Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

”Tingal Paduka nguningani dhateng kawula, nalika kawula taksih dhapur gatra.”​—JABUR 139:16

Gusti Allah Ngertèni Panjenengan

Gusti Allah Ngertèni Panjenengan

SINAU SAKA CIPTAAN

Salah siji conto hubungan sing paling cedhak ing antarané manungsa yaiku wong sing kembar identik. Wong-wong kuwi biasané nduwé ikatan batin sing kuwat karo kembarané. Nurut Nancy Segal, direktur saka Twin Studies Centre, sing uga nduwé kembaran, wong-wong sing nduwé kembaran isa ngerti maksudé omongané kembarané tanpa perlu dijelaské. Ana wong wadon liya sing nduwé kembaran kandha nèk dhèwèké isa ngerti kabèh bab kembarané, semono uga sewaliké.

Kok isa ngono? Hasil-hasil penelitian kandha nèk kuwi ora mung merga faktor lingkungan utawa carané wong tuwa nggedhèkké, ning sing utama yaiku merga wong sing kembar identik kuwi nduwé gen sing padha.

COBA DIPIKIR: Pribadi sing isa nyiptakké lan ngrancang bab sing luar biasa kuwi mesthi ngerti tenan bab kita kabèh. Daud, sing nulis Jabur kandha, ’Paduka ingkang nenun kawula wonten ing guwagarbanipun biyung [kandhungané ibu] kawula. Paduka boten kasamaran dhateng balung-balung kawula, nalika kawula katitahaken wonten ing pasingidan. Tingal Paduka nguningani dhateng kawula, nalika kawula taksih dhapur gatra [embrio], sadaya punika sampun sami kaserat wonten ing kitab Paduka.’ (Jabur 139:13, 15, 16) Mung Gusti Allah sing ngerti tenan bab gen sing kita duwèni lan bab kabèh sing wis kita alami sing akhiré isa mbentuk sipat-sipat kita. Kuwi kabèh nggawé kita yakin nèk Gusti Allah bener-bener ngerti tenan bab kita.

APA KANDHANÉ ALKITAB?

Daud ndonga, ”Dhuh Yéhuwah, Paduka ingkang njajagi lan nguningani kawula. Kawula linggiha utawi ngadega Paduka uninga, Paduka mirsa osiking manah kawula saking katebihan. Sabab sadèrèngipun ilat kawula ngedalaken tetembungan, sayektosipun Paduka sampun nguningani punika sadaya, dhuh Pangéran Yéhuwah.” (Jabur 139:1, 2, 4) Yéhuwah uga ngerti tenan bab perasaan ing njero ati kita lan ”nguningani sakèhing kekarepan lan idham-idhaman”. (1 Babad 28:9, 1 Samuèl 16:6, 7) Apa sing isa kita sinaoni saka ayat-ayat kuwi bab Gusti Allah?

Mbokmenawa kita ora isa ngetokké kabèh unek-unek ing ati wektu ndonga. Ning, Gusti Allah ngerti apa sing kita tindakké lan apa sebabé kita nindakké kuwi. Ora mung kuwi thok, Gusti Allah uga ngerti nèk kita péngin nindakké bab-bab sing apik, senajan kadhang kala kuwi ora kelakon merga kita ora sampurna. Gusti Allah uga wis ngrancang manungsa bèn nduwèni katresnan. Mula, Gusti Allah seneng banget nèk ngerti kita nduwé pikiran sing apik lan motif sing tulus.​—1 Yohanes 4:7-10.

Ora ana sing ora digatèkké karo Gusti Allah. Wong liya mungkin ora ngerti kasusahan sing kita alami, ning Gusti Allah ngerti

Ayat-ayat sing dadi jaminan

  • ”Paningalé Yéhuwah nggatèkké wong sing bener, lan talingané mirengké panyuwuné wong-wong kuwi. Nanging Yéhuwah sengit marang wong sing nindakké apa sing ala.”​—1 PÉTRUS 3:12.

  • Gusti Allah janji, ”Aku arep mulang marang kowé, dakweruhaké dalan kang wajib kokambah; aku arep mituturi kowé, mripatku tumuju marang kowé.”​—JABUR 32:8.

WELAS ASIHÉ GUSTI ALLAH

Kita isa luwih tabah wektu ngadhepi kasusahan merga ngerti nèk Gusti Allah ngertèni kahanan lan perasaan kita. Kuwi sing dialami karo Anna saka Nigeria. Dhèwèké kandha, ”Aku kerep mikir, apa urip iki pancèn aji, merga aku ngalami akèh kahanan sing nggawé strès. Aku iki randha, kudu ngopèni anak wédok sing lara hidrosefalus (ana akèh cairan ing otaké). Terus, aku ya didiagnosa lara kanker payudara lan kudu dioperasi, kemoterapi, lan radioterapi. Aku kewalahan banget merga aku lan anakku wédok padha-padha kudu dirawat ing rumah sakit.”

Apa sing mbantu Anna ngatasi masalahé? ”Aku mikir-mikirké ayat-ayat sing nguwatké, contoné Filipi 4:6, 7, sing kandha nèk ’Gusti Allah bakal maringi katentreman sing ora isa dipahami manungsa lan bakal njaga ati lan pikiran’. Saben mikirké ayat kuwi, aku rumangsa cedhak banget karo Yéhuwah, merga ngerti nèk Yéhuwah luwih paham bab aku timbang aku dhéwé. Aku uga dikuwatké karo para sedulur seiman ing jemaat Kristen.

”Senajan ya isih kudu berjuang, keadaanku lan anakku wédok suwé-suwé dadi luwih apik. Aku lan anakku ngerti nèk Yéhuwah terus ngancani, mula aku ngupaya bèn ora nduwé pikiran sing negatif. Yakobus 5:11 ngyakinké aku, ’Kita padha nyebut wong-wong sing tekun kuwi wong-wong sing bungah. Kowé wis krungu bab ketekunané Ayub lan kowé ndelok berkah sing diparingké Yéhuwah, mula kowé ngerti nèk Yéhuwah kuwi kebak welas asih lan rasa tresna.’” Yéhuwah ngerti tenan apa sing dialami Ayub, lan kita yakin nèk Yéhuwah mesthi uga paham marang kabèh kasusahan sing kita alami.