Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB UTAMA | HADIAH PALING AJI SAKA GUSTI ALLAH

Piyé Tanggepan Panjenengan marang Hadiah Paling Aji saka Gusti Allah?

Piyé Tanggepan Panjenengan marang Hadiah Paling Aji saka Gusti Allah?

’Sih katresnané Sang Kristus kang mbereg marang aku kabèh. Kristus wus nglampahi séda kanggo wong kabèh, supaya wong kang padha urip, uripé ora lumadi marang awaké dhéwé manèh, nanging lumadia marang kang wus séda marga saka wong-wong mau.’2 Korinta 5:14, 15.

KITA mesthi maturnuwun wektu éntuk hadiah sing aji banget. Yésus mulangké bab iku wektu nambani sepuluh wong sing penyakité wektu kuwi ora ana tambané. Salah siji saka wong sepuluh kuwi ”banjur cengkélak bali kanthi ngluhuraké Gusti Allah kalawan suwara sora”. Yésus kandha, ”Apa ora wong sapuluh kang birat najisé? Lah kang sanga endi?” (Lukas 17:12-17) Apa piwulangé? Kita isa waé cepet nglalèkké apa sing wis ditindakké wong liya kanggo kita.

Tebusan kuwi hadiah saka Gusti Allah sing paling aji lan ora ana tandhingané. Mula, piyé kuduné tanggepané awaké dhéwé marang hadiah kuwi?

  • Sinau luwih akèh bab sing Maringi. Tebusan kuwi ora otomatis nggawé urip langgeng. Yésus ndonga marang Gusti Allah, ”Wondéné menggah gesang langgeng punika manawi tiyang sami wanuh kaliyan Paduka, Allah ingkang sajati piyambak, sarta dhateng Yésus Kristus utusan Paduka.” (Yokanan 17:3) Wektu ngerti nèk pas isih cilik ana wong sing nylametké urip panjenengan, mesthi panjenengan péngin ngerti luwih akèh bab wong kuwi lan alesané dhèwèké nulungi. Allah Yéhuwah wis maringi tebusan kanggo nylametké uripé manungsa lan péngin panjenengan isa kenal uga kekancan raket karo Yéhuwah. Alkitab kandha, ”Padha nyedhakana marang Gusti Allah; Gusti Allah bakal nyelaki kowé.”Yakobus 4:8.

  • Percaya marang tebusan. ”Sing sapa pracaya marang Sang Putra, iya nduwèni urip langgeng.” (Yokanan 3:36) Sing dimaksud ing ayat kuwi ora mung percaya thok, ning uga kudu ana tumindaké. (Yakobus 2:17) Contoné, nèk péngin éntuk hadiah, panjenengan ya kudu ngupaya mara lan nampani hadiah kuwi. Semono uga, perlu ana tumindak kanggo mbuktèkké nèk panjenengan ngajèni tebusan kuwi. Tumindak apa? Panjenengan perlu sinau lan manut karo kersané Gusti Allah kanggo panjenengan. * Ndongaa njaluk pangapura lan hati nurani sing apik. Nèk percaya marang tebusané Yésus, panjenengan isa éntuk pengarep-arep urip ayem tentrem lan makmur saklawasé.Ibrani 11:1.

  • Teka ing Pèngetan sédané Yésus. Yésus netepké acara taunan kanggo ngélingké kita bab tebusan. Yésus kandha, ”Iki tindakna minangka pangéling-éling marang Aku.” (Lukas 22:19) Seksi-Seksi Yéhuwah bakal mèngeti sédané Yésus dina Selasa, 11 April 2017 ing wayah surup. Acara kuwi suwéné kira-kira sak jam, lan bakal ngrembug apa sebabé Yésus séda lan apa paédahé kanggo kita saiki lan mbésuk. Taun wingi, ing saklumahing bumi ana 20 yuta wong sing teka ing acara Pèngetan iki. Dadi, ayo bareng-bareng nanggepi hadiah paling aji saka Gusti Allah iki.

^ par. 7 Cara paling apik kanggo sinau luwih akèh lan nyedhak marang Gusti Allah yaiku sinau Pangandikané ing Alkitab. Panjenengan isa éntuk katrangan luwih akèh liwat Seksi-Seksi Yéhuwah utawa mbukak situs www.pr418.com/jv.