Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pendapaté Wong-Wong soal Ndonga

Pendapaté Wong-Wong soal Ndonga

”Wektu ndonga, aku ngrasa nèk Gusti Allah kaya ana ing sebelahku, nggandhèng lan nuntun wektu aku ngrasa bingung.”​—TUTIK. *

”Bojoku mati sakwisé 13 taun kena kanker. Aku ndonga saben dina. Aku ngrasa nèk Gusti Allah ngrungokké dongaku lan bener-bener ngerti sing tak rasakké. Kuwi nggawé aku ngrasa ayem.”​—BAMBANG.

”Donga kuwi hadiah sing berharga saka Gusti Allah kanggo manungsa.”​—YANTO.

Tutik, Bambang, Yanto, lan wong-wong liyané nganggep nèk donga kuwi hadiah sing berharga. Wektu ndonga, wong-wong kuwi isa omong-omongan karo Gusti Allah, njaluk bantuané, lan ngucap syukur. Wong-wong kuwi percaya janjiné Alkitab soal donga. Alkitab kandha, ”Lan iki sing kita yakini marang Panjenengané, yaiku nèk kita ndonga nyuwun apa waé sing cocog karo kersané Gusti Allah, Panjenengané mirengké kita.”​—1 Yohanes 5:14.

Ning, akèh wong ora percaya karo kandhané Alkitab soal ndonga. Eko nyritakké apa sing dhèwèké rasakké soal ndonga. Dhèwèké kandha, ”Wektu aku umur 17 taun, kancaku sing mati ana telu. Sing siji mati merga tabrakan mobil, sing loro mati merga kelelep ing laut. Bar kuwi, aku ndonga karo Gusti Allah. Aku takon ngapa aku ngalami iki kabèh, ning aku ora éntuk jawaban. Dadi aku mikir, ’Apa gunané aku ndonga?’” Akèh wong ngrasa nèk dongané ora dijawab. Kuwi nggawé wong-wong mikir nèk ndonga kuwi ora ana gunané.

Ana alesan liyané ngapa wong-wong nganggep nèk ndonga kuwi ora ana gunané. Merga Gusti Allah ngerti kabèh, akèh sing mikir nèk Gusti Allah ya wis ngerti kebutuhan utawa masalahé awaké dhéwé, dadi awaké dhéwé ora perlu ndonga manèh karo Dhèwèké.

Sing liyané percaya nèk Gusti Allah ora gelem ngrungokké dongané, merga mbiyèn dhèwèké wis tau nggawé kesalahan. Sri kandha, ”Aku ngrasa ora berguna merga wis nggawé akèh kesalahan. Dadi, aku ngrasa nèk Gusti Allah ora bakal ngrungokké dongaku.”

Piyé pendapaté njenengan soal ndonga? Nèk njenengan ragu kanggo ndonga, njenengan isa diyakinké liwat katrangan sing ana ing Alkitab. Katrangan ing Alkitab kuwi isa dipercaya. * Kuwi isa mbantu njenengan éntuk jawaban saka pitakonan-pitakonan iki:

  • Apa Gusti Allah bener-bener ngrungokké dongané awaké dhéwé?

  • Apa sebabé ana donga sing ora dijawab?

  • Piyé carané bèn dongané awaké dhéwé dirungokké Gusti Allah?

  • Apa manfaaté ndonga?

^ par. 2 Alkitab nyathet akèh dongané umaté Gusti Allah, termasuk dongané Yésus Kristus. Ana luwih saka 150 donga sing dicathet ing Kitab-Kitab Ibrani misalé Taurat lan Jabur.

^ par. 9 Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.