Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa njenengan gelem mbantu wong liya sing umuré, bangsané, utawa agamané béda?

Awaké Dhéwé Isa Éntuk Berkah nèk Mbantu Wong Liya

Awaké Dhéwé Isa Éntuk Berkah nèk Mbantu Wong Liya

Akèh wong mbutuhké panganan lan panggonan. Liyané, ana sing mbutuhké harapan kanggo masa depan. Nèk awaké dhéwé gelem mbantu wong sing mbutuhké bantuan, Gusti Allah bakal mberkahi awaké dhéwé.

KANDHANÉ KITAB SUCI

”Sing sapa nulungi wong miskin kuwi motangaké marang Allah; Panjenengané sing bakal nyaur.”​—WULANG BEBASAN 19:17, Basa Jawi Padintenan (BJP).

APA MAKSUDÉ MBANTU WONG LIYA?

Yésus nyritakké perumpamaan soal wong lanang sing dirampok lan ditinggal nganti mèh mati. (Lukas 10:29-37) Ana wong asing sing gelem mbantu lan nambani wong sing dirampok mau. Dhèwèké gelem mbantu senajan nduwé latar belakang sing béda.

Wong sing apikan iki ora mung nambani lan ngekèki dhuwit wong sing dirampok mau. Ning, dhèwèké ya nguwatké wong kuwi bèn ora ngrasa susah manèh.

Apa sing isa disinaoni saka perumpamaan iki? Yésus ngandhani nèk awaké dhéwé kudu mbantu wong liya sak isa-isané. (Wulang Bebasan 14:31) Kitab Suci kandha nèk ora suwé manèh Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh kesusahan. Awaké dhéwé mungkin mikir, kapan lan piyé Gusti Allah nindakké kuwi? Artikel sakbanjuré bakal ngrembug berkah-berkah sing wis disiapké Gusti Allah kanggo awaké dhéwé.