Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Bumi wus mènèhaké pametuné, Gusti Allah, Allah kita mberkahi kita.”​—JABUR 67:7

Njenengan Isa Nampa Berkah saka Gusti Allah

Njenengan Isa Nampa Berkah saka Gusti Allah

Gusti Allah janji karo Nabi Abraham nèk salah siji keturunané bakal mènèhi berkah kanggo ”sakèhé para bangsa ing bumi”. (Purwaning Dumadi 22:18) Sapa keturunan sing dimaksud kuwi?

Kira-kira 2.000 taun kepungkur, Gusti Allah wis mènèhi Yésus kuwasa kanggo nindakké akèh mukjijat. Kuwi nduduhké nèk Yésus sing bakal nggenepi janjiné Gusti Allah marang Abraham.​—Galatia 3:14.

Mukjijaté Yésus nduduhké nèk dhèwèké sing dipilih Gusti Allah kanggo mberkahi manungsa. Mukjijat-mukjijat kuwi ya nduduhké nèk Yésus sing bakal digunakké Gusti Allah kanggo mberkahi manungsa saklawasé. Saka mukjijat-mukjijaté Yésus, awaké dhéwé dadi ngerti sipat-sipaté.

Perduli—Yésus marèkké wong lara.

Ana wong sing kena penyakit kusta njaluk karo Yésus bèn dimarèkké. Yésus ndemèk wong kuwi lan kandha, ”Aku gelem.” Lan wong kuwi langsung mari saka penyakité.​—Markus 1:40-42.

Loma—Yésus mènèhi panganan.

Yésus ora péngin ana wong sing kurang pangan. Yésus tau nggawé mukjijat mènèhi pangan éwonan wong mung nganggo roti lan iwak sing jumlahé sithik. (Matius 14:17-21; 15:32-38) Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg lan panganané malah turah akèh.

Welas Asih—Yésus nguripké manèh wong mati.

Merga ”ngrasa mesakké”, Yésus nguripké manèh anak lanangé randha sing wis ora nduwé sapa-sapa manèh.​—Lukas 7:12-15.