Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ngramalké Masa Depan

Ngramalké Masa Depan

Apa panjenengan péngin ngerti piyé masa depané panjenengan lan keluarga? Wong-wong kerep mikir, ”Apa sukmbèn aku bakal dadi wong sugih utawa malah miskin? Apa aku bakal urip seneng utawa susah? Apa umurku bakal dawa utawa cendhak?”

Para ahli ing jaman saiki ngamati kahanan donya lan ngramalké masa depan. Ramalané pancèn ana sing kelakon, ning ana uga sing ora bener. Contoné, ing taun 1912, Guglielmo Marconi, wong sing nemokké télégraf tanpa kabel, ngramalké nèk tèknologi wis saya canggih perang bakal ora ana manèh. Ing taun 1962, pengusaha ing perusahaan rekaman Decca nolak grup musik the Beatles, merga percaya nèk grup musik sing main gitar ora bakal terkenal manèh.

Akèh wong nggunakké ilmu gaib bèn isa ngerti masa depané. Ana sing takon-takon karo juru ramal bintang; ing akèh majalah lan koran ana artikel sing isiné ramalan bintang. Ana uga sing takon karo ”wong pinter” utawa paranormal sing jaréné ngerti masa depan liwat kartu tarot, nomer-nomer, utawa garis tangan.

Ing jaman mbiyèn, ana sing takon karo dhukun sing jaréné éntuk wahyu saka allahé, bèn ngerti masa depané. Contoné, Raja Kroesus saka Lidia ngirim hadiah sing akèh kanggo dhukun ing Delfi, Yunani, lan takon apa dhèwèké bakal menang nèk nyerang Korès saka Pèrsia. Dhukun kuwi kandha nèk Kroesus bakal ngremuk ”kerajaan gedhé” nèk maju lan nglawan Korès. Kroesus percaya karo ramalan kuwi, ning jebulé sing dimaksud ”kerajaan gedhé” sing bakal remuk kuwi kerajaané dhéwé.

Ramalané dhukun kuwi ora jelas lan nggawé cilaka. Ramalan kuwi isa waé dianggep bener, ning ora jelas sapa sing sakjané bakal menang. Kroesus dadi kalah lan kélangan kabèh merga percaya karo ramalan kuwi. Apa cara-cara sing digunakké wong-wong ing jaman saiki kanggo ngerti masa depan kuwi luwih apik?