Carané Mbantu Wong sing Nduwé Gangguan Méntal
ING ALKITAB DISEBUTKÉ: ”Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.”—WULANG BEBASAN 17:17.
Maksudé Ayat Kuwi
Awaké dhéwé isa waé bingung kudu piyé nèk nduwé kanca sing kena gangguan méntal. Tapi, sakjané awaké dhéwé isa mbantu bèn meréka tetep semangat ngadhepi masalah keséhatan méntalé. Piyé carané?
Piyé Ngetrapkéné?
”Kudu cepet ngrungokké.”—YAKOBUS 1:19.
Salah siji carané mbantu kuwi ngrungokké pas dhèwèké crita. Ora perlu ngrasa kabèh omongané kudu ditanggepi. Rungokna waé, aja dibantah, lan duduhna nèk perduli. Kudu berupaya memahami perasaané. Aja langsung ngandhan-ngandhani utawa nyenèni. Nèk dhèwèké mulai ngomong sembarangan, aja dilebokké ati. Isa waé sakjané dhèwèké ora péngin ngomong ngono.—Ayub 6:2, 3.
Kata-kata sing ”menghibur”.—1 TÉSALONIKA 5:14.
Bahkan meskipun ora ngerti kudu ngomong apa pas dhèwèké ngrasa cemas, sedhih, kuwatir, utawa ngrasa ora berguna, omonga waé nèk njenengan bener-bener perduli karo dhèwèké. Kuwi wis isa nguwatké lan menghibur dhèwèké.
”Kanca sejati kuwi terus nresnani.”—WULANG BEBASAN 17:17.
Kudu seneng ngekèki bantuan. Nèk ora ngerti kudu mbantu apa, takon waé dhèwèké butuh bantuan apa. Nèk dhèwèké ya ora ngerti butuh bantuan apa, ajaken dhèwèké Galatia 6:2.
melakukan kegiatan bareng-bareng, misalé mlaku-mlaku. Awaké dhéwé ya isa nawakké bantuan kanggo blanja, resik-resik, utawa liyané.—Kudu ”sabar”.—1 TÉSALONIKA 5:14.
Kancané awaké dhéwé mungkin ora selalu gelem crita. Tapi dhèwèké kudu ngerti nèk awaké dhéwé siap ngrungokké pas dhèwèké péngin crita. Merga penyakité kuwi, isa waé omongané nglarani ati, ujug-ujug mbatalké janji, utawa malah dadi gampang tersinggung. Mulané kudu sabar, berupaya memahami, lan ngekèki bantuan sing dibutuhké.—Wulang Bebasan 18:24.
Bantuané Njenengan Mesthi Ana Manfaaté
”Aku berupaya bèn kancaku ngerti nèk dhèwèké isa crita apa waé karo aku. Meskipun ora selalu isa ngekèki solusi, tapi aku berupaya ngrungokké kabèh sing diomongké. Kadhang dhèwèké mung butuh dirungokké bèn atiné ayem.”—Farrah, a kancané nduwé gangguan makan, gangguan kecemasan, lan déprèsi klinis.
”Ana kancaku sing apikan banget lan seneng nyemangati aku. Dhèwèké ngejak aku mangan ing omahé. Merga suasanané nyaman lan aku ya ngrasa disayang, aku dadi gampang nyritakké perasaanku. Kuwi nguwatké banget.”—Ha-eun, déprèsi klinis.
”Kudu bener-bener sabar. Nèk pas bojoku lagi nganyelké banget, aku langsung mikir nèk sing marakké dhèwèké kaya ngono kuwi penyakité. Aku dadi ora nesu lan isa memahami keadaané.”—Jacob, bojoné déprèsi klinis.
”Bojoku bener-bener ndhukung lan nyemangati aku. Nèk pas gangguan kecemasanku kumat, dhèwèké ora tau meksa aku kudu ngéné utawa ngono. Kadhang dhèwèké dadi ora isa melakukan kegiatan sing disenengi. Dhèwèké berharga banget kanggo aku soalé dhèwèké réla berkorban lan ora égois.”—Enrico, gangguan kecemasan.
a Ana jeneng-jeneng ing artikel iki sing dudu jeneng asliné.