan Gusti Allah bèn karepé kelakon.

Ana akèh bukti sing nduduhké nèk Alkitab kuwi buku sing istiméwa. Misalé, meskipun ditulis 40 wong lanang selama 1.600 taun luwih, tapi isiné nyambung merga Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah. (2 Timotius 3:16) Ora kaya buku kuna liyané, isiné Alkitab isih cocog karo éwonan manuskrip Alkitab kuna. Alkitab ya dadi buku sing paling akèh disebarké lan diterjemahké meskipun mauné akèh sing ngalang-alangi bèn Alkitab ora diterjemahké, disebarké, lan diwaca. Iki dadi bukti nèk ”omongané Gusti Allah bakal ana sakterusé”.​—Yésaya 40:8.

GUSTI ALLAH NJAMIN KAREPÉ BAKAL KELAKON

Yéhuwah nyedhiakké jaminan bèn karepé kelakon. Kaya sing wis dijelaské mau, Yéhuwah péngin manungsa urip saklawasé ing bumi. Tapi, Adam ora manut karo Yéhuwah. Akhiré, Adam lan keturunané dadi dosa lan mati. Ing Alkitab disebutké, ”Dosa mlebu ing donya liwat wong siji, lan kematian nyebar liwat dosa kuwi. Kuwi sebabé kabèh wong bakal mati merga kabèh wong wis dosa.” (Roma 5:12) Merga Adam ora manut, karepé Yéhuwah kaya-kayané ora bakal kelakon. Terus, apa sing dilakukan Yéhuwah?

Sing dilakukan Yéhuwah cocog karo sifat-sifaté. Yéhuwah nduduhké keadilané wektu ngukum Adam lan Hawa. Tapi, Yéhuwah tetep nduduhké rasa sayangé wektu ngekèki harapan kanggo keturunané Adam. Yéhuwah ya nduduhké kawicaksanané wektu ngatasi masalah kuwi lan langsung ngekèki jalan keluaré. (Purwaning Dumadi 3:15) Yéhuwah bakal mbébaské manungsa saka dosa lan kematian liwat Yésus Kristus. Piyé carané?

Bèn manungsa isa bébas saka dosa warisané Adam, Yéhuwah ngutus Yésus ing bumi kanggo mulang manungsa bèn isa urip saklawasé lan kanggo ”masrahké uripé dadi tebusan kanggo wong akèh”. a (Matius 20:28; Yohanes 14:6) Yésus isa dadi tebusan merga dhèwèké manungsa sampurna kaya Adam. Tapi, ora kaya Adam, Yésus tetep setya nganti mati. Yéhuwah nguripké Yésus manèh kanggo urip ing swarga merga Yésus sakjané ora pantes mati. Hasilé, wong-wong sing manut karo Yéhuwah isa nduwé harapan kanggo urip saklawasé. Ing Alkitab disebutké, ”Wong siji sing ora manut karo Gusti Allah nyebabké akèh wong dadi dosa. Wong siji sing manut karo Gusti Allah nggawé akèh wong dianggep bener.” (Roma 5:19) Dadi, karepé Gusti Allah bèn manungsa urip saklawasé ing bumi bakal kelakon merga ana korban tebusané Yésus.

Awaké dhéwé dadi luwih kenal karo Yéhuwah sakwisé ngerti carané Yéhuwah ngatasi masalah merga Adam ora manut. Kuwi ya nduduhké nèk ora ana sing isa ngalang-alangi karepé Yéhuwah. (Yésaya 55:11) Awaké dhéwé ya isa ngerti nèk Yéhuwah bener-bener sayang karo awaké dhéwé. Ing Alkitab disebutké, ”Iki carané Gusti Allah nduduhké katresnané marang awaké dhéwé: Gusti Allah ngutus Anaké siji-sijiné menyang donya, bèn awaké dhéwé isa nampa urip saklawasé liwat Anaké. Gusti Allah ngutus Anaké dadi korban kanggo dosa-dosané awaké dhéwé. Korban kuwi nggawé awaké dhéwé rukun karo Gusti Allah. Gusti Allah nindakké iki dudu merga awaké dhéwé nresnani Dhèwèké, ning merga Dhèwèké nresnani awaké dhéwé.”​—1 Yohanes 4:9, 10.

Gusti Allah ”ora ragu-ragu mènèhké lan ngorbanké Anaké kanggo awaké dhéwé”. Dadi, awaké dhéwé isa yakin nèk Gusti Allah bakal ”mènèhké apa waé” sing wis dijanjèkké. (Roma 8:32) Apa janjiné Yéhuwah kanggo awaké dhéwé? Kuwi bakal dijelaské ing artikel berikuté.

APA SING WIS DILAKUKAN GUSTI ALLAH? Yéhuwah nyiptakké manungsa kanggo urip saklawasé ing bumi. Yéhuwah nyedhiakké Alkitab bèn awaké dhéwé isa luwih kenal karo Dhèwèké. Yéhuwah ngorbanké Yésus Kristus dadi tebusan, lan kuwi dadi jaminan nèk karepé Yéhuwah bakal kelakon

a Bèn ngerti luwih akèh soal tebusan, deloken Pelajaran 27 saka buku Bahagia Saklawasé, sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah. Buku iki ya ana ing www.pr418.com/jv.