Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Gusti Allah Perduli karo Awaké Dhéwé

Gusti Allah Perduli karo Awaké Dhéwé

1. GUSTI ALLAH NYIPTAKKÉ MATAHARI

Awaké dhéwé ora isa urip nèk ora ana matahari. Matahari dadi sumber tenaga kanggo wit-witan. Kuwi sing nggawé godhong, kembang, buah, lan biji isa thukul. Kuwi ya nggawé wit-witan isa nggawa banyu saka akar munggah ing godhong lan akhiré dadi uap air.

2. GUSTI ALLAH NYIPTAKKÉ UDAN

Gusti Allah mènèhi udan sing nggawé bumi isa ngasilké panganan kanggo awaké dhéwé. Gusti Allah mènèhi udan, musim panèn, lan panganan bèn awaké dhéwé ngrasa puas lan seneng.

3. GUSTI ALLAH MÈNÈHI PANGANAN LAN PAKAIAN

Akèh kepala keluarga kuwatir nèk ora isa nyukupi kebutuhan pangan lan pakaian keluargané. Ning, Alkitab kandha, ”Coba delengen manuk-manuk ing langit. Manuk-manuk kuwi ora nyebar winih utawa manèn utawa nyimpen panganan, nanging Bapakmu ing swarga maringi pangan manuk-manuk kuwi. Kowé kan luwih aji ketimbang manuk-manuk kuwi, ta?”​—Matius 6:25, 26.

”Sinaua saka kembang lili sing thukul ing kebon . . . , nanging aku kandha marang kowé, senajan Salomo sugih banget, sandhangané ora luwih apik ketimbang kembang-kembang kuwi. Nèk tanduran ing kebon waé, . . . diparingi sandhangan sing éndah karo Gusti Allah, . . . . wis mesthi Gusti Allah bakal maringi kowé sandhangan.”​—Matius 6:28-30.

Gusti Allah wis nyediakké panganan lan pakaian kanggo awaké dhéwé.Dadi, awaké dhéwé ya isa yakin nèk Gusti Allah bakal mbantu nyukupi kebutuhan uripé awaké dhéwé. Nèk awaké dhéwé manut karo Gusti Allah, Dhèwèké bakal mberkahi upayané awaké dhéwé kanggo nyukupi kebutuhan pangan. Gusti Allah ya isa mbantu awaké dhéwé éntuk gawéan bèn isa tuku kebutuhan sing awaké dhéwé butuhké.​—Matius 6:32, 33.

Awaké dhéwé isa nresnani Gusti Allah wektu ndelok ciptaané. Contoné, matahari, udan, manuk, lan kembang. Piyé Gusti Allah komunikasi karo manungsa? Artikel sakbanjuré bakal ngrembug soal kuwi.