Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Kaya bos sing ngongkon sekretarisé nulis surat, Gusti Allah ya nggunakké manungsa kanggo nulis isiné Kitab Suci

Carané Gusti Allah Nduduhké Janjiné

Carané Gusti Allah Nduduhké Janjiné

Sakwisé Gusti Allah nyiptakké manungsa, Gusti Allah komunikasi karo manungsa liwat malaékat lan nabiné. Sakliyané kuwi, Gusti Allah ya péngin omongan lan janjiné ditulis. Janjiné Gusti Allah isa nggawé awaké dhéwé bahagia ing masa depan. Dadi, saka endi njenengan isa ngerti janjiné Gusti Allah?

Awaké dhéwé isa ngerti nèk omongan lan janjiné Gusti Allah kuwi ana ing Kitab Suci. (2 Timotius 3:16) Piyé carané Gusti Allah nggunakké para nabiné kanggo nulis pikirané? (2 Pétrus 1:21) Gusti Allah nuntun wong-wong kuwi bèn isa nulis pikirané. Padha kaya bos sing ngongkon sekretarisé nulis surat, isiné surat kuwi mesthi pikirané bosé dudu sekretarisé. Dadi, senajan Gusti Allah ngongkon manungsa nulis pikirané, asalé Kitab Suci tetep saka Gusti Allah.

KITAB SUCI ISA DIWACA KABÈH WONG

Gusti Allah péngin kabèh wong isa maca lan ngerti isiné Kitab Suci merga kuwi penting banget. Saiki ”kabar apik sing langgeng” wis diwartakké ”marang kabèh suku, golongan, basa, lan bangsa”. (Wahyu 14:6) Merga diberkahi Gusti Allah, saiki Kitab Suci wis ana ing luwih saka 3.000 basa, kuwi luwih akèh ketimbang buku-buku liyané.