Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Janji-Janji sing Bakal Kelakon

Janji-Janji sing Bakal Kelakon

Kabar apik bab Kratoné Allah lagi diwartakké ing sakdonya, kaya sing dinubuatké Yésus. (Matius 24:14) Buku Dhanièl ing Alkitab nerangké nèk Kraton kuwi maksudé pamréntahané Gusti Allah. Dhanièl bab loro isiné nubuat bab pamréntahan-pamréntahané manungsa saka jaman Babilon kuna nganti saiki. Banjur, ayat 44 njelaské apa sing bakal kedadéan mbésuk:

”Allahipun saindenging langit badhé ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhé risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhé pindhah dhateng bangsa sanès: karajan punika badhé nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhé madeg ing salami-laminipun.”

Nubuat kuwi lan nubuat-nubuat liyané ing Alkitab ngramalké nèk Kratoné Allah bakal nggantèni pamréntahané manungsa lan nggawé bumi dadi ayem tentrem. Piyé rasané urip ing Kratoné Allah? Gatèkna janji-janji iki sing bakal kelakon ora suwé manèh.

  • PERANG ORA ANA MANÈH

    Jabur 46:10: ”[Gusti Allah] ngendhakaké peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi, kang mutung gandhéwa sarta mapakaké tumbak, kang ngobongi karéta perang kalawan geni.”

    Saiki, ana akèh dhuwit lan keahlian sing sakjané isa digunakké kanggo kepentingané wong akèh. Ning, kuwi malah digunakké kanggo nggawé senjata perang lan matèni wong-wong. Kahanan kuwi ora bakal ana nèk Kratoné Allah wis teka.

  • PENYAKIT ORA ANA MANÈH

    Yésaya 33:24: ”Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono: ’Aku lara.’”

    Bayangna nèk penyakit jantung, kanker, malaria, lan liya-liyané wis ora ana manèh. Rumah sakit lan obat-obatan wis ora dibutuhké manèh. Sukmbèn kabèh wong isa séhat lan sampurna.

  • KELAPARAN ORA ANA MANÈH

    Jabur 72:16: ”Nagari mugi kalubèrana taneman gandum, ingkang katingal ngombak-ombak wonten ing pucaking paredèn.”

    Bakal ana cukup panganan kanggo kabèh wong. Ora ana manèh wong sing kelaparan lan kurang gizi.

  • WONG SING LARA, SUSAH, LAN MATI ORA ANA MANÈH

    Wahyu 21:4: ”[Gusti Allah] bakal ngusapi sakèhé luh saka mripaté wong-wong kuwi. Lan pati ora bakal ana manèh. Kasusahan, tangisan, lan rasa lara uga ora bakal ana manèh. Perkara-perkara sing mbiyèn kelakon wis ora ana manèh.”

    Kuwi tegesé manungsa isa urip sampurna ing bumi firdaus saklawasé. Kuwi janji saka Yéhuwah, Gusti Allah sing nresnani kita.

JANJINÉ YÉHUWAH MESTHI KELAKON

Apa kabèh janji kuwi isa dipercaya? Akèh wong mesthi péngin urip kaya sing dijanjèkké ing Alkitab. Ning, akèh wong angèl mbayangké kaya apa urip langgeng kuwi, merga durung ana sing tau ngrasakké urip sing kaya ngono.

Manungsa wis suwé dadi budhaké dosa lan pati. Kabèh wong mesthi wis tau ngrasakké lara, susah, lan sengsara. Akèh sing nganggep nèk kuwi wis lumrah. Padahal, kuwi dudu kersané Gusti Allah Yéhuwah.

Dadi, bèn kita isa yakin karo kabèh janjiné, Gusti Allah kandha, ’PangandikaningSun ora bakal bali marang Ingsun kanthi nglaha [tanpa hasil], nanging iku bakal nindakaké apa kang Sunkarsakaké, sarta bakal olèh gawé tumrap apa baé kang Sundhawuhaké.’​—Yésaya 55:11.

Alkitab kandha nèk Yéhuwah kuwi Gusti Allah ”sing ora isa ngapusi”. (Titus 1:2) Kabèh janjiné Gusti Allah bab masa depan kuwi pancèn nggumunké. Mula, kita isa mikirké, apa mungkin manungsa isa urip saklawasé ing bumi Firdaus? Apa sing kudu kita lakoni bèn isa ngrasakké janjiné Gusti Allah? Artikel sakbanjuré bakal ngrembug pitakonan-pitakonan kuwi.