PIYÉ BÈN ORA TERUS NDUWÉ RASA SENGIT?
3 | Aja Mikirké sing Marakké Sengit
Naséhat ing Alkitab:
”Kowé kudu ngubah pikiranmu bèn kowé isa ngerti dhéwé apa karepé Gusti Allah, yaiku apa waé sing apik, sing sampurna, lan sing nyenengké Dhèwèké.”—ROMA 12:2.
Maksudé
Rasa sengit kuwi asalé saka ati lan pikiran. Nèk ora sengit, berarti ora mung dibuktèkké liwat omongan lan tingkah laku, tapi ya babar blas ora éntuk mendhem rasa sengit. Gusti Allah nggatèkké pikirané awaké dhéwé. (Yérémia 17:10) Mula, aja nganti mikirké sing marakké sengit. Kuwi sing dimaksud ’ngubah pikiran’ kaya ing ayat mau. Hasilé, ora bakal ngrasa sengit manèh.
Ngetrapkéné Piyé?
Coba dipikir tenanan: ’Pas ndelok wong liya terutama sing béda suku utawa bangsa, aku nganggep wong-wong kuwi piyé? Aku nganggep kaya ngono merga wis kenal tenan karo wong kuwi utawa merga wong-wong ing sekitarku ngecapé ngono?’ Aja seneng ndelok média sosial, film, utawa hiburan liyané sing isiné isa marakké sengit karo wong liya.
Nèk ngetrapké naséhat ing Alkitab, ora bakal ngrasa sengit manèh
Mungkin ora gampang nèk péngin ngerti awaké dhéwé kuwi wong sing gampang sengit apa ora. Mulané kudu sinau Alkitab. Ing Alkitab ana naséhat sing isa marakké awaké dhéwé dadi ngerti ”pikiran lan niaté awaké dhéwé”. (Ibrani 4:12) Pas maca Alkitab coba dipikir, ’Apa sing tak pikirké lan tak rasakké wis cocog karo karepé Gusti Allah?’ Nèk ngetrapké kuwi, ora bakal ngrasa sengit manèh, meskipun awalé rasa sengit kuwi ”kuwat kaya bèntèng”.—2 Korintus 10:4, 5.