Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Gambar bagéan buku Yésaya saka Gulungan Laut Mati lan terjemahan basa Arab modèrn. Kuwi nduduhké nèk isiné Kitab Suci tetep padha

Apa Isiné Kitab Suci Wis Berubah?

Apa Isiné Kitab Suci Wis Berubah?

Rasul Pétrus kandha nèk isiné Kitab Suci kuwi ana ”nganthi saklawas-lawasé”. (1 Pétrus 1:25) Ning, ana wong-wong sing nganggep nèk isiné Kitab Suci kuwi wis berubah. Piyé awaké dhéwé isa yakin nèk isiné Kitab Suci isih padha?

Gusti Allah nduwé kuwasa kanggo njaga isiné Kitab Suci bèn tetep padha. Mbiyèn, para penyalin Kitab Suci ngati-ati banget wektu nyalin tulisan kuwi. Malah, hurufé waé nganti diétung bèn aja nganti ana sing ilang, ditambahi, utawa maknané berubah. Ning, merga ora sampurna, para penyalin kuwi isa waé nggawé kesalahan.

PIYÉ AWAKÉ DHÉWÉ ISA YAKIN NÈK ISINÉ KITAB SUCI ISIH PADHA KARO ASLINÉ?

Ana éwonan salinan manuskrip kuna saka Kitab Suci. Bèn ngerti endi sing bener wektu ana salinan sing béda, salinan kuwi isa dibandhingké karo salinan liyané. Bèn isa ngerti luwih akèh, deloken artikel ”Apakah Isi Alkitab Telah Diubah?” ing jw.org/id.

Contoné, ana dokumèn kuna sing disebut Gulungan Laut Mati. Gulungan kuwi ditemokké taun 1947 ing gua cedhak Laut Mati. Isiné gulungan iki ya bagéan saka Kitab Suci sing ditulis luwih saka rong èwu taun kepungkur. Para ahli mbandhingké manuskrip kuna kuwi karo Kitab Suci sing ana saiki. Apa sing ditemokké wong-wong kuwi?

Wektu nliti manuskrip sing luwih tuwa, para ahli nemokké nèk isiné Kitab Suci sing ana saiki kuwi padha karo asliné. * Awaké dhéwé isa yakin nèk Gusti Allah bener-bener njaga isiné Kitab Suci tetep padha nganti saiki.

Wektu maca Kitab Suci, awaké dhéwé isa bener-bener yakin nèk isiné tetep padha. Saiki, awaké dhéwé arep sinau soal Gusti Allah liwat para nabiné.

^ par. 7 The Complete Dead Sea Scrolls in English, by Geza Vermes, halaman 16.